Anda di halaman 1dari 7

CRITA RAMAYANA RESI

JATHAYU

Basa Jawa
Kelas VIII
RAMAYANA
Tembung ramayana dumadi saka tembung rama lan
ayana kang tegese lelakune sang Rama. Ing tlatah
Jawa, naskah Ramayana paling tuwa kang tinemu
yaiku kakawin Ramayana kang awujud tembang
gedhe. Kakawin kuwi katulis nganggo basa Jawa
Kuna.

rama
Ramayana
ayana
Presentation title 3

CRITA RAMAYANA
Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing Candhi
Prambanan iki, uga kagelar sendratari Ramayana ing platarane.
Ramayana kaperang dadi pitung kanda kang diarani Saptakanda, yaiku
kaya ing ngisor iki.

A. Balakanda
Kitab Balakanda iku minangka wiwitan saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda
nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra
papat, yaiku Rama, Bharata, Lesmana, lan Satrugna. Kitab Balakanda uga
nyritakake sang Rama kang kasil menangake sayembara lan garwa Sita, putrine
Prabu Janaka.
B. Ayodhyakanda
Kitab Ayodhyakanda nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas
bebarengan Dewi Sinta lan Lesmana merga panjaluke Dewi Kekayi. Sawise iku
Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengake dadi
raja, dheweke banjur nyusul Rama. Rama nampik yen kasuwun bali menyang
Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih sang Rama.

C. Aranyakanda
Kitab Aranyakakanda nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan Lesmana neng
satengahing alas nalika lagi nglakoni pengasingan. Ana ing satengahing alas mau,
Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo
raseksa. Kitab Aranyakanda iku uga nyritakake babagan Sinta sing diculik karo
Rahwana karo crita babagan paprangane Rahwana karo Jathayu.

D. Kiskindhakanda
Kitab Kiskindhakanda nyritakake babagan lakon ketemune sang Rama karo raja
kethek kang aran Sugriwa. Sang Rama biyantu Sugriwa kanggo ngrebut krajane
saka Subali, kakange Sugriwa. Neng perangan kuwi mau, Subali mati. Banjur
Sugriwa didadekake raja neng Guwa Kiskindha. Sabanjure sang Rama karo
Sugriwa bebarengan numpes Krajan Alengka.
E. Sundarakanda
Kitab Sundarakanda nyritakake lakon tentara Kiskindha sing lagi bangun jembatan
Situbanda sing gabungake antarane India karo Alengka. Anoman sing dadi dutane
sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sinta. Neng kana,
Anoman ditangkep. Ananging bisa lolos lan bakar Alengka.

F. Yuddhakanda
Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar kethek dhuweke sang
Rama karo pasukan raseksa sang Rahwana. Critane diwiwiti nalika usahane
pasukan sang Rama bisa nyabrang sagara menyang Nagara Alengka. Ananging
bebarengan karo iku Wibisana ditundhung karo Rahwana amarga kakehan menehi
pitedah. Neng paprangan, Rahwana dikalahake karo Rama nganggo senjata panah
sektine sang Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi slamet bareng karo
Dewi Sinta.

G. Uttarakanda
Kitab Uttarakanda nyritakake diusire Dewi Sinta amarga sang Rama krungu kabar-
kabar saka rakyat utawa warga sing ora pracaya marang kasucene Dewi Sinta.
Banjur Dewi Sinta manggon neng pratapan Resi Walmiki lan nglairake Kusa lan
Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang krajane sang Rama nalika lagi dianakake
upacara Aswamedha. Nalika iku dheweke nyanyikake Ramayana sing digubah
deneng Resi Walmiki.
Presentation title 6

TUGAS
• Goleka paraga kang ana ing crita Ramayana lan tulisen karakter lan watake!

TULADHA:
1. Dewi Sinta:
 Wanita
 Garwane Ramawijaya
 Duweni putra Lawa lan Kusa
 Duweni watak kang setya marang Garwa
MATURNUWUN

Anda mungkin juga menyukai