Anda di halaman 1dari 1

cerita rakyat Nyi Roro Kidul dalam

bahasa
Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi anduweni cerita
kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah Prabu Siliwangi. Raja ana
ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7
wanita kang ayu.
Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon
kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu (wanita yang cantik jelita).
Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang
sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka
welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo anggawe
ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.
Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi kanthi wujud
loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para selir ugo Prabu Siliwangi
akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen
penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan nular ana ing tlatah keraton.
(Dalam kisah cerita rakyat Nyi Roro Kidul dalam bahasa jawa akhirnya Lara Kadita
meninggalkan kerajaan Pajajaran)
Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas. Diceritakake
permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara Kadita nglanjutake lakune
menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri
Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing gunung pinggiran segoro.
Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi pitutur supaya putri
ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo njaluk marasake awake saka
penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh kanggo males wong
kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya mengkono.
Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro kanti
ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi kasunyatan.
Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga diwenehi kakuwasan adikodrati lan
pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka
Nyi Roro Kidul dumugi nganti tumeka saiki.

Anda mungkin juga menyukai