Anda di halaman 1dari 9

NASKAH MALING CALURING

STAGE 1
Simbok : “eee layo latar wes disapu kok isek lusuh ae”
Caluring : “mbok, anakmu moleh”
Simbok : “anakku Caluring seng ganteng dewe dewe dewe, kene tak ambung”
Caluring : “hoalah mbok mbok, aku ki wes gedhe kok sek panggah diambung, hiiii gilo mbok aku”
Simbok : “karo mbok e kok iso-isone koyo ngono le”
Caluring : “lo lo lo lo kurang ajar titike moreng-moreng mbok”
Simbok : “yowes rinio, simbok wes masak uenakkk iki lo”
Caluring : “layo ngono to mbok anake moleh dikeki mangan”
Caluring : “jangan opo mbok iki?”
Simbok : “jangan asem le”
Caluring : “tak icipane yo mbok”
Simbok : “iyo icipono”
Caluring : “rasane kok ngene mbok”
Simbok : “piye le?”
Caluring : “ASIN, jare jangan asem kok asin temen”

Simbok : “yo ngono iki seng nggarai bapakmu kepincut marang simbok”
Caluring : “YO YO MBOK”
Caluring : “oh yo mbok aku gak tumon bapak, bapak neng ndi? (jeda) Mbok sampean ki dijak omong kok meneng ae
(jeda) Mbok mbok, lho sampean opo'o?”

Simbok : “ono kedadean le pas awakmu gak onok nang omah”


Caluring : “kedadean yok opo mbok?”
Simbok : “mareknono manganmu disek, ngko simbok ceritani”
Caluring : “emoh mbok, aku lek gak kok ceritani aku emoh mangan iki”
Simbok : “lek iki ra kok pangan sopo seng katene mangan le”
Caluring : “aku gelem mangan iki, tapi ngko ceritakno yo”

Simbok : “iyo engkok tak ceritani”

Caluring : “temenan yo mbok”

Simbok : “iyo temenan”


Caluring ngentekake panganane
Simbok : “uwes le ayo digowo nyang mburi gek mengko mbok ceritani”
Caluring : “iyo mbok”
STAGE 2
Maling 1 : “iki bos hasile maling neng deso Sukorejo”
Siwan Suloyo : “iki sek kurang gawe dibagi wong 3”
Maling 2 : “heh heh ono pak lurah, ayo gek endang mlayu ae”
Pak lurah : “wes wes mandeko kabeh, siwan kelakuanmu iki ngisin-ngisini deso Sukorejo. Goro-goro kon maling bondone
warga entek kabeh saiki”
Siwan Suloyo : “aku ngelakoni iki goro-goro aku loro ati karo kon”

Pak lurah : “kelakuanmu iki wes liwat bates, nek ancene kon pengen marekne masalah iki ayo adepono aku”
PAK LURAH GELUT AMBI BAPAK CALURING, BAPAKE MATI
Simbok : “yok opo seh pak awakmu iki? Pak lurah sampean ngapakne bojoku” (nangis nangis)

Pak lurah : “hee suratih, sampean wes ngerti koyo opo tumindake bojone sampean, nek saiki bojone sampean wes mati
yo iku hukumane, saiki sabar tabahne atine sampean”
Simbok : “pak lurah sampean tego mateni bojoku, ngene ceritane aku bakal dadi rondo” (nangis-nangis)
STAGE 3
Simbok : “kok yo ngono iku le matine bapakmu”
Caluring : “dadi koyo ngono iku mbok”
Simbok : “iyo lee”
Caluring : “BANGSAT gak trimo aku , bakal tak pateni lurah sukorejo iku”
Simbok : “ojo le, ojo paten-patenan maneh”
Caluring : “mbok aku iki moleh teko gunung sewu, JANCOK lakok bapak mati koyo ngene mbok”
Simbok : “loro le”
Caluring : “iyo mbok aku yo loro bapak mati koyo ngene”
Simbok : “sikilkuuu” (caluring ngidek sikile simbok)
Caluring : “sepurane mbok"

Simbok : “wes cukup simbok kelangan bapakmu ojo sampek aku kelangan anakku”
Caluring : “sepurane mbok aku tetep ngelanggar”
Simbok : “CALURINGGGGG” (nangis-nangis)
STAGE 4
Bojone lurah : “sutinah sutinah mreneo”
Sutinah : “enggeh buk wonten nopo?”
Bojone lurah : “mejo iki sek reget ndang resikono”
Sutinah : “enggeh bu”
SUTINAH RESIK-RESIK KARO NGGREMENG
Pak lurah : “penggaweanmu opo wes mari? Polahanmu iku lo”
Sutinah : “sampun pak”
Pak lurah : “halah durong, aku ndelok teko kono durong mari ngono”
Sutinah : “ojo medeni ngono to pak, ayo tak baturi”
Bojone lurah : “HE HE HE, ojo cekel-cekel bojoku ngono”
Sutinah : “halah bu gapopo sitik ae”
Bojone lurah : “wes age kono tutukno penggaweanmu”
Sutinah : “enggeh bu, dadahh pak lurah”
Bojone lurah : “duh mumet aku pak nduwe babu koyo ngono. Opo'o seh pak rupamu atek pucet koyo ngono?”
Pak lurah : “bapak ki bingung buk deso sukorejo iki wes gak aman maneh”
Bojone lurah : “lohh, gak aman yok opo pak?”
Pak lurah : “ngene buk yo, warga iki akeh seng lapor nang bapak akeh seng podo kemalingan, maeng ki narti yo
ngomong buk wedhuse sak kandang iku ilang kabeh”
Bojone lurah : “paling wedhuse tumbas mangan pak”

Pak lurah : “yo gak buk, jelas-jelas gone narti kemalingan”

Bojone lurah : “yowes yowes pak, seng penting iku mbiyen yo mbiyen saiki yo saiki, sampean saiki wes dadi lurah
sukorejo pak”
Pak lurah : “iyo iyo buk bener sampean iku”
ANAKE PAK LURAH TEKO
Sundari : “yuh yuh bapak karo ibuk iki atek mesra temen, aku maleh pengen”
Bojone lurah : “mesra gundulmu iku ndok ndok”
Sundari : “ono opo to pak buk?”
Pak lurah : “ngene lo ndok, deso sukorejo iki wes gak aman maneh, dadi awakmu lek ate dolen neng endi-endi pamito
mbari bapak utowo ibukmu cek ibukmu iso mbaturi awakmu”

Sundari : “aku yowes gedhe to pak mosok kon mbaturi”


Bojone lurah : “yowes iyo, pokok lek dolen pamit, ati ati lek neng embong”
Pak lurah : “ayo turu buk bapak uwes ngantuk”
Bojone lurah : “ayo pak wes wayahe”
Pak lurah : “lah wayah ngopo buk?”
Bojone lurah : “halah pak isin-isin barang ngarep anake”
Pak lurah : “ndok sundari ndang neng kamar kono”
Sundari : “enggeh pak tak marekno iki disek”

Sundari : "kok ngantuk yo? Opo tak turu sek yo"


SUNDARI TURU NENG KURSI CALURING TEKO
Caluring : “dino iki lurah sak keluargane bakal sawur patine bapakku, opo iki anake pak lurah kok ayumen”
Caluring : “SUN PATEK AJIKU, TURUO OJO TANGI YEN DUDUK AKU SENG NGUGAH”
Bojone lurah : “Neng ndi anakku Sundari seng ayu dewe mau. Sun sundari sun sundari” (nyeluki karo kebingunggan”

STAGE 5
Caluring : “keris iki pancen jos” (sundari tangi)
Sundari : “loh nyandi iki? Kon sopo?”
Caluring : “ora perlu ngerti aku sopo”
Anake : “aku ora kenal kon, aku gak nduwe salah”

Caluring : “kon ora nduwe salah, bapakmu seng nduwe salah”


Anake : “bapakku salah opo?”
Caluring : “bapakmu wes mateni bapakku, saiki kon tak colong ben keluargamu mati ngenes mikir kon”

Anake : “timbang bapakku seng dipateni mending kon ae seng tak pateni” (caluring nyurung sundari sampek tibo)
Caluring : “kon kate kurang ajar ambi aku, saiki kon tak lebokne neng keris” (caluring nancepne keris neng awake
sundari)
STAGE 6
Caluring : “HA HA HA HA, saiki kon neng njero keris ra iso nyandi-nyandi.” (enek seng nyeluki sundari, caluring langsung
mlayu)
Karman : “sun sundari sun sun sun” (caluring nganggo kesaktiane gek ngongkon wargo gae nyekel caluring”

Jono : “kok ono bengok bengok yo”

Karman : “bengok bengok yok opo?”

Jono : “bengok bengok iki lo maling tukang nyolong”

Karman : “kon iku goblok, jenenge maling yo tukang nyolong”

Jono : “OOO IYO IYO”


PAK LURAH TEKOOOOOO
Pak lurah : “yok opo sundari wes ditemokno?”
Karman : “lha niku pak lurah, aku krungu wonten ono seng bengok bengok”
Pak lurah : “bengok bengok yok opo?”
Jono : “yo krunguku arjuna arjuna ngono lo”
Pak lurah : “arjuna??? Anake suparman kae???”
Karman : “kaeeeee”

Jono : “jenenge seng arjuna neng deso iki nggeh niku”

Karman : “ayo diparani ae arjuna seng nyolong sundari”

Jono : “AYOOO”
STAGE 6
ARJUNA LAGI LUNGGUH DIPARANI WARGA
Karman : “arjuna kon mambengi nang endi?”

Arjuna : “aku mambengi nak kebone yu sri”

Jono : “yu sri lak pinggire pak lurah”

Jono : “nyapo bengi bengi nak kebone yu sri?”


Arjuna : “aku nyolong pencit pak”
Karman : “pencat pencit, asline kon seng nyolong sundari”
Arjuna : “mboten pak”
Jono : “uwes kon rasah kakean cangkem”
ARJUNO DIGOWO WARGA NGALEH
Mbok : “lo lo lo pak sampean kok gowo nyandi anakku?”
Warga 1 : “ngene lo mbok, anak riko wes nyolong sundari anake pak lurah”
Mbok : “enggeh to pak buktine opo sampean ngarani anaku?”
Warga 2 : “uwes mbok sampean ojo melok-melok, arjuno arep tak gowo” (arjuno digowo ngaleh)
Mbok : “duhh yok opo iki anakku digowo, aku kudu njaluk tulong Balunggo”
MBOK MARANI BALUNGGO SAKTI (MAS E ARJUNA)
Mbok : “balunggo saktiiiiii, awakmu nduk endi lee?? Balunggo saktii metuo le metuoooo, tulungen adikmuu, adikmu
digowo pak lurah dikiro nyolong anake. Balunggo sakti lek pancene awakmu gak gelem nulong aku balekno banyu
susuku”
Balunggo : “mbokkkk”
Mbok : “sepurane simbok yo le”
Balunggo : “ora mbok, kudune aku seng njaluk sepurone sampean”
Mbok : “tulungono adikmu, adikmu digowo pak lurah”
Balunggo : “opo mbok?? digowo pak lurah???? Yowes ngene wae mbok, sampean tak terno muleh aku tak moro neng
omahe pak lurah, wes mbok ayo tak terne muleh”
BALUNGGO NGETERNE SIMBOK MULEH NANG OMAH
Karman : “yok opo iki weteng kok yo luwe terussss”
Arjuna : “aku wes kebelet”
Jono : “uwes ra ngurus dapuramu aku”
Arjuna : “iki uwes teko pucuk pucuk pucuk”
Karman : “pucak pucuk aku maleh pengen teh pucuk”

Arjuno : "iki lo pak ombene, ayo gek omben"

Jono : “gundulmu, ora sopan kon marang wong tuwo”


PAK LURAH TEKO MARANI WARGA LAN ARJUNA
Pak lurah : “yok opo wes ketemu malinge?”
Karman : “sampun pak kui lo malinge”
Arjuna : “aku mboten nyolong sundari pak lurah, temenan iki”
BALUNGGO TEKO
Balunggo : “assalamualaikum”
Pak lurah : “waalaikumsalam, sopo kon iki?”
Balunggo : “kenalno aku balunggo sakti”
Jono : “kon kate lapo rene? Kon kate mbelani adikmu?”

Balunggo : “sek to, sak sejatine adiku ora bakalan sampek nyolong anake pak lurah. Wes ngene wae pak, arjuna
sampean culne gantine aku bakalan nggowo maling karo sundari mrene, yok opo?”
Pak lurah : “sek sek balunggo sakti, opo omonganmu kui kenek tak ubetne?”
Balunggo : “wong iki temenan pak”
Pak lurah : “yowes arjuno bakal tak culne, tapi nek awakmu gak iso nggowo malinge ambi sundari mrene simbokmu bakal
tak usir teko deso sukorejo”
Balunggo : “enggeh pak lurah kulo sanggup”
Pak lurah : “yowes arjuno culne”
Balunggo : “cekelen omonganku. Kulo bakal mbeto malinge mriki pak lurah”
STAGE 7
Caluring : “demen aku lek ngene, lurah sak keluargane bakal ngenes ceritane”
CALURING NANCEPNE KERIS NAK TENGAH ALAS SENG ISINE SUNDARI, BALUNGGO KARO ARJUNO MORO

Arjuna : “sun sundari, iki piye lek ora temu? Mengko simbok diusir pak lurah”
Balunggo : “uwes to, sing tenang sing santai sing slow ngono lo, sundari iku bakalan ketemu”
Arjuna : “masalahe cak aku wedi lek sundari ora ketemu”
Balunggo : “santai wae, ketemu ketemu”
Arjuna : “lohhh iki opo?” (karo nyabut keris e caluring)
ARJUNA MBUKAK KERIS IKU TERUS SUNDARI METU SOKO KERIS
Sundari : “kon sopo?”

Balunggo : “aku balunggo iki adiku arjuna, kon sopo?”


Anake : “aku sundari anake pak lurah sukorejo”
Arjuno : “oh iki to seng njenenge sundari, ayu tenan”
Balunggo : “husss awakmu ki opo seh kok maleh ngudo sundari, ono seng ayu titik langsung melek matane. Sek sek sun iki
piye ceritane kon iso neng njero keris iki”
Anake : “ana uwong seng nglebokne aku neng njero keris iki tapi aku gak eruh sopo wonge”
Balunggo : “sek jajal tak ndelok, aku ketoke ngerti iki, wohhhh ngerti iki aku tek e sopo, wes ngene wae kon ngeterno
sundari moleh menyang pak lurah aku tak gowo malinge mrono”
STAGE 8
Karman : “layo sopo seng nyolong sundari”

Jono : “aku iki lo ngoleki yo ra temu-temu”

Karman : “sek sek pak aku takon”

Pak lurah : “takon opo? Kon ngerti malinge ta?”

Karman : “heci anget iki tuku ndek endi?”

Pak lurah : “oooo Karman goblok, tak kiro kon ngerti malinge, rai-raimu wes tenan lek takon”

Jono : “aku nilik i yo pak”

Pak lurah : “kon iki kok ngragas temen seh”

Bojone lurah : “yok opo iki pak, sundari kok gurung moleh-moleh iki” (moro karo nangis)
Pak lurah : “sek sampean seng tenang, dongakno ae mugo-mugo sundari cepet ketemu”
Bojone lurah : “yok opo iso tenang, anak ilang yo gak iso tenang”
Pak lurah : “yo pokoke seng tenang, sampean donga ae”
SUNDARI TEKO KARO ARJUNA
Anake : “pak buk” (mlayu marani bapak ibuke)
Pak lurah : “kon karo sopo ndok?”

Sundari : “kulo kaleh arjuna pak”

Karman : “ohhh kon malinge?”

Jono : “tibake awakmu seng wes nyolong sundari”


Arjuna : “aku ora nyolong sundari”
Sundari : “arjuna seng nylametne sundari pak, seng nyolong sundari niku” ( karo nduding caluring seng digowo neng mburine
balunggo sakti)

BALUNGGO TEKO GOWO MALING CALURING NGADEP KELUARGANE PAK LURAH


Balunggo : “pak lurah, iki malinge pak, caluring”
Caluring : “opo buktine kon ngarani aku maling?”
Balunggo : “hee caluring kon uwes gak iso ngelak maneh, awakdewe ki wes sak padepokan gajah putih, awakdewe entuk
aji aji karo pusoko, iki tekmu to?”
Caluring : “lohhh iku piye ceritane kok iso neng kono”
Balunggo : “halah menengo ae wes, keris iki kok encepne neng tengah alas yo ta?”
Pak lurah : “bener ta iku ndok??”
Sundari : “enggeh pak”
Pak lurah : “lha terus kon kok iso eruh arjuna?”

Arjuna : “ngene pak lurah, aku maeng neng tengah alas nemu keris tak kiro kerise cacat pas tak bukak metu bidadari
ehhh tibake sundari”
Caluring : “iyo pancen temen aku nyolong anakmu”
Pak lurah : “opok o kon sampek tego nyolong anakku?”
Caluring : “kon gak ileng a kon seng mateni bapakku”
Pak lurah : “sopo bapakmu?”
Caluring : “SIWAN SULOYO”
Warga 1 : “ohhh siwan suloyo, pancet gak bedo adoh karo bapakmu”
Caluring : “hee lurah, tak akoni dino iki aku kalah. TITENONO”
CALURING GELUT KARO PAK LURAH

Sundari : (Sundari ngerebut keris soko balunggo sakti) "uwes uwes, nek kabeh ra gelem mandek aku bakalan nancepne keris iki neng
awakku dewe"

Bojone lurah : "OJO NDOK, ojo ngelakoni kui. Uwes pak mandeko ojo diterusne"

Arjuno : "HOPPPPPP WES PODO MANDEKO OJO GELUT, pak lurah kudune sampen iku uwes tuwek kudu isok dadi conto seng apik,
opo gak isin karo aku seng enom"

Pak lurah : "aku bakal ngampuni kon caluring, tapi kon kudu janji ora bakal mbaleni tumindak elekmu iku, yen kon panggah mbaleni
tumindakmu, sak keluargamu bakal tak usir soko deso Sukorejo"

caluring : "enggeh pak lurah, ngapunten kelakuanku karo bapakku seng marai kon loro ati"

Pak lurah : "saiki anakku Sundari wes moleh, iki kudu dirayakne bareng-bareng"

Arjuno : "AYOOOO PAK LURAH GEK TUKU CIUUUUUU"

warga 1-2 : "Ayoo ayooo aku melu"

Anda mungkin juga menyukai