Anda di halaman 1dari 3

LEGENDA

CANDI PRAMBANAN

peserta:

NURUL HANI
SD NEGERI WUJIL 02
LEGENDA CANDI PRAMBANAN

Jaman mbien, Roro Jonggrang minongko Putri Prabu Baka sing dadi Rojo
Kerajaan Prambanan. Ing cedhak Prambanan ono pamrentahan sing ora kalah
gedhe, yaiku Kerajaan Pengging. Kerajaan Pengging sing misuwur mesthi pengin
nggedhekake wilayahe dhewe.
Kerajaan Pengging duwe ksatria seng sekti mandra guna, jenenge
Bondowoso. Dheweke duwe gaman sing diarani bandung mulo dikenal kanthi
jeneng Bandung Bondowoso. Saliyane duwe gaman sing sekti, Bandung
Bondowoso ugo duwe Tentara Jin sing nulungi dheweke nyerang kerajaan liyane
lan nggayuh kekarepane.
Ing sawijining wektu, Rojo Pengging mrentah Bandung Bondowoso supoyo
nyerang Kerajaan Prambanan kanggo njupuk kekuwatan lan wilayahe. Dino esuke
Bandung Bondowoso lan bala tentarane lungo nyerang Kerajaan Prabu Baka.
Amergo ora ono persiyapan, Prabu Baka pun kalah lan tiwas nganggo gaman.
Kamenangan iku pun Bandung Bondowoso lan tentarane disambut dening Raja
Pengging. Banjur Raja Pengging masrahake marang Bandung Bondowoso kanggo
ngatur Kerajaan Prambanan lan isine.
Ing sawijining wektu, Bandung Bondowoso weruh bocah wadon ayu, jenenge
Roro Jonggrang. Tanpo diraguhi, Bandung Bondowoso langsung nyeluk Roro
Jonggrang lan langsung nglamar. Roro Jonggrang sejatine sengit karo Bandung
Bondowoso, amergo dheweke wis mateni bapake, yo iku Prabu Baka. Nanging ing
sisih liyane, dheweke ugo wedi nolak lamaran kasebut.

“Hei Roro Jonggrang, opo awakmu gelem dadi Prameswariku?” pitakon


e Bandung Bondowoso.
“Aku gelem dadi prameswarimu, ananging ana syarate,” Jawabe Roro
Jongrang.
“Opo iku syarate?” Pitakone Bandung Bondowoso.
“Gawekno aku sewu candi, sak jrone wektu sak wengi,” ujare Roro
Jonggrang.
“Oh gampang nek koyo ngunu, tak sembadani,” ujare Bandung
Bondowoso.
Bandung Bondowoso langsung setuju amergo dheweke duwe tentara jin sing
biso nulungi dheweke ngrampungake tugas kanthi cepet. Miwiti Bandung
Bondowoso lan pasukane nggarap kahanan Roro Jonggrang. Bener, sajrone
sawetara jam, karya candhi arep rampung.
Roro Jonggrong sing ngawasi gaweyan wiwit kuwatir. Dheweke nemokake
cara kanggo nggagalake tugas kasebut. Banjur dheweke ngundang pelayane
kanggo nulungi ngobong jerami, muni lesung lan nyebar kembang wangi. Sawise
jerami diobong, langit ora suwe katon abang, lesung wiwit muni lan aroma kembang
wiwit mambu.
Werno langit sing abrit, swarane lesung keprungu, lan gandane kembang,
tentara Bandung Bondowoso ninggali gaweyane sing durung rampung. Bandung
Bondowoso melas karo bengok-bengok nyeluk pasukane,

“Hei, ojo do lungo! Ojo Lungo! Gaweyane durung rampung!” ananging


pasukane ora ono sing bali.

Banjur Bandung Bondowoso nerusake gaweyan candhi sing durung rampung.


Nanging gaweyane durung rampung, esuk wis teko. Dheweke mangkel. Dheweke
ngerti manawa Roro Jonggrang sing nyoba nggagalake karyo kasebut. Mula
Bandung Bondowoso ngutuk Roro Jonggrang,

“Roro Jonggrang, dadi patung sing gawe genepi cacah candi sewu sing
kurang siji iki!”

Mula Candi Prambanan uga diarani Candi Roro Jonggrang.

Anda mungkin juga menyukai