Anda di halaman 1dari 2

Kelompok :2

Nama anggota :
1. Mukhlasoh (02)
2. Nandita Putri Priambudi (07)
3. Novi Anggi Kurniasih (10)
4. Resti Amelia Febrianti (25)
5. Rizky Nurul Hidayah (33)
6. Rizqi Imelda (35)

Legenda Guwa Jatijajar


Nalika semana Prabu Siliwangi, ratu ing Pajajaran kagungan putra cacah telu kang
aran Banyak Catra, Banyak Ngampar lan sijine putri. Nalika putrane isih cilik-cilik garwa
prameswari Prabu Siliwangi seda. Prabu Siliwangi nggarwa prameswari maneh asma Dewi
Kumudaningsih kanthi prajanjen besuk yen kagungan putra, putrane sing bakal ngganteni
ratu. Dewi Kumudaningsih peputra cacah loro aran Banyak Blabur dan Dewi Pamungkas.
Ing sawijining Dina Prabu Siliwangi nimbali putrane Banyak Catra lan Banyak Blabur
supaya ngganteni ratu amarga sang prabu rumangsa wis sepuh. Banyak Catra durung saguh
dadi ratu kanthi alesan durung cukup ngelmu lan durung kagungan garwa. Banyak Catra
gelem nggarwa lamun wis nemu jodhone kang rupane memper Ibune. Sabanjure Banyak
Catra pamitan Gusti Prabu nggoleki putri idam-idamane kang bakal dadi garwane.
Banyak Catra menyang Gunung Tangkuban Prau marak sowan marang pandhita
linuwih asma Ki Hajar Winarnong. Dening Ki Ajar, Banyak Catra didhawuhi supaya
nyandhang manganggo (nylamur) kaya wong desa, ninggalake tata cara kraton lan salin
asma Arya Kamandaka. Amarga saka kenceng tekade supaya bisa ketemu putri idhamane,
Arya Kamandaka nyaguhi.
Arya Kamandaka mlaku mengetan tekan Kadipaten Pasir Luhur. Ing kono ketemu
patihe kang asma Patih Reksanata. Sang patih wiansepuh ananging durung kagungan putra
mula Arya Kamandaka dipundhut putra pupon dening sang patih. Sang patih banget
senenge kagungan putra pupon Arya Kamandaka kang gagah lan bagus rupane.
Anak Pasir Luhur Arya Kamandaka bisa ketemu Karo Dewi ciptarasa Putri wuragil
sang Adipati Kandandaha kang rupane memper Ibune. Arya Kamandaka wis nemokake putri
kang bakal dadi garwane.
Wis dadi pakulinan saben taun Kadipaten Pasir Luhur nganakake sayembara ndemek
iwak ana kali. Patih Reksanata sowan menyang kadipaten, Arya Kamandaka kanthi
sesideman tut wuri sang Patih, saperlu arep nemoni Dewi Ciptarasa kang wis pada dene
tresnane. Sang Dewi lan Arya Kamandaka banjur kangsenan nganakake patemon ing taman
kaputren ing wektu wengi.
Nalika lagi patemon ana kaputren, Arya Kamandaka kadenangan dening para
prajurit. Arya Kamandaka bisa lolos saka kepungan para prajurit lan ngakoni lamun putra
angkate Ki Patih. Patih Reksanata banjur ditimbali Sang Adipati Kandandaha supaya
masrahake Arya Kamandaka. Arya Kamandaka kapasrahake, dheweke nyebur kali lan silem
ngendhang nut ilining banyu. Arya Kamandaka kawartakake tiwas anak kali. Dewi ciptarasa
banget sungkawane mireng sedane pria kinasihe.
Arya Kamandaka mentas Saka kali ketemu Rekajaya kang lagi mancing kang
sabanjure dadi kanca rakete. Arya Kamandaka manggon ing Desa kono (Desa Penagih)
dipupu dening Mbok Randha Kertasura. Ing Desa penagih karemane Arya Kamandaka adu
jago. Jagone dijenengi Mercu lan saben diadu menang. Arya Kamandaka kondhang ing
pembotoh ayam nganti kapireng Sang Adipati lamun Arya Kamandaka taksih gesang. Sang
Adipati banget dukane banjur utusan prajurit supaya ngrangket Arya Kamandaka ing
kahanan urip utawa mati.
Raden Silihwarni putra Pajajaran suwita menyang Pasir Luhur saperlu nggoleki
kangmase Banyak Catra kang manut ujaring kandha mapan ing Pasir Luhur. Raden Silihwarni
banjur suwita ana ing Paair Luhur. Pasuwitane ditampa lamun bisa ngrangket Arya
Kamandaka lan Silihwarni nyaguhi.
Raden Silihwarni bisa ketemu karo Arya Kamandaka ana papan adu jago. Loro-lorone
kang sejatine kakang adhi padha dwne pangling amarga sandhang panganggo padha dene
nylamur. Sakloron banjur perang rame. Arya Kamandaka ketaman Kujang Pamungkas
pusakane Raden Silihwarni. Arya Kamandaka ketaton banjur lolos saka paprangan mlebu
guwa. Lolose Arya Kamandaka diburu Raden Silihwarni nanging kelangan tilas/lacak. Nalika
tekan ngarep guwa, ana lawange guwa Raden Silihwarni nanthang-nanthang. Saka jero
guwa Arya Kamandaka nyauri “Kalamun wani mlebua adhepana iki putra sejati Pajajaran”.
Tembung sejati Pajajaran kang mbengung/nggaung saka njero guwa keprungu jatii jajaarr
banjur papan iki dijenengi Jatijajar.

Anda mungkin juga menyukai