Anda di halaman 1dari 2

Artikel ini diambil dari www.kumpulanceritabahasajawa.blogspot.

com

Cerita Rayat Roro Jonggrang

dalam Bahasa Jawa


Kumpulan cerita jawa. Sugeng ndalu rencang sedaya, kisah legenda roro jonggrang sangat erat
hubungannya dengan awal mula berdirinya candi prambanan. Bagaiman cerita rakyat roro jonggrang
dalam bahasa jawa dapat kita simak bersama di bawah ini.

Ana ing jaman kerajaan Hindu-Budha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden
Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo.
Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna.

Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih
Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget
kanthi jeneng Lorojonggrang.

Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang
kerajan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerng kerajan Pengging. Peerangan
gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan Pengging ugo
kerajaan Boko. Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaiku
Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko. Mergo kekuwatan lan kesektian
saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.

Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur saka kerajaan
Pengging mlayu menyang kraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka
kerajaan Boko mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko.
Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrong lan ngandhani menawi
Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung
Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke
ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang. Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung
Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan. Ananging Roro
Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni
bapake.

Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso, Roro Jonggrang menehake syarat yen Raden
Bandung Bondowoso pengen ngrabeni piyambake. Roro Jonggrang banjur ngendikan:

Yen sampean pengen ngrabeni aku, Samoean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana
wektu sewengi.

Panjaluk pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro
Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan
nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut.
Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk
dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk
wis teka. Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi
pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep, Raden Bandung
Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.

Raden bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake
nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri
srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing
kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kesebut.

Dari kisah cerita rakyat roro jonggrang dalam bahasa jawa di atas tentunya kita dapat menarik
kesimpulan bahwa kesombongan atas diri seseorang tidaklah dibenarkan. Di lain sisi Roro Jonggrang
yang melakukan kecurangan berakhir dengan kutukan yang menimpa dirinya. Semoga bermanfaat.

Kisah lainnya bisa anda baca di

www.kumpulanceritabahasajawa.blogspot.com

Anda mungkin juga menyukai