SARI
Sunardi. 2011. Alur Cerita Ketoprak Pati Lakon Andha Rante.
Skripsi Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Program Studi
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan
Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Drs.
Bambang Indiatmoko, M.Si. Pembimbing II: Sucipto Hadi
Purnomo, S.Pd., M.Pd.
Kata kunci: ketoprak Pati, alur, Andha Rante.
Kaya dene ing drama modern, kethoprak uga duwe alur
kang padha karo drama modern kalebu uga kethoprak Pati.
Ing kethoprak kuwi akeh lakon kang dadi langganan, salah
sawijine yaiku lakon Andha Rante. Andha Rante kuwi tokoh
utama kang antagonis kang rumangsa paling bener. Kuwi
kang narik kawigaten kanggo diteliti.
Masalah ing panaliten iki yaiku kepiye alur crita ing
Kethoprak Pati lakon “Andha Rante”. Panaliten iki ngrembug
babagan rangkaian peristiwa minangka unsur pambentuk alur
ing naskah kethoprak Pati lakon “Andha Rante” kalebu
tahapan alur lan jinising alur ing crita Andha Rante. Tujuan
panaliten iki yaiku kanggo mangerteni rangkaian peristiwa
minangka unsur pambentuk alur lan kanggo mangerteni
bentuk alur kasebut ing wujud gambar. Manfaat kang bisa
dirasakake ing panaliten naskah kethoprak Pati lakon “Andha
Rante” yaiku ngembangake khasanah ilmu pengetahuan,
khususe khasanah sastra Jawa tradisional.
Metode pangumpulan data kang dienggo ing panaliten
iki yaiku metode simak. Metode simak kang dienggo kanggo
ntranskrip data utama, yaiku VCD kethoprak Pati Lakon
“Andha Rante” dening S.W. Ketoprak Sri Kencono Budoyo
Pati. Metode analisis data kang dienggo ana papat tahapan
yaiku, tahap analisis naskah ing saben adegan, tahap
penjabaran naskah manut teori kang dienggo, tahap
interpretasi data hasil analisis, lan kang pungkasan tahap
penarikan simpulan.
Alur kang dienggo lakon “Andha Rante” yaiku alur
maju. Dibuktikake karo rincian tahapan alur mulai saka
tahap ekposisi nalika ing adegan ngarep tokoh Andha Rante
sambat lan sambate Andha Rante kuwi mau dadi prolog cerita
kang bakal ditampilke. Banjur ing tahap konflik nalika Andha
Rante ketemu karo Tumenggung Sumba Pradan utusan Bupati
Pati banjur gelut, kuwi mau dadi konflik kang pisanan metu.
Komplikasi nalika Bupati Mangun Oneng sowan ing
Kasultanan Mataram kanggo njaluk tulung marang Sultan
Agung supaya bisa menehi pitulungan nyekel Andha Rante.
Tahap krisis utawa klimaks kuwi nalika kabeh utusan Bupati
Pati lan utusan Sultan Agung ora bisa nyekel Andha Rante lan
nganti patine Ustadz Makdum Alatas. Tahap sabanjure yaiku
resolusi utawa peleraian kuwi solusi kanggo ngrampungi
perkara kang wis metu sadurunge, yaiku nalika Syeh
Jangkung njaluk pitulungan karo Buranti putrine Tumenggung
Sumba Pradan kanggo njebak Andha Rante. Banjur tahap
kang pungkasan yaiku tahap keputusan utawa penyelesaian
yaiku kabeh perkara wis bisa dirampungke lan Andha rante
bisa dipateni kanti cara dijebak digawe mabuk banjur banda
nganggo rante emas banjur digeret nganggo gajah. Ing sajrone
crita kang dipentaske ora ana kilas balik crita utawa flash
back.
Kethoprak minangka media komunikasi kudu tetep
dijaga kahanane ing konteks budaya saiki lan ing tembe.
Minangka tontonan kang sifate tradisional, sutradara kudu
nyesuaikake manut majuning jaman. Inovasi kasebut yaiku
babagan garap alur lakon kang dienggo. Supaya kethoprak
ora kelangan daya pikat penontone.
CRITA BANDUNG BANDAWASA
Lakuning kodrat manungso seneng miradat. Pestha manungso hambudidoyo pesthi saka
kersaning Gusti.
Urip wujudin lelakon kang lumaku pinurbo ing Pangeran, lakon tinulis para pujonggo nut
jaman kelakone.
Rikala abad 9, ing Jawa Dwipa. Isih tuwuh glagah alang – alang. Akeh madeg kraton kang
darbe gegebengan dhewe – dhewe. Tan prabedo Ratu Buto soko Wana Segoro Prabu Gupolo
kang kayuyun Putri Condro Wati ing Pengging Witoradyo. Ing mangko Putri Candra Wati
wus ginarwo Prabu Damar Maya. Peputri siji wujud bayi abang, kang diwenehi pusoko asma
Joko Bandung.
Ing wanci candra kolo, Dewi CandraWati lagi ngudang Joko Bandung ono ing plataran Prabu
Gupolo kang wus nunggu lan ngindik ing gegumbulan niat bakal ngrebut jabang bayi. Prabu
Gupolo klakon ngrebut jabang bayi, digowo mlayu nglebu alas gung liwang liwung. Dewi
Candra Wati lan Prabu Damar Maya sungkowo penggalihe.
Tekan tengah alas, wus ditunggu para buto – buto andahane. Prabu Gupolo teko gowo jabang
bayi, Prabu Gupolo dhawuh supoyo jabang bayi dipateni. Para buto banjur tumandang
nganggo dolanan bayi sak durunge dipateni. Nanging jabang bayi ora mati, keporo malah
soyo gedhe. Pungkasane Betoro Narodo nyaut jabang bayi di gowo munggah mekayangan.
Para buto padha bingung goleki ilange jabang bayi.
Ing kayangan, jabang bayine Bandung di jedhi ing kawah Candra Dimuko dadi Joko Bagus
lan diwenehi aji Bondowoso, mulo banjur dijenengi Bandung Bondowoso Sak wuse katon
cukup ngelmuni lan digdoyo, Bandung banjur dikongkon bantu Ramane Prabu Damar Maya
ing Pengging Witoradyo nyirnakake Prabu Gupolo kang isih ngayunake Dewi Candra Wati
ibune Bandung Bondowoso
Kacarito lakune Bandung Bondowoso ngadep wong tuwane yo Ratu ing Pengging Witoradyo
di tompo banjur di kongkon nyirnakake Prabu Gupolo ing Wana Segoro. Bandung banjur
goleki Prabu Gupolo.
Ringkesing carito, Prabu Gupolo klakon ayun – ayunan tanding marang Bandung
Bondowoso. Sirno margolayu, kuwandane dijuwing – juwing dining Bandung Bondowoso.
bakune bangke tibo ing liyo papan jalaran yen nganti isih cerak Gupolo biso urip maneh.
Sak wise nyempal – nyempal bangkene Prabu Gupolo, Bandung Bondowoso niat mlebu
Kraton ing Wana Segoro ngoyak para nayakane projo kang podo keplayu niate bakal
dikalahke kabeh.
Bareng tekan taman Wana Segoro, Bandung Bondowoso ketemu maring kadange enom
Prabu Gupolo kang aran Dewi Roro Jonggrang, wanita ayu, manis, kulit langsep, rikmo
ngandan – andan, bebasan Kinang Candra Kinah Rupa. Roro Jonggrang ora gelem jalaran
serik atine menawa Bandung Bandowoso wis mateni kakange yo Prabu Gupolo. Semonoa
Bandung Bondowoso tetep ngoyak lan tresno. Roro Jonggrang saguh waton Bandung gelem
jupuke Gatheng Kencono kang tibo ke jegur sumur. Nanging kabeh mau mung kanggo
pawadan anggone bakal nampik lan mateni Bandung Bondowoso kanggo malesake sedane
kakange.
Gandheng Bandung tresno banget marang Roro Jonggrang, Bandung saguh banjur jegur
sumur. Jonggrang dhawuh para buto supoyo nablek sumur kasebut. Panganggepe Jonggrang,
menowo Bandung mati ana ing jero sumur.
Kacarito Bandung kang ana jero sumur kaget lan rumongso di apusi dening Roro Jonggrang.
Watu – watu kang kanggo nablek ditebak aji Bondowoso. Sumur biso kabuka. Sumur kasebut
dijenengi sumur Bandung
Kacarito Roro Jonggrang nganake pesto tekane Bandung. Jonggrang kaget, Bandung nesu –
nesu ditompo kanthi seneng dening Jonggrang. Bandung nagih janji, Jonggrang saguh waton
biso gawekake wujud candi sewu cacahe sewengi dadi.
Bandung saguh, banjur semedi ngundang para Jin – jin kang bantu kesaguhane Bandung.
Wektu iku dino malem Sukro Manis. Jonggrang tansah ngulati tabuh loro candi sewu meh
dadi. Jonggrang golek cara supoyo anggone gawe candi badar. Banjur kongkonan para bolo
lan wong pradesan nabuh lesung lan gawe obor gedhe pratanda yen wis gagat esuk. Bandung
kaget, banjur goleki Jonggrang masrahke Candi. Bareng Candi di itung, lagi gunggung 999.
Bandung kaget lan gempung atine. Jonggrang disepatani dadi genepe Candi Sewu.
Yo Candi sabdane Bandung kasebut kang den arani Candi Roro Jonggrang.

“Ande-ande Lumut”
PROLOG :
KADADOSAN ING NEGARI INGKANG GEMAH RIMPAH LOH JINAWI, TATA TENTREM
KERTA RAHARJA. WONTEN SALAH SAWIJINING PANGERAN INGKANG GESANGIPUN
SARWA KACEKAPAN. PANGERAN MENIKA PUTRA MAHKOTA INGKANG BADHE
NGLAJENGAKE TAHTA KERAJAAN. ANANGING PANGERAN KALAWAU MBOTEN
MAREM KALIH GESANGIPUN INGKANG KACEKAPAN. PANGERAN KEPINGIN LELONO.
NGLAMAHI WONO. PANGERAN KEPINGIN MADOSI JATI DIRINE UGI PENGALAMAN
GESANG. SAKING MRIKU KAWIWITAN LELAMPAHAN GESANGIPUN PANGERAN
INGKANG MANGGIHAKE SISIHAN GESANGIPUN INGGIH MENIKA LARE WADON
INGKANG SAE MANAHIPUN LAN AYU PASURYANE.
BABAK 1 :
( ING ALAS )
MBOK RONDHO : “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?”
DHADHAPAN
MBOK RONDHO : “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak
DHADHAPAN dadekne anak angkatku yen kowe gelem.”
MBOK RONDHO : “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-
DHADHAPAN ande lumut ya le?”
BABAK 2 :
(KLENTING KUNING TEKO NGGAWA SAPU, NYAPU LAN NGEPEL JOGAN. LINGEH
MOJOK ANA RUANGAN. ORA SUWE MBOK RONDHO TEKO NGAWASI KLENTING
KUNING. NYUSUL SEDULURE KLENTING ABANG, KLENTING IJO LAN KLENTING
BIRU)
KLENTING BIRU : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”
MBOK RONDHO : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus
KLENTING banget, jenenge ande-ande lumut?”
MBOK RONDHO : “Iya… mbok rondho dhadhapan gawe saembara “Sinden Idol”
KLENTING kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa
pendamping.”
MBOK RONDHO : “Iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri
KLENTING sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-
ande lumut.
KLENTING ABANG : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”
KLENTING IJO : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”
KLENTING BIRU “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune
mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!”
KLENTING ABANG : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku
dadi mbakyumu!”
KLENTING KUNING : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek
saembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut
kados mbakyu-mbakyu klenting.”
MBOK RONDHO : “Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo
KLENTING gone mbok neng kali kono.”
KLENTING KUNING NAMPI MENAPA INGKANG DIPUNUTUS DENING MBOK RONDHO LAN
DILAMPAHI KANTHI SABAR. (ING OMAHE KLENTING-KLENTING)
BABAK : 3
WIDODARI : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu
awakmu!”
KLENTING KUNING : “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.”
BABAK : 4
(LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING PINGGIR KALI)
KLENTING BIRU : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido
melu saembarane mbok rondho dhadhapan?!”
KLENTING IJO LAN BIRU : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.”
KLENTING IJO : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
KLENTING-KLENTING : “Prett…”
(YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN)
KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang??
YUYU KANGKANG : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar
wong wadon elek.”
KLENTING KUNING : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
(MBOK RONDHO LAGI NYAPU ING OMAHE, UJUK-UJUK TEKO ROMBONGANE WONG
WADON AYU-AYU YAIKU KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU).
KLENTING-KLENTING : “Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO : “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi siji-siji?!”
DHADHAPAN
MBOK RONDHO : “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut .
DHADHAPAN mlebu siji-siji ya!”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
KLENTING ABANG : “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani
sisane yuyu kangkang.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…”
DHADHAPAN
MBOK RONDHO : “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah
DHADHAPAN ta kuwe iki?”
KLENTING ABANG : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu
ditolak kok apa mneh kuwe?”
(KLENTING-KLENTING KUSAK-KUSUK)
MBOK RONDHO : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.”
DHADHAPAN
ANDE-ANDE LUMUT : “Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.”
(KLENTING-KLENTING SEMAPUT)