Anda di halaman 1dari 8

TEKS DESKRIPSI BAHASA Kelompok

JAWA 1
NAMA KELOMPOK:

ADITYA PUTRA INDRA CAHYA ( 01 )


CHYNTIA EKI DEAMITA ( 06 )
DEWI RISMA AFNI RUCHAYANA ( 08 )
DHAIFAN AUZAN PRANASTIO ( 09 )
IKHBAL HARPRI PANGESTU ( 15 )
RATRI YUDHA TRIWAHYUNI ( 25 )
TEKS DISKRIPSI

Pangerten :
Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulls
utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara. Deskripsi uga duwe teges
perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu.
Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang
didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang;
prastawa,pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.

Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran


kasunyatan.
Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan,
prastawa, barang, lsp. Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan
sing saknyatane.
A. Urut – urutan nulis paragraf deskripsi:
1. Nemtokake tema / objek karangan
2. Nemtokake tujuan karangan
3. Ngempalake data kanthi ngamati objek kang didadekake objek
karangan
4. Nata rantamaning karangan (nyusun rancangan karangan)
5. Ngembangake kerangka karangan
B. Ciri – ciri paragraf deskripsi :
1. Nggambarake samukawis (sesuatu)
2. Kanggo sing maca lan sing ngrungokake kaya –kaya ngrasakake
kahanan kuwi dewe
3. Bisa dirasake panca indra .
C. Struktur teks deskripsi
1. Gambaran umum yaiku bagian sing nggambarake definisi utawa identitas
saka objek kasebut
2. Deskripsi bagian yaiku bagian sing nggambarake klasifikasi objek kasebut.
Pengklasifikasian diterangake kanti rinci dibarengi gambaran kang jelas
 
D. Wacana deskripsi kaperang dadi loro
 
1. Diskripsi objektif, yaiku salah sijining karangan diskripsi kang carane
nggambarake objek ora ditambahi angen-angene pangripta.
Tuladha: Saya mlebu menyang wilayah Malaysia, kahanan saya rame. Ing serian,
Negara bagian Serawak, Malaysia wetan, panguripane warga katon makmur. Babar
pisan ora katon “perkampungan kumuh” ora ana papan-papan kang rungsep.
Kaline uga resik. Ora ana uwuh kang digguwang ana kali. Banyune bening ngilak-
ngilak. Ing kana disediyakake prau sewan maneka warna, malah ana restoran
terapung lan hiburan liyane.
2. Diskripsi Subjektif, yaiku salah sijining karangan diskripsi kang carane
nggambarake objek kang ditulis wis ditambahi pangreka-rekane pangripta.
Tuladha: Aku mbayangake yen ing Indonesia, sapa wae kaya-kaya bebas
mbuang raragedan sadalan-dalan lan ing papan umum tanpa sangksi apa-apa.
Malah sing jenenge kali kayata kali Ciliwung ing Jakarta lan kalimas ing Surabaya
prasasat dadi pawuhan kang paling dawa sak donya.

E. Tuladha deskripsi
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan
kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket.
Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka
pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)

Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe
gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes
suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing
kalangan muda-mudi.
Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo
ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-
liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake
budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.

Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon


saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina
setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA.
Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho
liyane.

F. Sumber
http://risangaryodw.blogspot.co.id/2014/04/paragraf-diskripsi.html#more
http://yuyunsaja.blogspot.co.id/2009/10/wacan-deskripsi.html
http://pelajaranbahasaindonesia.com/2015/12/12/pengertian-struktur-ciri-keb
ahasaan-teks-deskripsi-faktual/
TERIMA KASIH

Anda mungkin juga menyukai