Anda di halaman 1dari 11

SERAT WEDHATAMA PUPUH

GAMBUH
OLEH : OEUD BUDI ASRI.S.PD
PEPANGGIHAN 1
 Serat Wedhatama dianggit dening Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati Arya (KGPAA)Mangkunegara
IV,asma cilike Raden Mas Sudira
 Serat Wedhatama saka 3 tembung yaiku
tembung“serat”kang ateges tulisan utawa
kasusastran,”wedha”kang ateges kawruh utawa
piwulang lan “tama”saka tembung utama kang ateges
becik,dhuwur utawa luhur.Dadi Serat Wedhatama tegese
kasusastran kang isine piwulang becik tumrap uripe
manungsa.
ISI SERAT WEDHATAMA
Serat Wedhatama ngemot limang pupuh tembang
macapat lan ana 100 pada tembang.Limang pupuh
tembang mau yaiku:
1. Pangkur (14 pupuh,pada 1-14 )
2. Sinom (18 pupuh, pada 15 – 32 )
3. Pocung (15 pupuh, pada 33 – 47)
4. Gambuh (35 pupuh,pada 48 – 82)
5. Kinanthi (18 pupuh, pada 83- 100)
FILOSOFI,WATAK LAN SASMITANING
TEMBANG GAMBUH
 Miturut filosofine, tembang Gambuh iku saka tembung
“jumbuh” tegese cocok,yaiku nggambarake menawa
manungsa wis cocok antarane lanang lan wadon,banjur
nikah. Sawise omah-omah(nikah)kudu padha ngertine,asah
asih asuh marang kabeh kabutuhan,tanggungjawab bab
perkara sajroning kulawarga kang saya abot lan maneka
warna.
 Watak tembang Gambuh yaiku grapyak,semanak.Cocok
kanggo menehi pitutur,piwulang lan kekarepan.
 Sasmitaning tembang Gambuh yaiku tembung-tembung kang
bisa nuduhake jenenge tembang Gambuh.Tembung-tembung
kuwi yaiku : tambuh,mbuh,gambuh,jumbuh
STRUKTUR TEKS SERAT WEDHATAMA
PUPUH GAMBUH

Serat Wedhatama pupuh Gambuh dumadi saka 35 pada.


Kaya dene tembang macapat liyane ,tembang Gambuh ing
Serat Wedhatama kaiket dening paugeran (aturan) kang
wis maton yaiku :guru gatra,guru wilangan lan guru lagu.
SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

Cakepan tembang Gambuh pada 1 Aturan/paugeran tembang


Gambuh
Samengko ingsun tutur 1. Guru gatra : 5
sembah catur supaya lumuntur 2. Guru wilangan
dhihin raga,cipta,jiwa rasa kaki :7,10,12,8,8
ing kono lamun tinemu 3. Guru lagu : u,u,i,u,o
tandha nugrahaning Manon
CARA NGGANCARAKE TEMBANG
 Tembang kuwi basane kaya dene puisi,dadi supaya ngerti isi utawa
maknane kudu digancarake luwih dhisik.Tegese gancaran yaiku ngowahi
saka tembang (puisi) dadi prosa utawa basa padinan kang gampang
dimangerteni tegese.
 Carane nggancarake tembang :
1. Yen ana tembung kang durung kokmangerteni,tegesana kanthi
cara nggoleki ana ing Bausastra Jawa (Kamus Bahasa Jawa)
2. Supaya ora dadi ukara gancaran kang wagu,kena mbuwang utawa
nambahi tembung-tembung sawetara,kalebu ater-ater lan panambang.
3. Pada-padane ,endi sing kudu titik,koma,koma titik,titik loro,pada
pangkon,pitakon,pambuka lan panutup kudu miturut aturan paganggone
pada ing ukara-ukara prosa.
TUGAS 1
GATEKNA TEMBANG GAMBUH SERAT
WEDHATAMA ING KOLOM NGISOR IKI!

TEMBANG A TEMBANG B

1.Yen wis kambah kadyeku 1.Keleme mawa limut


sarat sareh saniskareng kalamatan jroning alam kanyut
laku kalakone saka eneng ening eling sanyatane iku kanyatan kaki
ilanging rasa tumlawung sejatine tan emut
kono adile Hyang Manon sayekti tan bisa awor
2. Gagare ngunggar kayun 2. Pamete saka luyut
tan kayungyun mring ayuning kayun sarwa sareh saliring panganyut
bangsa anggit yen ginigit nora dadi lamun yitna kayitnan kang mitayani
marma den awas den emut tarlen mung pribadinipun
mring pamurunging lelakon kang katon tinonton kono
TEMBANG A TEMBANG B

3. Sayekti luwih perlu 3.Yeku wenganing kalbu


ingaranan pepuntoning laku kabukane kang wengku winengku
kalakuan kang tumrap bangsaning batin wewengkone wis kawengku neng sireki
sucine lan awas nging sira uga kawengku
emut mring alame alam amot mring kang pindha kartika byor
4. Ruktine ngangkah ngukut 4. Samengko ingsun tutur
ngiket ngrukut triloka kakukut jagad gantya sembah ingkang kaping catur
agung gimulung lan jagad cilik sembah rasa karasa rosing dumadi
den kandel kumandel kulup dadine wis tanpa tuduh
mring kelaping alam kono, mung kalawan kasing batos.
PRENTAH TUGAS 1 :
1. PILIHEN TEMBANG GAMBUH A UTAWA B KANG PENER MITURUT
PAUGERANE TEMBANG ING NDHUWUR KUWI!
2. WENEHANA ALESAN WANGSULANMU MAU !
3. TULISEN WANGSULANMU KANTHI NGGAWE FORMAT KAYA ING
NGISOR IKI,BANJUR KIRIMEN ING WEB DINA IKI UGA!

Wangsulanmu Alesanmu
1…………. ………………….
2…………. ………………….
3…………. ………………….
4…………. ………………….
SUGENG NGGARAP LAN MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai