Anda di halaman 1dari 2

Roro Joggrang

Duk rikala samana ana sawijining pangeran, putra saka raja Pengging kang asmane
Raden Bandung Bondowoso kang kawentar kuwat lan sekti mandraguna. Saliyane
Pengging, ana uga kraton liya sing madeg, yaiku Kraton Baka. Kang jumeneng nata ing
kana asmane Prabu Baka kang diewangi dening sawijining patih aran Patih Gupala. Prabu
Baka uga kagungan putri sing ayu banget, Roro Jonggrang arane.

Nuju ing sawijining dina, Prabu Baka nduwe pepinginan ngambakne wilayah kratone
kanthi cara nyerang kraton Pengging. Prabu Baka banjur ngumpulake pasukan kanggo
nyerang kraton Pengging. Paprangan gedhe kedadeyan, kurban jiwa lan bandha katon ana
ing kraton kekaro. Kanggo nyuda cacahing kurban jiwa, raja Pengging nuli paring dhawuh
marang putrane yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya maju perang klawan Prabu
Baka. Jalaran saka kekuwatan lan kesektene Raden Bandung Bondowoso, dheweke kasil
merjaya Prabu Baka. Ngerti yen Prabu Baka wis gugur, Patih Gupala dhawuh marang
pasukane supaya mundur saka kraton Pengging. Raden Bandung Bondowoso kang
ngerteni iku banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukane kang mundur menyang Kraton Baka.

Satekane ing Kraton Baka, Patih Gupala nemoni Roro Jonggrong lan ngandhani
menawa Prabu Baka wis gugur neng tangane Raden Bandung Bondowoso.
“Kula ingkang sowan Putri.. ” mangkono atur purwakane sang patih.
“Iya Ki Patih Gupala, ana apa? Sajake kok kaya ana bab kang wigati?” pitakone Roro
Jonggrang marang Patih Gupala.
“Punten dalem sewu Putri, keparengna ingsun matur bilih Prabu Baka seda wonten ing
palagan, kaperjaya dening Raden Bandung Bondowoso, Putri.”
Mireng warta saka Patih Gupala, Roro Jonggrang sajak ora precaya. Atine remuk! eluh
tumetes saka pipine sing putih tur alus.
“Bapaaaaaaaa...” Mangkono pambengoke kanthi ndheprok, nangis aneng jogan, sikile
prasasat wis ora nduwe daya kanggo nyangga awake sawise ngerti yen Prabu Baka wis tilar
donya.

Ora wetara suwe Raden Bandung Bondowoso tekan ana ing Kraton Baka. Nalika iku
Bandung Bondowoso ketemu karo Roro Jonggrang.
“Ooooh.. kowe sing jenenge Raden Bandung Bondowoso!”
“Weee la dalah.. sapa jenengmu cah ayu?”
“Aku Roro Jonggrang, anak saka Prabu Baka! Arep ngapa kowe menyang kratonku?! Apa
patine ramaku isih kurang?” Mangkono pitakone Roro Jonggrang kanthi ati sing duka.
Amarga ayune Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso malah dadi kasengsem atine.
Dheweke kepengin ngepek Roro Jonggrang dadi bojone.
“Jonggrang.. Cah ayu.. daripada rakyatmu dakpilara lan kratonmu iki dakobrak-abrik, luwih
becik kowe dakpek dadi bojoku! Gelem ta? Ha..ha..ha..”

Ngerti kahanan kang kaya mangkono, Roro Jonggrang bingung atine. Dheweke ora
bakal bisa menang klawan Raden Bandung Bondowoso, bisaa nyoba rakyate bakal dadi
sengsara. Ora kanyana, wusanane tuwuh pikiran kanggo ngakali Bandung Bondowoso,
supaya rakyate slamet lan dheweke ora sida dirabi.
“Yen pancen mangkono karepmu, bakal daktampa lamaranmu. Nanging! Kowe kudu bisa
nuruti apa kang dadi panjalukku!”
“Apa sing kokkarepake ha? Ngomonga! Apa bae bakal dakturuti sing penting kowe gelem
dakrabi! Ha..ha..ha.” Mangkono wangsulane Bandung Bondowoso karo anggake.
“Syarate loro! Kowe kudu nggawekake aku sumur sing bakale dakanggo adus lan uga
gawekna aku sewu candi kanthi wektu sawengi.”
“Ya! Bakal dakturuti apa karepmu! Ning yen nganti kowe mblenjani janji, titenana! Bakal
dakobrak-abrik lan tak pilara kabeh rakyatmu!” wangsulane Raden Bandung Bondowoso.

Sacara nalar, panjaluke Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden
Bandung Bondowoso jebul tetep nyaguhi penjaluke Roro Jonggrang kasebut. Bandung
Bondowoso wiwit nggawe sumur sing saiki diarani sumur Jalatunda. Sawise sumur dadi
dheweke banjur nggawe candi-candi kang dijaluk kanthi pitulungan saka para lelembut.

Sumelang Raden Bandung Bondowoso bisa nuruti kabeh syarat sing wis ditetepake,
Roro Jonggrang banjur njaluk dayang-dayang kanggo nuthuki pari lan ngobong damen neng
siseh wetan supaya katon kaya-kaya esuk wis arep teka. Cara iku nyatane kasil! Para
lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso padha mlayu. Candi sing dijaluk
durung ganep sewu. Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.
Dheweke murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Bandung Bondowoso
tansaya muntab atine nalika ngerti yen kabeh iku sengaja ditindakake dening Roro
Jonggrang supaya ora sida dipek bojo.

“Jonggrang!!! Keladuk tingkahmu!!! Yen pancen mangkene kanyatane, kowe sing dadi
geganep saka sewu candi sing kokjaluk!”

Sanalika iku Roro Jonggrang banjur malih dadi reca jalaran saka sepatane Raden
Bandung Bondowoso kang sekti mandraguna. Ing mekar ngrembakaning jaman, recane
Roro Jonggrang saiki diarani Reca Dewi Durga, iya sawijining reca kang mepaki 1000 candi
sing ora bisa dirampungake dening Bandung Bondowoso duk rikala samana.

Anda mungkin juga menyukai