Anda di halaman 1dari 43

WULANGAN 1

Crita-crita sing sumebar, ning masyarakat akeh pisan jenise, ana


sing siarani Fabel, Legenda, Babad, Mithe, Saga, Dongeng lucu lan sejen-
sejene, crita-crita iku bengene dicritakaken turun-temurun utawa getok tular,
kadang-kadang critane dadi aneh, mokal, bli bisa diterima ning nalar, lan
masyarakat masih percaya bari dongeng-dongeng iku, tapi perkembangan
seteruse mulai ana perubahan, yaiku sewise masyarakat padha bisa macu,
mulai kenal pendidikan, wong-wong mulai gelem sekolah, lan mulai bisa
mbedakaken apa iku crita dongeng apa iku babad. Nah supaya para siswa
weruh salah sijine babad sing ana ning Dermayu, sejene siswa padha
nyimak babad Dermayu iku, lan mahami apa isine babad Dermayu, terus
wangsulana pitakon-pitakon ning latihan kegiatan 1.

A. Subtema 1 Babad Dermayu

BABAD DERMAYU

Bengen baka miturut silsilah sing dadi pancere utawa cikal bakale
babad Dermayu yaiku Pangeran Loano sing Purworejo Bagelen sing duwe
putra siji arane Raden Gagak Pernala. Raden Gagak Pernala duwe putra
papat, yaiku Raden Gagak Kumitir, Raden gagak Wirajaya, Raden Gagak
Pringggadipura, lan Raden Gagak Wirantaka.
Raden Gagak Kumitir duwe putra sing dadi bupati ning Bagelen sing
arane Raden Gagak Singalodra, sing duwe putra lima, yaiku Raden Ayu
Wangsanegara, Raden Ayu Wangsayuda, Raden Wiralodra, Raden Bagus
Tanujaya lan Raden Bagus Tanujiwa.
Sesedulur lima iku sing paling seneng nggulati kawruh/ilmu lan
seneng tapa brata iku mung Raden Wiralodra. Raden Wiralodra pawongan
utawa pemomong arane Ki Tinggil, iku sing momong lan njaga awit cilik.
Wektu Raden Wiralodra lagi tapa brata ulih wangsit sing ngupai pituduh,
munine mengkenen : “ Nang putuku Wiralodra, lamon sira kepengen urip
mulya sampe pitung turunan, sira kudu babad alas ning laladan parek
muara kali Cimanuk, gage sira mangkata”. Sewise ulih wangsit Raden
Wiralodra kebat ninggalaken panggonane tapa.
Raden Wiralodra ngadep Bapa bari Ibune, sing intine nyritakaken
menawa ulih wangsit kaya sing dicritakaken ning duwur, krungu critane
Raden Wiralodra Bapa lan Ibune uga sedulur-sedulure pad beli setuju lan
beli ngidini, tapine Raden Wiralodra kenceng tekade kudu mangkat, suwe-
suwe Bapa lan Ibu uga adi-adine pada setuju, sewise pamit bari wong tuwa

Modul Bahasa indramayu 1


Kanggo SMP Kelas VII
lan sedulur-sedulure Raden Wiralodra mangkat ning tempat sing
ditodokaken, pernahe mengulon lan ditiburi ning Ki Tinggil pawongane.
Beli weruh awan beli weruh bengi, nyabrang kali, nabras alas nlusup
grumbul, munggah gunung mudun jurang, kurang mangan kurang turu beli
dirasakaken.
Lawase lelaku tekan ing sepinggiring kali gede, ning batin ngomong
apa kiyen sing diarani kali Cimanuk, terus arep takon ning sapa, laka wong
sing bisa ditakoni, Raden Wiralodra takon ning Ki Tinggil apa kiyen sing
diarani kali Cimanuk? Ki Tinggil njawab menawa deweke uga beli weruh
apa arane kali gede iku. Raden Wiralodra bari Ki Tinggil sing lagi
kebingungan iku ujug-ujug sing kadohan ana bapa tuwa sing lagi ndodok
ning pinggir kebonan, Raden Wiralodra mareki bari takon alus, apa kiyen
sing diarani kali Cimanuk, bapa tuwa njawab menawa kali sing ana ning
arep iku arane kali Citarum, kali Cimanuk sing digulati wis keliwatan adoh,
sewise ngomong bapa tuwa sing sebenere buyute dewek yaku Ki Sidum
Ilang Tanpa Karana, Raden Wiralodra keduhung campur getun, sebab
durung ngucapaken kesuwun wis ilang.
Sewise muji syukur ning Gusti Allah ulih pituduh sing buyute yaiku Ki
Sidum, Raden Wiralodra balik maning mengetan, mlakune sampe tekan
ning bulak sing sepi, ning kono weruh ana kaki-kaki tuwa sing lagi gaga
semangka. Raden Wiralodra mareki alon bari takon alus pernahe kali
Cimanuk, tapine kaki-kaki tuwa iku malah nyewot, Raden Wiralodra bari Ki
Tinggil disewoti entok-entokan, Raden Wiralodra bari Ki Tinggil kaget pisan
beli salah tapi disewoti, tapi Raden Wiralodra tetep ngalah lan sabar, tapi
kaki-kaki tuwa iku tetep sewot, malah omongane tambah kasar lan
ngabangaken kuping, Raden Wiralodra ilang kesabarane wong loro dadi
gulet rame pisan, beli ana sing gelem ngalah, pas kaki-kaki tuwa mau
kecandak arep dibanting…ilang…musnah bari ninggali swara tanpa rupa:
“Nang Wiralodra, kali kiyen arane kali Cipunegara, mlakuwa mengetan
maning, tapi engko baka sira ketemu bari kidang kencana sira tembe
ketemu bari sing aran kali Cimanuk”.
Raden Wiralodra nerusaken mlakune ngetan ngalor pernahe ning
kono ketemu bari bocah wadon ayu sing ngakku arane Dewi Larawana sing
pengen dikawin ning Pangeran Wiralodra, Raden Wiralodra nolak alus tapi
Dewi Larawana tetep maksa pengen dikawin, suwe-suwe dadi tukaran
sampe pada gullet. Dewi Larawana pas kecandak arep dibanting, ilang
nyipat dadi kidang kencana katon ngleleda kadang-kadang mlayu ngadohi
kadang mareki kaya ngongkon Raden Wiralodra supaya gelem melu
ngetutaken mlayune. Kidang kencana terus diubek mlayune tekan ning
pinggir kali gede terus nyabrang tekan ning sabrang kali ilang, ilange kidang

Modul Bahasa indramayu 2


Kanggo SMP Kelas VII
ana swara : “Nang Pangeran Wiralodra kali kiyen sing diarani kali Cimanuk,
ning kene sira gage babad alas”.
Gelise crita Raden Wiralodra dibantu ning Ki Tinggil terus mulai
babad-babad alas sejerone babad las mau akeh pisan gangguan lan
godaan sing kewan galak teksan makhluk alus kaya setan, jin, siluman lan
sejen-sejene kabeh dilawam akeh sing keplayu akeh sing pada nyerah lan
tunduk melu mbantoni gawe padukuhan Cimanuk. Lawas-lawas pedukuhan
Cimanuk tambah rame, sebab anane kali Cimanuk sawah-sawah,
pakebonan katon subur, lan muarane dadi pelabuhan nyebabaken akeh
wong-wong pada teka ana sing dagang, ana sing dadi penduduk, ana sing
dadi nelayan, petani lan sejen-sejene. Pangeran Wiaralodra pamit ning
pawongane yaiku Ki Tinggil supaya tunggu padukuhane sebab deweke
pengen balik ning Bagelen sebab kangen bari wong tuwa uga sedulur-
sedulur, tapi poma sesuwene kita langka aja nampa penduduk anyar.
Selungane Raden Wiralodra, Ki Tinggil ketekan tamu sing sebrang
aran Nyi Endang Darma pengen melu tetukra ning pedukuhan Cimanuk,
lantaran wis ana amanat beli kena nrima penduduk anyar mulane Ki Tinggil
ngupai ijin sementara tapi menenge ning kulon kali Cimanuk. Nyi Endang
Darma dibantu ning pawongane arane Tana bari Tani, wong loro iku sing
nyebak gawe, baka bengi mbantu Nyi Endang Darma ngajar pencak, beli
kenyana rombongane Pangeran Guru uga tekan ning padukuhan Cimanuk,
bareng weruh Nyi Endang Darma sing ayu Pangeran Guru Demen, Nyi
Endang Darma terus dilamar, tapi Nyi Endang Darma beli gelem, sebab
Pangeran Guru maksa mulane Nyi Endang Darma ngomong bisa dikawini
baka bisa ngalahaken jurite, Pangeran Guru dadi perang bari Nti Endang
Darma, suwe-suwe Pangeran Guru keseseg wadyabalane pada melu
ngroyok, wusanane Pangeran Guru sewadyabalane mati kabeh.
Weruh kedadiyan kaya mengkonon Ki Tinggil kebat nglaporaken
nusul ning Bagelen, terus dicritakaken apa sing kedadiyan ning Pedukuhan
Cimanuk sewise Nyi Endang Darma teka sampe tekan matine Pangeran
Guru, sebab jumlahe ana selawe mulane diarani Pangeran Selawe,
Pangeran Wiralodra sing diiringi adine loro yaiku Raden Tanujaya dan
Raden Tanujiwa uga pamane Raden Wiragora.
Setekane ning Padukuhan Cimanuk, raden Wiralodra gage nemoni
Nyi Endang Darma tujuane arep ngumbangi sebab wis lancing gawe geger
tekan mateni Pangeran Selawe apa maksude, tapi barang weruh pasuryane
Nyi Endang Darma, Raden Wiralodra dadi kesengsem lan demen, Nyi
Endang Darma gelem dikawin asal bisa dikalahaken, Raden Wiralodra
ngongkon Raden Tanujaya lan Raden Tanujiwa maju bareng, tapi bisa
dikalahaken ning Nyi Endang Darma, terus Waden Wiragora maju tetep

Modul Bahasa indramayu 3


Kanggo SMP Kelas VII
kalah malah murca ning alam samar, bareng weruh kabeh pada kalah
Raden Wiralodra maju, perange Raden Wiralodra bari Nyi Endang Darma
rame pisan pada sektine, sing lanang gagah, sing wadon ayu, sebenere Nyi
Endang Darma demen ning Pangeran Wiralodra tapi isin, suwe-suwe Nyi
Endang Darma katon keseseg terus ngedeprok pasrah pati nyuwun gesang,
gage Nyi Endang Darma diangkat ning Raden Wiralodra diampuni.
Sebenere miturut nyi Endang Darma iku telik sandi musuh, dadi
senajan kalah tetep pengen lunga, mulane ning arepe Pangeran Wiralodra
pura-pura njaluk ijin asud kanggo bebersih awak, terus anjrem ning kali
ditonggoni sampe suwe beli muncul-muncul, sampe bengi meksa beli katon
ngaton, bokat kudune Nyi Endang Darma bari Raden Wiaralodra beli bisa
dadi keluarga.
Lantaran kedadiyan iku kanggo mengeti crita iku, mulane pedukuhan
Cimanuk diarani padukuhan Darma Ayu, saya suwe tembung Darma Ayu
dadi Darmayu utawa indramayu.

Tugas 1
Sedurunge maca teks babad Indramayu, coba siswa njawab pitakonan-
pitakonan ning esor iki. Siswa dijaluk nggulati conto-conto babad sing ana
ning Jawa Barat khususe ning Wilayah 3 yaiku Cerbon utawa Indramayu,
bisa uga crita-crita rakyat sejene.

Latihan 1
a. Apa siswa pernah maca babad utawa crita rakyat sing
Cerbon/Indramayu, baka pernah, babad utawa crita rakyat apa
?kepriben crita ringkase.
b. Coba goletaken ning buku sejen/referensi. Apa sing diarani: Fabel,
Legenda, Babad, Mithe, Sage, Dongeng lucu tulis lan jelasna.
c. Pengalaman apa bae sing bisa siswa critakaken wektu maca
babad/crita rakyat tulisen lan critakaken.
d. Apa siswa pernah didongengi ning wong tuwane siswa dongeng-
dongeng utawa crita rakyat sejene, wektu siswa didongengi lagi
kelas pira, apa aran dongenge, lan kepriben dongenge lan sapa bae
tokoh-tokohe.
e. Apa siswa seneng maca dongeng utawa crita rakyat, baka siswa bli
seneng utawa seneng tulisan alasane, lan baka siswa seneng apa
siswa seneng ngoleksi buku-buku crita rakyat, buku apa bae sing
diduweni siswa.

Modul Bahasa indramayu 4


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 2

Seuwise siswa nyimak lan ngrungokaken siswa sejen maca teks babad
Indramayu, wangsulana pitakon-pitakon ning esor iki nganggo basa
bebasan/krama, dicoba dingin carane supaya siswa bisa njawab. Gawe
kelompok diskusi, terus dibahas bareng-bareng, asile diskusi diketik
komputer terus dikumpulaken mning guru basa Cerbon – Dermayu.

1. Sapa sing dadi cikal bakale babad Dermayu ?jelasna silsilahe.


2. Sapa bae aran-aran sedulur-sedulure Raden Wiralodra, tulisen.
3. Ki Tinggil iku sapa? jelasna.
4. Kepriben munine wangsit sing ditrima ning Raden Wiralodra ?
5. Apa sing mbedakaken raden wiralodra bari sedulur-sedulure, jelasna.
6. Kenangapa Raden wiralodra bareng ketemu bari Ki Sidum dadi getung
lan kuduhung ?jelasna.
7. Apa tengere baka arep ketemu kali Cimanuk ?
8. Kenangapa Nyi Endang Darma dikongkon meneng ning kulon kali
Cimanuk ?
9. Sapa sing mbantoni Nyi Endang darma, lan kenangapa perang bari
Pangeran Guru, jelasna.
10. Kenangapa diarani Dermayu, jelasna.

Jawab :

Modul Bahasa indramayu 5


Kanggo SMP Kelas VII
Tugas 2

Ning tugas 2 para siswa dijaluk nyusun kelompok diskusi bari siswa sejene,
kanggo ndiskusikaken teks crita rakyat sing judule “Kirik sing Setya” saben
kelompok diskusi kira-kira 3 – 5 siswa. Sekiyen simaken wacana teks crita
rakyat ning esor iki

Awit jaman bengen hubungan kesenengan menungsa karo kewan iku


werna-werna pisan, ana sing seneng ngingu jaran, ana sing seneng ngingu
trewelu utawa kelinci, ana sing seneng ngingu manuk, ana sing seneng
ngingu kucing, salah sijine yaiku seneng ngingu kirik. Kirik kepanjing kewan
sing cerdas, baka diopeni bener, kirikkewan sing bisa mbales kebecikan,
utawa mbales budi, sejene iku kirik baka diopeni lan dipiara bener akeh
manfaate, yaiku bisa dikongkon tunggu umah, bisa nuntun wong picek, bisa
dadi kirik pelacak narkoba, bisa nganggo nggulati maling, rajapati utawa
pemburuan, lan sejen-sejene. Baka majikan lunga mendi bae mesthi sikirik
kekintil bae, ning endi-endi pengene melu, baka ana wong sing durung
wawuh, utawa wani-wani nyenggol utawa njukut barange majikan mesthi
dijegog, baka wonge mlayu kirie ngudag utawa ngubak, kadang-kadang
wani nyakot. Sekiyen rungokaken lan simaken kita arep crita.

KEWAN SING SETYA

Pak Kuwu Dirja kepanjing sudagar sugih ning desa Cantigi. Sejene
sugih empang uga duwe prau gedhe sing ABKne lumayan akeh, saben
seprau ana sing rolas sampe limalas ABK, saben telung puluh dina mesthyi
nggawa duit sing akeh, padahal praune juragan Dirja ana papat, dadi ya
lumayan ulih duite mbanyu mili bae.
Pak Kuwu Dirja ning saben dinane kepanjing wong kang supel lan
sreseh, lan kewentar wong kang seneng nenulung bari wong-wong
kesekeng utawa mlarat, mulane Pak Kuwu Dirja disenengi lan dihormati ning
masyarakat desa Cantigi. Bli pak Kuwu Dirja bae sing bagus atine, sampe
ning ibu Dirja bari anake kabeh dilatih unggah-ungguh ning pak Kuwu Dirja,
mulane budi pekertine bagus-bagus. Ning endi bae bli ngetokaken
kesugihane, tapi sing dikatonaken rasa pesedulurane, mulane wong-wong
pada hormat lan ngajeni ning keluargane Pak Kuwu Dirja.
Pak Kuwu Dirja ngingu kirik arane si Soplah. Soplah diingu awit cilik,
lan kepanjing ras kampong, sebab dididik awit cilik mulane Soplah kepanjing
kirik sing nurut bli galak, Soplah sering diajak meng empang, meng muara
mriksa kapale, kadang-kadang diajak mlaku-mlaku esuk, arane bae kirik

Modul Bahasa indramayu 6


Kanggo SMP Kelas VII
sing wis lulut lan njelma (parek karo majikane) dadi mendi bae Pak Kuwu
dirja lunga mesthi kekintil ning gurine.
Ning sawijining dina, wektu
Pak Kuwu Dirja balik sing Cerbon
njukut duit, lan usaha sejene, ning
wektu iku sing diarani dalan ning
desa-desa masih blesak, bli kaya
jaman sekiyen aspalane alus.
Jaman bengen dalan Dermayu
kampong ya masih dalan lemah,
dalane masih rumpil lan ciut-ciut
lan kudu ngliwati alas gung liwang
liwang (alas gede) sing masih
akeh begal utawa tukang rampoke. Beda bari dalan kota amba-amba lan
alus sebab aspalan.
Pak Kuwu Dirja dina iku meng Cerbon, sejene mbayari jarring kapal,
uga njukut duit dagangane entok, duit semono akehe dianjingaken ning
kampil, yaiku kantong duit sing ditaleni lan dianjingaken ning lapak, yaiku
tempat ndodoke wong sing nunggang jaran. Sewise kabeh dianggep wis
siap kabeh Pak Kuwu Dirja gage nunggang jarane, sing dikekintil ning kirike.
Sing Cerbon wektu iku kira-kira jam telunan, supaya bisa cepet-cepet tekan
ning umah jarane diblandangaken, ya lumayan banter.
Bli krasa mlakune wis tekan Karangampel, lan bli krasa sedelat
maning tekan Dermayu, kirike kaya ngerti baka sedelat maning teka ning
umah , katon seneng mulane kadang-kadang mlayune ana ning arep jaran,
kadang ning gurine jaran, sok-sok ning iringane jaran, mengkonon bolak-
balik , malah kadang ditambahi bari jejegog, kaya kaya bungah sedelat
maning teka ning umah. Tapi ana sing nganeh-anehi bareng arep manjing
ning desa Majakerta, si Soplah sering nyegati mlakune jaran, kaya-kaya
ngupai weruh ning Pak Kuwu, tapine Pak Kuwu Dirja bli ngerti lan ngomong:
“Lho, ana apa si Soplah kelakuane aneh, bolak balik nyegati mlayune jaran,
ana apa sih?” tapi kayane bli ana apa apa bae, ana apa…. Dadi ngganggu
mlayune jaran.
Tapine si Soplah ngejegog tambah seru bli gelem meneng-meneng,
tambah sering nyrimpet mlayune jaran, tambah parek tekan Dermayu
kelakuane Soplah tambah aneh lan tambah wani, lan sering arep nyokot
sikile jaran. Pak Kuwu dadi sewot si Soplah disabet bari cemethi tujuane
supaya si Soplah gelem meneng bli nyrimpeti mlakune jaran, tapine meksa
bae si Soplah tambah ndadi, sebab ngrasa protese ngupai weruh ning Pak
Kuwu bli diladeni, lan pak Kuwu bli ngerti ana sing diisarateken ning si

Modul Bahasa indramayu 7


Kanggo SMP Kelas VII
Soplah, ngertine si Soplah duwe kelakuan sing aneh lan mbebayani, tambah
sewot maning wektu si Soplah nyakot sandale Pak Kuwu, Pak Kuwu Dirja
dadi nyewot pisan: “Ee, lah dalah, kirike edan tah…, baka gelem nyakot bisa
mbilaeni kita…, hey,, hey,,, oplah… hus… heyy… ana apa…?” tapine si
Soplah kaya bli preduli, mulai nyrimpeti mlayune jaran, kaya bak abisa
ngomong aweh weruh supaya jaran balik maning meng Cerbon. Pak Kuwu
tambah sewot, terus Pak Kuwu njukut pustule, kirike terus dipistul,
dooorrrr…. Kena. Soplah ambruk, tapi matane masih nyawang lan
ngingetaken majikane yaiku Pak Kuwu. Pak Kuwu bli preduli si Soplah mati
apa beli, terus nutugaken mlakune
balik ning Dermayu.
Bli suwe tekan umah terus
mudun lan ngundang bujang
pembantune sing dadi pekatik, yaiku
wong sing gaweane ngurusi jaran,
lagi bae beberes pas arep njukut duit
sing ana ning lapak yaiku kantong
kanggo nyimpen duit, lapake bli ana:
“Wah kepriben kih duit semono akahe masa ilang?” batine Pak Kuwu, bari
tetep nggulati lapak tempate duit bokat bae kececer, tapine tetep bli ana.
Terus bujang-bujange diundang dikumpulaken dicritakaken menawa duite
sing ana ning lapak jaran ilang: “Hey..sira sira kabeh kita njaluk tulung, coba
gawe obor, ko sira bari kita nlusuri dalan nggulati duit bokat bae bisa
ketemu, ayo siapaken!” Obor wis disuled Pak Kuwu bari bujang-bujange
rame-rame nlusuri dalan, sampe tekan ning wektu si Soplah dipistul Pak
Kuwu, Pak Kuwu ngomong: “Lha ning kene si Soplah tak pistul, sebab
kelakuane dadi edan, kuh ana lacak getihe?” Lacak getihe diturut bareng-
bareng, wong semono akehe pada kaget, kepanjing Pak Kuwu, kenangapa?
Sebab bli adoh sing kono katon batange si Soplah ning pinggir dalan, lagi
ndekemi lapak wah duite, dadi jelase sebenere si Soplah ngupai weruh
menawa kantong lapake tiba, tapi Pak Kuwu bli ngerti, malah dipistul. Tapi
sing gawe ngungune Pak Kuwu sedurunge mati si Soplah masih sempet
nylametaken duite Pak Kuwu dilabuhi mati.
Pak Kuwu Dirja getune bli uwis-uwis, baka kelingan lelakone mistul si
Soplah Pak Kuwu sampe nangis, kenangapa wektu iku bli mikir sing bening,
tapi grusa-grusu nganggep kewan sing ngingetaken tujuane bagus malah
dianggep edan, lan dipateni pisan. Iku crita bukti kesetyane kewan ning
majikane bisa dadi conto sing bagus bisa dadi gambaran, kewan bae bisa
kaya mengkonon apa menungsa bisa ?.

Dijikut sing crita-crita Dermayu dikumpuleken ning Sulistijo

Modul Bahasa indramayu 8


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 3

Gawenen kelompok Diskusi kira-kira 3-5 siswa, terus wangsulana


nganggo basa bebasan/karma, baka wis rampung ketiken nganggo
computer, tembe diserahaken ning guru basa Cerbon-Dermayu.

1. Coba tulisaken nilai-nilai luhur sing ana ning wacana crita “Kirik sing
Setya”, lan tulisen nilai-nilai sing kurang baguse.
2. Apa siswa pernah maca utawa nggrungu crita rakyat sing isine bisa dadi
conto? crita apa? Sing daerah endi, nilai-nilai luhure kaya apa?
3. Baka ndeleng kaanane Pak Kuwu Dirja iku wong sing kepriben? lan ning
masyarakat desa Cantigi kepriben jelasna.
4. Apa sing mbedakaken dalan kota bari dalan desa utawa kampong,
kenangapa?
5. Kenangapa kadang-kadang usulan-usulan sing masyarakat miskin,
bodo, masyarakat kampong sering bli dianggep, kaya critane si Soplah
ngingetaken Pak Kuwu, sing mengkone ddi getun selawase, jelasna.

Tugas 3 Memahami Unsur Kebahasaan


Ning tugas 3 siswa bisa mahami lan ngerti bab paramasastra yaiku seselan,
lan bisa nerapaken seselan ning tembung lan ukara sing pas.

SESELAN

Sing diarani seselan yaiku imbuhan sing diseselaken ning tengahing


tembun. Seselan wujude ana papat yaiku: um/m, in/n, al/l, lan ar/r.

1. Seselan um/m
Tembung-tembung sing olih seselan um/m duwe arti lagi wayahe, duwe
anggep kaya, utawa lagi enak-enake.
Conto:
Karuk = k + um + eruk = kumeruk artine lagi enak-enake
dikeruk.

Panggang = p + um + anggang = pumanggang/kumanggang artine


lagi enak-enake dipanggang.

Grojog = g + um + rojog = gumrojog artine nggrojog (swara


banyu grojogan).

Modul Bahasa indramayu 9


Kanggo SMP Kelas VII
Gagah = g + um + agah = gumagah artine duwe anggep
gagah.

Gede = g + um + ede = gumede artine sombong.

Pinter = p + um + inter = puminter/kuminter artine ngrasa


luwih pinter.

Geblug = g + um + eblug = gumeblug artine swara gebluge


wong tiba.

Gampang = g = um + ampang = gumampang artine


nggampangaken

Conto Ukarane :
1) Dugane lagi enak-enake dikeruk mulane diarani kumeruk.
2) Kita njaluk ayame sing kumanggang.
3) Swarane grojogan gumrojog santer pisan.
4) Dadi owong iku aja sok gumagah baka ngrasa bli gagah.
5) Barang bapane dadi pejabat anake pada gumede (Sombong)
6) Baka bli bisa aja sok kuminter.
7) Swarane wong tiba gumeblug pisan pecah beli ya.
8) Sing ati-ati aja sok gumampang bli bagus.
2. Seselan in
Pemasangane in diseselaken ning gurine aksara ngarepe tembung sing
diseseli.
Conto :
Luwih = l + in + uwih = linuwih artine wong pinter

= l + in + inu = liniru artine wis diliru


Liru
= j + in + arag = jinarag artine disengaja
Jarag
= c + in + oba = cinoba artine dicoba
Coba
= p + in + anggih = pinanggih artine ketemu
Panggih

Modul Bahasa indramayu 10


Kanggo SMP Kelas VII
= s + in + atriya = sinatriya artine pang satriya
Satriya
= p + in + andita = pinandita artine dadi pendita
Pandita
= p + in + ujnul = pinunjul artine meh pada bari
Punjul
linuwih

3. Sesalan er/r lan el/l


Pemasangane seselan er lan el diseselaken ning gurine aksara sing
arepe tembung sing diseseli.
Conto : er / r
1) Kelip = k + er + elip = kerelip-krelip

Gudug = g + er + udug = gerudug-grudug


2)
Pentul = p + er + entul = perentul-orentul
3)
Gandul = g +er + andul = gerandul-grandul
4)
Tambal = t + er + ambal = terambal-trambal
5)
Koncal = k +er + oncal = keroncal-kroncal
6)

Conto ning ukara :


1) Lampu kapal sing kadohan katon pating kerelip
2) Wong-wong sing pada demo tekane pating gerudug
3) Wong sing pada olahraga kringete pating perentul
4) Peleme akeh pisan katon pating gerandul
5) Klambi sing pating terambal masih dienggo bae
6) Sebab dalane bli rata mulane mlakune kendaraan pating keroncal

Modul Bahasa indramayu 11


Kanggo SMP Kelas VII
Conto : el / l
1) Jerit = j +el + erit = jelerit-jlerit

Gebyar = g + el + ebyar = gelebyar-glebyar


2)
Geyong = g +el + eyong = geleyong-gleyong
3)
Kawer = k +el + awer = kelawer-klawer
4)
Demok = d + el =emok = delemok-dlemok
5)
Gimpang = g +el + impang = gelimpang-glimpang
6)

Conto ning ukara :


1) Swarane wong sing umahe kebakaran pating jelerit
2) Umahe sing lagi duwe gawe dekorasine pating gelebyar
3) Peleme mendot akeh pisan uwohe katon pating geleyong
4) Klambine rowak-rawek sampe pating kelawer
5) Klambine kenang mangsi katon pating delemok
6) Wong sing tabrakan katon pating gelimpang

Modul Bahasa indramayu 12


Kanggo SMP Kelas VII
WULANGAN 2
DONGENG ASAL USUL AK CARAKAN
DONGENG ASAL USUL AKSARA CARAKAN

Dicritakaken ning jaman bengen ana wong Hindu aran R. Ajisaka. R.


Ajisaka sebenereanak raja, kesenengane ngulati ilmu bari nulung rakyat
sing sengsara, mulane sering lelungan tekan endi-endi. Ajisaka baka
nduweni abdi utawa pembantu loro, Dona lan Sembada, pembantu loro itu
banget setia, ning endi bae R. Ajisaka lunga mesti ana iringane. lungane R.
Ajisaka tekan ning tanah Jawa ning salah sijine pulo sing aran pulo Majethi,
terus pada liren sawentara.

Ajisaka nerusaken mlakune, tapine Sembada bli kena melu, sebab


Sembada dikongkon nunggu keris pusaka sing amanate muni “ mbuh kapan
bae sing arep njukut keris iku mung R. Ajisaka “. Jaman bengen amanat iku
disebut “ Sabda pandita ratu “. R. Ajisaka nerusaken mlakune sekioyen
mung ditutaken ning abdi sijine, yaiku Dona.

Wis pirang-pirang dina R. Ajisaka lelayaran ning samudra, sampe


ning sewijining wektu weruh darata pulo Jawa, terus pada mudun. Mung
anehe pulo iku sepi pisan umah-umah katon sepi, laka ana wong sing
semliwer, pas ning pintu gerbang ana wong tua sing lagi ndodok terus
ditakoni. Wong iku ngaku patih Negara iku. Negara iku aran
Medhangkamulan, rajane golongan buta arane Dewatacengkar,
kesenengane prabu Dewatacengkar doyan mangan uwong, mulane
kenangapa Negara iku sepi, sebab sebagian uwonge wis dipangan ning
raja, lan sebagian maning pada mlayu ngungsi nylametaken awake.

Weruh R. Ajisaka sing gagah lan masih enom, diaturi cepet-cepet


ninggalaken Medhangkamulan, sebab bokat dadi pangane prabu
Dewatacengkar. R. Ajisaka njaluk diateraken lan kepengen ketemu bari
prabu Dewatacengkar, lan gelem dadi pangane rabu Dewatacengkar. Akhire
Kipatih senajan abot nuruti penjaluke R. Ajisaka ngadep ning rajane yaiku
prabu Dewatacengkar.

Prabu Dewatacengkar weruh kipatih nggawa wong enom gagah


seneng pisan, sebab wis pirang-pirang dina bli mangan uwong, terus
ditakonui sapa arane wong sing digawa iku. Gelising crita R. Ajisaka
ngomong menawa deweke gelem dipangan, tapi ana syarate njaluk tanah
seambane ikete, lan prabu Dewatacengkar dewek sing ngukur tanah iku.
Aneh lan ajaib iket barang dibuka tambah mulur beli ana pedote, prabu
Dewatacengkar terus mundur ngulur ikete R. Ajisaka sing akhire sampe
tekan ning pinggir segara, iket terus disabetaken ning R. Ajisaka kenang
awake prabu Dewatacengkar tiba ning segara dadi matine.

Modul Bahasa indramayu 13


Kanggo SMP Kelas VII
Sekiyen R. Ajisaka dadi raja sing adil ning Medhangamulan, Negara
tambah rame lan maju. Raden Ajisaka kemutan bari keris sing ditinggal bari
abdine sing aran sembada. Terus Dora dikongkon maning sing amanate
dikongkon njukut keris sing dijaga ning Sembada, lan beli kena balik baka bli
nggawa keris. Sue nunggu Dora balik, tapi beli teka-teka, akhire R. Ajisaka
mangkat dewek ning pulo Majethi, teka ning kono kaget pisan sebab Dora
lan Sembada wis pada mati lan lorone mati masih pada nyekeli kerise,
tembe R. Ajisaka kelingan ning dawuhe ning Sembada “ Mbuh kapan bae
sing arep njukut keris mung R. Ajisaka “, lan ning Dona sabdane “
Dikongkon njukut keris sing dijaga Sembada, lan beli kena balik baka bli
nggawa keris “. Tapi arane keduhung mesti ketemu guri, beli bisa diwalik
maning, sebab wis dadi pastine.

Kanggo mengeti kedadiyan iku Prabu Ajisaka nganggit aksara


carakan sing cacahe rong puluh, sing nggambaraken lelakone Dora lan
Sembada sing setia, yaiku :

= ana utusan

= pada tukaran sebab ngaku bener

= pada dagdayane (sektine)

pada dadi bathange (matine)


=

Subtema 1 Aksara Carakan Cerbon

AKSARA NGLEGENA LAN SANDANGAN SWARA

Kegiatan 1
Ning kegiatan 1 siswa diajak mahamilan weruh wujude aksara carakan sing
masih ngelegena artine aksara iku baka dirangke dadi tembung utawa ukara
bisa muni tapi beli sempurna, lan siswa mulai dikenalaken wujud
sandangan, gunane sandangan, lan ngrangke tembung-tembung sing
gampang sampe sing angel.

Modul Bahasa indramayu 14


Kanggo SMP Kelas VII
1. Aksara Carakan Nglegena

Aksara carakan sing pokok jumlahe ana 20, kabeh wujud nglegena
utawa wuda artine aksara iku baka ditulis dadi tembung utawa ukara
bisa muni tapine bli sempurna, sebab during ulih imbuhan sandangan,
pasangan lan tanda sejene.
Carane nulis aksara carakan Cerbon

Ha = Na = Ca = Ra = Ka =

Da = Ta = Sa = Wa = La =

Pa = Dha = Ja = Ya = Nya =

Ma = Ga = Ba = Tha = Nga =

AKSARA CARAKAN CERBON

Aksara carakan Cerbon sing pokok jumlahe ana 20, kabeh masih
nglegena utawa wuda, artine aksara mau baka ditulis dadi tembung bisa
muni tapi bli sempurna, sebab durung ulih imbuhan sandangan bari
pasangan.

Carane nulis aksara carakan sing bener


Cara nulis aksara carakan sing benere, bli padha bari nulis tulisan latin sing
ana ning duwure garis, baka nulis aksara carakan sing bener :
1. Baka bukune ana garise kudu ditulis ning ngesor garise (nggandul)

bli kena

Utawa

Modul Bahasa indramayu 15


Kanggo SMP Kelas VII
2. Baka bukune bli ana garise bebas.
3. Supaya cepet apal lan bisa nulis cara genaune:
- Delengen lan simaken wujude aksara carakan Cerbon
- Turunen lan tulisen sing pada bari contone aksara Carakan Cerbon
- Baka wis apal, tulisen maning tanpa ndeleng conto.
Aksara Carakan Cerbon

Conto tembung-tembung sing durung ulih imbuhan sandangan


1. ha na 6.pa dha

2. ca ra 7. ja ya

3. ka da 8. ja wa ta

4. ta wa 9. na ga ra

5. ka la 10. pa la wa

SANDANGAN SWARA

Sing diarani sandangan yaiku imbuhan penanda sing gunane kanggo


ngowahi munine ukara swara, tujuane kanggo nyempurnakaken tembung
lan ukara. Sandangan aksara dibagi rong golongan, yaiku:
a. Sandangan swara (vokal)
b. Sandangan panyigeg wanda (konsonan penutup suku kata)
Sandangan swara dibagi lima, yaiku:
1. Sandangan swara wulu kanggo tanda muni i
2. Sandangan swara suku kanggo tanda muni u
3. Sandangan swara taling kanggo tanda muni é
(sate)
4. Sandangan swara taling tarung kanggo tanda muni o
5. Sandangan swara pepet kanggo tanda muni e
(sega)

Modul Bahasa indramayu 16


Kanggo SMP Kelas VII
A1 Sandangan Swara Wulu

- Sandangan swara wulu minangka tanda muni (i)

- Sandangan swara wulu dipasang ning duwure aksara

- Sandangan swara wulu bisa dipasang bari sandangan sejen

Lima =

Conto aksara carakan sing ulih sandangan wulu

Hi = Ni = Ci = Ri = Ki =

Di = Ti = Si = Wi = Li =

Pi = Dhi = Ji = Yi = Nyi =

Mi = Gi = Bi = Thi = Ngi =

Conto tembung sing ulih sandangan wulu

1. Hari 6. Ana lima

2. Sapi 7. Kari pira

3. Kali 8. Padha mati

4. Wali 9. Tali rami

5. Cina 10. Lagi apa

Modul Bahasa indramayu 17


Kanggo SMP Kelas VII
2. Sandangan swara suku

- Sandangan swara suku minangka tanda muni (u)

- Sandangan swara suku dipasang ning esore aksara

- Sandangan swara suku bisa dipasang bari sandangan sejen

Palu=

Conto aksara carakan sing ulih sandangan suku

Hu = Nu = Cu = Ru = Ku =

Du = Tu = Su = Wu = Lu =

Pu = Dhu = Ju = Yu = Nyu =

Mu = Gu = Bu = Thu = Ngu =

Conto tembung sing ulih sandangan suku


1. Tuku pari 6.Tuku buku

2. Nutupi apa 7. Lagi wudhu

3. Sapi pitu 8. Nadha kaku

4. Ana kupu 9. Aja dipaku

5. Yati lunga 10.Diparani ibu

Modul Bahasa indramayu 18


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 1
A. Turunen aksara carakan Cerbon kaya conto carakan Cerbon ning duwur

Ka
Ha Na Ca Ra

Da Ta Sa Wa La

Nya
Pa Dha Ja Ya

Ma = Ga Ba Tha Nga

B. Saline nganggo aksara latin

- = Ba wa - = Ga dha - = Ma nga

1. = 6. =

2. = 7. =

3. = 8. =

4. = 9. =

5. = 10. =

Modul Bahasa indramayu 19


Kanggo SMP Kelas VII
C. Salinen nganggo aksara carakan
Gawenen kaya conto
- Sa wi = - Ni la = - Lu ru = - Kupu =

1. Ta ri = 6. Wa tu =

2. Ka ci = 7. Su ngu =

3. Ga ji = 8. Lu nyu =

4. Wa ni ta = 9. Wi gu na =

5. Ma ta ha ri = 10. Gu ri ta =

3. Sandangan swara “Taling”

- Sandangan swara taling minangka tanda muni (è) (sate)

- Sandangan swara taling dipasang ning arepe aksara

- Sandangan swara taling bisa dipasang bari sandangan sejen

Sepédé =

Conto aksara carakan sing ulih sandangan taling

Hé = Né = Cé = Ré = Ké =

Modul Bahasa indramayu 20


Kanggo SMP Kelas VII
Dé = Té = Sé = Wé = Lé =

Pé = Dhé = Jé = Yé = Nyé =

Mé = Gé = Bé = Thé = Ngé =

Conto tembung sing ulih sandangan taling

1. Ana lele = 6.Lagi diseka =

2. Iku kere = 7. Tuku pare =

3. Bulene teka = 8. Digawe apa =

4. Lagi dipepe = 9. Kayane rada =

suwe

5. Maune ana = 10.Jarene beli =

Kene sida

4. Sandangan swara “Taling Tarung” ………

- Sandangan swara taling tarung ……… minangka tanda muni ( o)

- Sandangan swara taling tarung ……… dipasang ngapit aksara

- Sandangan swara taling tarung ……… bisa dipasang bari

sandangan sejen

Bola =

Modul Bahasa indramayu 21


Kanggo SMP Kelas VII
Conto aksara carakan sing ulih sandangan taling tarung ………

Ho = No = Co = Ro = Ko =

Do = To = So = Wo = Lo =

Po = Dho = Jo = Yo = Nyo =

Mo = Go = Bo = Tho = Ngo =

Conto tembung sing ulih sandangan taling tarung ………

1. Yono = 6.Duwe =

Kimono

2. Joko = 7. Diparo loro =

3. digoda = 8. Kaya rada =

pelo

4. Lelene loro = 9. Aja padha =

mono

5. Tuku soto = 10.duwe baju =

bodo

Modul Bahasa indramayu 22


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 2

a. Salinen nganggo tulisan latin


1. 6.

2. 7.

3. 8.

4. 9.

5. 10.

b. Salinen nganggo aksara carakan

1. Iku toko apa 6. Suta tuku lele

2. Budi lagi lara 7. Tokone rada lega

3. Sapi tangi turu 8. Parene ana lima

4. Lagi pada lunga 9. Siti tuku soto

5. Dhadhu birune sapa 10. Pacene diparo pira

Jawab :

Modul Bahasa indramayu 23


Kanggo SMP Kelas VII
c. Saline ukara cindek iki nganggo aksara carakan

1. Budi iku tokone sapa ……………………………………………………..

2. Ani bari Suti lagi apa ……………………………………………………..

3. Ranadi lagi maca bukune sapa …………………………………………

4. Toko bukune dina iki rada sepi ………………………………………….

5. Baka sida lungane bari sapa ……………………………………………

Tugas 2
Ning kegiatan tugas 2 siswa mahami lan bisa nulis sandangan pepet

lan perubahane, lan bisa maca teks sederhana nerapaken sandangan swara
wulu suku taling taling tarung ……… lan sandangan

pepet ning tembung lan ukara.

Modul Bahasa indramayu 24


Kanggo SMP Kelas VII
5. Sandangan swara pepet

- Sandangan swara pepet minangka tanda muni (e)(sega)

- Sandangan swara pepet dipasang ning duwure aksara

- Sandangan swara pepet bisa dipasang bari sandangan sejen

Kebo = -
-

Conto aksara carakan sing ulih sandangan pepet

He = Ne = Ce = Re = Ke =

De = Te = Se = We = Le =

Pe = Dhe = Je = Ye = Nye =

Me = Ge = Be = The = Nge =

Catetan : Kanggo aksara ra lan la , baka ulih sandangan swara

pepet berubah penulisane. re sing ulih sandangan swara

pepet bli kena ditulis Tapi kudu ditulis , Kanggo la

sing ulih sndangan swara pepet bli kena ditulis tapi kudu

ditulis

Modul Bahasa indramayu 25


Kanggo SMP Kelas VII
Conto tembung-tembung sing ulih sandangan pepet.

1. Semi 9. Regané
2. Peda 10. Dileléda
3. Jero 11. Dina setu legi
4. Gedhé 12. Lebé lagi lunga
5. Lega 13. Iku banyu leri
6. Seméru 14. Dina rebo legi
7. Keliru 15. Iku para remaja
8. sekati

sewise nyimak wujud sandangan pepet, para siswa bisa nulis lan
ngetrapaken sandangan pepet ning aksara, nyalin aksara latin ning aksara
carakan, lan bisa maca wacana sederhana sing ulih sandangan swara.

Latihan 3
Salinen pemasangane sandangan swara pepet ning aksara carakan kaya
conto ning dhuwur.

he ne ce re ke

de te se we le

pe dhe je ye nye

me ge be the nge

Modul Bahasa indramayu 26


Kanggo SMP Kelas VII
Salinen nganggo aksara carakan.
1. Sekilo 6. Rada lega

2. Semono 7. Lebéné teka

3. Pegawé 8. Iku remucu

4. Gelora 9. Sedina sewengi

5. Pelemé 10. Pira regané

Tugas 4 Latihan 5 Para siswa diajak lan dicoba maca wacana-wacana


carakan sing nggunakaken sandangan swara wulu .........., suku ..........,
…..
taling ..........., taling tarung ................, lan pepet ............

Latihan 4
Wacanen wacana carakan Cerbon iki sing seru. Terus salinen nganggo
tulisan latin.

Modul Bahasa indramayu 27


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 5
Salinen wacana carakan ning duwur nganggo tulisan latin.

...........................................................

........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
................................................................................................................
................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................
........................................................................................

Modul Bahasa indramayu 28


Kanggo SMP Kelas VII
Subtema 2 Sandangan Panyigeg Wanda

Sandangan Panyigeg Wanda

Kegiatan 2

Ning kegiatan 2 siswa mahami lan weruh uga bisa nerapaken sandangan
panyigeg wanda ning ukara, lan siswa bisa nulis lan maca tembung-tembung
sederhana sing ulih sandangan panyigeg wanda.

Sandangan panyigeg utawa penanda konsonan mati

Sandangan panyigeg wanda wujude ana papat yaiku :

1. Sandangan penyigeg wanda layar minangka tanda muni (r)

2. Sandangan panyigeg cecek minangka tanda muni (ng)

3. Sandangan panyigeg wignyan minangka tanda muni (h)

4. Sandangan panyigegwanda pangkon tanda kanggo mateni aksara.

1. Sandangan panyigeg wanda layar ning aksara carakan

- Sandangan panyigeg wanda layar minangka tanda muni (r)

- Sandangan panyigeg wandan layar dipasang ning duwure aksara

- Sandangan panyigeg wanda layar bisa dipasang bari sandangan

sejen

Modul Bahasa indramayu 29


Kanggo SMP Kelas VII
Semar =

Har = Nar = Car = Rar = Kar =

Dar = Tar = Sar = War = Lar =

Par = Dhar = Jar = Yar = Nyar =

Mar = Gar = Bar = Thar = Ngar =

Conto tembung sing ulih sandangan layar

1. Sabar 6.Wader kali

2. Takir 7. Tuku kecipir

3. Kuper 8. Ana nener

4. Molor 9. Gawe pelor

5. Seser 10.Lagi dibeber

Latihan 1

Salinen nganggo aksara latin

1 6 11

2 7 12

Modul Bahasa indramayu 30


Kanggo SMP Kelas VII
3 8 13

4 9 14

5 10 15

Salinen nganggo aksara carakan !

1 Anyar =................. 6 Pesisir =............... 11 Kesasar =............

2 Kabur =................. 7 Kenikir =.............. 12 Makelar =.............

3 Luber =................. 8 Parmasi =............ 13 Carmita =.............

4 Laler =.................. 9 Pagere =.............. 14 Kecipir =..............

5 Bokor =................. 10 Dicocor =............. 15 Borobudur =.........

2. Sandangan Panyigeg wanda cecek ning aksara carakan

- Sandangan panyigeg wanda cecek minangka tanda muni (ng)

- Sandangan panyigeg wanda cecek dipasang ning duwure aksara

- Sandangan panyigeg awnda cecek bisa dipasang bari sandangan

sejen

Modul Bahasa indramayu 31


Kanggo SMP Kelas VII
Ke yong =

Pemasangan sandangan panyigeg cecek ning aksara carakan

Hang = Nang = Cang = Rang = Kang=

Dang = Tang = Sang = Wang = Lang=

Pang = Dhang = Jang = Yang = Nyang=

Mang = Gang = Bang = Thang = Ngang =

Conto tembung sing ulih sandangan cecek

1. Selangkung 6.Rada gepeng

2. Galunggung 7. Tunggu warung

3. Kolangkaling 8. Nyunggi tenong

4. Kejengkang 9. Piringe goweng

5. Jerangkong 10.Ladinge ilang

Modul Bahasa indramayu 32


Kanggo SMP Kelas VII
Latihan 2
a. Salinen nganggo tulisan latin

1 6

2 7

3 8

4 9

5 10

. Salinen nganggo aksara carakan

1 Ronggeng anyar ...................... 6 Lagi dicangcang ......................

2 Sarung ireng............................. 7 Kecubung kuning ....................

3 Pinggir semarang .................... 8 Gunung welirang......................

4 Seneng dikudang .................... 9 Siyung celeng...........................

5 Goreng garing.......................... 10 Weteng bungkang....................

Modul Bahasa indramayu 33


Kanggo SMP Kelas VII
c. Salinen nganggo tulisan latin

3. Sandangan panyigeg wanda wignyan ning aksara carakan

- Sandangan panyigeg wanda wignyan minangka tanda muni (h)

- Sandangan panyigeg wanda wignyan dipasang ning gurine aksara

- Sandangan panyigeg wanda wignyan bisa dipasang bari sandangan

sejen

Ga jah =

Modul Bahasa indramayu 34


Kanggo SMP Kelas VII
Conto aksara sing ulih sandangan wignyan

Hah = Nah = Cah = Rah = Kah=

Dah = Tah = Sah = Wah = Lah =

Pah = Dhah = Jah = Yah = Nyah =

Mah = Gah = Bah = Thah = Ngah =

Conto tembung sing ulih sandangan wignyan

1. Panah 6.Sulamah digugah

2. Perih 7. Rupane putih

3. Diloloh 8. Tapihe Amoh

4. Keweleh 9. Aja dupeh

5. Suruh 10.Tuku waluh

Latihan 3

a. Salinen nganggo tulisan latin


1. 6.

2. 7.

3. 8.

4. 9.

5. 10.

Modul Bahasa indramayu 35


Kanggo SMP Kelas VII
b. Salinen nganggo aksara carakan
1. Ora wawuh = ………………... 6. Para Buruh = ….………...………
2. Apa kalah = …………….…… 7. Kupinge ana = …………………..
3. Lagi milih = ………………….. Nanahe
4. Iku sereh = ………………….. 8. Kita Nyilih = ………………………
5. Dilloloh = …………………….. Tapih
9. Milih Cengkeh = …………………
10. Balunge rada = …………………
amoh

c. Salinen nganggo aksara latin

Modul Bahasa indramayu 36


Kanggo SMP Kelas VII
WULANGAN 3

Subtema 1 Gawe Guritan

Guritan istilah jaman bengen, baka dicerbonaken dadi nulis puisi, gawe
guritan beli asal nulis, tapi ana paugeran sing kudu diweruhi. Dadi gawe
guritan pada bae gawe puisi supaya siswa mahami lan weruh kepriben
carane gawe guritan delengen pituduh ning esor iki.

Nulis Guritan

Nulis guritan kanggo para siswa sing akeh-akeh mung asal bisa, supaya
para siswa bisa, sekiyen ayuh bareng-bareng genau nulis guritan, tapi
sedurunge kudu weruh aturan-aturan sing kudu dingerteni ning para siswa.

1. Nentukaken Tema
Akeh tema sing bisa diangkat lan ditulis ning wujud geguritan upamane :
endahe alam, kasih sayang, protes, pangalembana, utawa crita-crita
sing ana ning lingkungane siswa dewek, bisa digawe tema lan tulisan
sing bagus.
2. Suasana Puisi
Baka geguritan digawe puisi kudu bisa nggambaraken perasaane,
pikirane, lan pepengenane, ning apa sing dideleng, dirungu, utawa
dirasakaken ning panca indra. Ngungkapapken penulisan puisi ning siji-
sijine beli pada, puisi nyeritakaken bab katresnan umume nggunakaken
basa-basa sing endah, lembut, ngayut-anyut, tapine baka puisi sing
nggukapapken rasa beli seneng utawa protes, diungkapapken bari basa
sinis, kaku , keras lan seteruse.
3. Nggunakaken tembung-tembung sing dianggap pas
Ning penulisan puisi biasane nggunakaken tembung-tembung sastra,
upamane basa jaman bengen nggunakaken basa-basa kaya
wangsalan, parikan, sandi asma lan sejen-sejene, conto : ning geguritan
sing nyritakaken perang Bratayudha.
“ Yen sinawang sing araga busanane para prajurit kadya pan jrahiing
puspita “ artine baka disawang sing duwur gunung pakeane para prajurit
kaya kembang sing disebar jadi wernane maneka warna endah pisan.
Padahal lagi nyritakaken perang sing medeni, tapi sebab ditulis
nggango sastra dadi baguse.
4. Milih tembung-tembung sing pas (diksi)
Pilihan tembung-tembung sing pas, bisa gawe guritan utawa puisi
tambah endah, lan bagus, sebab kaendahane makna kudu bisa gawe
seneng, trenyuh, sewot, kesinggung kanggo sing macane. conto saking

Modul Bahasa indramayu 37


Kanggo SMP Kelas VII
sedihe ditulis “Uripe sing sengsara iku gawe nggrantes ning telenging
ati, gawe banyu mata kumembeng ning waspa”

Conto geguritan sing nggunakaken paugeran

Kaanan jaman saiki

Sifat pemuda-pemudi

Srawugane saya ndadi

raket wewekaning sepi

tan kadi duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati

Yen maanut wasitaning kuna

priya srawung lan wanita

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng ing papa

Geguritan jaman sekiyen wis beli nganggo paugeran sing kaya kasebut
ning duwur. Guritan kang kegubah juru gurit jaman sekiyen, nyonto
cara-cara wong manca sing maneka werna wujude, delengen conto
ning ngesor iki.

Laku
Ning kene gunung
Ning kana gunung
Ning tempat sejen kebek deksiya
Penyakit, lelara, memala
Tambah ngambra-ambra
Sing mesem uga gawe cintraka
Sing gumuyu iya nambah sengsara
Terus sapa sing bisa tak wadahi
Terus apa sing kudu tek lakoni
Sekiyen mlakune tambah kaku
sasap sing sisip kaya dibeset lan dibetot
Apa kita kudu gawe laku sing sandi
Supaya uwong-uwong iku ora ngweruhi

Modul Bahasa indramayu 38


Kanggo SMP Kelas VII
Kita wis jember ndeleng sing kaya mengkonon
Kemangka mlakune kita masih jejeg

Tikus
Tikus-tikus parek lemari bolong
Baka sepi uwong pada pesta
Padahal bli ngrasa gawe lan nduweni
Tapi sebrayat diundangi
Gagiyan, ceoet mungpung laka uwong
Ayam goreng, pindang, pepesan, endas manyung
Sikat ......... aja mikir maning
Jare pejabat sih iku korupsi
Lemari bolong tambah amba
Sing nyolong tambah rame
Ndodoke ning kursi sing bisa muter-muter
Tikuse nggango dasi
Tikuse ramah ning duwur
Aling-aling taplak meja werna jembon
Nganggo kaca mata, tapi matane pendiranagan
Tapi delengen mengisor
Tangan-tangan manjing selokaning meja
Sapa sing cepet iku sing wareg
Padahal iku kudu duite
Gampang
Disiplin dingin
Kanggo sing ana ning duwur
Sukiki dikerek bendera entepan duwit
Aman.....aman.....sebab ning duwur mesem seneng
kelalen......tambah kelalen
Sebab kekeceh duit
Bli eling ning anak putu
Sedelat maning Gusti Allah paring bebendu
Olih hadiah manjing hotel prodeo

Modul Bahasa indramayu 39


Kanggo SMP Kelas VII
Kanggo mbandinggaken guritan jaman bengen
Delengen conto guritan ning esor iki

Tembang Pangkur

Eman-eman para muda


Lamun tanpa sastra kagunan sepi
Nadyan darbe rupa bagus
Tur sugih busanarta
Nanging lamun tanpa sastra rai samun
Sekar tepus saupama
Amrengangah nora wangi

Tembang Asmarandana

Den nastiti ngati-ngati


Tindak tanduk den tumata
Kanti sareh mrih pakoleh
Ajwa mburu kebat kliwat
Tandang kang gancang pincang
Kesusu gampang keliru
Alon klakon lwih prayoga

P.B. IV Wulang Reh IV

Gambuh
Wonten pocapanipun
Adiguna adigung adigung
Pan adagang kidang adi
Guna pan esti
Adguna ula iku
Telu pisan mati sampyuh
Si kadang ambengipun
Ngendelaken kebat lumpatipun
Pan sigajah ngendelaken geng nginggil
Si ula ngedelaken iku mandine wisa yen nyakot

Modul Bahasa indramayu 40


Kanggo SMP Kelas VII
Tugas 1

Sewise siswa nyimak guritan, tugas siswa gawe puisi minangka tugas
individu, dikerjakaken ning kertas selembar, ditulis sing rapih lan wacakaken
ning arep kelas. Puisi sing wis di waca dikumpulaken ning Guru bahasa
daerah.

Conto-Conto Guritan Cerbon

Made Casta
Gegething Langit

Wis teka ning wektune


Kala bendu gemebyar saben panggonan
Pepaésan wis ilang kaéndahané
Angin kang sumilir ora nggawa ademé ati
Toya mijil saking langit kaya selaksa tumbak
Dumrojog tanpa larapan ngagar-ngagari wewedhén
Ning adepan mata suket lang godhongan
Samiya renggas jejeritan

Wis lawas bunbunan ira umeb


Karo kekarep benda kaya mumplak-mumplak
Umahe gedhé magrong-magrong
Pangkat kang pating trémbel
Nyumpel kesejatining diri
Jiwa kesambet dunya
Raga kang dadi ketempuwan
Kekepung wakul bhuwayamangap kalian nista
Ora bisa memayu hayuning diri
Ora bisa memayu hayuning bhuwana

Wis teka ning wektuné


Wong bener kélangan batur sedhulur
Wong ala dirubung-rubung dipepuja
Acining budhi wis dadi barang kang larang
Duh, gusti pangéran kawula
Jenangkelang mungging sédhah
Mugi agung ngapuntena

Wis tekang ning wektuné


Kala bendu mabal-mabal sadawaning dalan
Anlingkung diri kaperwasa déning nepsu roroncéyan
Duh, gusti pangéran kawula
Kayu malang ning dremaga, mung panjenengan
Kang dadi krentegning ati

Modul Bahasa indramayu 41


Kanggo SMP Kelas VII
Supali Kasim
Kiser Ki Mardiyah

Bengi juma kliwon disakséni jangkrik lan walangsangit


Ning galengan saawh, ati Ki Mardiyah kaya njerit
Wong sugih melawa dunya keceluk medit
Mata merem-melék, lambé komat-kamit :
“slaman-slumun slamet, slata-slutu wutuh
Sétan ora doyan, demit ora ndulit
Ilu-ilu ora kolu”

Tanduran lan wiwitan gemeter, jagat kaya rit


Yén dunya iki kudu ujug-ujug nepluk sing langit
Pekaya iki dudu warisan kaki-buyut sampe tekang cicit
Dunya lelantakan, nagging watek nambah kucrit
“wong sekabéh, werua lan péngéna kaya Ki Mardiyah
Aja seneng mlarat, aja kadiran sengsara
Urip lan sugih kudu diperjuangaken
Rasa nduwéni lan diduwéni, wujud katresnan”

“ya, Ki Mardiyah , wong-wong pada isin jejaluk


Senajan weteng ngeli pating kruyuk
ya, Ki Mardiyah, langka wong wani utang
senajan beras melompong ning pedaringan
ya,ya,ya, Ki Mardiyah, apa maning nékad cecolong
senajan umah wis kosong, gendhéng pada bolong
tapi, Ki Mardiyah, urip beli dhéwékan
aja ngeresula yén langka sing gelem diajak kaboran”

bengi juma Kliwon sampé bengi-bengi seterusé


umur lan kesadaran kaya nepluk sing langit sore
sawah lan karang seamba-amba
barang lan mas seabang-abang
gawé batin Ki Mardiyah nambah melawa dunya
awalé keceluk medit, sekiyen boral, donya diobral
“slaman-slumun slamet, slameta wong sekabéh
Pekaya bli digawa mati, mung kebecikan sing akéh
Yen dunya iki wujud ketresnan kanggo wong akéh”

Modul Bahasa indramayu 42


Kanggo SMP Kelas VII
DAFTAR PUSTAKA

BAPPEDA Tingkat II Indramayu. 1991. Kebudayaan Daerah Kabupaten


Daerah Tingkat II Indramayu. Indramayu : Pemda.

Cerita Rakyat Asal Usul Desa Di Kabupaten Cirebon(Bagian Kelima). Badan


Komunikasi Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Cirebon.

Depdikbud Kabupaten Indramayu. Candra desa

Dasuki, A.dkk. 1977. Sejarah Indramayu. Indramayu : Pemda

Djahari, A. 1994.Kesenian Daerah Kabupaten Daerah Tingkat II Indramayu.


Indramayu : Pemda

Nurdin M. Noer. Menusa Cerbon-Sebuah Pengantar Budaya.Dinas Pemuda


Olahraga Kebudayaan dan Periwisata Kota Cirebon.

Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta : Yayasan


Pustaka Nusantara
Sulistijo, 2012.Belajar Praktis Menulis dan membaca Aksara Carakan
Cerbon.Bandung : CV. Citra Praya

Modul Bahasa indramayu 43


Kanggo SMP Kelas VII

Anda mungkin juga menyukai