Anda di halaman 1dari 16

LELEWANE BASA SAJRONE SERAT KUNJARAKARNA

(Tintingan Stilistika)

Tris Tyawati Dewi

Jurusan Pendidikan Bahasa Dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa Dan Seni, Universitas
Negeri Surabaya.
tris.17020114007@mhs.unesa.ac.id

Abstrak

Serat kunjarakarna iki bisa digunkake kanggo refleksi diri supaya kita bisa dadi manungsa
kang ngerti wates, serat iki nyritakake ngenani penebusan dosa kang dilakoni kunjarakarna
sawise reinkarnasi, serat kunjakarna iki kalebu bentuk ntembang tembang macapat kang
isine ana 9 tembang yaiku : Dhandanggula = 29 pupuh, Asmarandana = 39 pupuh, Sinom =
23 pupuh, Mijil = 39 pupuh, Gambuh = 61 pupuh, Megatruh = 61 pupuh, Maskumambang =
48 pupuh, Pangkur = 40 pupuh Kinanti = 57 pupuh. Serat sing kabehe ana 79 halaman iki
bakal dikaji nganggo kajian stlistika, miturut Junus (1989:8) njelntrehake bidang kajian
stilistika kuwi kaperang saka bunyi bahasa, kata, lan struktur kalimat. Dene miturute
Sudjiman (1995:12) njlentrehake style minangka gaya bahasa, lan gaya bahasa yaiku
nyakup ngenani diksi, struktur kalimat, majas, citraan, pola rima kang digunakake pengripta
ing sajrone karya sastra. Jinise panliten kang digawe yaiku panliten deskriptif kualitatif.
Deskripsi kualitatif yaiku paradigma posittive max weber, immanuel kant, dan wilhlem
dilthey. Jinis panliten iki ngonceki gaya basa kang digunakake sajrone naskah serat
kunjarakarna. Data kang digawe kanggo panliten iki dijupuk saka serat kunjarakarna lan
nggunakake teknik pangumpulan data studi dokumen. Tujuwan saka panliten iki yaiku
supaya pamaos bisa mangerteni luwih akeh apa kang kinandut ing sajrone serat
kunjarakarna iki lan bisa njlentrehake uga mangerteni basa basa kang digunakake ing
serat iki. Khasil saka panliten iki arupa jurnal ilmiah ngenani analisis serat kunjarakarna.
Kata kunci : serat kunjarakarna, stilistika, macapat

1. PAMBUKA
Karya sastra minangka kasil kang arep dikenalake panyerat kanggo tujuan estetika.
Miturut sarjono (1998) sastra ing akeh babagan ngewenehi kesemoatan marang pamaose
supaya bisa mangerteni kahanane pawongan liya, nduweni empati lan simpati marang
nasib lan kahanane pawongan liyan, ora beda adoh karo miturute Damono (1984 : 1) yen
ta karya sastra diciptakna pengarang utawa sastrawan kanggo disenengi, dipahami, lan
dijupuk paedhahe kanggo panguripan saben dina.
Kasusastran Jawa nengenake pangetrapane basa nggunakake basa Jawa. Basa ing
kene ora mung saderma reroncening basa kang katulis, ananging uga nduweni teges kang
migunani tumrap pamaos. Basa Jawa nduweni sejarah kang dawa, yaiku saka jaman basa
1
Jawa Kuna nganthi jaman basa saiki. Gegayutan karo andharan sadurunge, mula sastra
Jawa uga bisa diperang miturut pangrembakaning sejarah basa Jawa. Akeh panemu kang
ngandharake jinis sastra Jawa. Suwarni (2013:1) ngandharake yen sastra Jawa diperang
dadi telu, yaiku jaman sastra Jawa Kuna, sastra Jawa Pertengahan, sastra Jawa anyar.
Kasusastran Jawa Anyar tuwuh ing pertengahan abad XVI lan ditengeri anane genre
tembang-tembang macapat kang beda karo sistem puitika kakawin kang ana ing puitika
India. Saperangan ahli nduweni panemu yen kasusastran saka periode-periode jaman
mbiyen sinebut sastra Jawa Klasik. Ananging uga ana panemu yen periode klasik sinebut
sastra Jawa anyar kang mligine saka daerah kraton lan daerah sakupenge. Tetembungan
“klasik” ing kene digunakake kanggo nyebutake periode kasusastran Jawa sawise Jawa
Kuna lan Jawa Pertengahan (Purnomo, 2007: 79).
Sajrone serat kunjarakarna iki akeh banget bab kang bisa dijupuk kanggo pitutur lan
pasinaon panguripan sabendina. Kayata tumindak apik marang sapadhane lan ngliling
iling yen apa wae kang ditandur mesthi bakal diunduh mburi karine, kaya nandur wene
kembang, suk bakale nuwuhake kembang kang sinawang endah. Ing panliten iki bakal
diandharake ngenani penebusan dosa sang kunjarakarno samarine panjenenganipun
reinkarnasi. Panliten njupuk babagan iki amarga urung tau diteliti marang panliten liyan,
lan uga bisa ngandharake bab apa wae kang isih relevan ing jaman modern iki.
Panliten iki bakal nggunakake pendekatan utawa kajian stilistika miturut Verdonk
(2002:4) stilistika yaiku studi ngenani gaya, minangka asalisis ekspresi sing khas ing
sajrone basa kanggo ngandharake tujuwan lan konsep tartamtu. Basa sajrone karya sastra
yaiku basa kang khas saengga bakal ana bedane antarane karya satra lan non sastra. Yen
bisandidudut ing definisi singkate. Panliten iki ditliti nggunakake kajian stilistika amarga
serat iki awujud tembang kang ngunakake basa basa endah, sasmita lan majas. Jinise
panliten kang digawe yaiku panliten deskriptif kualitatif. Deskripsi kualitatif yaiku
paradigma posittive max weber, immanuel kant, dan wilhlem dilthey. Jinis panliten iki
ngonceki gaya basa kang digunakake sajrone naskah serat kunjarakarna. Data kang
digawe kanggo panliten iki dijupuk saka serat kunjarakarna lan nggunakake teknik
pangumpulan data studi dokumen.
Serat kunjara karna wis akeh banget diteliti marang mahasiswa utawa akademisi
liyane, ananging ing panliten iki luwes fokus lan mrinci anggone ngandharake majas kang
digunakake ing sajrone tembang, lan uga ngewenehi analisis ngenani penebusan dosa
kang dilakoni sang kunjarakarnaln disambung rapetake marang lelewane basa sajrone
tintingan stilistka.

2
Serat Kunjarakarna kasimpen ana ing perpustakaan Radia Pustaka Sala, serat iki
kondisine becik ana ing samak naskah katulis nomer inventaris yaiku (808.543/ser.s3).
Naskah iki kalebu naskah turunan lan ora diweruhi (anonim) sapa kang nyerat, bahan
kang digawe nyerat naskah iki yaiku daluwang lan diserat nganggo tinta jinisipun tinta
bak. Ukuran naskah inggih yaiku saukuran kertas folio lan ukuran tulisan saka ndhuwur
nganti mengisor, dhawane = 31,5cm lan ambane = 20,6cm. Kandele naskah iki yaiku
1,1cm, serat kunjarakarna nduweni 79 kaca, ananging wus didigitalisasi dadi 42 kaca.
Saben salembar naskah iki ana 32 gatra, jumlah aksara ing sagatra antara 17-20 aksara.
Jinise tulisan ing serat kunjarakarna yaiku ngetumbar, kahanane serat isih apik banget
amarga wus didigitalisasi kaliyan Radia Pustaka. Ananging tulisane rada cilik. ing Radia
Pustaka kahananipun serat Kunjarakarna kalebu isih becik kahanane, serat iki dibungkus
bungkus karo kain batik, serat Kunjarakarna iki diserat taun 1970 lan nggadhahi yuswa
49 taun.
Serat Kunjarakarna arupa tembang macapat kang nduweni 9 tembang inggih
menika : Dhandanggula = 29 pupuh, Asmarandana = 39 pupuh, Sinom = 23 pupuh, Mijil
= 39 pupuh, Gambuh = 61 pupuh, Megatruh = 61 pupuh, Maskumambang = 48 pupuh,
Pangkur = 40 pupuh Kinanti = 57 pupuh. Ing serat iki ora ditulis judul tembang, mung
diwatesi karo mangajapa mandrawa, olehe panulis nemtokake judul yaiku migunakake
sasmitane lan paugeran paugeran saka tembang.

2. TINTINGAN KAPUSTAKAN

Panliten iki bakal diteliti nguunakake tintingan stilistika, Miturut sudjiman


(1995:12) njlentrehake ngenani style minangka gaya basa, lan gaya basa kuwi nyakup
ngenani diksi, struktur ukara, majas, citraan, pola rima kang digunakake pangripta sajrone
nyerat karya satra.
Panliten Stilistika digunane kanggo ngandharake makna kasusastran adhedasar
gejala kaendahan basa kang digunakake (Sariban, 2009:144). Bisa ditegesi lelewane basa
kasebut bisa dadi ciri khase pangripta. Senadyan saben pangripta nduweni gaya lan cara
dhewe nalika mujudake sawijine kasusastran. Ananging ana maneka bentuk kang biyasa
digunakake pangripta. Jinis-jinis bentuk kasebut sinebut sarana retorika (Pradopo,
2005:93). Stilistika ana ing kasusastran Jawa yaiku lelewane basa, utawa gaya panulisan
pangripta.

3
Bab bab kang kalebu lelewane basa yaiku : (1)Tembung saroja tegese tembung
rangkep. Maksude tembung kang panganggone dirangkep yaiku tembung loro kang pada
tegese utawa meh padha tegese kang lumrah dianggo bebarengan. (2) Tembung garba
tegese tembung rerangken, yaiku tembung loro utawa luwih kang digandeng dadi siji lan
banjur suda cacahing wandane. Tembung garba utawa sandi lumrahe kanggo ing
kasusastran kang sinawung ing tembang. Samangsa ana gatra kang kakehan wandane,
pangripta bisa ngungkret utawa ngelong cacahe wanda mau sarana nggarba tembung loro
utawa luwih kang dumunung ana ing gatra iku. (3) Tembung entar tegese tembung
silihan. Tembung kang ora kena didudut mung sawantahe. Manut tegese entar, maksude:
manut tegesekang ora mung sawantahe, ora mung salugune. (4) Tembung wancahan
mujudake tembung cekakan utawa tembung tugelan, yaiku tembung kang dikelongi
utawa dibuwang saperangan wandane. (5) Purwakanthi utawa aspek swara minangka
babagan kang wigati ing sajrone kasusastran. Ingpurwakanthi, tembung-tembung kang
dirangken ing wuj ud kasusastran katon nduweni rasa luwih endah. Sajrone bukubuku
kasusastran Jawa, diandharake yen nyiptakake kaendahan sajrone macapat dibutuhake
purwakanthi, purwakanthi ana telu yaiku purwakanthi guru swara ‘mbaleni bunyi
vokal’, purwakanthi guru sastra ‘mbaleni bunyi konsonan’, lan purwakanthi guru basa
‘mbaleni tembung utawa wanda’. Dene jinise purwakanthi yaiku : a) Purwakanthi Guru-
swara iku Purwakanthi kang ngelingi wewaton swara, paugeran swara, yaiku swara sing
wis kasebut ana ing gatra utawa perangane ukara sing ngarep utawa purwa, dikanti,
digandeng, disebutake maneh ana ing gatra utawa perangane ukara ing buri. Dadi ing
gatra utawa perangane ukara kang buri ana sing nunggal swara karo gatra utawa
perangane ukara sing ngarep. b) Purwakanthi guru sastra ateges purwakanthi kang
ngelingi wewaton sastra, yaiku sastra kang wis kasebut ana ing perangane ukara kang
ngarep utawa ing perangane ukara kang wi witan (ing purwa), dikanthi, digandeng,
disebutake maneh dening perangane ukara kang buri. Dadi ing perangan ukara ing sisih
buri ana sing nunggal sastra utawa nunggal aksara karo perangan ukara ing sisih ngarep.
c) Purwakanthi basa yaiku pangulange tembung utawa wanda kang runtut kang manggon
ana ing pungkasan larik lan dibaleni maneh ing wiwitan larik. Purwakanthi guru basa
diperang dadi papat yaiku pangulange wanda, pangulange tembung, pangulange frase, lan
pangulange klausa.

3. METODE

4
Panliten iki ditliti nggunakake kajian stilistika amarga serat iki awujud tembang
kang ngunakake basa basa endah, sasmita lan majas. Jinise panliten kang digawe yaiku
panliten deskriptif kualitatif. Deskripsi kualitatif yaiku paradigma posittive max weber,
immanuel kant, dan wilhlem dilthey. Panliten iki uga nggunakake pendekatan ekstrinsik
lan pendekatan intrinsik. Pendekatan ekstrinsik bisa kanggo nintingi lelewane basa.
Dene Pendekatan intrinsik kanggo nintingi isi carita sajrone serat. Metode deskriptif bisa
didudut minangka prosedur kanggo medharake perkara kang dislidiki kanthi
nggambarake kahanan subjek utawa objek panliten (novel, drama, cerkak, geguritan) ing
jaman saiki adhedasar kasunyatankasunyatan Ing bab iki metode kang digunakake yaiku
metode kualitatif
Jinis panliten iki ngonceki gaya basa kang digunakake sajrone naskah serat
kunjarakarna. Data kang digawe kanggo panliten iki dijupuk saka serat kunjarakarna lan
nggunakake teknik pangumpulan data studi dokumen. Objek kang digunakake kango
panliten iki yaiku serat kunjarakarna. Instrumen panliten yaiku alat kang digunakake
kanggo ngumpelake data. Instrumen kang digunakake sajrone panliten iki yaiku panliti
iku dhewe. saliyane iku uga nggunakake kartu data minangka instrumen. Siswantoro
(2010: 73) ngandharake yen panliten sastra instrumene panliti iku dhewe. Panliti bisa
dadi perencana, pelaksana, pangumpul data, tintingan, penafsir data, lan kang pungkasan
dadi pelopor asil panlitene.

4. ANDHARAN
Gancaran serat kunjarakarna
Yaksa sing nduweni jeneng Kuñjarakarna lagi nglakoni tapa ing lor-wetan
Mahameru. Kunjarakarna mantep marang kekarepane ing ati. Nalika krungu
pangandikane Gusti Sri Wirocana dharma, Kuñjarakarna marani Wirocana ing "biara"
supaya bisa nampa piwulang dharma. Amarga ora nggatekake dharma sing nyebabake
dheweke disabda dadi Yaksa danawa. Mulane dheweke nyuwun karo Wirocana supaya
dadi dewa maneh liwat pelajaran dharma
Wirocana mulangake dharma sing kasusun saka pirang-pirang unsur
(samsara, pancabhutani, pancatma, pancagati, dasa-mala, kelahiran anyar, asal saka
kedadeyan manungsa), lan menehi informasi babagan nasib sing dialami dening
makhluk-makhluk ing donya. Wirocana banjur menehi pamanggih supaya ngetutake
Dharma Sang Hyang Yama supaya dheweke bisa menyang Yamaloka supaya bisa
ngresiki awake dhewe. Sang Hyang Yama kuwi minangka dewane neraka. Banjur

5
Kuñjarakarna budhal menyang Yamaloka. Nalika dheweke teka ing dalan, dheweke
bingung. Untunge, dheweke ketemu karo yaksa sing jenenge Dorakala sing njlentrehake
dalan-dalan ing ngendi wae.
Sang Hyang Yama sing minangka dewa neraka kuwi . budhal menyang
sisih wetan ana dalan kanggo Purwa-pada. Dalan ing sisih kidul nyedhaki Daksina-ing,
panggonan saka Hyang Brahma. Dalan dalan sisih kilene kanggo Desa Pascina,
panggonan Bhatara Mahadewa lan wilayah pahlawan sing bisa mbantu donya. Ing sisih
lor ngendi Bhatara Wisnu ngadili pahlawan perang sementara Mahadeva. Ing sisih kidul-
kulon iku dalan menyang Nariti-desa, ing sisih lor-kulon dalan kanggo Wayobya, ing
sisih lor iku dalan menyang Airsania, nalika dalan ing tengah dalan dalan gaib sing
mimpin menyang Madhya. Lan pungkasan ing sisih kidul-wétan yaiku dalan kanggo
Yamani-loka. Mlayu menyang arah Kuñjarakarna ngarahake 40 dina. banjur, dheweke
teka ing dalan "sacakran ing gilingan", yaiku dalan sing apik banget lan diisi kembang.
Ana "wesi bahanahan" bisa ditemokake dening Kuñjarakarna sing amba lan dhawane
1000 dhaerah. Dheweke uga nyumurupi lawang-lawang tembaga, laci perak lan kunci
emas. Kene Kuñjarakarna ketemu Cikarabala, pengawal Yamadipati. Banjur
Kuñjarakarna dikongkon nggoleki panggonan neraka neraka, isinengenani kahanan
panggon siksaan kang uga akibat saka paukuman dosa. Kunjarakarna nyawang ing sisih
tenggara kang asline ya kuwi yamaloka. Banjur kunjarakarna pamit kanggo nyawang
kabecikan dharma sang yaman lan ngandahi kunjarakarna ngenani sebab siksaan kuwi.
Kunjarakarna uga bisa diwenenhi pitutur ngenani paukuman piwalesan kang kudu
dilakoni.
Kunjarakarna nyawang ana wakul gedhe ana hiasane ndase sapi. Dheweke
takon marang yama, kanggo sapa sajen kuwi ddicepakake, sang yama nyauri “ yen sajen
kuwi disiapne kanggo purnawidaya, pawongan widyadhara kang nduweni garwa ni
kusuma gandhawati”. Purnawijaya bakal budhal menyang neraka amarga dheweke ora
melui piwulangan budha. Purnawijaya dosa amarga dheweke nyenengi garwane wong
liya, ngerudha peksa lan nyiksa pawongan kang oranduweni duso. Kunjarakarno pamit
marang yama, dheweke gupuh marang nasibe purnawijaya, kamangka dheweke ora sida
nemoni wirocana lan malah gage budhal ing panggone purnawijaya, lan diceritakake
purnawijaya lagi gerah lan dijaga mrang garwane.
Kunjarakarna teka ing panggone purnawijaya ing tengah wengi,
kunjarakarna cerita ngenani pengalamane ketemu yamaloka. Banjur dheweke ngandhani
ngenai paukuman kang bakal ditampa marang purnawijaya sesuk. Kunjarakarna ngajak

6
purnawijaya meguru marang wirocana ing “wihara-bhodi-cipta”. Wektu kunjara karna
teko ing yamaloka dheweke langsung di lukat, saengga ilang kasektene. Dheweheke
malih dadi widodari, banjur oleh pitutur saka bathara supaya dheweke terus tapa dadi
pendhita.
Kuñjarakarna ngandika pamit menyang Purnawijaya ing wangun bidadara.
Dheweke ngelingake Purnawijaya langsung menyang Yamani-loka. Purnawijaya
ngendika, ngelingi sang Wirocana kanggo "Ruwat". Amarga dosané, Wirocana ora
gelem ngeluh babagan Purnawijaya. Nanging amarga saka panjaluke Purnawijaya,
Purnawijaya ngendika marang dharma kaya sing wis dilakoni dening Pudara lan
Utsadharna.Purnawijaya nampa piwulang dharma saka Wirocana. Dadi kabeh nafsu sing
nyebabake dheweke dadi dosa. Minangka asil Purnawijaya bakal menyang neraka,
nanging mung 10 dina.
Purnawijaya ngandika pamit mulih. Nalika dheweke entuk omah,
dheweke nyritakake pengalaman marang bojone. Sawise kuwi dheweke ngucapake pamit
kanggo mati. Dheweke uga menehi saran marang garwane kanggo njaga awak nganti 10
dina. Atman Purnawijaya ngambang menyang Yamani-loka. Ing Yamani-loka dheweke
wis ditemokake dening Yama. Purnawijaya banjur dibuwang menyang neraka. Sawise 10
dina neraka dadi panggonan sing ayu. Purnawijaya ngendika marang Yama yen dheweke
mung ngayahi ukuman 10 dina.
Iku amarga dheweke wis teka nyembah "candhi Buddha" supaya dheweke
diapura. Banjur Purnawijaya celathu nggoleki garwane lan Yama diijini. Purnawijaya
bali menyang bangku lan urip maneh. Sawise mbangun omah Purnawijaya ngundang
Widyadhara lan Widyadhari. Purnawijaya bareng pengalaman. Banjur dheweke, bojone
lan kabeh Widyadhara lan Widyadhari tindak menyang panggonan Wirocana ing "biara-
biara Allah ngucapake pujian lan pujian marang Panjenengane.
Ing "candhi Buddha", Purnawijaya lan bojone diwenehi saran babagan kabutuhan
wong Madhya. Banjur ngandika gesang minangka pertapa ana tindakan utama. Ngemot
babagan Purnawijaya lan bojone sing nampa ajaran dharma. Saran bab Wirocana
babagan "karma catur". Purnawijaya ngendika yen dheweke ora salah. Banjur dheweke
lan garwane ngucapake pamit kanggo ngetutake Kuadjarakarna. Wiwitane Purnawijaya
ngalang-alangake bojone supaya meditasi. Nanging amarga bojoné meksa, dheweke
ngidini. Dadi Purnawijaya lan bojone mangkat menyang slidane Gunung Mahameru. Ing
lereng Gunung Mahameru padha ketemu Kuñjarakarna. Banjur ku Kuñjarakarna,
Purnawijaya disaranake babagan metode pertapa. Ngemot negara Purnawijaya lan

7
Kuñjarakarna sing dipenjara. Ngemot prilaku ing tapa Purnawijaya. Purnawijaya
ngandhut pikiran nalika tapa, yaiku babagan 10 "nadi sesan". banjur 10 "sesadi vena"
diklompokaké dadi: pulsa tengen, nadi pulsa lan pulsa tengah. Pulsa tengen dumunung
ing wilayah kasebut kanggo mangan lan ngombe. Pulsa kiri ana ing awak lan kanggo
pulsa tengah ana ing "cloud" utawa ing jagad. Amarga penance kuwat pensiun pensiun
supaya bisa tekan moksa .Kanthi mangkono karo Kuñjarakarna
Lelewaning Basa
Sasmitane tembang macapat Panulisan tembang ora bisa ditulis sakepenake
dhewe, ana paugeran-paugeran tartamtu utawa tetenger tartamtu sajrone panulisan
tembang macapat. Sasmitane tembang ana rong werna (1) sasmita dumunung ana ing
bebukaning pupuh, isi pituduh jenenge pupuh iku, (2) sasmita kang dumunung ana ing
wekasaning pupuh, isi pituduh arane pupuh candake, yaiku jenenge pupuh ing salebare
pupuh iku (Padmosoekotjo, 1953: 93).
(1) Tembang dhandhang gula
Bukti sajrone serat kunjarakarna yaiku anane tembung manis ing pupuh kapisan
lan gatra kapisan sing unine Tanpa manis pangikêting tulis
(2) Tembang asmarandhana
Ing sajrone tembang iki ora ditemokake sasmitane tembang, ananging isa ditengeri
karo paugerane tembang iki yaiku asmarandhana nduweni sasmita antarane asmara,
kasmaran, kayunjgyun lsp uga nduweni 7 gatra, uga guru lagu lan wilangane yaiku
8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a. Bukti iki anan ing pupuh 2 Yayah pamujaning rêsi (8i), mawéh
yam yaming wardaya(8a), lan sawarga wus tan paé(8e), mung béda salwir
rêrênggan(8a), ing ngoséran puriswa(7a), nging tan kawistra tuhu(8u), déning
awigig pakertya(8a).
(3) Tembang sinom
Ing tembang sinome dhewe ora ana sasmitane tembang ananging sasmitane
tembang macapat snom ana ing pupuh kapisan tembang gambuh sing panggone persis
ana ing samarine tembang sinom yaiku tembung nom buktine yaiku Hyang yama
ngandika rum, yon sirasesa mring kaindran kulup,anuruta marga kang mangetan iki,
ywa salah weng-weng ing laku, Kounjarakarna wot sinom.

(4) Tembang gambuh


Ing sajrone tembang iki ora ditemokake sasmitane tembang, ananging isa ditengeri
karo paugerane tembang iki yaiku 5 gatra lan guru lagu uga wilangan jinise

8
7u,10u,12i,8u,8o. Lan ing serat kunjarakarna ana ing pupuh 5 sing unine Wonten
ingkang sumaur, swaraning dyah alon manis arum, lah ta sinten kang uwuh-uwuh
nang jawi, dene wus ing wanci dalu, akaca gita sakjotos.
(5) Tembang megatruh
Ing tembang megatruh dhewe ora ana sasmitane tembang ananging sasmitane
tembang macapat sinom ana ing pupuh 44, serat iki menehi sasmithane tembang ora
langusng ing tembange, sasmithane manggon ana ing sadurunge tembang kuwi
diwiwit utawa pungkasan tembung pegat sing katemokake yaiku Met martaning
tumuwuh, kang mununtun kamuljan linuhung, saungkur ngong sira jwa pegat semedi,
minta aksameng Dewa gung, mrih leburing dosaning ngong.

(6) Tembang maskumambang


Sajrone serat kunjarakarna ing tembang maskumambang sasmitane ditemokake
ana ing pupuh 61 ing tembang megatruh, awujud tembung kumambang lan buktine
yaiku : Dyan umêsat sing ngabyantara rinipun, kari mangu kang kawuri, hyang
Poornowidjojo gupuh, madég umandjing ngasrami, kumambang lampahira lon.
(7) Tembang pangkur
Sasmitane tembang pangkur uga ditemokake ana ing temkbang kinanthi pupuh 45
sing panggon tembange pas ana ing samarine tembang pangkur, buktine yaiku
Djawata Lokapala wus, pamit linilanan sami, mosat mantuk mting Kahyangan,
mungkuri Hyang Indrasiwi, lan garwa sang Retna ning Dyah,winasita roh hardjanti.
Uga ditemokake tembung kur ana ing pupuh 21 : Tan mantra-mantra rimsa, otja
donnja longgah tan obah mosikl anggung donira pitokur, sara tjurnong sarira, tanpa
karja sagung satra lobur luluh, Batara Tjingkarabala, sangsaja hobiting galih. Lan
pupuh 24 : Panggih lawan Hyang Indratma, dorong owah totop dénira linggih,
angêtja-étja pitokur, Hyang Jomo lon ngandika, Duh yoganing ulun kang tinitah
luhung, paran kulup darunanta, do sira lulus basuki.
(8) Tembang kinanthi
Sasmitane tembang kinanthi awujud tembung asta bisa ditemokake ing tembang
kinanthi pupuh 1 sing unine yaiku : Witning sangêt bingah ulun, déné ngdjong
paduka mangkin, antuk aksamong astara, ruwat sakatahing sisip, nanging mugi
kalilana, dasiho sodya tut wuri.

Purwakanthi guru swara

9
Purwakanthi Guru-swara yaiku iku anane swara kang wis kasebut ana ing gatra
utawa perangane ukara sing ngarep utawa wiwitan (purwa), digandheng, disebutake
maneh ana ing gatra utawa perangane ukara ing buri. Ing panliten iki, purwakanthi guru
swara kang tinemu ing serat Kunjarakarna yaiku mujudake swara /a/, /i/,/u/, /e/ lan /o/
Purwakanthi kang ngelingi wewaton swara, paugeran swara, yaiku swara sing wis
kasebut ana ing gatra utawa perangane ukara sing ngarep utawa purwa, dikanti,
digandeng, disebutake maneh ana ing gatra utawa perangane ukara ing buri. Dadi ing
gatra utawa perangane ukara kang buri ana sing nunggal swara karo gatra utawa
perangane ukara sing ngarep (Padmosoekotjo, 1953: 59)
(9) Tanpa manis pangikêting tulis, labêt mudha daméng kasusastran, miwah pangwikan
salwiro, marma agung ngêndhanu, pêpêting tyas tan wuning gati, paksa ngripta
rujiwa, dén nya sru kayungyun, ing réh wodaring wasita, wawadining darma mongka
paliyan sing sangsaraning dêlahan.
Adhedasar pethikan ing tembang dhandhang gula pupuh 1 gatra 1, mujudake
anane purwakanthi guru swara (i). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna.
Yen dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake
kaendahaning tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda
(i) kang dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku
Tanpa manis pangikêting tulis yaiku ngiket seratan kanthi bab kang ora legi. Makna
simbolis ukara kasebut nuduhake sasmitane tembang macapat ana ing tembung manis
(10) Rasaning tyas lir kaési ési, dénnya sésining jagad wiryawan, ngasuk ngasepi
anggené, béla tampaning kalbu, inastuti tan wrining gati, karya krurawirodha, yayah
mbok mangiwung, rumabaséng mitrakardha, jinaring prang yêku srenging sang
dityarsi, taharu arêng driya
Adhedasar pethikan ing tembang dhandhang gula pupuh 5 gatra 5, mujudake
anane purwakanthi guru swara (i). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna.
Yen dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake
kaendahaning tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda
(i) kang dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku
inastuti tan wrining gati yaiku mesthekake yen kuwi bab kang wes ora ana
(11) Dadi kalimput jênênging urip, têmah babawur warahing darma, marma dén
santosa baé, mring pamurung nging laku, sira kaki bakal ngong wisik, rah saning
kawruh tama, ing sadurungngipun, sira nampani wanita, Lakonanna sumêngka
maring yomani,iya ing yamaloka

10
Adhedasar pethikan ing tembang dhandhang gula pupuh 13 gatra 4, mujudake
anane purwakanthi guru swara (i). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna.
Yen dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake
kaendahaning tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda
(i) kang dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku
mring pamurung nging laku yaiku bab kang njalaring kepegating laku.
(12) Galaksolah éngajrihi, nalika wruh yitma kathah, anjungug gyawanan dêré,
luwés tandang ngépra yoga..Rikat saéngga kilat, mangamah amah anubruk, kang tinê
mpuhkagégéran
Adhedasar pethikan ing tembang asmarandhana pupuh 12 gatra 5, mujudake
anane purwakanthi guru swara (a). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan
makna. Yen dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake
kaendahaning tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda
(a) kang dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku
Rikat saéngga kilat yaiku nalika tandhang cepet lan sregep bisa cepet kaya kilat.
(13) Samantara wus wungu, pungun-pungun angungun gya ndangu, karananing
winungu, garwa turnja ris, jen ing jawi wonton tamu, pitya wiku jun kapanggoh.
Adhedasar pethikan ing tembang gambuh pupuh 10 gatra 5, mujudake anane
purwakanthi guru swara (a). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna. Yen
dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake kaendahaning
tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda (a) kang
dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku pungun-
pungun angungun gya ndangu yaiku dheweke takon marang aku.
(14) Dyan tumaméng ngabyantaréng Bataradi, marek patmasana, Hyang
Indratma mangastuti, gumolong nombah ing Déwa.
Adhedasar pethikan ing tembang maskumambang pupuh 1 gatra 1, mujudake
anane purwakanthi guru swara (e). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan
makna. Yen dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake
kaendahaning tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda
(e) kang dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku
Dyan tumaméng ngabyantaréng Bataradi yaiku ing kono awakdhewe bisa nyawang
bataradi

11
(15) Sinambut kinuswa-kuswa, Dewa-Déwi samya onong kopati, adanlonggah
kalihipun, mangkana kang suméwa, para Dewa miwah para surawadu, sadaja
mangungun dahat, myat warna Hyang Indra Siwi.
Adhedasar pethikan ing tembang pangkur pupuh 4 gatra 5, mujudake anane
purwakanthi guru swara (a). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna. Yen
dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake kaendahaning
tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda (a) kang
dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku para
Dewa miwah para surawadu yaiku disambut marang para dewa uga para surawadu.
(16) Panggih lawan Hyang Indratma, dorong owah totop dénira linggih, angêtja-
étja pitokur, Hyang Jomo lon ngandika, Duh yoganing ulun kang tinitah luhung,
paran kulup darunanta, do sira lulus basuki.
Adhedasar pethikan ing tembang pangkur pupuh 24gatra 5, mujudake anane
purwakanthi guru swara (u). Lelewane basa ing kene nduweni fungsi lan makna. Yen
dideleng saka fungsine, sakabehane nduweni fungsi kanggo nuwuhake kaendahaning
tumrap seratan pangripta. Saliyane nduweni fungsi kaendahan, wanda (u) kang
dumunung ing saben tembung kasil nguwatake makna. Makna wantah yaiku Duh
yoganing ulun kang tinitah luhung yaiku pawongan kang oleh parentah kanggo
tumindhak apik lanh mulya.

Purwakanthi guru basa


Purwakanthi basa asring mbaleni tembung kang padha, wujude uga bisa owah
nanging isih kanthi runtut. Dene miturut padmasukatja yaiku pangulange tembung utawa
wanda kang runtut kang manggon ana ing pungkasan larik lan dibaleni maneh ing
wiwitan larik. Purwakanthi guru basa diperang dadi papat yaiku pangulange wanda,
pangulange tembung, pangulange frase, lan pangulange klausa.

(17) Ngawruh ana yitma kang kaswasih,pinidhana mring bathara yama,


warna warna pamatrapé, miturut dosanipun, wusanané wekas ngong kaki,
dén bisa anoraga, minta wulangipun, yama sipati bathara, tatakona den
titisagung kaéksi, purwané nandhang papa.
Tembang dandanggula pupuh 14 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga
padha swara yaiku warna-warna
(18) Madya kéndêl anéng widik widik, mêsu budi an antuk wawêngan
malah pêpêt ngêna ngné, têmah putêg tyasipun, tan panon ra ri wuting

12
ngaksi, puwara munu cipa, madêg suranipun, angun angun tyas wiroda,
tan riringa dyan anjog mring jalanidi, jumêgur swara nira
Tembang dandanggula pupuh 16 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga padha
swara yaiku widik-widik lan angun angun
(19) Salwiring rékan sami, kinondha kondha kaswargan, kêkêmbangan
kang warna byor, kaca sêngsêming paninggal, ganda rum arum ngambar,
mawor gandaning kang ratus, umrês mêlêg lêng ulêngan.
Tembang asmarandhana pupuh 6 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga salin
swara yaiku rum arum lan leng ulengan.
(20) Wontên kagêndra sirah wil, gêngira pinda brabata, kagasantara
arané, wulu lar astra kinarya akuku kadgabtikawa, jalu lungit gêng
apêngkuh, mingis mingis sru landepnya.
Tembang asmarandhana pupuh 9 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga padha
swara yaiku mingis mingis
(21) Lair katon kopah-kopah aranipun, teja maja sunu kaki, sumeleh bumi
ranipun, sipulang nyata marwani, darbo aji mantrakaot.
Tembang mijil pupuh 17 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga padha swara
yaiku kopah kopah
(22) Lan kinen mrih pituduh, mring Jwang Jama slwir kang kadulu,
jinarwanan wigjange sawiji-wiji, purwaning nandang papa gung, kanti
mumulang maring ngong.
Tembang gambuh pupuh 17 ing ndhuwur ngandhut tembung dwilingga padha
swara yaiku sawiji wiji

Purwakanthi guru sastra


Purwakanthi guru sastra yaiku perangane ukara kang wi witan (ing purwa), dikanti,
digandeng, disebutake maneh dening perangane ukara kang buri. Bisa uga ateges
purwakanthi kang ngelingi wewaton sastra, yaiku sastra kang wis kasebut ana ing
perangane ukara kang ngarep utawa ing perangane ukara kang wi witan (ing purwa),
dikanthi, digandeng, disebutake maneh dening perangane ukara kang buri. Dadi ing
perangan ukara ing sisih buri ana sing nunggal sastra utawa nunggal aksara karo
perangan ukara ing sisih ngarep (Padmosoekotjo,1953: 60)
(23) Parmaning hyang pijak ponang warih, kaon gapura gêng tanpa pama,
nging jêdug tan ana margané sangsaya yas margi juh, dyan maladi
sêmédi oning, nêgês karsaning déwa, tan pantara dangu, praptaning kang
bajubajra, gara gara gora réh kagiri giri, samodra mawalikan.
Aksara (g) kang sumambung klawan swara (a),(e),(u), lan (i) ing tembang
dandanggula pupuh 17 kasil nguwatake makna ukara kasebut. Makna wantah ukara
kasebut yaiku Tresnane marang dewa kaya banyu mili, kaya gapura tanpa upama, lan

13
amarga lara ati dheweke semedi lan muncule suwe banget, dgambarake kaya sumunare
inten lan gara gara kelakuane kang ora becik digambarake kaya samodra sing munyer.
(24) Marma rinêngga sarwa sri, supadi kang lagya prapta, anéng
yamaloka, kono, samya songsoma tuminggal,sinêngguh den kamulyan,
mrih suka pirênanéng kayun, tan wrin yén paékan daya
Aksara (r) kang sumambung klawan swara (a),(e) lan (i) ing tembang
asmarandhana pupuh 3 kasil nguwatake makna ukara kasebut. Makna wantah ukara
kasebut yaiku ninggali yamaloka kamulyan sarta suka bagya
(25) Galangsaran mêlas asih, hangga sakojur kuthah rah, pating galuruh
sambaté, karya ngrês surasaning tyas, wontên malih katingal, sronggala
asirah diyu, kagiri giri gêngira.
Aksara (s) kang sumambung klawan swara (a),(e) lan (i) ing tembang asmarandhana
pupuh 11 kasil nguwatake makna ukara kasebut. Tresna bisa kasebut welas asih ing
sajrone ati panguripane manungsa, tresna uga wujude kesadaran manungsa, kaendhahan
lan kabagusan.

Tembung Wancahan
Tembung wancahan muj udake tembung cekakan utawa tembung tugelan, yaiku
tembung kang dikelongi utawa dibuwang saperangan wandane.
(26) Ingkang jinojoh wêsi brit, pinêndang bauné pagas, wênéh rinanté
guluné, pinanggang ing dahanarda, murub angalad alad, mlonyoh
hanggané sakojur, tanpa rungyan sambatira. (asmaradhana 8)
(27) Lan kinen mrih pituduh, mring Jwang Jama slwir kang kadulu,
jinarwanan wigjange sawiji-wiji, purwaning nandang papa gung, kanti
mumulang maring ngong. (gambuh 17)
(28) Mawa cahja manca warna angguwung, gumilang ambelerengi, basa
nukameng bapa biyjung, karo pisan den dunugi, neng purusbaga
hamanggon. (megatruh 6)
Tembung brit sing ana ing tembang asmarandhana pupuh 8 nduweni arti abrit
utawa abang, yen ing tembang gambuh pupuh 8 ana tembung wancahan mrih sing
kudune amrih, ing pungkasan tuladhane ana ing tembang megatruh pupuh 6 yaiku
tembung neng sing kudune aneng.
Tembung Garba

14
Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda
cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, kanggo nggenepi guru wilangan.
Tetembungan liya kang biyasane digunakake kanggo nyebut tembung garba yaiku
kontraksi.
(29) Lwir antelu kinulitan warnanipun, tumokane pitung sasi, ana kang
prapta tumruntus, pancamaha buta sidi, yeku kahanan limang nggon.
(megatruh 9)
(30) Hyang Jama ngandika rum, yon sirasesa mring kaindran
kulup,anuruta marga kang mangetan iki, ywa salah weng-weng ing laku,
Koonjorokarno wot sinom. (gambuh 1)
(31) Kinêndalna sing yomani, dhuh ah ah tobat kawula, déné rasané
mangkéné, gumuruh ingkang sasambat, mangkana sinawran, dhik awya
kakéhan wuwus, pan wus kok jarang priyangga. (asmarandhana 29)
Ing kene wujud tembung garba ana telu yaiku : yeku, sinom lan priyangga,
kang ana ing tembang megatruh pupuh 9 yaiku tembung yeku gabungan
saka tembung ya lan iku, ing tembang gambuh pupuh 1 ana sinom sing
tegese isih enom, pungkasan ana tembung priyangga ing tembng
asmarandhana pupuh 29 artine yaiku priya lan angga.

5. DUDUTAN
Sajrone serat kunjara karna iki akeh banget tembung tembung kang awed lan
ora biasa digunakake pramila panliten iki pas yen nggunakake tintingan stilistika
amarga jinise serat iki tembang akeh banget bab bab kang kudu dionceki ananging
panyerat urung bisa ngonceki kanthi maksimal. Naskah iki nyritakake ngenani
lumakune anggone kunjarakarna nglakoni panebusan dosane lan diteliti nganggo
tintingan stilistika sing isa isa diperang dadi loro yaiku mitutr purwakanthi lan miturut
jinise tembung. Yen miturut purwakanthi isa diperang maneh dadi 3 yaiku
purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa, uga
saka basane bisa diperang dadi 2 yaiku tembung garba lan tembung wancahan. Saka
panliten iki jumlahe yen digabung ngasilake 31 dhata, saka dhata kuwi panliten khasil
ngonceki makna sing ana sajrone tembang. Panliten iki diwiwiti saka crita lelakune
kunjarakarna, yamaloka lan wiracana saka gancaran tembang. Tembang kapisan bsa
dideleng yen kuwi tembang dandhanggula amarga ana tembung manis minangka
sasmitane tembang dandhang gula.

15
6. KAPUSTAKAN

Drs. Aminuddin, M.Pd. 2015. Pengantar Apresiasi Karya Sastra. Bandung: Sinar
Baru Algensindo.

Fitriani. 2012. Lelewaning Basa Sajrone Suluk Ngibarat (Suntingan Teks Lan
Tintingan Stilistika). Surabaya:Unesa

Padmosoekotjo. 1955. Ngrengrengan Kasusastran Djawa. Purworedjo : Hien Hoo


Sing.

Rikasari, afrida. Lelewane basa sajrone serat nalawasa nalasatya anggitane raden
arya sastradarma : tintingan stilistika. Surabaya: FBS,Unesa

Sutrisno, Muji. Hendar Putranto. 2005. Teori-Teori Kebudayaan. Yogyakarta:


Kanisius.

Umam. Khoiril. 2018. Pamilihan tembung lan lelewane basa sajrone lirik lelagon
tayub anggitane wagiran pratama. Surabaya: FBS, Unesa (01.1)

16

Anda mungkin juga menyukai