Anda di halaman 1dari 1

Nama : Maria Izzurrahima

Kelas : X MIPA 1

Abaen : 22

RADEN NAKULA

Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa
(kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula lan
Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.

Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden
Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar. Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu
Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan
Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese Putra
Pandhu.

Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane
Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih
Dewi Sri Tanjung.

Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane Prabu
Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa
ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden
Pramusinta lan Dewi Pramuwati. Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone.
Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.

Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya dening
Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake / pakdhene) kanthi ngliga keris,
pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake, satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine
lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda
tumrap Pandhawa.

Anda mungkin juga menyukai