Anda di halaman 1dari 5

Nama Kelompok :

 Auliya Fanesa (05)


 Revi Disna (22)

TEMBANG MACAPAT

1. MIJIL
Makna saking jenis tembang mijil yaiku nglambangake wujud utawa wiji kan lair ng
dunya, mijil asale saka tembung wijil kang tegese metu. Mijil nyritakake fase nalika bayi
manungsa wiwit ngerti uripe dunya, mbutuhake pangayoman. Tembang iki nggambarake
keterbukaan, ngladeni pitutur lan babagan asamara.

Tladhane tembang mijil :


Wulang estri kang wus palakrami
Lamun pinitados
Amengkoni mring balewismane
Among putra marusentanabdi
Den angati-ati
Ing sadurungipun

2. KINANTHI
Tembang kinanthi inggih menika tembang ingkang ngandharaken wujuding jati diri saha
pados kawruh, formal lan informal. Tembung kinanthi asale saka tembung kanthi utawa tuntunan
kang ateges manungsa mbutuhake tuntunan utawa dalan kang bener kanggo nggayuh tujuane.

Tuladhane Tembang Kinanthi :


Ayo podo golek ilmu
Ilmu kui nomer siji
Ing donya benora rekasa
Ojo lali marang gusti
Bendikeki kemudahan
Lan dikeki dalan apik

3. SINOM
Tembang sinom yaiku tembang kang nggambarake kahanane manunga wiwit cilik nganti
remaja kang kebak impen utawa pangarep-ngarep.
Tuladhane Tembang Sinom :
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nafsu
Pinepsu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sesasmi

4. ASMARANDANA
Tembang Asmarandana tegesipun tresna ingkang murub, dipunpendhet saking tembung
(asmara) ingkang tegesipun tresna saha (dahana) ingkang tegesipun geni. Tembang Asmaradana
ditujokake kanggo wong kang lagi di mabuk asmara, kang umume dialami ing fase remaja
manungsa kang wis ngerti rasa tresna marang (pasangane) jinis liyane. Mula Tembang
Asmaradhana isine crita katresnan lan perkara kang gegayutan karo asmara para mudha.
Asmaradana ugi saged dipuntegesi raos tresna, tresna dhateng sesami (priya lan èstri), ingkang
sadaya wau sampun dados kodratipun Gusti Allah SWT.

Tuladhane Tembang Asmarandana :


Kidung kedresaning kapti
Yayah nglamong tanpa mangsa
Hingan silarja jatine
Satata samaptaptinya
Raket rakiting ruksa
Tahan tumaneming siku
Karasuk sakeh kasrakat

5. DHANDHANGGULA
Tembang Dhandhanggula adalah tembang yang mengungkapkan cita-cita atau harapan
pada kehidupan manusia. Tembang Dhandhanggula meninjau dari sudut kehidupan sandang,
pangan, dan papan. Kata Dhandahnggula juga dapat diartikan sebagai burung gagak, yang
berupa simbol kabar duka.

Tuladhane Tembang Dhandhanggula :


Kita kudu pinter ngati-ati, (10i)
Dumateng wabah virus Corona, (10a)
Anjagi kesehatane, (8e)
Teng griya iku kudu, (7u)
Dilakoni kangge anjagi, (9i)
Saking virus Corona, (7a)
Ampun pulang kampung, (6u)
Kangge njaga keluarga, (8a)
Amargi Corona kathah tiyang mati, (12i)
Kita kudu waspada, (7a)

6. GAMBUH
Tembang Gambuh isine akeh crita bab kebersamaan, toleransi lan rasa paseduluran.
Tegesipun Tembang Gambuh dipuntingali saking lelampahanipun manungsa ingkang wonten
kalih sisi (becik lan ala utawa putih lan ireng).

Tuladhane Tembang Gambuh :


Bumi kang kudu subur
Aja ngrusak supaya ra gugur
Tetep subur mula ben tetep lestari
Padha nandur wit-wit iku
Mencerminke wibowo

7. MASKUMAMBANG
Tembang maskumambang mujudake jinis tembang macapat kang nduweni teges ngenani
lakuning urip manungsa kang isih wujud jabang bayi ing guwa garbane ibune. Lagu iki
nuduhake yen ora ana identitas sing nuduhake yen sampeyan bakal lair minangka wanita utawa
lanang.

Tuladhane Tembang Maskumambang :


Nadyan silih bapa biyung kaki nini,
Sadulur myang sanak,
Kalamun muruk tan becik,
Nora pantes yen den nuta.

8. DURMA
Tembang durma mujudake tembang kang nggambarake watake manungsa kang nduweni
kaluwihan bandha kanggo didum marang wong kang luwih mbutuhake. Tembang durma asale
saka tembung “derma” kang tegese seneng sedekah. Tegesipun tembang durma kanthi wutuh
inggih menika sipatipun manungsa minangka tiyang ingkang saged saha gadhah kaluwihan
bandha dipunanjuraken supados sedhekah dhateng ingkang wonten ing ngandhapipun.

Tuladhane Tembang Durma :


Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
pramila den ngati ati
sakeh durgama
singgahana den aglis

9. PANGKUR
Tembang pangkur mujudake karya sastra ngenani wong kanggo ngeling-eling biyen kang
ora becik, kanggo ngajak nyedhak marang Allah SWT lan miwiti ninggal srakah kadonyan.

Tuladhane Tambang Pangkur :


Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawang resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Jinejer ing Whedatama


Mrih tan kemba kembenganng pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi sepalir sepah asamun
Samasane pakumpulan
Gonyak-ganayuk nglelingsemi
Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun samudono
Sesadoning adu manis

10. MEGATRUH
Tembang megatruh nggambarake kahanan maunisa nalika seda. Tembung megatruh
dhewe diprecaya asale saka tembung megat/pegat (kapisah) lan ruh, kang ateges misahake jiwa
lan raga

Tuladhane Tembag Megatruh :


Hawya pegat ngudiya ronging budyayu,
Margane suka basuki,
Dimen luwar kang kinayun,
Kalising panggawe sisip,
Ingkang taberi prihatos.

11. PUCUNG
Kaya tembang macapat liyane, tembang iki ngandhut makna ngenani lelakone urip
manungsa. Tembung Pocung asale saka tembung “pocong” kang nggambarake lelampahan
pungkasaning manungsa ing donya. Tembang Pocung nduweni filosofi ngenani ritual nalika
nglilani wong sing wis ninggal raga.

Tuladhane Tembang Pucung :


Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara

Anda mungkin juga menyukai