Anda di halaman 1dari 9

SDN WEBSITEEDUKASI.

COM Nama :
PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 20../20.. No. Absen :
Muatan : Bahasa Jawa
Kelas : IV (EMPAT) Nilai :
Waktu : 90 menit
Tanggal :

I. Wenehana tandha ping (X) ana sangarepe pratelan a, b, c utawa d sing paling
bener!
KD 3.1
Gatekna crita ing ngisor iki kanggo soal no 1 – 9!
Dhumadine Bledug Kuwu
Sawise nampa dhawuhe Ajisaka sing saiki wis dadi ratu ing Medangkamolan,
Joko Linglung banjur pamit. Wis mantep tekade Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe
Ajisaka. Joko Linglung iku titah kang awujud ula gedhe. Sanajan wujude ula, nanging
dheweke bisa tata jalma, bisa guneman kaya dene menungsa lumrah. Joko Linglung
rumangsa menawa dheweke iku anake Ajisaka kang salah kedaden, lair wujud ula. Mula
bareng wes gedhe, dheweke sowan menyang kraton Medangkamolan saperlu njaluk
diakoni pinangka anake Ajisaka. Anggone sowan menyang kraton dheweke diterake
dening Mbok Randha Retna Mengali kang sesuwene iki ngopeni dheweke. Panganggepe
Joko Linglung marang Mbok Randa wis kaya dene wong tuwane dhewe.
Ing pisowanane menyang kraton, Joko Linglung diaku anake Ajisaka menawa
dheweke bisa ngalahake bajul putih malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki mapan
ana ing Segara Kidul. Saliyane iku, menawa dheweke bisa ngalahake si bajul putih iku,
mulihe menyang Medangkamolan ora oleh liwat sandhuwure lemah. Dheweke kudu
liwat sangisore lemah, jalaran menawa liwat dalan biasa mesthi bakal gawe wedine
rakyat Medangkamolan.
“Joko Linglung, kowe dakakoni putraku menawa kowe bias mateni bajul putih
malihane Prabu Dewatacengkar kang saiki manggon ing pesisir Segara Kidul. Dheweke
tansah gawe cilaka lan sengsarane rakyat Medangkamolan kang mapan ana ing sakiwa
tengene pesisir iku. Saliyane iku, merga awakmu kang wujud ula gedhe, mulihmu
menyang Medangkamolan menawa wis kasil mateni Bajul Putih aja liwat dalan. Kowe
gawea dalan dhewe liwat njero bumi. Menawa kowe liwat dalan, kowe bakal gawe gisire
rakyat Medangkamolan. Apa kowe sanggup, Kaki?”
“Inggih, kula sagah, Gusti,” wangsulane Joko Linglung.
Cekaking crita, Joko Linglung kasil mateni Bajul Putih. Kanthi nggawa
tugelaning drijine Bajul Putih, Joko Linglung enggal-enggal mulih menyang
Medangkamolan. Kaya dhawuhe Ajisaka, anggone mulih Joko Linglung liwat sanjerone
lemah, kanthi gawe dalan dhewe.
Sawise rumangsa suwe anggone mlaku liwat njero bumi, Joko Linglung banjur
njedhul, metu saka njeron lemah. Karepe mesthekake wis tekan apa durung. Nalika
mangerteni menawa durung teka, dheweke banjur bali ambles bumi maneh. Mangkono
bola-bali dilakoni nanging durung tekan-tekan ing Medangkamolan.
Tekan ing sawijinning panggonan. Joko Linglung bali njedhul, metu maneh saka
njeron lemah, nanging nyatane isih durung tekan. Joko Linglung wiwit mupua. Nalika
njedhul maneh saka njeron bumi sing dipethuki mung ara-ara amba, sheweke ambles
njedul ambles njedhul bola-bali. Napase kang ngos-ngosan gawe lemah ing kono
muncrat-muncrat. Nganti seprene lemah ing papan kono isih koyo mengkono, sedhela-
sedhela muncrat karo ngetokake swara “bledhug…bledhug…bledhug.” Gandheng papan
kono jenenge Kuwu, mula nganti seperene banjur diarani Bledhug Kuwu.
Dene Joko Lingkung wusanane banjue bisa teka ing kraton Medangkamolan lan
diakoni anak deneng Ajisaka.
Semarang, Agustus 2014
Sri Sunarsih, Bledhug Kuwu, Besutan Crita Rakyat
1. Joko Linglung iku lair wujude….
a. ula gedhe
b. baya putih
c. bulus putih
d. bajul putih
2. Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka. Ukara iku nudhuhake yen Joko
Linglung duwe sifat ….
a. sombong
b. goroh
c. mituhu
d. ngapusi
3. Ajisaka dadi ratu ing Medangkomulan. Tembung kang kecetak kandel kramane….
a. patih
b. camat
c. nata
d. bupati
4. Senajan wujude ula nanging dheweke bisa guneman. Tegese guneman yaiku....
a. omong
b. guyon
c. mlaku
d. mangan
5. Wacan ing dhuwur duwe pitutur kang luhur menawa menungsa kudu bisa....
a. tepa slira
b. guneman
c. tata karma
d. sekti
6. Sanajan wujude ula, nanging Joko Linglung bias tata jalma….
a. siraeh ula, awake menungsa
b. bisa guneman kaya dene menungsa lumrah
c. siraeh menungsa, awake ula
d. bisa gawe cilakane manungsa
7. Joko Linglung sowan menyang kraton Medangkamolan perlune….
a. nyuwun pusakane Ajisaka
b. nampa dhawuhe Ajisaka
c. njaluk diparingi kasekten dening Ajisaka
d. njaluk didaku anak dening Ajisaka

8. Sowane Joko Linglung diterake dening….


a. Mbok Randha Dhadhapan
b. Mbok Randa Retna Mengali
c. Ki Hajar Salokantara
d. Ni Endang
9. Joko Linglung diweling mulihe supaya kepriye….
a. liwat sandhuwure lemah
b. liwat sangisore lemah
c. liwat dalan biasa
d. Mabur liwat dhuwur

KD 3.2
GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
10. Tembang gambuh iku dumadi saka … gatra.
a. 1
b. 5
c. 6
d. 4
11. Tembung gatra tegese padha karo….
a. baris/larik
b. paragraph
c. bait
d. ukara
12. Kang cinatur polah kang kalantur. Tembung kalantur iku tegese….
a. kebacut
b. wewarah
c. kembang
d. pitutur
13. Guru wilangan gatra kaping pisan tembang gambuh yaiku....
a. 10
b. 8
c. 7
d. 12

KD 3.1
Gatekna crita ing isor iki !
Dumadine Rawa Pening
Nalika warga desa lagi padha pista mangan enak lawuh iwak ula asil buronane,
ana bocah bajang keluwen mara nyedhaki. Kanthi rasa kepengin banget, bocah bajang iku
nyedhaki sawijining wong lanang kang lagi manga nana ing kono.
“Nyuwun Pak, kula luwe…..” tembunge.
“Eh kana! Kana! Semingkir sing adoh! Awakmu reget, ora ngenak-enaki wong
pista! Kana sumingkir sing adoh, aja ana kene!”
Bocah bajang iku lunga, ganti nyedhaki wong liyane.
“Nyuwun Pak, kula luwe,” bali tembunge.
Kaya wong mau, bocah bajang iku ora diwenehi sega, malah disurung-surung
dikon lunga. Kanthi ati lara lan nelangsa, bocah bajanf iku lunga ninggalake papan kono.
Tekan ing sawijining omah, dheweke ngambu masakan kang sedhep banget sing gawe
wetenge sangsaya krasa luwe. Dheweke nembung mangan marang sing duwe omah,
nanging ora diwenehi.
Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang
iku malah diusir, dikongkon lunga sing adoh. Kanthi tumungkul, bocah bajang iku mlaku
nglungani wong-wong iku. Ora krasa, lakune tumeka ing sawijining omah gubug. Bocah
bajang iku mandheg, lungguhan ing cedhak kono.
“Ngger, ngapa kok lungguhan ana kono? Kene lho, mlebu omah kene” aloke
swara saka njero gubug.
Bocah bajang kaget, noleh ngiwa lan nengen.
“Kene lho Ngger, mlebua omah kene. Iki ana sega sethithik, ayo dipangan
bareng!”, pangajake nini nini tuwa sing duwe gubug.
“Mbah, kula matur nuwun diparingi maem. Mangke nek wonten banjir
panjenengan numpak lesung niki nggih, Mbah? Pun kula nyuwun pamit.”
Karo kandha kaya mengkono bocah bajang iku lunga ninggalake nini tuwa iku.
Bener kandhane bocah bajang. Ora let suwe dumadakane desa iki keleban banjir.
Banyune banjir bening banget. Wong sadesa kabeh padha klelep ora ana sing slamet,
kejaba nini tuwa kang numpak lesung. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening
banget.
“Bening, bening bening,” kandhane nini nini tuwa karo numpak kesung.
Wusanane rawa iku dijenengake rawa pening, nganti saiki.
Semarang, Juni 2013
Gunadi Aryo, Crita Rakyat Jawa Tengah.
14. Desa ing wacan padha pista mangan enak lawuh iwak….
a. sapi
b. kebo
c. ula
d. menjangan
15. Nalika padha pista, ana bocah bajang keluwen nyedhaki. Tembung keluuwen tegese
padha karo….
a. kakehan
b. weruh
c. sambat
d. ngelih
16. Bocah bajang iku nyedhaki wong kang lagi padha pista karepe….
a. njaluk mangan
b. njaluk ngombe
c. melu pista
d. melu mangan
17. Bocah bajang dikongkon semingkir sing adoh merga awake….
a. lemu
b. kuru
c. gudhigen
d. reget
18. Sidane bojah bajang diwenehi pangan dening nini….
a. ayu
b. ompong
c. randa
d. tuwa
19. Sadurunge pamit, bocah bajang meling nini nini menawa ana apa-apa supaya
numpak….
a. lesung
b. kapal
c. prau
d. gethek
20. Jeneng Rawa Pening dumadine saka tembung….
a. pening
b. wening
c. bening
d. hening

KD 3.2
Wacanen tembang gambuh ing ngisor iki!
Rungokna pituturku
Nyabrang dalan ja padha grusa grusu
Grusa grusu bisa nemahi bilahi
Luwih becik sing mituhu
Aja disambi geguyon

21. Tembung kang tegese cilaka yaiku….


a. pitutur
b. geguyon
c. bilahi
d. grusa grusu
22. tembung kang nduweni teges miturut/manut yaiku….
a. mituhu
b. nemahi
c. bilahi
d. grusa grusu
23. Isine tembang Gambuh ing dhuwur yaiku….
a. wong urip kudu guyonan
b. wong urip kudu grusa grusu
c. menawa nyabrang dalan kudu ati-ati
d. wong urip iku ora kena grusa grusu, kudu ngati-ati, lan tansah mituhu marang
kebecikan

Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!


Ayo padha sinau
Yen kepingin entuk akeh ilmu
Ilmu iku penting anggone wong urip
Supaya uripe maju
Yen wis maju aja sombong

24. Isine tembang ing dhuwur iku yaiku….


a. padha sinau supaya entuk ilmu
b. golek banyu kanggo urip
c. ora kena sinau
d. ra kena urip maju
25. Ilmu iku penting kanggone wong….
a. lelaku
b. bebrayan
c. urip
d. mati
26. Yen uripe wis maju ora kena….
a. Tetulung
b. Ilang
c. Seneng
d. sombong
27. Isine tembang gambuh ing dhuwur menawa dikramakake yaiku….
a. padha sinau supaya entuk ilmu
b. padha sinau supados angsal ilmu
c. padha sinau supaya angsal ilmu
d. padha sinau supados pinter
28. Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradisional jawa.
Jenis tembang macapat kuwi ana….
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
29. Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (salarik) arane….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru gatra
d. guru sapada
30. Tibane swara (vocal) ing pungkasane gatra arane….
a. guru lagu
b. guru wilangan
c. guru gatra
d. guru sapada
31. Kang diarani dhong dhing yaiku….
a. cacahing lagu saben sapupuh
b. cacahing wanda saben sagatra
c. cacahing gatra saben sapada
d. tibaning swara pungkasaning sagatra

KD 3.1
Gatekna crita ing ngisor iki!
Ki Ageng Pengging kagungan putra setunggal kanga ran Karebet. Eman dene isih
cilik Karebet wis lola. Nyi Ageng Tingkir barenf miring kabar manawa Ki Ageng
Pengging kalih Nyi Ageng sampun seda, sakala atine prihatin sanget. Nyi Ageng Tingkir
banjur budhal menyang Pengging sedyane mupu anak Mas Karebet.
Nuli Mas Karebet kaboyong menyang Tingkir. Ana ing Tingkir Mas Karebet
dados lare lantip, trapsila lan boten urakan. Mas Karebet uga manut marang Nyi Ageng
Tingkir malah taberi mbiyantu nyambut gawe.
Saya gedhe, Mas Karebet katon bagus rupane bregas pawakane pideksa. Watake
remen tetulung marang sapadha padha. Dheweke kondang ing saidenge Tingkir mula
banjur diarani Jaka Tingkir.

32. Ki Ageng Pengging kagungan putra setunggal yaiku….


a. Nyi Ageng Tingkir
b. Karebet
c. Jaka Tarub
d. Nawang Wulan
33. Eman dene isih cilik Karebet wis lola. Tembung lola tegese ora duwe….
a. arta
b. bapak
c. adhik
d. bapak lan ibu
34. Jaka Tingkir nduweni watak….
a. srakah
b. seneng tetulung
c. gemi
d. sregep sinau
35. Ana ing Tingkir Mas Karebet dados lare lantip, trapsila lan boten urakan. Tembung
lantip tegese….
a. bagus
b. pinter
c. sregep
d. gemi

II. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep !


KD 3.1
1. Sawijining prosa lawas ing masyarakat lan anggone nyebarake turun menurun
nganggo Bahasa lisan arane….
2. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka….
3. Crita kang nggambarake kisah dumadine papan/barang arane….
Gatekna crita ing ngisor iki !
Baru Khlinting iku arane ula kang gedhe banget. Dheweke lagi tapa ing alas
gedhe lan wingit marga didhawuhi ramane, yaiku Pandhita ing Telamaya. Anggone
tapa wis ana sepuluh taun, mula awake lumjten lan dituwuhi wit-witan.
4. Baru Khlinting punika wujudipun….
5. Baru Khlinting tapa wonten ing….

KD 3.2
Wacanen tembang ing ngisor iki !
Gambuh
Bocah enom pututku
Kudu ngudi samubarang kawruh
Lan taberi nandangi sabarang kardi
Pagaweyan kasar alus
Aja nganti sira emoh

6. Sing ngendika tembang Gambuh ing dhuwur yaiku….


7. Tembung taberi iku tegese….
8. Jumlah gatra ing tembang gambuh ana….
9. Tibane swara (vocal) ing pungkasane gatra arane….
10. Tembang macapat iku cacahe ana 11.
Ukara iku menawa dikramakake…,
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis !
KD 3.1
1. Tulisen titikane cerita rakyat!
2. Tulisen pokok crita rakyat Dumadine Bledhug Kuwu ing dhuwur nganggo basa
krama!

KD 3.2
Tembang gambuh ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 3-5!
Rungokna pituturku
Bocah sekolah kudu sinau
Aja padha seneng nakal lan kemaki
Iku sipat ora apik
Marakake dadi bondho

Ja seneng adu adu


Sipat ala aja ditiru
Gawe kanca padha serik lara ati
Luwih becik urip rukun
Aja padha seneng goroh
3. Tumindak apa bae sing ora kena ditiru?
4. Isine tembang ing dhuwur menawa ditulis nganggo basa krama!
5. Seneng nakal lan kemaki marai dadi kepriye?

Anda mungkin juga menyukai