Anda di halaman 1dari 9

PANDAWA LIMA

NAMA KELOMPOK 4/XII IPS 3


1.Arta Sofi Afnan (11)
2.Aulia Nurussyifa Abidah (13)
3.Salma Khairunissa (30)
4.Salzabila Septa Dewi (31)
5.Silvani Cinta Novitasari (32)
 Add title here  Add title here
 Add title here  Add title here
PUNTADEWA/YUDHISTIRA
Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira,
Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha
Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing
pati. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang.Amarga saking banget
ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu
Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.
Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa
kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani
setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata
Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang
karukunan.Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku
asmane Raden Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata
lan Dewi Kunthi Nakibrata.
Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping
waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung
sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.
BIMA/WERKUDARA

Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan gagah


prakosa putra Dewi Kunthi lan Prabu Pandhu kang nomer
loro. Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi
Arimbi adine Prabu Arimba lan putrane aran Gatutkaca.
Raden Werkudara iku peparab liyane Bima, Bayu Suta,
Bayu Putra, Arya Panenggak, Bratasena, Jagal Abilawa,
lan Wijasena. Gegamane Raden Werkudara yaiku Gada
Rujakpala, Gada Lukitasari, Gada Lambitamuda, aji
Blabag pangantol antol, Aji Bayubajra, Tirta Prawitasari,
lan Kuku Pancanaka.
ARJUNA/JANAKA

Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge,


prigel lan trampil manah yaiku putra ragil Dewi Kunthi lan Prabu
Pandhu minangka panengahe Pandhawa. Arjuna satriya ing
Madukara garwane Dewi Sembadra, Dewi Dropadi, Dresanala,
Srikandi lan putrane aran Raden Abimanyu saking Dewi Sembadra,
Srutakriti saking Dewi Dropadi, Wisanggeni saking Dresanala. Raden
Janaka iku peparab liyane Arjuna, Premadi, Margana, Pamadya,
Dananjaya, Mintaraga, Ciptahening, Prabu Kariti, Kedhi Wrehatnala,
Palguna, Kombang ali-ali, lan Wijarnaka. Gegamane Raden Janaka
yaiku Panah Pasopati, Panah Ardadedali, Keris Pulanggeni, Keris Kala
Nadhah, Aji Sepi Angin, Aji Danurwenda, Cundamanik, Busur
Gandhewa, lan liya-liyane.
NAKULA
Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa
(kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula
lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.Nalika timure, Raden Nakula kekasih
Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing
Sawojajar.Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3.
Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang
Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang
Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi
Sri Tanjung.Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane
Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa
ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden
Pramusinta lan Dewi Pramuwati.Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone.
Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.Ngarepake pungkase perang Bharatayuda,
Raden Nakula lan Sadewa disraya dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu
salya (uwake / pakdhene) kanthi ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake,
satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu
Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda tumrap Pandhawa.
SADEWA
Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi
Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa
asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar,
kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane
Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden
Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka,
Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung
linggane Pandhu lan hawa tegese putra PandhuRaden Sadewa
titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah
dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus,
mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai