Anda di halaman 1dari 3

RORO JONGRANG

Nalika jaman semana kraton kang arane Prambanan.Keraton kasebut dipimpin Prabu
Baka .Prabu Baka kalebu ratu kang becik . Rakyat kraton Prambanan uripe makmur. Ana keraton kanga
aran keraton Pengging . Beda karo Prabu Baka , Ratu Pengging nduweni watak kang ora apik. Dheweke
seneng perang kanggo njembarake wilayahe . Keraton Pengging nduweni prajurit sekti kang arane
Bondowoso .Bondowoso nduweni gaman kang kuwat lan pasukan jim . Bondowoso luwih misuwur
arane Bandung Bondowoso .

Sawijining dina Ratu Pengging kepengin ngalahake Keraton Prambanan banjur nimbali Bandung
Bondowoso kanggo mgrebut keraton Prambanan.

“Dak prentahake sliramu lan prajuritmu kanggo ngrebut keraton Prambanan “prentahe Ratu Pengging .

Bandung Bondowoso banjur nindakake tugase .Dheweke lan wadya balane nglurug menyang kraton
prambanan. Kanthi cara kang gampang , Bandung Bondowoso kasil ngrebut kraton Prambanan . Prabu
Boko seda.Minangka bebungah ,ratu Pengging maringi palilah Bandung Bondowoso kanggo ngurus
kraton Prambanan.Jebule kraton Prambanan nduweni putra putri kang sulistya pasuryane asmane Roro
Jonggrang . Bandung Bondowoso nimbali Roro Jongrang supaya ngadhep

” Apa kang mbok pengini , Bandung Bondowoso”pitakone Roro Jongrang kanthi sengol.

“Aku pengin nggarwa sliramu , Dadia sisihanku, mesthi uripmu bakal ayem tentrem “ujare Bandung
Bondowoso.

Mesthi wae Roro jongrang kaget .Dheweke ora ngira yen Bandung Bondowoso arep nglamar , kamangka
Roro Jongrang ora seneng amarga dheweke sawijining wong kang wengis kang wis merjaya ramne lan
nggawe kraton Prambanan sengsara .Kanthi tegas, Roro Jongrang nolak lamarane .

“Bandung Bondowoso aku ora sudi dadi garwamu “

Mireng panolakan kuwi , Bandung Bondowoso ora trima lan ngancam Roro Jongrang .

“Yen kowe ora gelem rabi karo aku, uripmu bakal sengsara , kabeh warga desa uga bakal takgawe
sengsara” mangkono pangancame . Sanalika Roro Jongrang dadi mangu.

“Dak wenehi idi palilah kowe mikir luwih dhisik “ ujare Bandung Bomdowoso.

Roro jongrang rumangsa bingung amarga lamaran iku , yen dheweke ora nampa , rakyate bakal
sengsara , ananging dheweke ora seneng karo Bandung Bondowoso .

Roro Jongrang anggone mikir sawengi , kepriye carane nampik lamaran iku , ananging rakyate tetep
aman . Pungkasane Roro Jongrang duwe akal .

Esuke Bandung Bondowoso nemoni Roro Jonggrang .

“Wis mbok putusake pilihanmu Roro Jongrang ?”


“Ya wis Bandung Bondowoso .Aku gelem rabi karo kowe , sauger kowe bisa nindakake syarat saka aku”
ujare Roro Jonggrang .

“Apa syarate kuwi?” pitakone Bandung Bondowoso .

“Gawekna 1000 candi lan sumur loro suwene sewengi”ujare Roro Jonggrang

Roro Jonggrang duwe keyakinan Bandung Bondowoso ora saguh nindakake syarat kasebut.

Ora mikir suwe Bandung Bondowoso sanalika nyarujuki syarat saka Roro Jonggrang .

Wayah wengi Bandung Bondowoso kabiyantu wadya bala Jim , mbangun candi 100 lan gawe sumur
loro.Roro JOngrang kanthi meneng-menengan ngematake kedadeyan kasebut dadi goreh
atine.Perkiraane kleru .Wadya balane Bandung Bondowospcepet banget anggone ngrampungake
mbangun candi kasebut.

Wektu wis ngancik wayah tengah wengi , kari rong candi kang durung kabangun .

“Kepriye carane njugarake usahane wadya bala jim ?” batine Roro Jonggrang .

Roro Jonggrang nduwe niat , dheweke utusan dayang ing kraton supaya ngobong dami ing sisih
wetan .Liyane nuthuk kenthongan lan nyebar kembang kang arum .Ancase supaya pitik-pitik cepet tangi
lan kluruk . Ora gantalan suwe para pandherek enggal-enggal nindakake perintah kasebut .Bener wae
pitik-pitik padha jago padha tangi , lan kluruk .Meruhi langit ing sisih wetan wernane abang , swara
lesung , ambune kembang sing wangi , lan swara jago kluruk , wadya balan jim Bandung Bondowoso
enggal-enggal lunga. wadya bala jim ngira menawa dinane wis esuk .

“Balia prajuritku , dinane durung esuk ! isih ana siji candi kang durung mbok gawe!”pambengoke
Bandung Bondowoso .

Eman wadya bala Bandung Bondowoso tetep lunga ninggalake pegaweane . Samsaya muntab , nalika
ngerteni menawa kabeh kuwi tumindake Roro Jongrang. Dheweke nemoni Roro Jonggrang lan nyebda
Roro Jonggrang dadi candi.

“Jonggrang ….gandheng candine kurang siji mula kowe kang nggenepi dadi 1000”ujare Bandung
Bondowoso ,kebak kanebson. Saiki candhi kasebut ingaranan Candi Roro Jonggrang lan ditemoni ing
candi Prambanan .

Saka crita iki bisa dijupuk piwulang yen duwe kekarepan iku aja meksa marang wong liya supaya
gelem nuruti kekarepane , amarga durung karuwan wong iku padha karo kekarepan awake
dhewe .Matur nuwun .

Anda mungkin juga menyukai