Anda di halaman 1dari 7

Geguritan Bahasa Jawa, Pengertian, Ciri-Ciri, Jenis, dan Contohnya

A. Pengertian Geguritan

Tembung geguritan asale saka tembung lingga ”gurit”. Gurit tegese:


a. kidung utawa tembang
b. tulisan awujud tatanan kanthi paugeran tartamtu.

Geguritan yaiku salah sijining sastra Jawa kang asale saka rasa ing ati, banjur
diungkapake penyair nganggo bahasa kang nduweni irama, rima, mitra, lan
tatanan lirik kang nduweni arti/ makna tartamtu. Geguritan utawa Puisi basa Jawa
ora kaiket dening paugeran tartamtu kayata tembang Macapat.
(Terjemahan; Geguritan yaitu salah satu karya sastra Jawa yang berasal dari rasa
di hati, yang diungkapkan penyair menggunakan bahasa yang berirama, berrima,
mitra, dan susunan lirik yang bermakna tertentu. Geguritan atau puisi bahasa
jawa tidak terikat aturan tertentu seperti tembang Macapat.)
B. Ciri-Ciri Geguritan

Nggurit tegese ngarang tembang, kidung utawa rerepen.


Dene geguritan ing kene, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran
gumathok kaya ing ngisor iki. (Terjemahan; Nggurit artinya mengarang lagu,
kidung atau rerepen. Namun geguritan di sini, berarti susunan lagu menurut
aturan yang sudah ditentukan sebagai berikut ini.)
1) Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging apese 4 gatra. (Jumlah gatra tidak
ditentukan, tetapi biasanya terdapat 4 gatra).
2) Saben-saben gatrane guru wilangan lan guru lagu padha bae. Runtut
mawa purwakanthi guru swara. (Tiap-tiap gatra, guru wilangan dan guru lagunya
sama saja. Urut sesuai purwakanthi guru swara.)
3) Lumrahe babuka utawa kawiwitan srana ukara "Sun nggegurit". (Umumnya
dibuka atau dimulai dengan awalan kalimat "Sun Geguritan".)

C. Jenis-Jenis Geguritan Jawa

1. Geguritan Kuna/ Lawas yaiku nganggo basa Jawa kuna lan duweni aturan lan
ciri-ciri kanggo nyusun geguritan lawas/ kuna.
Paugerane yaiku : (Terjemahan; 1. Geguritan Kuno/ lama yaitu menggunakan
bahasa Jawa kuna dan mempunyai aturan dan ciri-ciri untuk menyusun geguritan
lama/ kuno.
Aturannya yaitu:)
a. Diwiti tembung "sun gegurit". (Diawali kata "sun gegurit")
b. Cacahe gatra (larik) ing saben padha kudu runtut lan padha (paling sithik 4
gatra/larik). (Jumlah gatra di setiap padha harus urut dan sama (paing sedikit 4
gatra))
c. Cacahe wanda saben gatra kudu padha (Jumlah wanda setiap gatra harus
sama)
d. Guru lagune manut purwakanthi guru swara A,I,U,E,O (Guru lagunya menurut
purwakanthi guru swara A,I,U,E,O)
*Catetan; paugeran geguritan kuna/ lawas ing dhuwur podho karo ciri-ciri
geguritan seng wes dibahas ing tulisan sakdurunge. (*Catatan; aturan geguritan
kuno/ lama di atas sama dengan ciri-ciri geguritan yang sudah dibahas pada
bagian sebelumnya)

2. Geguritan Gargarag anyar yaiku duweni sifat bebas merdeka utawa  ora kaiket
dening guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan guru swara.  Jenis geguritan iki
nganggo basa jawa modern utawa basa jawa jaman saiki. (Geguritan edisi baru
yaitu mempunyai sifat bebas merdeka atau tidak terikat dengan guru gatra, guru
lagu, guru wilangan, dan guru swara. Jenis geguritan ini menggunakan bahasa
jawa modern atau bahasa jawa masa kini)

D. Cara Menyusun Geguritan Kuna

Cara-carane nggurit utawa ngripta geguritan (Cara-cara nggurit atau menyusun


geguritan):
a. cacahing gatra (larikane) ora ajeg, nanging sithike papat, (Jumlah gatra
(lariknya) tidak tetap, tetapi sedikitnya ada 4,)
b. cacahing wanda (suku kata) ing gatra siji lan sijine kudu padha akehe, (Jumlah
wanda (suku kata) dalam setiap gatra satu dengan gatra lainnya harus sama
jumlahnya,)
c. tibaning swara (guru lagune) kudu runtut, (suara vokal akhir (guru lagu) harus
urut.)
d. sangarepe guritan, diwiwiti nganggo tembung “sun nggurit". (Pada awalan
geguritan, diawali dengan kata "sun gegurit".)

Cathetan:
Cara-cara kasebut dhuwur iku, mligi kanggo guritan kuna, dene guritan anyar wis
ninggalake pranatan utawa cara-cara kasebut. (Terjemahan; Catatan; Cara-cara
di atas, hanya digunakan pada geguritan kuna, dimana geguritan baru sudah
meninggalkan aturan atau cara-cara tersebut.)
Contoh Geguritan Kuna;
a. Guritan sing isih nganggo cara-cara kasebut ing dhuwur.
Sun nggegurit:
1) "Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati".

Sun Nggegurit
(2) "Lelakon jaman saiki,
Kabeh pemudha-pemudhi,
Kutha desa gunung sami,
Mung sinau kang den esthi".

3) "Yen manut wasiting kuna


Priya srawung Ian wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa".

Kapethik saking: Ngengrengan Kasusastran Jawa dening S. Padma Sukaca

E. Cara Menyusun Geguritan Gagrak Anyar

Geguritan gagrak anyar nduweni pranata utawa cara-cara kang beda tinimbang
geguritan kuna. Dene carane ngripta geguritan anyar, yaiku;
(Terjemahan; Geguritan edisi baru mempunyai peraturan atau cara-cara yang
berbeda daripada geguritan kuno. Cara menciptakan geguritan baru, yaitu;)
1. Nentukake Tema (Menentukan tema)
Sadurunge nggawe geguritan kudu ditentoake apa temane. Tema yaiku ide
gagasan apa sing arep digawe kanggo isineng geguritan. (Sebelum membuat
geguritan harus ditentukan apa temanya. Tema yaitu ide gagasan apa yang akan
dibuat sebagai inti atau isi geguritan)

2. Ngubah Ide/ Tema  dadi Geguritan (Merubah ide/ tema menjadi geguritan)
Sawise ketemu ide kudu diolah lan dihayati. Umpama nggawe geguritan "simbok",
awake dhewe kudu bisa ngrasakake apa kang dirasake lan dikarepake simbok.
Banjur disusun tembung-tembung supaya dadi geguritan sing penak diwaca.
(Setelah menemukan ide harus diolah dan dihayati. Semisal membuat geguritan
dengan tema "simbok", kita harus bisa merasakan apa yang dirasakan dan
diinginkan simbok. Kemudian disusun kata-kata agar menjadi geguritan yang
enak dibaca)

3. Gaya Basa/ Majas (Gaya bahasa/ Majas)


Nggawe geguritan mesti ora ninggalake majas. Majas kang digunakake bisa
macem-macem ananging kang kerep yaiku majas personifikasi lan hiperbola.
(Membuat geguritan pasti tidak akan meninggalkan majas. Majas yang
digunakan bermacam-macam tetapi yang sering digunakan yaitu majas
personifikasi dan hiperbola).

4. Bait, Rima, lan Irama (Bait, Rima, dan Irama)


Ana ing geguritan modern, bait, rima, lan irama ora pati digatekake. Ananging,
luwih becik menawa bait, rima, lan irama bisa digatekake supaya geguritan kang
digawe enak diwaca. (Didalam geguritan modern, bait, rima, dan irama tidak
begitu diperhatikan. Tetapi, lebih baik jika bait rima, dan irama dapat
diperhatikan agar geguritan yang dibuat lebih enak dibaca).

5. Dasanama, purwakanthi, lan sapanunggalane. (Dasanama, purwakanthi, dan


lain-lain)
Biyasane, ana ing geguritan, supaya nambah endahing isi, tembung-tembung kang
dianggo migunakake dasanama, purwakanthi, lan kawruh basa liyane. (Biasanya,
di dalam geguritan supaya menambah keindahan isi, kata-kata yang dipakai
menggunakan dasanama, purwakanthi, dan tata bahasa Jawa lainnya).

Contoh Geguritan anyar


1) Tukang mBedhil
"Esuk bagaskara sumamburat
Manuk-manuk padha langen suka

Manuk sajodho
Moncok ing pang garing
Ngocoh loloh-linoloh
Prasetya ing janji katresnan.

Tukang mbedhil
Mripat mencereng
Ngulati manuk

Ah ah ah ...!

Oo, ......... Allah.


Manungsa ora ngerti tata.
Si manuk lanang kekitrang
Mabur mrana mencok kene,
Ngoceh lagune kasusahan

Oo, ......... ya gene manungsa


Dene duwe bedhil
Anggone mbedhil mungsuh
Kepriye, ah ah ah
Tan ana pathoking katresnan.

Manuk lanang bleber kekitrang


Nyamberi panggonane peksi estri
Kang kumleyang"

Kapethik saking ariwarti Parikesit, Surakarta

Anda mungkin juga menyukai