Anda di halaman 1dari 13

Roro Jonggrang

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem
sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu
Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo
senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan
Prambanan.

Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri
iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi
ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake
karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro
Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange. Roro Jonggrang mau ngongkon dayange
mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan
disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi
kurang 1. Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke.
Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000
candi. Pepeling : Yen mboten wonten perasaan marang wong liya, mboten usah maringi
pengharapan marang wong liya, amarga mengko awake dewe sing nyesel.
Legenda Gunung Bromo

Rikala ing jaman semanten ing ereng-erenging Gunung Bromo, wonten kaluwarga ingkang dangu
mboten gadhahhi putra. Ingkang kakung asmanipun Joko Seger, ingkang estri Rara Anteng. Kapurih
enggal nggadhahhi putra, lajeng kekalihipun nyuwun utawi ndonga dumatheng Gusti kanthi ngucap
mbok bilih mangke kelampahan dipun paringi putra, kekalihipun rila ngorbanaken putranipun maring
Gusti.

Sak lampahipun wekdal, dinten gantos dinten, wulang gantos wulan, tahun gantos tahun, kekalihipun
saget nggadhahhi putra kathah ngantos kesupen maring janjinipun dhateng Gusti. Bebendu utawi
pageblug saking Gusti dhateng mboten kintenan. Lajeng wonteng ing dalu nalika Joko Seger sare, dipun
emuttaken kanthi ngimpi tumrap janjinipun mring Gusti.

Lajeng Joko Seger matur dumatheng putra-putrinipun tumrap babagan punika, lajeng wonten salah
satunggaling putra ingkang purun menawi dipun korbannaken. Dumugi wonten ing dinten ingkang
sampun katamtokkaken, upacara korban wonten Kawah Gunung Bromo lajeng dipun tindakkaken. Sak
sampunipun upacara punika, lajeng kaluwarganipun saget uwal saking bebendu lan pageblug, saget
nglampahhi bebrayan kanthi bahagia sesarengan sedaya putra-putrinipun ngantos wekdal punika
ingkang lajeng dipun kenal minangka Suku Tengger. Cekakkan saking asmanipun Roro Anteng lan Joko
Seger.
Sangkuriang

Ing jaman dhikik, neng Jawa Barat urip putri raja sing nduwe jeneng Dayang Sumbi. Dheweke nduweni
anak lanang sing nduwe jeneng Sangkuriang. Anak kesebut seneng banget golek kewan neng ngalas.
Saben berburu, dheweke sanuli dikancani kirik ingonane sing nduwe jeneng Tumang. Tumang sabenere
yaiku titisan dewa, lan bapakne Sangkuriang, nanging Sangkuriang ora ngerti babagan kuwi mergo ibune
sengaja ndelike kasunyatan kuwi.

Suwijining dina, kaya biasane Sangkuriang lunga menyang ngalas kanggo manah kewan. Sakwise neng
alas, Sangkuriang anyak nggoleki kewan buruan. Dheweke ndeleng ana manuk sing lagi mencok ana
pang, nuli tanpa mikir dawa Sangkuriang banjur manah manuk kui kanthi pener. Sangkuriang nuli
ngongkon Tumang kanggo ngoyak manuk sing tibo mergo kepanah mau, nangning Tumang meneng wae
lan ora gelem nglakoni apa sing dadi kongkonane Sangkuriang. Amarga mangkel banget, mula
Sangkuriang nuli ngusir Tumang lan ora ngolehke mulih menyang ngomah bareng Sangkuriang
Sangantine tekan ngomah, Sangkuriang nyeritoke kedaden kesebut marang ibune. Krungu cerito saka
anake, Dayang Sumbi banjur nesu. Dheweke njupuk enthong, lan digebugake menyang sirahe
Sangkuriang. Amarga rumangsa kuciwa karo ibune, mula Sangkuriang mlayu lunga saka ngomah, lan
ora bali. Sakwise kedaden kuwi, Dayang Sumbi getun banget. Dheweke ndedonga saben dina, lan
njaluk ben sawiji dina mengko bisa ketemu karo anake maneh. Amarga donga saka Dayang Sumbi
kesebut, mula Dewa menehine siji bebungah ngrupa kayon lestari lan umur enom salawase.

Sakwise pirang-pirang taun kapungkur Sangkuriang lungo, akhire dheweke nduwe pangarah kanggo
mulih menyang desane. Sangantine neng kana, dheweke kaget banget, amarga desa ne wis ngowah
total. Rasa seneng Sangkuriang kesebut nambah pas wektu neng tengah dalan ketemu karo sawong
wedok sing ayu banget, sing ora liya yaiku Dayang Sumbi. Amarga puluhan taun ora ketemu Dayang
Sumbi mula dheweke pangling ugo ra ngerteni yen kui ibune. Singkat cerita mula Sangkuriang banjur
nglamar Dayang Sumbi supaya dadi bojone. Akhire lamaran Sangkuriang katampa saka Dayang
Sumbi, lan sepakat arep rabi neng wayah cedhak. Suwujining dina, Sangkuriang njaluk ijin calon
bojone kanggo berburu neng ngalas. Sadurung mangkat, dheweke njaluk Dayang Sumbi kanggo
ngencengke ikete. Kaget Dayang Sumbi, amarga nang wektu dheweke ngencengke iketan
Sangkuriang, dheweke ndeleng ana bekas tatu. Bekas tatu kesebut mirip karo bekas tatu anake.
Sakwise pitakon marang Sangkuriang babagan penyebab tatune kuwi, Dayang Sumbi nambah kaget,
jebulna bener menawa calon bojone kesebut yaiku anake dhewe.

Dayang Sumbi bingung kudu kepiye, amarga dheweke ora bakal rabi karo anake dhewe. Sakwise
Sangkuriang mulih berburu, Dayang Sumbi nyoba ngomong marang Sangkuriang, supaya
Sangkuriang murungna niate ngrabeni Dayang Sumbi. Nanging panjaluk Dayang Sumbi kesebut ora
disetujoni Sangkuriang lan ora percoyo yen calon bojone kuwi saktemene ibune dewe. Saben dina
Dayang Sumbi mikir kepriye carane supaya mantenan kui ora sido kedadean. Sakwise mikir, akhire
Dayang Sumbi nemu cara paling becik. Dheweke ngajokake rong (2) syarat marang Sangkuriang. Yen
Sangkuriang bisa ngebaki 2 syarat kesebut, mula Dayang Sumbi gelem didadekne bojo, ning sawalike
yen wurung mula raben kuwi kudu dibatalake. Syarat sing pisan Dayang Sumbi pengen supaya kali
Citarum dibendung. Lan sing kapindho yaiku, njaluk Sangkuriang kanggo nggawe prau sing gedhe
banget kanggo nyebrang kali. 2 syarat kuwi kudu dirampungake sadurung isuk tumeka. Dayang
Sumbi nuli njaluk bantuan warga sekitar kanggo ngenengna bebed sutera arupa abang neng sisih
wetan kutha. Pas ndeleng werna ngabang neng wetan kutha, Sangkuriang nduga yen dina wis
menjelang esuk. Sangkuriang teras ngendhegake gaweane lan rumangsa ora bisa ngebaki syarat sing
wis diajokake saka Dayang Sumbi. Kanthi rasa jengkel lan kuciwa, Sangkuriang nuli njebol bendungan
sing wis digawe. Amarga jebol bendungan kuwi, mula kedadeana banjir lan kabeh kutha kleleb banyu.
Sangkuriang uga nendang prau gedhe sing wis digawe. Prau kuwi mabur lan tiba mengkurep, nuli dadi
gunung sing nduwe jeneng Tangkuban prau
Timun Mas

Jaman bien onok rondho kere seng jenenge mbok srini. Wong wedhok iki pengen duwe anak ben
duwe konco. Nanging rasane koyok ndak mungkin amarga umure mbok srini wes tuwo. Mbok srini
ngengkel ndungo ben nduweni anak. Suwi-suwi, kepengenani rondho iki diweruhi buto ijo. Buto ijo
ngomong neng dheke lek butho ijo iki iso lho ndadekno kepengenane mbok srini dadi nyoto. Tapine,
mbok srini kudu gelem keiket janji neng buto ijo.jare buto ijo, lek mbok srini gelem nandur wiji timun
ambek gelem ngramut, emben mbok srini bakal nemu bayi neng njero woh timun. Lha lek wis nemu
bayine, rondho iki kudu gelem ngramut sing tenan, gelem makani ben dadi anak sing lemu, ambek
gelem mbalekno neng raksasa lek wis gedhe.

Mbok srini nrimo syarat iku mau. Moro dheke nandur wiji timun seng diwehi buto ijo ambek ngramut
sing tenan. Wiji timun mau urip. Ndilalah onok siji woh timun seng buedo banget karo liyane. Wernoe
kuning koyok emas, ambek ukurane guedhi ra umum tenan. Pas woh iku disigar, mbok srini kaget,
soale neng njeroe onok bayi. Moro dheke njenengi bayi kui timun mas. Gak kroso, timun mas wis
gede. Dheke dadi arek sing uayu, uapik karo kabeh wong, ambek muanut neng ibune. Moro, buto ijo
teko nagih janji. Tapine, mbok srini gak ujug-ujug mbalekno timun mas neng buto ijo. Dheke gak
pingin ndelok timun mas diemplok dino iku. Mulane, mbok srini rodhok mbulet ambek ngapusi buto ijo
ben buto ijo gak sido njupuk anak kuwi. “too, butooo, mulio sek yooo, mbaliko neng kene rong taun
engkas. Tak jamin rong taun engkas dheke wis lemu, wethenge njemblung-mblung meh koyok
wethengmu, ambek maknyus lek mbok untal,” jare mbok srini.

Buto ijo ngono kui percoyo ae karo cangkemane mbok srini. Soale dheke bener-bener mbayangno
tenan lek rong taun engkas timun mas bakal luemu, dadine lek diuntal buto bakal wareg tenan. “ndoo
rondhoo, elingo yoo, rong taun engkas aku bakal mrene maneh. Ndek wektu iku, lek timun mas
gaonok utowo sek kuru koyok rongkoo, ndasmu seng tak kepruk,” jare buto ijo. Mbok srini ngiyani
buto iku mau banjur golek akal supoyo iso ngakali buto ijo. Wis rong taun, mbok srini yo wes teko
umahe datuk ngewehi cekelan gawe timun mas. Buto ijo iku mau teko. Mbok srini ngongkon timun
mas mblayu seng banter ambek gowo buntelan teko datuk. Pas timun mas wis kepegelen, dheke
nyawat wiji timun neng buto ijo sing ngepung dheke. Ajaib tenan, moro-moro onok tanduran timun
uakeh seng guedhine ra umum ambek mbuleti awake buto ijo. Tapine, buto ijo dadakno iso lolos
ambek ngepung timun mas maneh.

Pas buto ijo wis meh cuiidhek maneh karo timun mas, buto ijo kui diuncali dom. Ndilalah dome
dadakno ngerupo tanduran pring-pring ruapet seng iso njiret sikile buto ijo sampek buto ijo kui
kesandung-sandung. Seng ketelu, timun mas nyebar uyah neng buto ijo sing sik iso lolos tekok
jiretane pring-pring mau. Lah, ajaib neh iki, uyah seng disebar timun mas mau moro-moro ngerupo
segoro. Meh ae, buto ijoe kedhelep, tapine dheke sek iso nglangi. Jan-jan, dheke sek gak kapok-
kapok nguber arek cilik seng kesite eram kui. Iki seng terakhir, timun mas nguncali buto ijo karo
terasi sing ambune buadeg. Peh, terasine ngerupo dadi ledhog puanas, jembar ambek jeruh. Buto ijoe
kedhelep neng ledhog jembar jeruh kui, gak mentas-mentas, sampek modar
Danau Toba

Neng wilayah Sumatera uripa sawong petani sing sregep banget tandhang gawe. Dheweke urip dhewe
tanpa batih. Saben dina dheweke tandhang gawe ggarap sawah lan golek iwak. Hal iki dipayokake
dheweke kanggo ngebaki kebutuhane sadina-dina. Nang sawijining dina petani kesebut lunga
menyang kali neng cedhak omahe, dheweke nduwe pangarah nggoleki iwak kanggo lawuh dina iki.
Kanthi mung berbekal siji pancing, pakan lan panggon iwak, dhewek banjur mangkat menyang kali.
Sakwise sangantine neng kali, petani kesebut banjur nguncalke panjinge . Kanthi nunggu panjinge
dipangan iwak, petani kesebut ndonga,“Duh Gusti Alloh, muga-muga aku bisa oleh iwak akeh dina
iki”. Sawentara wektu sakwise ndonga, pancing sing dilemparkannya mau nampak bergoyang-goyang.
Dheweke cepet nggeret panjinge. Petani kesebut seneng banget, amarga iwak sing dioleh dheweke
gedhe banget.

Sakwise sawentara wektu memandangi iwak pakoleh tangkepane, petani kuwi kaget banget. Jebulna
iwak sing ditangkepe kuwi bisa ngomong. “tulung aku aja dipangan pak!! Benke aku urip”, bengok
iwak kuwi. Tanpa akeh takon, iwak tangkepane kuwi banjur dibalekne menjero banyu meneh. Sakwise
mbalekne iwak menjero banyu, petani kuwi nambah kaget, amarga dumadakan iwak kesebut ngowah
dadi sawong wedok sing ayu banget. “Aja wedi pak, aku ora arep nglarani kowe”, tembung si iwak.
“sapa kowe iki? Bukane kowe seekor iwak?, takon petani kuwi. “aku yaiku sawong putri sing dikutuk,
amarga nglanggar aturan kerajan”, jawab wedok kuwi. “Terimakasih kowe wis membebaskan aku
saka tumakne kuwi, lan dadi imbalannya aku gelem kok dadekne bojo”, tembung wedok kuwi. Petani
kuwia setuju. Mula dadia dekne kabeh dadi bojo bojo. Ning, ana siji ujar sing wis disepakati, yaiku
dekne kabeh ora oleh nyeritoke menawa asal-usul Puteri saka seekor iwak. Nek ujar kuwi dilanggar
mula arep kedadean petaka dahsyat.

akhire kebahagiaan Petani lan bojone nambah, amarga bojo Petani bayen sawong bayi lanang. Anak
dekne kabeh tuwuh dadi anak sing tampan banget lan kuwat, ning ana kebiyasan sing nggawe heran
kabeh wong. Anak kesebut sanuli rumangsa ngelih, lan ora tau rumangsa wareg. Kabeh jatah
panganan dilahapnya tanpa turah. Nganti mubarang dina anak petani kesebut mbisa tugas saka
emboke kanggo ngiringaken panganan lan wedang menyang sawah neng endi bapake lagi tandhang
gawe. Ning tugase ora dikebakane. Kabeh panganan sing sakudune kanggo bapake dilahap entek, lan
sakwise kuwi dheweke keturon neng siji gubug. Pak tani nunggu ketekan anake, kanthi nguwawa
ngelak lan ngelih. Amarga ora kuwawa nguwawa ngelih, mula dheweke banjur mulih menyang omah.
Neng tengah dalan mulih, pak tani ndeleng anake lagi turu neng gubug. Petani kesebut banjur
nangekne dheweke. “Hey, tangi!, bengok petani kuwi. Sakwise anake ketangi, petani kuwi banjur
narekne panganane. “endi panganan gawe bapak?”, takon petani. “wis entek dakpangan”, jawab si
anak. Kanthi nada dhuwur petani kuwi banjur nyrengeni anake. "anak ora tau diuntung ! Ora ngerti
awak! Dasar anak iwak!," umpat si Petani tanpa eling wis mengucapkan tembung pantangan saka
bojone. Sakwise petani mengucapkan tembung-tembung kesebut, saknalika kuwi uga anak lan bojone
ilang lenyap tanpa bekas lan jejak. Saka bekas injakan sikile, dumadakan menyemburlah banyu sing
deras banget. Banyu meluap dhuwur banget lan amba dadine mbentuk siji telaga. Lan akhire mbentuk
siji tlaga. Tlaga kuwi akhire dikenal kanthi jeneng Danau Toba.
Malin Kundang

Malin Kundang, mboke, lan adhine manggon ing sawijining desa, ing wilayah Sumatra Kulon, pinggire
laut. Mboke Malin, Mande Rubayah, golek panguripan dewe damel dhekwene. Malin ngroso welas
dateng mboke. Akhire Malin nekat lungo adoh numpak prahune saudagar damel pados penggawean
supaya bisa sugih.

Ning tengah segara, prahune saudagar dikroyok poro begal segoro. Sedaya bhondho dagangane
saudagar dijalunk kabeh lan katah wong sing dipateni. Malin Kundang ora kepaten amergi ndelik ing
lebete kamar alit.

Prahune nyanggrok teng sakwijining pulau sing desa ne makmur tenan. Malin Kundang sing ulet lan
temenan angsale nyambut gawe, suwening-suwe kasil dados tiang ingkang sugih bhondho. Sak
sampune, Malin nglamar Wanodyo, keturunan bangsawan, dados bojone.

Mande Rubayah teng segoro saben sore damel ngentosi Malin. Mande Rubayah ing pungkasane
seneng krungu kabar babagan Malin Kundang sing sampun sugih lan wes rabi.

Malin lan garwane (bojone) bali menyang desane numpak kapal mewah. Nalika mudhun saka kapal,
Malin kaget amergi angsal rangkulan sangking Mande Rubayah sing sepuh lan sandangane ora pantes.

Malin ora ngaku nek Mande Rubayah niku mboke kandung. Dhekwene ngeculake rangkulane mboke
lan pungkasane nyurung mboke. Dhekwene uga ngina yen ora mungkin ibune niku sing mlarat, reged,
lan mambu. Banjur Malin bali numpak kapal.

Mande Rubayah ndungo: “Dhuh Gusti, yen wong niku dudu anakku, mula aku bakal ngapura tumindak
sing wus ditumindhakke, nanging yen niku pancen anakku, Malin Kundang, mula pancen dhekwene
putra sing durhaka, kutuklah dhekwene dadi watu.”

Ora suwe sawise, cuaca moro-moro peteng dibarengi kilatan udan deres. Ana badai ing tengah segoro
nyapu perahune Malin Kundang. Perahune ajur lan awake Malin Kundang kegowo ombak sampek ing
ngarepe Mboke. Malin jaluk ngapura, nanging kutukan wus keucap. Malin Kundang lan tugelane
perahu berubah dadi watu.
Keong Mas

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh
lelara gawe uripe warga ketula-tula. Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing
lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan
kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya
nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis
saking prahara punika.” Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-
miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa
kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining
keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah
dicemplungake genthong. Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup
urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh
ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe.
Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri
panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula
kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi
putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb
ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana
sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa
ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat.
Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni
Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu
dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok
Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita
menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan
ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana.
Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe
Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang.
Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise
pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok
Randha Dhadapan.
Bawang Merah Bawang Putih

Dhikik kala, ana siji keluarga sing rahayuning ngaurip. Dekne kabeh nduweni sawong puteri sing
diwenehi jeneng bawang putih. Ning nang mubarang dina, embok bawang putih tiba lara lan akhire
mati. Sakwise kedaden kuwi, bawang putih urip dhewe karo bapake. Bapak bawang putih yaiku
sawong pandagang sing kerep lelungan adoh. Amarga ora tega mungkur bawang putih dhewen neng
omah, akhire bapak bawang putih ngongkonke rabi meneh karo sawong randha. Randha kesebut
nduweni siji anak sing diwenehi jeneng brambang. Sabenere pangarah bapake yaiku ben bawang
putih ora kesepen lan nduweni kanca sing ngewangine neng omah. Ning jebulna, embok lan kakang
tiri bawang putih nduweni sifat sing ala. Dekne kabeh bersikap becik nang bawang putih mung pas
bapake ana barenge. Ning pas bapake lunga ndagang, dekne kabeh ngongkon bawang putih
ngerjakne samubarang pagawean omah kaya sawong batur. Jebulna kemalangan bawang putih
durung mandheg nganti dikono, selang beberapa wayah, bapak bawang putih uga tiba lara lan akhire
mati donya.

Saiki, embok tiri lan brambang bersikap tambah ala nang bawang putih. Bahkan wayah ngaso bawang
putih uga tambah kewates. Saben dina dheweke kudu ngladeni kabeh kebutuhan brambang lan
embok tirinya. Nganti dimubarang esuk pas bawang putih misuh neng kali, tanpa dielingi salah siji
selendang kedemenan brambang hanyut. Pas nganti omah, brambang nyrengeni bawang putih
amarga selendangnya ora dheweke temokake. Dheweke ngongkon bawang putih nggoleki selendang
kuwi lan ora oleh mulih sadurung mengarepe. Akhire, bawang putih nyusuri kali kanggo nggoleki
selendang kuwi. Nganti larut bengi, selendang kuwi durung uga dheweke temokake. Pas tengah
nyusuri kali, bawang putih nelihat siji gubuk, jebulna gubuk kuwi dihuni saka sawong mbah putri
sebatang kara. Bawang putih akhire njaluk izin kanggo nginep sabengi. Mbah putri kuwi cukup
gemati, dheweke ngayo bawang putih kanggo nginep. Mbah putri kuwi uga narekne perihal babagan
bawang putih, lan kepriye dheweke nganti neng panggon kuwi. Bawang putih pun nyeritoke nasib sing
dialamine, nganti mbah putri sing krungu kuwi rumangsa iba. Jebulna, selendang sing den upadi
bawang putih ditemokake saka si mbah putri. Lan mbah putri kuwi arep ngabangna selendang kuwi
karo syarat bawang putih kudu ngancanane sajrone seminggu. Bawang putih nrima tawan kuwi karo
seneng ati.

Wayah seminggupun nuli, lan saiki wayahe bawang putih kanggo mulih. Amarga sajrone tinggal
dikono bawang putih sregep banget, mbah putri kuwi menehake selendang sing dhisik dheweke
temokake lan menehi bebungah nang bawang putih. Dheweke dikongkon mileh diantara loro buah
labu kanggo dheweke gawa. Awalnya bawang putih pengen menolak, ning amarga pengen ngajeni
paweweh, bawang putih akhire mileh labu sing cilik karo alasan wedi ora kuwat nggawane. Lan mbah
putri kuwi mung ngesem krungu alasan kuwi.

Sakwise kuwi, bawang putiha cepet mulih lan ngabangna selendang kuwi nang brambang. Sakwise
kuwi dheweke cepet menyang dapur kanggo nyigar labu lan mangsake. Ning ebo kagete dheweke,
amarga pas labu kuwi disigar, jebulna labu kuwi berisi emas mata sing akeh banget. Sacara ora
sengaja, embok tiri bawang putih ndelenge lan teras merampas kabeh emas kuwi. Dudu mung kuwi,
dheweke uga meksa bawang putih kanggo ngawake dhewekne saka endi dheweke mbisa labu ajaib
kuwi. Bawang putiha nyeritoke kabeh kedaden sing dialamine. Krungu cerito bawang putih, muncul
pangarah ala neng benak embok tiri sing serakah kuwi. Esok esuke, dheweke ngongkon brambang
kanggo nglakoke hal den samya kaya sing silakukan bawang putih, dheweke ngarep-arep arep bisa
nggawa mulih labu sing luwih gedhe dadine isinya luwih akeh. Singkat cerito, brambang sing lumuh
kuwi tiba neng gubuk mbah putri, lan dhewekea tinggal dikono sajrone seminggu. Ning amarga
sifatnya sing panglumuh, dheweke mung nglumuh-lumuhan wae lan ora arep ngewangi pagawean si
mbah putri. Lan pas wis wayahe mulih, dhewekea neng kongkon mileh labu dadi bebungah. Tanpa
mikir dawa, dheweke teras njupuk labu sing gedhe lan cepet mlayu mulih tanpa mengucapkan
terimakasih. Sakwise tiba diomah, emboke seneng banget ndeleng anake nggawa labu sing gedhe
banget. Dheweke mikir mesti emas neng jerone cukup akeh. Amarga ora pengen kawruhan saka
bawang putih lan wedi nek bawang putih jaluk kanggonan, dekne kabeh ngongkon bawang putih
misuh dikali. Sakwise kuwi dekne kabeh mlebu kamar lan menguncinya karo rapet. Karo ora sabar,
dekne kabeh cepet nyigar labu kuwi. Ning dinjaba dugaan, dudu emas sing ana dijerone. Ngliyakne
labu kuwi dikebaki ula, kalajengking, kelabang, lan macem-macem kewan mbisa. Karo cepet kewan-
kewan kuwi metu saka labu lan menggigit kapindho anak lan embok serakah kuwi. Dekne kabeh ora
bisa kabur, amarga lawang kamar dekne kabeh kunci rapet lan dekne kabeh tutup karo lamari saka
jero. Akhire, dekne kabeh mati neng jero kamar bareng keserakahan dekne kabeh. Sakwise dekne
kabeh mati, kewan-kewan mbisa kuwi kenyap ora berbekas.
Jaka Tarub

Ing desa Tarub, enten mbok rondo ingkang paring asmo Mbok Rondo Tarub. Dhekwene manggon
kiambang, mulane Mbok Rondo Tarub banjur ngangkat bocah lanang sing jenenge Jaka Tarub. Mobok
Rondo ngurus anak angkat saking wiwit cilik nganti diwasa, kanti seneng kaya anake dewe.

Nalika sampun diwasa, Jaka Tarub tuwuh dadi bocah enom sing rajin nulungi ibune. Jaka Tarub ugo
gadah rai seng apik banget. Dhekwene sering mburu kewan ing alas gunakne sumpit.

Katone prayoga lan ndamel bocah wadon katresnan (kecathol), nanging Jaka Tarub mboten purun
nginep. Mbok Rondho aring ujar menawi dhekwene kepingin Jaka Tarub Nikah cepet.

“Jaka, Mbok njaluk tulung supaya enggal rabi. Umur-mu cukup kanggo mapan mudhun. Wajahmu ya
ganteng, saengga gampang golek bocah wdon seng disenengi”. (ujare Mbok Rondho).

“Mbok, sakniki Jaka mboten pingin gadah rencang urip. Nek mpun wayahe Jaka tak golek
bojo” (wangsulane Jaka Tarub).

“Ora apa-apa, yen koyo mengkono seng samian karepke. Mbok mung ndedonga seng apik, marang
Joko. Amergo Mbok tresna marang Jaka”. (ujare Mbok Rondo).

Nganti sakwijining dinten, Mobk Rondo tiwas amergi lara, lan Jaka Tarub durung kawin. Wiwit cilik
mpun ngramut Jaka Tarub, gawe Jaka Tarub sedih. Utamine ngelingi dhekwene durung rabi, nganti
Mobok Rondho mati. Banjur Jaka Tarub maleh dadi wong kesed, asring lamaran amergi rumongsa
semangat uripe bakal ilang.

Ing setunggaling awan, kaya biasane Jaka Tarub turu ing omahe. Nalika turu dhewekne ngimpi
mangan kijang seng lembut lan enak. Nalika tangi, dhekwene kroso luwe lan kepingn mangan dagin
kijang. Banjur Jaka Tarub menyang alas kanggo golek kidang.

Damel tumbak, kanti alon-alon ing jero alas mengintai mbok menawi enten kidang. Nanging wes suwe
kliaran ing jero alas, dhekwene orang memu kewan masio siji.

Senajan dhekwene wes mlebu neng jero alas sing durng nate ditekani. Amergi sampun ngraos kesel,
banjur Jaka Tarub lungguh lan relen ing sawijining watu gedhe. Mboten sadar Jaka Tarub tilem maleh
amergi kesel.

Pas tilem kemriyip (sayup-sayup) Jaka Tarub mireng suwara-suwara wong wadon seng lagi guyonan.
Dhekwene banjur tangi lan madosi asale suwara niku wau.

“Aku keprungu swarane wong wedok, aku kudu goleki sopo dhekwene?”. (ucape Jakat Tarub neng jero
ati).

Sawise nggoleki arah swarane, pungkasane Jaka Tarub ngerti yen swara kasebut saka tlaga. Banjur
dhekwene ngumpet ing mburine watu gedhe pinggire telaga. Sangking mburi watu kasebut, Jaka
ndeleng enten 7 wadon seng ayu banget lagi adus. Dhekwene kaget heran, kepiye carane bisa ana
pitu wanita seng ayu bisa dus ing tengah alas.

“Aneh banget, sapa dhekwene? Nopo kok dhekwene bisa ing tengah alas seng kandel”. (ujar Jaka
tarub ing jero ati).

Pintu wanita kasebut pancen ayu banget. Jaka ora tau ndeleng wanita seng rupane ayu, koyo bidadari
niku. Mula Jaka Trub kepingin nikah kalih salah setunggaling wanita kasebut.
Bareng weruh enten selendang 7 sing enten ing pinggir telaga. Banjur Jaka Tarub mendet setunggal
selendang, banjur didelekne.

” Aku kepingin nikah, kalih salah setunggal sangking bidadari iku. Meding salah siji slendange tak
dhelek-ne”. (gumam jaka)

Ameh sore pitu bidadari wau ngrampungke adus. Wong wadhon seng ayu-ayu mau langsung damel
klambi, damel slendang. Dhekwene banjur miber teng khayangan.

Akhire Jaka Tarub ngertos nek dhekwene bidadari sangking kayangan. ” Ah, pantes dhekwene ayu
banget, tibake bidadari kayangan”. (ujar Jaka Tarub).

Salah sawijining wanita sing jenenge Nawang Wulang, ketok bingung goleki sawal (slendang),
sementara keenem wadon liyane ajeng mabur teng khayangan.

” Aduh, endi slendangku ? Mau aku simpen ing pinggir telaga. Kepriye iki ? Nek slendangku ora
ketemu, aku ora iso mulih ing khayangan”. (ujar Nawang Wilan ketok bingung).

Nawang Wulan tibake dulur kang paling enem sangking kepitu bidadari kasebut. Makayune wes podo
miber neng khayangan, Nawang Wulan nangis misek-misek.

Nawang Wulan ngroso wedi amergi mboten kiyat urip teng dunia manungsa. Delengi kadadean
kasebut, Jaka Tarub banjur nyedeki, damel ngajak kenalan lan nawari pitulung.

” Hai, ana apa kok Adinda nangis dewekan ing pinggir telaga ? Nami kula Jaka Tarub, kula tinggal ing
deso cedek kene. Nopo enten seng saget tak bantu ?” (Jaka Tarup, etok-etok nawarne pitulung).

” Oh. aku kelangan slendang, dadose mboten saget wangsul teng khayangan”. (ucape Nawang
Wulan).

” Oh, nek ngoten Adhinda angsal manggon ing omahku, tinimbang urip dewean ing jero alas. Mboten
usah wedi, aku ajeng jagi-mu”. (ucape jaka tarub).

” Nggih nek ngoten, aku turu teng griane jenengan mawon”.  (Nawang Wulang, kepeksan nrima
dhekwen, amergi mboten ngertos badhe nglakoni nopo malih.

Akhire Dewi Nawang Wulan ngnep ing daleme Jaka Tarub. Mboten dangu, banjur Jaka Tarub lan
Nawang Wulan rabi lan urip seneng. Nopo malih Nawang Wulan mbobot banjur nglairne bayi wadon,
seng diparingi jeneng Nawangsih.

Senajan urip seneng kalian anak lan bojone, Jaka Tarub wis suwe gumun, amergi lumbung pari gone
dhekwene ora tau sudo malah nambah. Sabendinten bojone masak kanti mendet beras sangking
lumbung parine, nanging lumbung parine mboten kelong sitik wae.

” Aku ora ngerti sebabe beras ora nate suda nanging sejatine saya tambah katah, senajan bojoku
sabendino masak “. (gumam Jaka Kaheranan).

Nganti ngi sawijining dinten, garwane lagi masak nasi, nanging gadah keperluan ing kali. Banjur
Nawang Wulan gadah pesen damel garwane supoyo njogo geni lan mboten angsal mbikak tutup
kukusan sego.

” Kakang, aku masak sego, namung enten keperluan sedelo ing kali. Kakang, tulung jaganen genine,
ampun ngantos mati utawa terlalu gedhe. Tulung jaganen Kakang, ojo ngampi mbikak tutup kukusane
“. (Ature Nawang Wulan).

” iya, Kakang bakal njaga”. (ature Jaka Tarub sakwise bojone mungkur, lan bidal teng kali). Jaka
Tarub ngraos penasaran kaleh pesen istrine, teng nopo kok mboten angsal mbikak tutup kukusan
nasi.
Amergi ora bisa nahan roso penasaran, banjur Jaka Tarub mbikak kukusan nasi. Dhekwene ngroso
kaget, amergi seng dikukus bojone namung enten sebutir beras.

” Aneh, bojoku namung masak sewiji beras. Pantesan lumbung pariku ora nate suda”. (kata Jaka
Tarub dalam hatinya)

Nalikane nawang wulan bali sangking kali, dhekwene neen ing jero kukusan mung enten sebutir
beras.

“Ing jero kukusan mung ana seglintir beras, tegese bijoku mau nglanggar larangan kasebut, lan
mbukak kukusan niki”. (ucape Nawang Wulan).

Nawang Wulan tibake gadah kekuatan seng mboten diduweni manungsa biasa. Nawang Wulan bisa
masak sebutir pari, dados sewakul sego. Akhire Nawang Wulan ngertos yen bojone mbukak kukusan
kasebut.

Asile, kesaktian engkang diduweni Dewi Nawang Wulan engkang didelekne akhire musnah. Dadose
sakniki Nawang Wulan gudu kerjo kaya manungsa biasa, kayata mumbuk pari, menampi ngantos
masak beras ngantu dadi sego. Selot suwe lumbung pari gone Jaka Tarub entek.

Sakwijining dina Nawang Wulan badhe mendet beras ing lumbung pari. Nanging sayange, mong anan
titik pari seng kasedhiya. Nalika njupuk sisa-sisa beras, dumadakan muncul slendang sing wus suwe
ilang.

Nawang Wulan akhire kelingan lan nesu ngerti sejatine bojone seng ndhelikne selendang kasebut.
Nawang Wulan lansung ngagem slendang kasebut, banjur cepet-cepet nemono bojone.

“Bojoku. Amerga Kakanda mbukak tutup kukusan, kesaktianku dadi ilang lan damel lumbung pari
kata entek. Lan uga ternyata, kabeh wektu iki sampean ndhelikne selendangku. Kbeh iki rencanane
sampian, nalika iki hubungan kita wis rampung, Aku bakal bali menyang khayangan”. (ujare NAwang
Wulan).

“Nyuwun pangapunten bojoku. Aku ngakoni kabeh kesalahanku, nanging ora usah niggalke aku lan
anakmu, Nawangsih”. (Jaka Tarub jaluk tulung teng bojone).

“Nyuwun sewu kakanda, aku gudu mulih teng khayangan. Tulung jaganen apik-apik anak kita,
Nwangsih. Lan tulung Kakanda damelne dangau ing cedeke omah. Banjur dekekne Nawangsih saben
bengi ing dangau. Aku bakal teko saben wengi damel nyusui Nawangsih, lan ojo ngintip pas aku
nyusui Nawangsih”. (Nawang Wulan banjur miber neng khayangan).

Jaka Tarub rumangsa sedhih lan nyesel karo perbuatane dewe. Jaka Tarub langsung damel dangau
ing cedeke umah. Lan sesuai kalian panjaluke bojone, dhekwene ndekek Nawangsih saben wengi ing
dangau, supoyo disusui dateng Nawang Wulan.

Anda mungkin juga menyukai