Anda di halaman 1dari 11

PEMERINTAH KOTA YOGYAKARTA

DINAS PENDIDIKAN
SMA NEGERI 4 YOGYAKARTA
Jl. Magelang, Karangwaru Lor, Kota Yogyakarta 55241 Telp. (0274) 513245

TES UJI KOMPETENSI SEMESTER GENAP


TAHUN PELAJARAN 2007/2008

Mata Pelajaran : Bahasa, Sastra, dan Budaya Jawa


Kelas : X
Hari/ Tanggal : Jumat, 13 Juni 2008
Waktu : 10.00 – 11.30 (90 menit)
______________________________________________

I. Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener

Wacana 1
JAMAN
Dening : Muhammad Yamin M.S

Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer


Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Alah bapak balung sate
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung

Rekasane urip jaman geger


Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”

Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega
Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan

Aku tumbaling putuku


Lelabuhan jebul aji watu
Saiki jaman maju
Apa-apa kolu
Jaman mau wong urip sarwa kesusu
Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu
Lah Bapak ra ngerti saru
Sing neng ngomah padha padu

1
Damen-damen pari-pari
Biyen-biyen saiki-saiki
O, slamet, slamet
Jamane bundhet ruwet
Ora eling labuh labet
“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu
Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru
Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!”

(PANGILON, ANTOLOGI GEGURITAN FKY)

1. Wohing kasusastran Jawa kang kalebu parikan ana ing geguritan ing ndhuwur yaiku ….
a. Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer
b. Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung
c. Aku tumbaling putuku, lelabuhan jebul aji watu
d. Damen-damen, pari-pari/ biyen-biyen, saiki-saiki
e. Alah bapak balung sate, uripku ijen-ijenan
2 Kang dikarepake balung sate yaiku ….
a. biting
b. sujen
c tusuk sate
d. panggangan sate
e. sate sing ana balunge
3. Rumpakan ana ing pada 1 biasane kanggo pambuka ing gendhing …..
a. Pangkur
b. Asmaradana
c. Kinanthi
d. Pocung
e. Mijil
4. Isining geguritan ing ndhuwur kaya ing ngisor iki , kajaba ………
a. Protese veteran perang marang generasi mudha jalaran anggone ngisi kamardikan wis nyebal
saka gegayuhane para pejuang
b. Veteran perang nggrantes atine amarga labuh-labete padha dilalekake dening para mudha
c. Anggone ngisi kamardikan padha kliwat wates: mbrandhal, mabuk, korupsi, slingkuh
d. Maju munduring negara iku gumantung para mudha
e. Generasi mudha padha mikul dhuwur mendhem jero marang labuh labete para pejuang
5. Ing pada 5 geguritan ing ndhuwur migunakake kagunan basa …..
a. Wangsalan
b. Purwakanthi lumaksita
c. Purwakanthi guru sastra
d. Purwakanthi guru swara
e. Parikan
6. Titikane geguritan kacetha ing ngisor iki, kajaba ……
a. ana kalane nganggo lelewaning basa(gaya bahasa)
b. cacahing gatra ajeg lan wis gumathok
c. basane kalebu basa endah
d. tetembungane pilihan
e. isine mentes
7. Wong maca geguritan kudu dirasakake sajroning ati isi geguritan kang diwaca. Maca geguritan
Kanthi cara mangkono iku ateges nggatekake babagan …..
a. wicara
b. wirama
c. wiraga
d. wirasa
e. wigaya
8. Kang dikarepake Antologi yaiku …..

2
a. Kumpulan geguritan utawa cerkak
b. Tulisan kang awujud geguritan
c. Geguritan pilihan
d. Geguritan kang oleh pangalembana
e. Geguritan kang wis kababar ana ing kalawarti
9. Sasampunipun ngaras jengku lajeng nyembah, mundur tigang jangkah, nyembah malih tumuli
wangsul ing papan sekawit.
Tegesipun ngaras jengku ingggih menika …..
a. ngambung pipi lan bathuk
b. ngambung dhengkul
c. ngambung tangan
d. ngapurancang
e. salaman
10. Nalika Upacara Ngabekten Sri Sultan ngagem busana …..
a. Atela
b. Kurung
c. Mataraman
d. Pranakan
e. Beskap
11. Namaning gendhing pakurmatan, kagem ngurmati miyosipun Sri Sultan saking Bangsal Prabayeksa
tumuju ing Bangsal Kencana nalika Upacara Ngabekten inggih menika …..
a. Kebo Giro, Monggang
b. Kodhok Ngorek, Monggang
c. Prabu Mataram, Raja Manggala
d. Manyar Sewu, Kodhok Ngorek
e. Subakastawa, Kebo Giro
12. Paraga Edan-edanan ana ing tata cara mantu njeron kraton nduweni makna simbolis pinangka ….
a. lambang kesuburan
b. lambang golong-gilig (manunggal/nyawiji)
c. lambang katentreman
d. lambang katresnan
e. lambang tolak balak
13. Upacara Ngabekten ing Kraton Ngayogyakarta sejatosipun mengku teges …..
a. Para abdi dalem namung ngakeni bilih Sultan pinangka sumbering panggesangan
b. Kraton Ngayogyakarta tansah ngleluri kabudayan Jawi
c. Ngungkap raos bekti kawula/abdi dalem dhumateng ratu gustinipun
d. Bukti setya tuhu sedaya kawula Ngayogyakarta dhateng Sri Sultan
e. Kraton Ngayogyakarta tansah ngleluri budaya feodalisme

Wacan 2
Ujaring kandha Sang Hyang Puguh lan Sang Hyang Ismaya utawa Sang Hyang Punggung nganakake
pasanggiri nguntal gunung. Sing sapa bisa nguntal gunung banjur diwetokake maneh metu dubure, yaiku
kang wenang jumeneng ratu ing Suralaya .
Kanthi ngetog kekuwatan lan numplak kasudibyan, Sang Hyang Antaga tumuli njunjung gunung
banjur diemplok. Nanging senajan mripate nganti mlolo mendolo lan tutuke nganti suwek, Sang Hyang
Antaga ora bisa ngulu gunung mau mulane gunung banjur diletehake. Sirna kebagusane Sang Hyang Antaga,
amarga netrane banjur mlolo mendolo, tutuk pindha wiwaraning guwa.
Sang Hyang Ismaya tumuli tumandang. Gunung jinunjung, diemplok, nuli diulu mak legender . Sang
Hyang Ismaya bisa ngulu gunung senajan netrane nganti kriyap-kriyip. Ananging bareng gunung wis diulu,
Sang Hyang Ismaya ora bisa ngetokake metu dubure.Gunung mandheg ana sadhuwure dubure Sang Hyang
Ismaya. Marga saka iku boconge Sang Hyang Ismaya banjur gedhe banget njalari sirnaning kabagusane.

14. Paragrap 2 waosan ing nginggil nyariyosaken mula bukanipun tokoh ringgit …..
a. Bilung Sarawita
b. Bathara Guru
c. Gareng
d. Semar
e. Togog
15. Paragrap 3 waosan ing nginggil nyariyosaken mula bukanipun tokoh ringgit …..

3
a. Semar
b. Togog
c. Bathara Narada
d. Bilung Sarawita
e. Bathari Durga
16. Piwulang luhur ingkang saged kapendhet saking waosan 2 kados ing ngandhap punika, kajawi ….
a. Aja dumeh mundhak keweleh
b. Sapa adigang, adigung, adiguna bakal cilaka
c. Aja rumangsa bisa nanging sing bisa rumangsa
d. Pemimpin kudu bisa ngayomi kawula dudu nguwasani
e. Aja duwe penganggep dhiri sampurna, mundhak cilaka
17. Sang Hyang Bathara Guru nduweni cacad belang gulune, mula banjur karan ….
a. Sang Hyang Catur Buja
b. Sang Hyang Nila Kantha
c. Sang Hyang Randhu Wana
d. Sang Hyang Jagad Giri Nata
e. Sang Hyang Jagad Pratingkah
18. Miturut carita wayang wuragile Pandhawa Raden Sadewa bisa ngruwat Bathari Durga bali wujud
Sakawit widadari Bathari Uma, iki dicaritakake ana ing lakon wayang /buku ….
a. Murwakala
b. Smaradahana
c. Sudamala
d. Ramayana
e. Bharatayudha
19. Gambar paraga wayang iki jenenge ……
a. Bathara Guru
b. Bathara Kala
c. Bathari Durga
d. Bathara Narada
e. Bathara Kamajaya
20. Pak Dhalang lenggah sila tumpang jempol sukunipun njepit …… asta kanan kering nyepengi
cempurit ringgit.
a. blencong
b. kayon
c. keprak
d. kelir
e. cempala
21. “Risang temanten sarimbit samya adedulangan, sarwi lawuh ati antep. Ingkang mengku werdi
kekalihipun sampun manteping kalbu, manunggal pinesthi dadi jatu kramane……”
Ukara panyandra ing nginggil trep dipunginakaken ing upacara panggih….
a. liru kalpika
b. dhahar klimah
c. liru kembar mayang
d. wiji dadi
e. sindur binayang
22. Ringgit purwa saged kinarya tuntutan tumrap gesanging manungsa, tegesipun …..
a. Pagelaran ringgit purwa wonten gegambaran sae lan awon, leres lan lepat saengga saged kangge
kaca benggala ing panggesangan
b. Pagelaran ringgit purwa saestu sampun mbalung sungsum lan mujudaken peranganing gesang
Tumrap tiyang Jawi
c. Ringgit purwa mujudaken warisaning donya lan sampun kacathet ing bebadan donya UNESCO
Pinangka kagunan ingkang ngemot filsafat sakalangkung inggil
d. Ringgit purwa mujudaken manunggaling kagunan maneka warni
e. Ringgit purwa saestu nengsemaken lan paring panglipuring manah dhateng ingkang mirengaken
mriksani
23. Sri Sultan H.B. X :”Anak ingsun Gusti Kanjeng Ratu Maduretno, apa sira saguh dhaup karo abdi
ingsun Kanjeng Pangeran Harya Purbodiningrat?”
GKR. Maduretno : “Inggih”
Tata cara iki katindakake nalika Kemis, 8 Mei 2008 ing Tratag Bangsal Proboyekso Kraton

4
Ngayogyakarta . Tata cara iki diarani …..
a. tantingan
b. nyantri
c. siraman
d. panggih
e. midodareni
24. Tata cara pondhongan katindakake mligi ing njeron kraton kang nduweni makna simbolik…..
a. Jejere wong lanang kudu njunjung drajate wong wadon
b. Penganten kakung drajade luwih dhuwur tinimbang temanten putri
c. Penganten putri nduweni drajad kang luwih dhuwur tinimbang penganten kakung
d. Ngungkap rasa tresnane temanten kakung marang temanten putri.
e. Katresnane Sri Sultan HB X marang putrine GKR. Maduretno

Wacan 3

(1) Aja nganti kabanjur, (2) Pitutur bener iku,


Sabarang polah kang nora jujur, sayektine apantes tiniru,
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik, nadyan metu saking wong sudra papeki,
Becik ngupayaa iku, lamun becik nggone muruk,
Pitutur ingkang sayektos. Iku pantes sira anggo.
(Serat Wulangreh)

25. Nitik cacahing gatra, guru wilangan lan guru lagunipun, sekar macapat ing nginggil kalebet sekar ...
a. Maskumambang
b. Dhandhanggula
c. Pangkur
d. Mijil
e. Gambuh
26. Isinining pitutur tembang rong pada ing ndhuwur kacetha ing ngisor iki, kajaba ……
a. Wong kang tanpa migatekake pituture wong tuwa uripe bakal sengsara
b. Aja ngulinakake tumindak kang ora jujur
c. Ngulinakake tumindak kang ora jujur bakal kojur uripe
d. Pitutur kang bener iku nyata-nyata pantes ditiru/ditindakake
e. Aja nyawang sapa kang paring pitutur, nanging rungokna apa sing diucapake
27. Serat Wulangreh menika anggitanipun ….
a. Sri Mangkunagara IV
b. Sri Paku Buwana IV
c. R.Ng. Ranggawarsita
d. Yasadipura I
e. Yasadipura II
28. Sampun kapundhut sowan marak wonten pangayunanipun Gusti kanthi tentrem panjenenganipun
Bapak Anggara Kasih , rikala dinten Slasa Kliwon 29 April 2008, Tabuh 04.30…………Lst.
Manut suraosipun pethikan serat ing nginggil kalebet serat …..
a. Prajanjen
b. Iber-iber
c. Lelayu
d. Ulem
e. Kitir
29.
(1) Sleman, 20 Mei 2008
(2) Sungkem pangabekti kula
Katur Bapak/Ibu Susanto ing dalem
(3) Nuwun, kanthi serat menika ngaturi priksa, bilih kula tansah ginanjar wilujeng lan
pinaringan bagas kuwarasan,…..lst
(4) Kajawi saking menika kula matur, sarehning benjang wulan ngajeng …..lst
(5) Wasana namung menika ingkang dados atur kula ….lst
(6) Saking putra kinasih
(7) Budi Santosa

5
Manut wujude pethikan layang ing ndhuwur kalebu layang …..
a. Kekancingan
b. Prajanjen
c. Dhawuh
d. Kitir
e. Iber-iber
30. Perangane layang kanthi tandha (2) diarani …..
a. Titimangsa
b. Pambuka
c. Surasa basa
d. Paprenahan
e. Adangiyah
31.
(1) Dluwange resik
(2) Tulisane kudu apik lan cetha
(3) Ukarane ganep, nganti gagasan sing arep diandharake rampung
(4) Unggah-ungguh basa sing mapan, trep karo sapa sing dikirimi
(5) Isine cetha lan runtut supaya kang maca ora bingung
(6) Yen arep dikirim lumantar pos, alamat sing dituju kudu cetha
(7) Amplop layang sing amba lan wernane putih
Kang ora kalebu sarate nulis layang dumunung ing nomer ….
a. (1), (2)
b. (2), (4)
c. (2), (6)
d. (5), (7)
e. (2), (7)
32. Sing sapa kepengin mulya uripe, ora kena wedi kangelan, kudu padha gelem ihtiyar kaya unine
Paribasan ……kang tegese:tekaning kamulyan iku sarana pambudidaya lan pangurbanan.
a. Sepi ing pamrih rame ing gawe
b. Sapa temen bakal tinemu
c. Ulat madhep ati karep
d. Jer basuki mawa beya
e. Kalah cacak menang cacak
33. Santosa : “Mas, mau bengi aku !)…..wayang kulit. Dhalange apik.”
Budi : “Semono uga aku Dhik. Bapak iya tindak, 2) …..wayang kulit. Bapak dakdherekake,
Anggone 3)……jam 04.00 esuk.”

Tembung ingkang cocok kangge njangkepi ukara kasebat …..


a. Nonton, ningali, wangsul
b. Ningali, mriksani, mantuk
c. Nonton, mriksani, kondur
d. Mriksani, ningali, kondur
e. Nonton, mriksani, mantuk
34. Unggah-ungguh basa ingkang trep inggih menika ….
a. Kula maringi arta simbah kangge mundhut rasukan
b. Kula matur kaliyan bapak supados dipunpundhutaken sepatu enggal
c. Simbah nyaosi dhaharan ibu ingkang nembe gerah
d. Pak Guru duka-duka amargi lare setunggal kelas boten kersa nggarap PR
e. Kula inggih sampun dhahar sasampunipun siram kala wau
35. Pak Dulah : “ Ingkang abrit menika punapa kagunganipun songsong?”
Pak Amir :”Punika sanes ……gadhahan kula, gadhahan kula pethak.”
a. payung
b. jungkat
c. srandhal
d. jaket
e. topi
36. Mbah yen wis ngantuk turua dhisik.
Ukara iki yen dikramakake alus ….

6
a. Mbah menawi sampun sarip kula aturi sare rumiyin
b. Mbah menawi sampun sayah kula aturi sare rumiyin
c. Mbah menawi sampun arip kula aturi sare rumiyin
d. Mbah menawi sampun ngantuk kula aturi tilem rumiyin
e. Mbah menawi badhe sumpena kula aturi sare rumiyin
37. Wohing kasusastran Jawa kang nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet
(berkesan) lan biasane ora luwih saka 10.000 tembung diarani …..
a. Novel
b. Cerbung
c. Roman
d. Cerkak
e. Legenda
38 Tokoh ing sawijining lakon/crita kang watak wantune ala, tansah gawe reridhu marang paraga liya,
diarani tokoh …..
a. Protagonis
b. Antagonis
c. Peri-perial
d. Paragatama
e. Figuran
39. Carita kang nyritakake saka klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning crita iku
nggunakake alur …..
a. Maju
b. Mundur
c. Campuran
d. Maju mundur
e. Mundur maju
40. “Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun
maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah
sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika rak
satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang,
bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.” Jlentrehe Palupi.
(Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)

Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..


a. Amanat lan irah-irahan
b. Setting lan paraga
c. Tema lan setting
d. Irah-irahan lan alur carita
e. Tema lan watak
41. Bu Marni : “Kepriye ndhuk, kowe gelem ora?”
Dewi : “Kula jane boten radi cocog Bu, nanging kula ajrih menawi bapak duka.”
Bu Marni : “Ora cocog amarga apa ndhuk? Apa merga bocahe wis tuwa?”
Dewi : “Boten Bu, amargi kula sampun gadhah pilihan.”

Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….


a. Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwane
b. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake Dewi seneng nesu
d. Bu Marni pengin rabi
e. Dewi pengin rabi
42. Jinis karangan kang nduweni sipat nggambarake obyek kang ditonton utawa diweruhi kanthi titi
supaya sing maca kaya-kaya bisa meruhi, ngrungokake, lan ngrasakake dhewe, diarani ….
a. Argumentasi
b. Eksposisi
c. Deskripsi
d. Persuasi
e. Narasi
43. Salah sawijining cara kang wigati lan prayoga kanggo ngraketake sesrawungan bisa kanthi
guneman. Menawa guneman marang wong liya kudu diarah-arah wektune, aja nganti nglarani ati-

7
ning liyan. Mula saka iku basa pancen penting banget tumrape wong sesrawungan. Basa minangka
modhal kang utama kanggo miwiti guneman.

Manut manggone ukara baku ing ndhuwur klebu jenis paragraf …..
a. Induktif
b. Deduktif
c. Deskriptif
d. Campuran
e. Naratif
44. Jejering priya kudu paring guna kaya/nafkah marang pehak wadon. Ana ing upacara panggih
temanten disasmitani nganggo …..
a. Dhahar klimah
b. Gantalan/balangan suruh
c. Ngunjuk toya wening
d. Kacar-kucur
e. Midak endhog
45 “Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap, katon lir kincanging alis, rising maweh gandrung,
sabarang kadulu, wukir moyag-mayig, Oooooooooooooo.”
Lelagon menika dipunsekaraken Ki dhalang kangge nggambaraken swasana ing pagelaran ringgit.
Lelagonipun dhalang menika dipunwastani …..
a. Antawecana
b. Panembrama
c. Janturan
d. Sabetan
e. Suluk
46. Dalem pringgitan, menawi dipunserat Jawi ingkang leres …..

a. d.

b. e.

c.

47.

Ganepe ukara sesanti ing ndhuwur yaiku …..

a. d.

b. e.

c.

48. Kraton Ngayogyakarta , menawi dipunserat Jawi ingkang leres …..

a. d.

b. e.

8
c.

49.

a. d.

b. e.

c.

50. Seratan ing ngandhap menika leres, kajawi ……


a. Iwak cucut diwadhahi karung, becik mbacut tinimbang wurung.
b. Senthir lenga patra, sing dipikir kok ora rumangsa.
c. Gedhang kluthuk nggo pakan manuk, yen kepethuk jebule mung manthuk.
d. Andheng-andheng neng ndhuwur bathuk, manise yen manthuk-manthuk.
e. Ana kadal mangani roti, ndhang tak budal aja digondeli.

II. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Panganggone tembung-tembung krama inggil ing ukara ngisor iki luput, mula benerna kanthi
Ngelingi unggah-ungguhing basa dening sapa marang sapa!
a. Kula dipunaturi eyang supados enggal kondur, sanes wekdal supados maringi priksa menawi badhe
rawuh.
b. Kula sampun ngendika kaliyan ibu, sasampunipun siram lan dhahar kula badhe mriksani konser
musik.
2. Tulisna cakepan (syair) lagu Ilir-ilir!
3. Kepriye panemune para jamhur (ahli) ngenani mula bukane wayang ing tanah Jawa?
a. Miturut Dr. Krom
b. Miturut G.A.J. Hazeu
c. Miturut Goslings
4. Tulisen aksara Jawa!
Gesang ingkang utami tegesipun: nembah dhumateng Gusti Allah, bekti dhateng tiyang sepuh,
sarta njunjung bangsa lan negari.

5. Sapa arane tokoh wayang iki?

a. b. c. d. e.

00000000000000000000000 sugeng makarya 000000000000000000000000

9
JODOHKAN SISI KIRI DAN SISI KANAN DENGAN TEPAT! A
1. Tembang macapat kang nduweni watak sembrana parikena,  Sinta
lucu  Trijatha
2. Tembang macapat kang nduweni watak sedhih, getun  Damarwulan
3. Anoman malumpat sampun. Kudune Anoman sampun  Mati
malumpat. Ing teyori gawe tembang iki diarani ….  Menakjingga
4. Prapteng witing nagasari. Prapteng, kalebu tembung …..  Dian Nitami
5. Wanodya yu kuru aking. Iki kanggo nyebut tokoh wayang ing  Kinanthi
kisah Ramayana yaiku …..
 Pocung
6. Sing ndhustha (menculik) jawaban no. 5 mau yaiku ….
 Reca
7. Gelung rusak awor kisma. Kisma tegese ...
8. Anjasmara ari mami, mas mirah kulaka warta, lst. Anjasmara  Cangriman
iku garwane ….  Parikan
9. Prang tandhing Urubisma. Urubisma iku jenenge liya ….  Wangsalan
10. Pun kakang pamit palastra. Palastra tegese  Maskumambang
11. Meguk-meguk tanpa nyawa, darbe wangun lan ciri kadya  Baliswara
janmi, ananging ta yen dinulu, lir wiku tapabrata, asedhakep  Tembung garba
suku tunggal ciptanipun,….lst,  Mbokne wuda anake tapihan
Tembang iki isine …..  Dasamuka
12. Jawaban no. 11 mau batangane …..  Ramawijaya
13. Tembang macapat kang nduweni rumus: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i,  Mbokne ora nganggo klambi anake
yaiku …. jaritan
14. Wong tuwa datanpa klambi, bocah ciliki kang jaritan. Yen  Emring, bung
didadekaken cangkriman irib-iriban unine ….  Lemah
15. Batangane cangkriman no. 14 yaiku ….  Perang
16. Manuk dara tiba kali, yen sembrana ora dadi. Rumpakan iki
diarani ….
17. Tulisen aksara Jawa : Prabu Kresna
18. Tulisen aksara Jawa : Praja Dwarawati
19. Tulisen aksara Jawa : Gumlundhung aneng kisma
20. Tulisen aksara Jawa : Dijak niliki tandure

=================================================================================================

JODOHKAN SISI KIRI DAN SISI KANAN DENGAN TEPAT! B


1. Anjasmara ari mami, mas mirah kulaka warta, lst. Anjasmara  Sinta
iku garwane ….  Trijatha
2. Prang tandhing Urubisma. Urubisma iku jenenge liya ….  Damarwulan
3. Tembang macapat kang nduweni rumus: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i,  Mati
yaiku ….  Menakjingga
4. Tembang macapat kang nduweni watak sembrana parikena,  Dian Nitami
lucu  Kinanthi
5. Tembang macapat kang nduweni watak sedhih, getun
 Pocung
6. Manuk dara tiba kali, yen sembrana ora dadi. Rumpakan iki
 Reca
diarani ….
7. Wong tuwa datanpa klambi, bocah ciliki kang jaritan. Yen  Cangriman
didadekaken cangkriman irib-iriban unine ….  Parikan
8. Batangane cangkriman no.7 yaiku ….  Wangsalan

10
9. Anoman malumpat sampun. Kudune Anoman sampun  Maskumambang
malumpat. Ing teyori gawe tembang iki diarani ….  Baliswara
10. Wanodya yu kuru aking. Iki kanggo nyebut tokoh wayang ing  Tembung garba
kisah Ramayana yaiku …..  Mbokne wuda anake tapihan
11. Prapteng witing nagasari. Prapteng, kalebu tembung …..  Dasamuka
12. Sing ndhustha (menculik) jawaban no. 10 mau yaiku ….  Ramawijaya
13. Meguk-meguk tanpa nyawa, darbe wangun lan ciri kadya  Sing tuwa ora nganggo klambi anake
janmi, ananging ta yen dinulu, lir wiku tapabrata, asedhakep jaritan
suku tunggal ciptanipun,….lst,
 Emring, bung
Tembang iki isine …..
 Lemah
14. Jawaban no. 13 mau batangane …..
15. Raden Setyaki  Perang
16. Pari lemu ledhung-ledhung.
17. Pun kakang pamit palastra. Palastra tegese
18. Glangsaran kawlas asih
19. Dijak niliki tandure
20. Gelung rusak awor kisma. Kisma tegese ...

11

Anda mungkin juga menyukai