Anda di halaman 1dari 7

RINGKASAN MATERI XII

Serat Wedhatama karya Mangkunegara IV


Serat wedhatama ini adalah salah satu serat karangan KGPH Mangkunegara IV, berasal
dari dua kata wedha yang berarti ajaran dan tama yang berarti utama, serat ini berisi tentang
ajaran-ajaran kebaikan, budi pekerti dan akhlak yang hingga sampai sekarang masih dapat
diterapkan dalam kehidupan, serat ini ditulis dalam bentuk tembang macapat agar mudah diingat
dan digemari oleh masyarakat Jawa yang pada umumnya menyukai kesenian. Naskah aslinya
sekarang masih dapat kita lihat di Museum Reksapustaka di Pura Mangkunegaran lantai dua.
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya sri
mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi
pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama
gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia
karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung
''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning
putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang
duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.

Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat
yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh.
Mangka kanthining tumuwuh,
salami mung awas eling,
eling lukitaning alam,
dadi wiryaning dumadi,
supadi nir ing sangsaya,
yeku pangreksaning urip

Istilah-istilah ing tembang macapat yaiku:


1. Cakepan yaiku tetembungan (lirik utawa syair) utawa unen-unen kang kanggo ana ing
tembang.
2. Laras yaiku rasaning swara thinthingane gamelan. Sing kanggo ngrasakake iku kuping.
Laras diperang dadi loro, yaiku : Laras Slendro lan Laras Pelog.
3. Titi laras (notasi) yaiku angka-angka kang minangka lelirune utawa pewilahan gamelan.
Titi laras diperang dadi loro : Titi laras Slendro (1, 2, 3, 5, 6, 1) lan Titi laras Pelog (1, 2, 3,
4, 5, 6, 7)
4. Pathet yaiku tebane utawa panganggone titi laras. Utawa endhek dhuwur swara kanggo
lelagoning gendhing. Pathet ing laras slendro diperang dadi telu, yaiku :
a. Pathet Manyura, wilayah panganggene titi laras yaiku : 6, 1, 2, 3, 5, 6, 1, 2, 3. Kang
dadi dhasaring swara (nada dasar) yaiku 6 (enem)
b. Pathet Sanga, wilayah pangganggene titi laras yaiku : 5, 6, 1, 2, 3, 5, 6, 1, 2. Kang dadi
dhasaring swara (nada dasar) yaiku 5 (lima)
c. Pathet Nem, wilayah panganggene titi laras yaiku : 2, 3, 5, 6, 1, 2, 3, 5, 6. Kang dadi
dhasaring swara (nada dasar) yaiku 2 (loro)
Pathet ing laras pelog diperang dadi telu, yaiku :
a. Pathet Barang, wilayah panganggene titi laras yaiku : 6, 7, 2, 3, 5, 6, 7, 2, 3. Kang dadi
dhasaring swara (nada dasar) yaiku 6 (enem)
b. Pathet Lima, wilayah panganggene titi laras yaiku : 5, 6, 1, 2, 3, 5, 6, 1, 2. Kang dadi
dhasaring swara (nada dasar) yaiku 5 (lima)
c. Pathet Nem, wilayah pangganggene titi laras yaiku : 2, 3, 5, 6, 1, 2, 3, 5, 6. Kang dadi
dhasaring swara (nada dasar) yaiku 2 (loro)
5. Irama yaiku ukuran rindhik-rikating penabuhe gamelan. Sabanjure irama iki diperang dadi
loro, yaiku :
a. Irama Lamba yaiku irama rikat, irama lancaran utawa irama siji
b. Irama Rangkep yaiku irama alon, utawa irama wilet
6. Pedhotan yaiku andhege, lerene gendhing nalika gong suwuk. Dipedhot iku kanggo leren
sedhela.
7. Bawa lan Buka. Sing diarani bawa yaiku tembang kang kanggo miwiti utawa murwakani
gendhing. Dene sing diarani buka yaiku tetabuhan gamelan kang kanggo miwiti gendhing.
8. Sindhenan yaiku lelagoning pesindhen (kala mangsane uga diarani waranggana) kang
bareng karo swarane gendhing lan gamelan. Lumrahe kang diarani sindhen iku sing
wadon, dene sing lanang diarani wiraswara.
9. Cengkok yaiku lak-luking swara kang kanggo nglagokake tembang. Cengkok iku bisa
werna-werna, senajan larase pathete lan balungane tembang padha. Cengkoke sindhen siji
lan sijine uga bed, malah bisa uga sindhen siji duwe cengkok kang beda senajan tembange
padha. Dadi cengkok iku mujudake “gaya utawa style” anggone nembangake gendhing.
Wos tembang Kinanthi (Wedhatama)
 Serat wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka
pendhidhikan karakter kang sinebut etika pribadhi, amarga dadi sawijining tuntunan etis
kang bener marang dhiri pribadine dhewe. Kayadene piwulang-piwulang ing budaya
Jawa, Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan
(spiritual). Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lantiping rasa ( angulah lantiping ati)
lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang berbudi luhur (bengkas
kahardayaning driya, supaya dadya utami).
 Serat wedhatama ngajarake supaya ora kulina tumindak nistha ( aywa mematuh nalutuh).
Ati-ati marang pepalanging urip. Upama lagi lumaku, dalan kang dilewati iku kebak ing
bebaya, yen ora ngati-ati bakal kena ri (sayekti kasandhung ri) utawa kesandung watu.
BAB 11
GEGURITAN

Geguritan kalebu salah sijining Puisi Jawa. Pangerten babagan tegese geguritan ing
antarane diandharake dening Subalidinata (1994: 45) ing bukune kang irah-irahan
Kasusastraan Jawa. Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Miturut Subalidinata,
geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi saka tembung asline yaiku gerita. Tembung
gerita dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku tembung gita, tegese tembang
utawa syair.
Pangerten babagan tegese geguritan uga dijlentrehake dening para winasis liyane.
Mulyana (2014: 42) ngandharake menawa geguritan iku asale saka tembung guritan kang oleh
proses morfologis dwipurwa dadi geguritan. Dene tembung guritan asale saka tembung
gurit+an (tulisan, pahatan, utawa senandung). Ing kamus Baoesastra Djawa tembung gurit
ngemu teges tulisan utawa tatahan; kidung utawa tembang (Poerwadarminta, 1939: 157).
Dene ing kamus Kawi-Jawa anggitane Ranggawarsita, tembung gurit nduweni teges reka,
tulis, turut, urut.
Jinising geguritan liyane adhedhasar paugerane geguritan, geguritan bisa kaperang dadi
Geguritan Gagrag Lawas / Kuna lan Geguritan Gagrag Anyar (Padmosoekotjo, 1960). Andharane
kawedharake ing ngisor iki.
1. Cara Memarafrase Geguritan
Carane goleki isi utawa marafrase teks geguritan yaiku:
a. Maca lan mangerteni teks geguritan kanthi permati.
b. Nggoleki tembung-tembung kias utawa tembung-tembung kang durung dimangerteni,
banjur digoleki tegese tembung kasebut.
c. Nyeritakake maneh apa kang wis dimangerteni saka isi geguritan kasebut, banjur didhapuk
maneh awujud prosa utawa karangan/ gancaran.

2. Teknik Nulis Geguritan


Nulis geguritan uga perlu nggatekake babagan tartamtu kayadene:
a. Nemokake tema geguritan
b. Mantha-mantha tema dadi topik kang luwih mligi
c. Milih diksi utawa tembung kang trep karo topic
d. Ngronce ukara nggunakake basa rinengga
e. Aweh ruh lan teges sajeroning geguritan.

3. Teknik Maca Geguritan


Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing
sakjeroning geguritan. Mula, maca geguritan ora kaya maca warta utawa cerita. Ana bab-bab
kang kudu digatekake supaya ruh lan amanate geguritan bisa tinampa kanthi becik. Bab-bab
mau, yaiku:
a. Wicara
Wicara iku gegayutan karo babagan cethaning swara utawa pocapan nalika maca
geguritan. Swara kang cetha bisa dibedakake antarane unine swara /d/, /dh/, /t/, /th/,
tembung siji lan liyane ora nggandheng lan ora bindheng. Swara kang cetha bakal penak
dirungokake.
b. Wirama
Wirama yaiku andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan.
Umpamane maca geguritan kang ngemu duhkita, wirama swara sing digunakake alon lan
ora banter.
c. Wiraga
Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora kakehen ngobahake awak.
Umpamane yen maca geguritan kanthi tema Sumpah Pemuda, wiraga kang katunjukake
yaiku ngepelake tangan kang nduwe teges “semangat”.
d. Wirasa
Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan dirasakake ing sanubari. Yen maca
geguritan kang isine nelangsa praupane susah (ngguya-ngguyu). Maca geguritan padha
tegese karo deklamasi.
Geguritan bisa kalebu karya susastra kang kababar lewat basa kanggo ngungkapake
gagas lan rasa. Geguritan bisa kacandra ngemu wasesa kang nggambarake gagas lan sikape
pangripta kang uripe manggon ing tlatah budaya Jawa. Mula saka iku, geguritan bisa
diarani produk budaya. Minangka pungkase karya ing seratan iki, perlu katerangake bab
sistem budaya kang ana masyarakat.
Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung “gurit” sing tegese
kidung, tembang utawa tulisan sing wujude ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani
guritan yaiku puisi Jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo
wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes, lan endah. Teges
ukarane ora nggladrah, tembunge duwe makna kang jero, lan nggunakake tembung-
tembung rinengga (purwakanthi swara, sastra, lan basa). Mula geguritan ing kawitane
mung cekak nanging nggunakake tembung-tembung kang nduwe nilai estetika dhuwur.
Wujud geguritan iku saemper karo sair (syair). Panulisane kanthi bait-bait/gatra. Geguritan
iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kawengku dening pathokan tinamtu kaya
dene tembang macapat.
Ana panemu manawa geguritan iku kalebu puisi bebas kang awujud tetembungan,
ukara, unen-unen kang ora nganggo paugeran baku, nanging sing dipentingake endahe
basalan susastrane. Kanggo mujudake geguritan bisa rinasa endah salah sijine cara yaiku
nggunakake basa rinengga kayata purwakanthi, bebasan, pepindhan, panyandra, lan
sapiturute.
Tuladha Geguritan Kapacak ing majalah Panjebar Semangat No. 52-26 Desember 2015

Alas Karangkates
( Deni Candra Irawan)
Kaderekake iline banyu mega Benorowo
kasawang padhange siyang
swasana panase njlekit rumasuk panca krasa
dumadakan arasa tidhem ayem
Alas Karangkates kasil njongkeng rodha kreta
kandheg laku sauntara
sidhem adhem mbaturi lampahan
arahan luput durung luput
wong tuwa weneh pepadhang
mbalik wetan tundhone karep
Marga kawas kawitan ingatase pagelaran
Hya kadi mecaki dalan saben dina
tan ana rasa kuwi kajaba suka methuk kenya
Alas Karangkates papan sanggrahan hya papan bebukane Gelaran

BAB III
Wacana Deskripsi

Teks (paragraf) deskripsi yaiku nggambarke sawijining kahanan kanthi rinci. Tujuwane
paragraf deskripsi kanggo nggambarake kanthi jelas kahanan-kahanan cukup detail, supaya
wong (pamaca) bisa ngerti lan cepat paham paragraf kasebut. Kareben luwih jelas ngenani
paragraf deskripsi, perhtekna ciri-ciri paragraf deskripsi lan tuladha-tuladha paragraf
deskripsi supaya nggampangake yen arep nggawe paragraf deskripsi lan ngerti tembung-
tembung sing nandhakake ukara teks deskripsi
1. Ciri-ciri Paragraf Deskripsi
a. Nggambarake kahanan prastawa, papan panggonan, barang, utawa wong.
Tuladhane: nggambarke kahanan (Wengi iku ora kaya biyasane, langit ora ana lintang.
Ketambahan grimis kang terus ngriwis. Ndadekake swasana adhem kekes.)
b. Ndadekake rasa tartamtu marang pamacane,
Tuladhane: rasa mongkog (Atine seneng tenan. Kabeh disawang bisa ndadekake marem.
Rasa kesel sanalika ilang kabeh katutup dening pengumumame juri kang ngandhakake
menawa kelompoke entuk juwara siji)
c. Akeh nggunakake tembung-tembung utawa frase sing maknane kahanan utawa sipat
2. Tuladha teks deskripsi
A. Tuladha Wacana Deskripsi

UDHENG
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunarani blangkon (menawi sampun dados kantun
ngagem) dene basa kramanipun dhestar. Udheng asalipun saking tembung mudheng ingkang
suraosipun “tiyang badhe anggadhahi penggalih ingkang kukuh menawi sampun mudheng
kaliyan tujuwan gesangipun.” Udheng punika arupi panganggen ingkang dipunagem kangge
nutupi mustaka. Udheng limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi ingkang lajeng
Kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen sami,
lajeng dipunjait miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken. Ngangge udheng ugi wonten
paugeranipun, utaminipun menawi sowan dhateng kraton mboten kenging sasekecanipun
piyambak, ananging wonten sajawinipun kraton panganggenipun udheng mardhika(bebas)
padhatan ingkang dipunagem udheng jebehan, inggih wonten pahargyan menapa kemawon
kalebet wonten ing kasripahan.
Perangan (bab-bab) kang prelu ditindakake supaya bisa nulis karangan Deskripsi yaiku :
 Nemtokake bab kang arep ditulis.
 Ngumplake katrangan kanthi njinggleni bab kang arep ditulis.
 Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
 Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung
kang trep.
 Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

Titikan/ciri-ciri karangan Deskripsi kang becik yaiku :


 Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa.
 Ngginakake pancaindriya (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap)
 Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu
dhewe, ngambu/ngganda dhewe, lan ngecap dhewe. (Kapethik saka Buku Ajar Basa Jawa
Pemerintah Kota Semarang kaca 77)
Tuladha:
(1) Omah iku manggon ing pucuk gunung. Saka panggonan iku sesawangan bisa
katujokake marang kriwikan banyu kali kang endah, sakiwa tengene tinandur tetanduran
kang ijo royo-royo sansaya nengsemake ati.
Tuladha ing dhuwur nggambarake kahanan sawijining omah.
(2) Gedhongkang katone endah iku sejatine mung kebak lamis. Gedhek kang katone rosa
satemene digawe saka piranti kang gampang kobong. Sakane cacah papat tur gedhe-
gedhe katon mrebawani. Gendhenge digawe saka kayu sirap kang wus garing dipoles
gandarukem yen sinawang saka kadohan katon sumunar nanging datan mblerengi. Kabeh
mau dibudidaya supaya gampang diobong. Omah gedhong magrong-magrong iku digawe
mung kanggo numpes para Pandhawa.
Tuladha : nggambarake sawijining papan.

Anda mungkin juga menyukai