Anda di halaman 1dari 2

Nakula

Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining
Pandhawa (kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe
Raden Sadewa. Wujude Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan
busana.

Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih
Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar.

Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara,
3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut
kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.

Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati,


putrane Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden
Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri Tanjung.
Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati,
putrane Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa
Dewi Suyati sawise bisa ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden
Nakula peputra loro, yaiku: Raden Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan
bekti marang sedulur tuwa.

Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya


dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake /
pakdhene) kanthi ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake,
satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine lan nyuwun tandhing
mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda tumrap
Pandhawa.

Nakula iku sawijining paraga Mahabharata. Nakula artine ‘’bisa nguwasabi


awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng
Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tanduran kang godhonge bisa kanggo obat.
Kaya jenenge, Nakula lantip ing obat-obatan amarga tinitisan Batara Aswi ,
dewane tabib. Satriya iki salah sijine Pandhawa lan nduwe kembaran kang
jenenge Sadewa. Beda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan
Sadewa iki lair seka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela
pati lan kembar iki lair seka wetenge kang suwek dening keris.

Raden Nakula kuwi satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden
Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu
Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden
narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula artine
‘’bisa nguwasabi awake dhewe’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha
cilik-cilik, Nakula kuwi arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen.
Pinten iku sejatine jeneng tandhuran kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya
jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan obat-obatan amraga satriya
sakloron kuwi titise dewa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib.
Satriya sakembaran iku klebu sedulur nunggal rama seje ibu yen karo Prabu
Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima kasebut kawentar kanthi
aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe,

1
senadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu
Dewi Kunthi.

Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya melu Kurawa. Siji mbaka siji
senopati Kurawa padha gugur. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjure
nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih
marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yen kang madeg
senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe
Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan
Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni wae.
Mesthi wae Prabu Salya ora mentala mateni perunane kuwi. Malah banjur atine
rumangsa keranta-ranta merga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis
sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang,
yakuwi Pinten lan tangsen iku. Mung merga saka beciking pakartine Dewi
Kunthi, bayi kembar kuwi nadyan dudu putrane dhewe tetep digula wentah
kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anake dhewe.

Jroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para
Pandhawa kuwi ketimbang marang mantune. Lan saliyane trenyuh bareng ndeleng
Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan
Bagaspati sing sedane merga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome.
Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yen babak nagih janji lumantar
ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.

Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan
meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng
tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu
Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa
lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus
Kalimasada. Kasatriyane Nakula kuwi ing Sawojajar, dene Sadewa ing
Paweratalun. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra
Dewi Sri Tanjung. Dene Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra
Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku
putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing
lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicritakake yen akhire sawise klakon
ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan
Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas.
Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yen
pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka
Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.

Anda mungkin juga menyukai