Anda di halaman 1dari 3

Rama & Shinta

Sakwijining dina kerajaan mantili ingkang kerajaane bapak ipun Rama Dewi Shinta, yaiku Prabu
Janaka. Dhekne ngadaaken sayembara “Sinten seng saget manah engkang sae, ajeng didadeaken
mantu” salah setunggaling pesertane yaiku Prabu Rama dan Prabu Rahwana.

Sayembara nipun diwiwiti, Rahwana wiwiti manah, ananging boten saget ngangkat panah
kasebut. Banjur Rama giliran manah, dhekne biso ngangkat panah kasebut. Sehinggo Rama seng
saget menangake sayembara, lan akhire angsal mbojo Dewi Shinta. Namung Rahwana mboten
remen yen Rama dados bojone Shinta.

Alengko niku kerajaan Indrajid, Rahwana, Patih Prahasta. Sarpanaka maringi kabar teng
Rahwana yen enten wong wadon ayu, Rahwana ipun banjur madosi tiang wadon wau.
Kasunyatan Putri nipun Putman Kalamanica. Putri kalamanica niki saget gantos wujud nopo
mawon lan saget ngrubah wujud dados alit banget.

Teng dhandaka Rama Shinta lan Laksamana taseh ngembara, ngertos Kalamarica dan Rahwana
tumut ing ngincer lan godoni Shinta. Banjur Kalamarica nggodo Shinta, ngrubah wujud dados
“Kijang Mas”.

Shinta ningali kijang kasebut, banjur ngongkon Rama damel ndemok kijang mas kasebut.
Ananging kijang wau malah mlayu ing jero alas, Shinta nyuwun Rama damel ngoyak kijang
wau. Laksamana tetep kaleh Shinta.

Sinta nesu, amerga Laksamana mboten tumut Rama ngoyak kijang ing alas. Akhire Laksamana
nuruti kepinginane Shinta supados nyusul Rama damel ngoyak kijang ing jero als. Ananging
Laksamana ajrih kalian keslametane Shinta, akhiripun Laksamana damel bunderan supados
Shinta tetep slamet.

Saksampune Rahwana dugi, banjur jajal nyedeki Shinta, dhekne jajal damel nembus bunderane
wau. Ananging Rahwana mboten saget nglampahi bunderan wau. Akhire Rahwana ngrubah
wujud dados Brahmana tuwo, engkang tujuan saget narik perhatiane Shinta lan jaluk sedekah.

Rahwana nyedeki Shinta banjur jaluk sedekah. Shinta ngrasa welas, akhire maringi sedekah
dateng Brahmana tuwo wau. Nalika maringne sedekah, asthone Shinta ditarik medal sangking
bunderan, banjur dibeto mabur kalian Rahwana.

Akhire kedadean perang antara manuk jatayu dan Rahmana. Nanging manuk jatayu kalah, lan
kelangan lare loro, banjur rahwana miber mbeto Shinta. Sakwijining niku Laksamana lan Rama
wangsul maleh lan ketemu kalian manuk jatayu seng sampun kejet-kejet.
Jatayu nyritaake kedadean wau kalian Rama, nek Shinta diculik dateng Rahwana sakwiswe
matur manuk Jatayu mati. Laksamana dan Rama akhirnya semedi pados coro damel nyelametake
Shinta.

Rama ketemu kaleh Hanoman, seng nulungi Rama nyelametaken Shinta. Banjur Rama diajak
teng Guwo Kiskenda, yaiku omahe Hanoman.

Teng Guwa niku enten rencange Hanoman, engkang asma Sugriwa lan Subali tiang kaleh niku
sami remen kaleh Widiawati lan kalih-kalihhipun sami saktine. Akhira tiang kalih niku wau
tukaran ngolehke Widiawati. Pas niku Rama kalian Hanoman dugi.

Hanoman ngusahake nyegah Sugriwa lan Subali. Ameri mboten saget nyegah, Hanoman
ngongkon Rama manah salah sijine, akhire Subali seng kengeng panah terus mati. Sugriwa taseh
kepingin ngutaraake niate teng Rama, yen Sugriwa kepingin nulungi Rama nylametke Shinta.

Hanoman mulai ngawiti nyelametake Shinta. Nanging Hanoman jalok sehelai rambute Rama
seng badhe diparingne Shinta, damel bukti nek Hanoman kongkonane Rama seng badhe
nylametke Shinta.

Ing taman argosoka, Kerajaan Ngalengka. Shinta dibaturi kaleh Trijata, keponakane Rahwana.
Nalika Rahwana jajal mbujuk Shinta dados garwane, Sinta mboten purun.

Nalika Shinta dewekan, Hanoman mlebet teng taman argasaka damel nemoni Shinta, lan
maringne rambut Rama damel bukti nek Hanoman bener-bener kongkonane Rama, kangge
nyelametke Shinta. Mahkota Putera Rahwana ngertos dugine Hanoman, banjur Hanoman
ditangkep lan diparingne teng ngajenge Rahwana.

Akhire Rahwana mutusaken damel mbakar Hanoman. Persiapanepun dilakokke damel mbakar
Hanoman. Wektu niku Pumbakarna sedereke Rahwana nglindungi Hanoman, seng ajeng dibakar
kalian Rahwana. Ananging niate niku mboten khasil, amergi dikalangi kalian Kumbakarna.

Nalikane pasukan Rahwana mbakar Hanoman, jebule Hanoman mboten mempan dibakar damel
geni. Malah Hanoman ngrebut obor geni sangking astone Rahwana, damel buntute lan genine
niku wau damel dolanan teng Anoman, sak derenge damel mbakar Kerajaan Anglengka.
Pasukane Rama mbendung kali seng celak kalian “Kerajaan Galengka” ananging pasukane
Rahwana mboten biso nopo-nopo.

Perang antarane Rahwana lan Rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah dateng Rama, nalika
ngewangi Rahwana musnahne Rama, lan Indrajid tumut mati pisan amergi ngewangi Rahwana.
Akhire kedadean perang sengit antara Ramayana lan Rahwana, seng akhirnya Rahwana mati
diapanah kalian Rama, banjur dijepit ing Gunung.

Saksampune ngalahke Rahwana, Rama ketemu maleh kalian Shinta. Nanging Rama curiga
kalian kesuciane Shinta, saksampune diculik ngantos dangu. Shinta akhire mbuktekne Rama,
kanti coro mbakar awake dewe damel geni. Nalika Shinta mbakar bawake ternyata genine
mboten mempean naliko mbakar awake shinta.

Niki mbuktekne yen Shinta taseh suci, akhire Rama lagi percados lan nampi Shinta maleh.
Akhire Rama dan Shinta urip ayem tentrem lan bahagia.

Nama : Natania Puji Ardiyanti


Kelas : X IPS 3
Absen : 20

Anda mungkin juga menyukai