Anda di halaman 1dari 2

Zahra putri lentera/9e/31 .

YUDHISTIRA
Yudhistira iku putrane pembarep Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi Kunthi. Sedulure
nunggal ibu ana loro, yaiku Bratasena lan Janaka. Sedulur nunggal bapa seje ibu uga ana loro,
yaiku Nakula lan Sadewa. Sedulur lima mau diarani Pandhawa.

Sesebutan liyane yaiku Puntadewa, Darmakusuma, Darmaputra, Dwijakangka. Tata lair


Yudhistira iku putrane Prabu Pandhu, nanging sejatine Yudhistira iku putrane Dewa Darma,
mula Yudhistira uga diarani Darmaputra.

Garwane aran Dewi Drupadi. Peputra siji aran raden Pancawala. Yudhistira kadunungan
getih putih, mula sabar, narima, ora bisa nesu, ora gelem goroh,
wicaksana, bekti marang Pangeran, lan jujur. Kagungan pusaka
Jamus Kalimasada paringane Bathara Darma. Pusaka liyane Tumbak
Tunggulnaga lan Tumbak Kyai Karawelang.

Nalika Pandhawa diancam patine dening Kurawa, Yudhistira


diajak main dhadhu karo Sengkuni. Amarga kelicikane Sengkuni,
Yudhistira kalah. Pandhawa diukum buang ing alas suwene 13 taun.
Pandhawa ora kena konangan Kurawa. Yen konangan ukumane
bakal ditambah 13 taun maneh, yen konangan maneh, ditambah 13
taun maneh, mangkono sateruse. Yudhistira sakadang banjur nyamur
laku. Yudhistira ganti asma dadi Dwijakangka. Dwijakangka lan
adhi-adhine Suwita ing Wiratha.

Yudhistira sakadang bisa ngedegake Praja Indraprastha. Iki


ing lakon wayang Babad Wanamarta. Critane apik banget, para Pandhawa perang karo jim.
Indraprastha uga arep dijaluk Kurawa. Iki dadi sarana pambuka perang Bharatayuda.

Salawase urip Yudhistira mung perang sepisan yaiku nalika lumayan senapatining
Kurawa aran Prabu Salya. Miturut Kresna, ora ana sing bisa ngalahake Salya kajaba Yudhistira.
Salya duwe aji Candhabirawa. Yen diwateg, saka anggane Salya timbul buta bajang siji. Yen
buta mau dipateni dadi loro, yen loro dipateni dadi papat, mangkono sateruse, saya dipateni
cacahe saya tambah. Pandhawa meh kalah. Saya pamrayogane Kresna lan uga pangandikane
Prabu Salya, Salya bakal kalah mungsuh karo satriya getih putih. Yudhistira maju perang. Aji
Candhabirawa ora bisa tumama marang Yudhistira, malah buta Candhabirawa ninggal Salya
manunggal karo Yudhistira.

Kacarita aji Candhabirawa kawitane darbeke Begawan Bagaspati, begawan kang


kadunungan getih putih (mara tuwane Salya, nom-nomane aran Raden Narasoma). Bagaspati
dipateni dening Narasoma. Dening Begawan Bagaspati Narasoma malah diparingi aji
Candhabirawa. Welinge diwanti-wanti, aji Candhabirawa bakal ninggalake Narasoma lan
manunggal kalamun ana satriya getih putih. Ditinggal aji Candhabirawa lan kataman Jamus
Kalimasada, Salya gugur ing palagan.

Salawase urip, Yudhistira ora tau goroh. Nalika Durna dadi senapati Ngastina, ora ana
senapati Pandhawa kang bisa lumayan. Durna iku gurune para Pandhawa. Kresna golek akal.
Durna bakal nggrantes atine menawa Aswatama mati. Werkudara didhawuhi mateni gajahe
Hestitama tunggangane Bogadhenta. Banjur dikabar-kabarake, menawa Aswatama mati. Durna
bingung, ora percaya, kabeh prajurit Pandhawa (Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa) ngomong
Aswatama mati. Mung siji wong sing ora bisa goroh. Durna takon marang Yudhistira. Yudhistira
binggung, ditakoni tansah meneng wae, ora gelem goroh. Prabu Kresna golek cara, supaya
Yudhistira matur alon-alon banget pas tembung Hestitama, “Inggih Bapa, Hestitama pejah ing
paperangan.” Durna wis tuwa suda rungu, krungune Aswatama. Durna gumyur sirahe, anak siji
sing didama-dama mati, ora ana gunane golek kamulyan. Durna nglokro, perange dadi ora
tenanan, Werkudara waspada, Durna dikepruk gada Rujakpala, Durna klimpungan.
Drusthajumena mulat Durna sing lagi kantaka katigas janggane.

Yudhistira dadi ratu ing Ngamarta ambeg adil paramarta, kawulane makmur, tata titi
tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi. Dhasar negarane kasinungan Dewi Sri (dewi pari)
lambanging kemakmuran.

Sawise njumenengake Parikesit dadi ratu ing Ngastina, Yudhistira lan kadange lelana
brata. Kabeh kadange wis mati ing segara wedhi. Yudhistira katekan Bathara Darma banjur
muksa saragane tumuju swarga. Yudhistira ora weruh kadange ing swarga. Bathara Guru
dhawuh manawa kadange ana ing naraka jalaran sanajan satriya tau tumindak ala, mula kudu
nebus dosane. Yudhistira ora trima (protes). Dheweke ora gelem ana swarga banjur nyebur ing
naraka. Kaelokan dumadi neraka ganti, wujud dadi swarga kang endah.

----ooOoo----

Anda mungkin juga menyukai