Anda di halaman 1dari 2

Dewi Surtikanthi Dewi Surtikanthi kuwi putrane Prabu Salya ing Mandaraka, kang nomer loro.

Putri siji iki klebu wanita kang bekti marang wong tuwa lan setya marang garwa. Kabeh mau jumbuh karo piwulange sang ibu, Dewi Setyawati. Nalika ngancik dewasa, Dewi Surtikanthi wiwit katon sulistya ing warna. Mula ora aneh yen akeh raja lan satriya kang kepranan marang dheweke. Antarane pawongan sing kepranan marang putri Mandakara iki yaiku Prabu Kalakarna, raja ing Awangga. Mulane banjur nglamar Dewi Surtikanthi. Senajan dilamar raja sing sugih bandha lan gedhe panguwasane, Dewi Surtikanthi ora gelem nampa panglamare jalaran dheweke ora tresna marang raja sing wujude buta iki. Bareng panglamare ora ditampa Prabu Kalakarna nesu. Banjur ngerigake prajurit nggempur Negara Mandakara. Nalika para satriya lan Prabu Salya ngadhepi prajurit Awangga, Prabu Kalakarna mlebu kaputren. Dewi Surtikanthi arep dicolong. Mulane Dewi Surtikanthi mlayu saka kaputren. Dewi Surtikanthi terus mlayu nganti mlebu alas. Sansaya suwe sansaya adoh. Ewasemono, Prabu Kalakarna tansah ngoyak. Nganti teka ing sawijining panggonan, Dewi Surtikanthi wis kentekan tenaga. Prabu Kalakarna teka banjur ngguyu jegagakan rumangsa wis menang. Ora ngertia ora adoh saka papan kuwi ana sawijining satriya sing krungu pisambat, banjur mlayu tumuju papane Dewi Surtikanthi. Satriya aran Raden Suryatmaja kuwi tetulung marang Dewi Surtikanthi. Prabu Kalakarna kudu adhep-adhepan karo Raden Suryatmaja. Buta lan satriya banjur perang tandhing. Pungkasane Prabu Kalakarna bisa diasorake lan klakon dipateni. Pungkasane Dewi Surtikanthi diterake mulih menyang Mandaraka. Jalaran bisa ngasorake Prabu Kalakarna, Raden Suryatmaja banjur didhaupake karo Dewi Surtikanthi. Minangka atur panarima marang lelabuhane Raden Suryatmaja. Negara Awangga sing kelangan rajane, banjur dikuwasani Raden Suryatmaja. Raden jumeneng adipati ana Awangga, ajejuluk Adipati Karna. Uga kondhang Narpati Basukarna. Adipati Karna lan Dewi Surtikanthi kapatutan putra loro, aran Raden Warsasena lan Raden Warsakusuma. Nalika Adipati Karna gugur jroning perang Baratayuda, Dewi Surtikanthi bela pati, kanthi suduk salira nganggo gaman wujud patrem. Kapethik saka Damarjati No.26

1. Sapa sing mulangake Dewi Surtikanthi supaya bekti marang wong tuwa? Dewi Setyawati 2. Nyangapa Dewi Surtikanthi ora gelem nampa panglamare Prabu Kalakarna? Jalaran Prabu Kalakarna Raja sing wujud buta 3. Kepriye tumindake Prabu Kalakarna sakbanjure ora ditampa panglamare dening Dewi Surtikanthi? Prabu Kalakarna nesu banjur ngerigake prajurit nggempur Negara Mandakarna 4. Nyangapa Dewi Surtikanthi mlayu saka kaputren? Jalaran dioyak Kalakarna 5. Senajan dilamar raja sing sugih bandha lan gedhe panguwasane, Dewi Surtikanthi ora gelem nampa panglamare jalaran dheweke ora tresna marang raja sing wujude buta iki. Bareng panglamare ora ditampa Prabu Kalakarna nesu. Banjur ngerigake prajurit nggempur Negara Mandakara. Isine paragraf iki Dewi Surtikanthi ora gelem nampa panglamar/Prabu Kalakarna nggempur Mandaraka 6. Nyangapa Prabu Kalakarna ngguyu jegagakan? Dheweke rumangsa wis menang amarga Dewi Surtikanthi wis kentekan tenaga 7. Sapa sing nulungi Dewi Surtikanthi? Raden Suryatmaja 8. Kepriye hasile perang tandhing Prabu Kalakarna lan Raden Suryatmaja? Prabu Kalakarna bisa diasorake lan klakon dipateni 9. Negara ngendi sing banjur dikuwasai Raden Suryatmaja? Negara Awangga 10. Sopo putrane Adipati Karna lan Dewi Surtikanthi? Raden Warsasena lan Raden Warsakusuma

Anda mungkin juga menyukai