Anda di halaman 1dari 18

geguritan

PANGERTOSAN

• Geguritan asale saka tembung GURITA


sing tegese tembang utawa syair
• Geguritan yaiku puisi Jawa modheren
utawa anyar kang panulisane bebas,
ora kaiket dening aturan tartamtu.
Jinising Geguritan
1. Geguritan Kuna/Lawas
Ciri-ciri:
a. Cacahe gatra (larik) ora ajeg, nanging
paling sithik papat
b. Cacahe wanda (suku kata) ing gatra siji
lan sijine kudu padha akehe.
c. Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut
d. Diwiwiti nganggo tembung Sun Nggegurit
2. Geguritan Anyar/Modern
Ciri-ciri:
a. Ora kawiwitan tembung Sun Nggegurit
b. Cacahe gatra ora digatekake
c. Tibane swara bebas
d. Mentingake pamilihane tembung kang
mentes
Titikane Geguritan
• Ora kaiket dening paugeran/pathokan
• Cacahe larik ora ditemtokake
• Luwih ngutamakake babagan isine kang
mentes, apik, endah
• Migunakake tembung kang pinilih kayata
purwakanthi, wangsalan, pepindhan, lsp
(dudu basa padinan)
• Arang (jarang) migunakake tembung pangiket
(lan, dene, nanging)
• Ing geguritan uga migunakake purwakanthi

APA KANG DIARANI


PURWAKANTHI?
• Purwakanthi yaiku runtute basa utawa swara
ing ukara, wanda, utawa tembung kapisan
nggandheng wanda utawa tembung saburine.
• Purwakanthi dibagi dadi 3 :
a. Purwakanthi swara
b. Purwakanthi basa/lumaksita
c. Purwakanthi sastra
Purwakanthi Swara

yaiku purwakanthi sing padha swara (a,i,u,e,o)


ing pungkasane tembung.
• Tuladha:
1. Sapa jujur, bakal makmur
2. Ora ubet, ora ngliwet
3. Gelem obah, mesti mamah
Purwakanthi Sastra
yaiku purwakanthi sing padha tulisane
utawa aksarane ing saben wiwitan
wanda utawa tetembungane
• Tuladha:
1. Bobot, bibit, bebet
2. Sing sapa salah saleh
3. Tata, titi, tentrem
Purwakanthi Basa/Lumaksita

yaiku purwakanthi sing padha


tetembungane.
• Tuladha:
1. Asung bekti, bektine marang
kawula Allah
2. Mangan ati, atine sing kelara-lara
3. Nandhang lara, larane wong lara
lapa
Struktur
Geguritan

Struktur Struktur
Batin Fisik
Struktur Batin
• Yaiku struktur kang kinandhut ana sajroning
geguritan.
• Kang kalebu struktur batin:
a. Tema
Yaiku ide pokok geguritan. Tuladha sosial, moral,
politik, agama, lsp.
b. Rasa pangrasa
Yaiku rasa kang kepengin diandharake utawa
dicritake dening pangripta. Tuladha : simpati,
empati, sedhih, seneng, lsp.
c. Nada/lagu
Yaiku sikap sing digunakake ana sajroning
geguritan. Tuladha: ngguroni, ngenyek, muji,
lsp
d. Suasana
Yaiku kahanan batin utawa jiwa pamaos
sawise maca geguritan.
e. Amanat
Yaiku pesen kang diwedharek pangripta
marang pamaos.
Struktur Fisik
1. Tipografi (wujud geguritan)
Yaiku wujud geguritan supaya narik kawigaten.
Tuladha:
a. Migunakake aksara/huruf cilik kabeh lan ora
ana tadha baca
b. Migunakake aksara kapital ing wiwitan ukara
lan ora ana tandha baca
c. Migunakake aksara kapital lan cilik lan tandha
baca lengkap
d. Sabageyan bait njorok ing njero
2. Diksi (pilihane tembung)
Yaiku pamilihan tembung kang endah
3. Imajinasi (imaji swara, imaji paningal, imaji
raba/sentuh)
4. Tembung konkret
Yaiku tembung kang bisa ditangkep dening alat
indra kang nuwuhake imaji
5. Busananing basa (gaya basa)
Tuladha : metafora, personifikasi, lsp.
6. Wirama (rima)
Yaiku runtuting swara ing wiwitan, tengah/
pungkasan gatra
Kang kudu digatekake nalika gawe geguritan
1. Tema (Underan)
Tema ing kene sing dikarepake wosing (isi)
tulisan. Tema biasane babagan katresnan,
kabudayan, sosial, ekonomi, politik, kritikan, lsp
2. Tembung
Tembung-tembung dipilih supaya katon endah
lan apik. Prayogane migunakake sinonim
(dasanama), upamane tembung bulan bisa
migunakake tembung candra, sitaresmi.
3. Citraan
Citraan iku gambaran kanyatan apadene angen-
angen lumantar tembung kang digunakake. Dadi
kaya-kaya weruh (visual), krungu (audio)
ngrasakne tenan apa sing dikarepke.
4. Lelewaning Basa
Lelewaning basa perlu digunakake supaya
nambah kaendahaning geguritan. Tuladhane
witing klapa katon ngawe-ngawe.
MATUR NUWUN

Anda mungkin juga menyukai