Anda di halaman 1dari 12

~~1ill)1 m~~~1 :at

l~Ml.1.J~rifiltf ~l~(

(@ffi,i414itiivJB$iP..:>
3.1 Mengidentifikasi, memahami , dan menganalisis penggunaan basa lisan dalam berbagai situasi sesuai tata krama .
4 .1 Melakukan simulasi penggunaan basa daerah dalam berbagai konteks sesuai dengan tata krama .

Pacelathon iku kagiyatan kang lumrah katindakake


dening lumrahe manungsa ing urip bebrayan. Nalika
srawung ing masarakat ora bisa diselaki mesthi mbutuhake
komunikasi. Nalika gotong royong, sambatan , ronda,
klumpukan ulem , PKK, kumpulan RT, sripah , Ian kagiyatan-
kagiyatan liyane ing tengahing bebrayan, kabeh mbutuhake
komunikasi. Wujude komunikasi ana sing tinulis, lesan, mawa
isarat, Ian sapanunggala ne. Wujude komunikasi lesan salah
sijine yaiku pacelathon.
Nindakake pacelathon ateges nindakake paguneman Sumber: majalahouch.com
antarane wong siji Ian liyane. Ing sajroning paguneman ana prakara sing dirembug, bisa ngenani
pagaweyan padinan nganti tekan prakara-prakara sing abot. Nanging sing luwih penting kanggo
digatekake ing sajroning pacelathon, yaiku babagan unggah-ungguh basa . Nalika guneman
migunakake basa Indonesia karo sapa bae basane ·padha, sanajan kita kudu tetep migatekake
pamilihan tembung kang trep. Nanging menawa pacelathon migunakake basa Jawa iku ana
unggah-unggu he. Tegese, nalika omongan marang bocah cilik beda karo nalika omongan marang
wong diwasa. Beda maneh nalika ngadhepi wong sepuh utawa wong sing drajate dhuwur. Mula,
basa Jawa iku duweni trap-trapan wiwit ngoko nganti tekan krama. Mangerteni isine pacelathon ,
gawe Ian maragakake teks pacelathon bakal kita sinau ing wulangan iki. Coba gatekna kang
premati!

A. Mangerte ni Pacelatho n
Gatekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!

Tuladha 1 pacelatl1on kang nganggo basa ngoko Ian krama alus : Bapak marang anak.

Pak Ageng "Lho, kowe, Pram. Wayah apa tekamu ? Rak ya padha slamet?"
Pramuji "Pangestunipun , Bapak. Wilujeng, kalawau enjing jam sanga. anggen
kula dumugi ing mriki."
Pak Ageng "Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Banjur sidane kepriye, anakmu
sl Andi kae bokkon nerusake menyang ngendi?"
Pramuji "Manawl Iara-Iara sami sehat, ketingallpun ingglh sami gumbira. Dene
bab Andi, mlla monlka badhe nyuwun rembag. Kajengipun Iara badhe
sinau dhateng SMA 80. Kula radi kawratan ."

+ +-❖ ❖ + t' '------ ------- -------::::::::::::============':7''~ I


Basa Jawa Ke.las XII - 1
•?J \ )
Pak Ageng "Wah ya kudu enggal koputus bab iku . Aja kok sesuwe dene yen kowe
njalu k rembugku mangkene. Wong tuwa iku iya aja banget-banget
anggone nyampuri pepingenane bocah . Yen wong tuwa wus nerangake
kanthi gamblang siji-sijine , Ian iya pikolehe tumrap aw~ke dhew~ utawa
masarakat, wus cukup. Bocahe milih endi , wong tuwa rnmbang-rn mbang
maneh. Kaya-kaya yen Andi milih sekolah kuwi. Saka ras~k~ ya wus
pas. Aku ora kabotan, dene kowe ora lila iku , rak bab dhuwit sing kudu
bokbayarake akeh banget, ta?" . . .
Pramuji "Wah , nggih mboten mekaten kok, Pak. Niku lhe, putran1p~n tanggi kidu~
griya rak inggih badhe mlebet mrika. Larene radi m?ehr.ig. f\ula radi
kuwatos menawi nular dhateng Andi. Sampun sapurnka kula ndherek
pamanggihipun Bapak."

Tuladha 2 pacelathon kang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah


Ambar : "Mas Topo, aku bokdiwarahi garapan matematika dhek wingi kae. Yen or~,
mengko aku bisa didukani Bu Guru. Dhasar wingi aku ora mlebu , ora pam1t
sisan!"
Topo "Wah , ya kojur yen ngono, Mbar. Lha, ya gene ta, kok ora mlebu? Enya_iki
lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengko mundhak selak mlebu . Ning
aja nganti kumel lo, ya! Aku arep ngresiki blabag Ian nyaponi kelas. "

Tuladha 3 pawongan ngunandika:


"E, aku dakturu sedhela. Awakku kesele kok ora kira-kira."
Pacelathon iku sawijining wujud guneman kang asring dilakoni saben wong. Ing
pacelathon, ana bab-bab kang kudu dimangerteni, supaya pacelathon kang kedaden bisa
lumaku kanthi becik. Pacelathon uga bisa diarani omong-omongan antarane wong loro utawa
luwih (kanca padha kanca, bocah Ian wong tuwa, wong tuwa padha wong. tuwa) nganggo
unggah-ungguh sing trep. Ing sajrone pacelathon iku mesthi ana sawijine bab kang nembe
dirembug. Dadi supaya pacelathon bisa lumaku kanthi lancar antarane wong kang nindakake
pacelathon kudu mudheng carane pacelathon Ian runtut anggone jejag·ongan.
Kabeh mesthi asring jejagongan karo wong tuwane, tangga teparo, apa dene kanca-
kancamu. Saben jagongan mesthi ana bab kang dirembug, padha takon tinakon Ian
wangsul-winangsulan. Bab iku diarani guneman utawa nindakake pacelathon. Pacelathon iku
minangka wujud komunikasi saben dina. Kanthi nindakake pacelathon , bisa antuk informasi
saka wong liya. Mula saka iku, pacelathon dilakoni paling sithik dening wong loro, ora bisa 1
dilakoni dhewekan. t
Pacelathon yaiku omon~-omongan wong loro utawa luwih kang duweni a('lcas tertamtu . :
Pacelathon klebu perangarnng kasusastran Jawa. Pacelathon asale saka tembung lingga ·,
celathu. Celathu tegese omongan utawa guneman . Wong kang nindakake pacelathon kudu
, gatekake budi pakerti.
1. Budi Pakertine Wong kang Nindakake Pacelathon
Budi pakertine wong kang nindakake pacelathon kaya ing ngisor iki.
a. Guneman ?ra waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan).
b. Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga becik nganggo waton.
c. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton.
d. Polatane utawa pasuryan uga nganggo waton. Aja nganti mencereng-mencereng
upamane.
e. lntonasine (lagune) uga nganggo waton, ora angger bengak-bengok.
2. Paugeran Nyemak Ian Ngrungokake Pacelathon
Dene won~ kang .nye~k_ak Ian ngrungo_kake pacelathon kudu gatekake paugeran-
paugeran kaya mg ng1sor 1 1.

\ Basa Jawa Kelas XII - 1


6) •t _ - - - - ---:-- - - - -- - - - - - - - - 1 '";c"'.!:"~----·
a. Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon kuwi.
b. Sapa wong kang nindakake pacelathon .
c. Papan anggone nindakake pacelathon.

B. Nyalini Teks Pacelafho n Dadi Narasi


Titikane teks pacelathon sing paling bisa dititeni yaiku nganggo ukara langsling. Nalik2
teks pacelathon digawe crita narasi, kudu nyalini ukara langsung dadi ukara ora langsung.
Narasi yaiku karangan utawa paragrap, kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu kang runtut
saka wiwitan nganti pungkasan.
Gatekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Dina Minggu, Reno melu Pak Dirjo, yaiku bapake Reno kang minangka pegawe Dinas
Kehutanan. ·
Reno "Pak, punapa mawon paedahipun wana?"
Pak Dirjo : "Paedahe alas iku akeh, kayata alas minangka sumber oksigen kang banget
diprelokake dening manungsa. Alas bisa nyegah lemah jugrug amarga oyot
wit-witan bisa ngraketake struktur lemah. Alas bisa nyimpen banyu mula
akeh sumber banyu kang iline saka alas. Sejene kuwi, alas minangka papan
uripe maneka warna kewan Ian tetanduran."
.Reno "Wah, nyata kathah paedahipun wana nggih, Pak. Menawi wana punika
boten dipunjagi kalestantunipun saged mitunani tumrap kita piyambak."
Pak Dirjo "Ya, pancen mangkono. Mula saka iku, awake dhewe kudu bisa migunakake
asil alas kanthi wicaksana. Tegese, oleh jupuk asile alas nanging salumrah~
bae Ian ora gawe rerusak."
Reno "Miturut pawarta, ing wekdal sapunika wana ing salumahing siti banget
nrenyuhake kahananipun, kenging punapa, Pak?"
Pak Dirjo "lya, pancen bener. Saiki wis akeh alas kang gundhul amarga dikethoki
wit-witane tanpa disulami, akeh kang ngobong alas kanggo buka papan
pakebonan, Ian uga akeh kewan ing alas didekep kanthi ilegal."
Reno "Wah, ingkang nindakaken kados punika tiyang-tiyang ingkang boten gadhah
raos tanggung jawab. Becike kedah enggal dipuncegah." ·
Pak Dirjo "Mula saka iku, kowe kudu dadi bocah kang duweni pendhidhikan Ian calon
generasi kang bakal mimpin negara iki. Aja pisan-pisan gawe rusaking alas.
Becike alas tansah dijaga murih lestari."
Rena "lnggih, Pak."

Gatekna nalika pacelathon kasebut diowahi dadi narasi kaya ing ngisor iki!
Dina Minggu, Reno melu Pak Dirjo, bapake Reno kang minangka pegawe Dinas
Kehutanan. Nalika mlaku ing tengah alas, Reno takon marang bapake bab paedahe alas.
Miturut Pak Dirjo, paedahe alas iku akeh, kayata alas minangka sumber oksigen kang
banget diprelokake dening manungsa, alas bisa nyegah lemah jugrug amarga oyot wit-witan
bisa ngraketake struktur lemah, alas bisa nyimpen banyu mula akeh sumber banyu kang
iline saka alas, Ian alas minangka papan uripe maneka warna kewan Ian tetanduran.
Krungu sing dingendikakake Pak Dirjo ngenani paedahe alas, Reno nggumun pranyata
alas iku akeh paedahe Ian kudu dijaga. Mula saka iku, Pak Dirjo ngandhani dene awake
dhewe kudu bisa migunakake asil alas kanthi wicaksana. Tegese, oleh jupuk asile alas
nanging salumrahe bae Ian ora gawe rusaking alas.
Reno krungu saka pawarta yen alas ing donya iki kahanane wis nrenyuhake. Reno
banjur nyuwun piterang marang bapake. Miturut bapake, alas ing donya iki wis akeh sing
gundhul, wit-witan padha d111Wdr Ian alas-alas padha diobong. Sejene kuwi, akeh kewan
sing padha didekep kanthi ~ /. Pak Dirjo uga ngandhani dene minangka dadi bocah
sing duweni pendhidhikan kudu bisa jaga lestarine alas ing donya iki.

+·++·++ + ' ~ - - - - - - - - - -B_as_a_J_aw


_ a_ Ke_la_s_x_11_-_1_ _ _ _ _ _ _--:--_7'( r,,
! .. Ii;, '"' --· ·~=~·

c. Ungg ah-u nggu h ing Pace latho n ..


ke sapa wk?~S, kin~ 1'~fga~nga~:~:a~i e~:~~;g:~~
Nalika guneman becike kudu gateka
ng Ian ukara ang a a ,
e9a utane karo cak-ca kane tembu
kang guneman karo ~on~
~n ~h basa kang arep dianggo. Upamane ana priyayi sepuh
enom ~~tur ~~ran g pnyay,
ka~g luwih enom, basa kang digunakake beda nalika wong
thon SIJI Ian SIJme beda.
sep~h. Semono uga bab kang diomongake Ian kahanan pacela
Tu lad ha: .
Tembung Manu t Ungg ah-un gguhe
Ngoko Lugu Krama Lugu Kram a Alus (lnggi l)
• Kula

I
• Aku • Kula
• Sampeyan • Panjenengan

rI
• Kowe
• Lungguh • Linggih/lenggah • Pinarak
• Nulis • Nulis • Nyerat
t • Maca • Maca • Maas
;
ing ngisor iki.
Unggah-ungguh basa bisa kaperang dadi loro yaiku kaya
1. . . . ·
Ngoko mg ng,sor _
ng dadi loro yarku kaya
Unggah-ungguh basa kang awujud ngoko kapera
fki.
a. Ngoko Lugu
asor ing undha
Basa ngoko lugu yaiku minangka tataran basa kang paling
ng krama utawa krama ·
usuk basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembu
i titikan yaiku tembunge
ing·gil tumrap wong sing diajak guneman. Ngoko lugu duwen
kene.
gunakake ngoko kabeh. Panganggone ngoko lugu kaya mang
1) Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
2) Menyang sing kaprenah enom.
3) Yen lagi ngunandika.
4) Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep.
Tuladha: Sur, aku duw~. pitik kate.
b. Ngoko Alus
ngaje ni marang
Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih
pur tembu ng krama
wong kang diajak guneman. Wujude ·arupa basa ngoko kacam
ngajeni sok dicam pur
inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang
h Ian tembu ng kriya.
tembung krama sawetara. Sing dikramake inggil tembung sesuli
Ater-ater Ian panambang tetep ngoko .
Panganggone ngoko alus kaya mangkene.
r drajate.
1) Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwu
2) Garwane priyay i marang sing kakung.
3) Priyayi marang priyayi yen wis kulina.
Tuladha: Min, Bu Guru mau dhawuhi nggarap tugas ing
kaca pira?
.
2. Krama
loro kaya ing ngisor iki. i .
Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi •

a. Krama Lugu
krama kabeh . t,
1

Basa krama lugu yaiku basa kang tembu ng-tem bunge


Panganggon e krama lugu kaya mangk ene.
1) Marang kanca sing wis kulina, padha drajate Ian
ngajeni.
2) Garwane priyayi marang sing kakun g. cs"t.:>-

3) Priyayi marang sedulure tuwa kang luwi~ dhek drajate.


4) Wong enom marang wong tuwa nangin ~ ,pati ngajeni.
5) Kanca kang lagi tetepu ngan .
mekaten punika!
Tuladha: Menawi sampeyan purun tumbas, reginipun inggih
SE,Vf/'i NUR AD INN!
XII fYIIPA l / ;I

b. Krama Alus
inggil
Wujude tetembu ngan krama (ater-at er Ian panamb ang krama) Ian krama
mangke ne.
(tumrap wong sing diajak gunema n). Pangan ggone krama alus kaya
1) Wong enom marang wong tuwa.
2) Batur marang bendar ane.
3) Murid marang gurune.
4) Andhah an marang pimpina ne.
5) Kanca karo kanca sing durung kulina.
Tuladha: Panjen engan punapa badhe tindak dhaten g Malang ?

,Jtv.am@ . - · ·- ..... .
1. Wacan en Ian manger tenana teks pacelat hon ing ngisor iki.
.
2. Banjur salinan a dadi teks narasi ing papan kang cumaw is ing ngisore
Teks Pacelathon 1
Bu Ida : "Widi, suk Minggu kerja bakti reresik omah, ya?"
f
Widi : "Nggih, Bu. Benjing kula mbiyan tu reresik griya."
i
Bu Ida : "Ya, sesuk kowe ngrewa ngi Bapak reresik empera n karo kebon.
lbu reresik f
jero omah."
I
Widi : "Nggih, Bu. Menaw i kula nanem kemban g pripun, Bu? Kajeng e
griyanip un f
langkun g endah disawa ng."
Bu Ida : "Ngono ya rapapa. Lha arep nandur kemban g apa kowe, Le?"
If

Widi : "Mawar kalih kamboj a, lbu remen boten?"


nyawan g t
Bu Ida : "O iya, apik kuwi, Le. Mesthi tangga- tangga ya padha melu seneng

kuwi mengko ."
i;perlu, ·
Wiqi .: "Mangk e saben dinten ktila sir.am~n~. Bu, kajenge boten layt.i. Mena~
. , .·,, , . , ,,, ,. -. : .·
kula paringi rabuk." ·.' ._
BU Ida : "lya, Le: -IS:owe. ki pancen anakku $iO.Q. paling -5,te.g ep'. ·lbu seneng ~en
ngerti
}
t
e pkaya-ngo_ n o·k.u;Wi." , · 111 '• 11 .. ,. J·J.1i_,'1J1 ., ·i t
· k_o wesre.g _
', · , . , , ,.-, . .. · " , i
Widi, : r nuwun, Bu_."-
~:Mat.u_ _._.; ,
.....__....;..________________~ - - - - - - - - - - - - -------1 ' f I ..
,1!

·································· ················································································· ····················


Basa Jawa Ke las XII - 1 /fi',
Andri : "Ya jelas sithik, Iha regane mung limangatus kok jaluk akeh."
Satriyo : (Mbuwang wadhah jajan saksake)
Huril : "Eh, Sat, kowe ki piye ta? Wadhah jajane kok bokbuwang ning kono kuwi!
Mengko yen konangan Pak Eko didukani, lho!"
Satriyo : "Halah, Iha wong Pak Eko bae ora ana, kok! Ora-ora yen bakal didukani."
Andri : "Lho, Sat, Iha kae rak Pak Eko, sajake kok arep _mrenel"
i
.l Satriyo : 'Wadhuh, Pak Eko mesthi pirsa yen aku buwang plastik ning kene. Wah gawat
iki!" (Mlaku ngalih nglungani, dene Huril Ian Andri bingung rada wed,).
Pak Eko : "Ail , sapa ta sing buwang uwuh ing kene iki?"
Huril : "Anu Pak, (wedt) em Satriyo."
Pak Eko : "Sapa, Satriyo?"
Andri : "lnggih, Pak."
Pak Eko : "Lha saiki bocahe ning endi? Caba undangen mrene!"
(Huril, Andri mlaku nggo/eki Satriyo)
(Satriyo nemoni Pak Eko)
Pak Eko : "E, Sat, apa kowe wis ora bisa jaga karesikan ing sekolahanmu, ta?"
Satriyo : ."Ngapunten, Pak, kula taksih saged."
Pak Eko : "Lha yen isih bisa kok buwang uwuh ing samubarang papan ki kepiye?"
Satriyo : "Anu, anu, Pak." (sajak wedt)
Pak Eko : "Wis-wis! Ora sah ndadak kakehan alesan. Kae uwuh sing wis kobuwang
kuwi jupukana banjur buwangen ing pawuhan! Gelem ora?"
Satriyo : "lnggih, Pak."
Pak Eko : "Wis kana ndang dijupuki!"
(Satriyo banjur jupuki uwuh sing wis dibuwang ing samubarang papan, sajake Pak
Eko rada anyel atine).

, D. Nulis Pacelat hon


Pacelathon iku supaya cetha anggone maca, ana paugeran carane nulis. Gatekna ·cara-
carane nulis pacelathon ing ngisor iki.
1. Cara Nulis Pacelathon
Cara nulis pacelathon kaya ing ngisor iki.
a. Wujude guneman.
b. Jeneng paragane ditulis.
c. Sawise jeneng paraga diwenehi tandha wacan titik loro (:).
d. Guneman ditulis ing jero tandha ku,tip (" .... ").
e. Katrangan panggonan , wektu, _ Ian swasana ditulis ing jero tandha kurung ().
2. Ancer-Anc er kanggo Nyemak Pacelathon
Ancer-ancer kanggo nyemak pacelathon kaya ing ngisor iki.
a. Catheten bab-bab kang wigati saka pacelathon
Kang kudu dicathet kaya ing ngisor iki.
1) Topik utawa bab apa kang diomongake.
2) Sapa kang nindakake pacelathon.
3) Papan pacelathon iku ditindakake.
b. Tulisen isine pacelathon iku kanthi urut
Kang kudu ditulis kaya ing ngisor iki.
1) Owahana saben bab kang wigati saka pacelathon mau dadi ukara.
2) Ukara-ukara mau tatanen kanthi runtut.
3. Sing bisa Nindakake Pacelathon
Sing bisa nindakake pacelathon kaya ing ngisor iki.
a. Bocah cilik karo bocah cilik.

_a_sa_J_a_w_a_K_e1_as_x_1_1-_1_ _ _ _ _ _ _ _ _. . .,/.l' ~
·+·+·+++ +''--::.,.-:.-:..~:,: ,-:_-=,- - - - - -B
b. Bocah cilik karo sing wis diwasa.
c. Bocah cilik karo wong tuwa.
d. 0iwa sa karo diwasa.
e. Wong tuwa karo diwasa.
f. Wong tuwa karo wong tuwa. ·
g. Anak karo wong tuwa, Ian sapanunggalane .

4. Basa kang Digunakake nali~a Rembugan . arc sa a sing diajak pacelathon,


Basa kang digunakake nahka rembugan kudu 1umb
uh k k p b t Upam ane kaya ing
kaperluane apa, Ian ing ngendi nalika nindakake
pacelathon ase u ·
ngisor iki. ·
a. Bocah cilik karo bocah cilik (ngoko lugu).
b. Diwasa karo diwasa (ngoko lugu) .
c. Diwasa karo sepuh/tuwa (krama alus).
d. Sepuh karo sepuh (krama alus, ngoko andh
ap).
e. Wong tuwa karo bocah (ngoko lugu), Ian sapa~
ungg~lan~·-,
Saiki gatekna tuladha teks pacelathon wawancara
1ng ng1sor ik1.
Siswa "Kula nuwun."
Narasumber "Mangga."
Siswa "Sugeng dalu Bu. Kula badh e ndhe rek waw
anca ra wont en
panggenan usaha' panjenengan, punapa sage . d?" .
Narasumber "Oh nggih, Mas, punapa ingkang saget-kula bantu
?" ..
Siswa "Matur nuwun, Bu. Mekaten, kinten-kinten papan
pang gena n rnk1
dipunbangun mulai taun pinten?"
Narasumber "Papan panggenan usaha niki dibangun taun 1982
."
Siswa "Wah, sampun dangu sanget nggih? Punika usah
a baba gan tahu
nggih, lajeng kadospundi caranipun ndamel tahu
! Bu?" ,
Narasumber "Punika gampil. Menawi purun sinau , sinten kema
won mesthi
saged damel tahu. Caranipun dhele dikum kinten-kin
ten setunggal
jam. Sasampunipun dikum, dhele diresiki utawi dicuc
i lajeng dipun
selep utawi digiling. Sabibaripun lajeng dipungodh
og ngangge toya
benter ngantos umup. Lajeng dipunsaring dijantoni
ngan gge laru.
Lajeng disok wonten citakan utawi kothak kinte
n-kinten seda sa
menit sampun dados tahu. Pripun, gampil ta?"
Siswa "lnggih, leres. Menawi purun sinau mesthi sage
d dame l tahu
kados ingkang panjenengan ngendikakaken kalaw
au. Lajeng tahu
punapa kemawon ingkang dipundamel?"
Narasumber "Wonten kalih jinis, tahu pong Ian tahu putih."
Siswa "Tahu pong kaliyan tahu putih nggih, Iha reginipun
tahu wonten
mriki pinten, Bu, kangge pedagang?"
Narasumber "Menawi pedagang mendhet langsung Rp2.500,00
Siswa per plastik."
"Lajeng, tah~ menika saget kiat pinten dinte
n, tigan g dinte n
langkung ngg1h?"
Narasumber ::Langkung da~gu, ta~u niki malah saget ~etunggal
Siswa minggunan."
Satu ngga l minggu . Awet sang et ngg1h mena
wi maka ten?
Temtunipun anggenipun lbu mbangun usah a
punik a wont en
tujuanipun. Menawi kepareng mangertos, puna
pa tujua n lbu
mbangun usaha damel tahu punika?"
Narasumber "Lha nggih ingkang sepindah kangge nyekapi kebe
tahan kelu
Mas. Menaw1. anggen kuIa mb angun usaha punik
a ndilalah arga, d
dados marg1. kangge pe dame I . .
arnpun t1yang kathah, nggih sage k "
Siswa "p· t t . k
in en enaga mg ang ngrencang,. lb u so ur.
wonten pabrik meni ka?"

$2n~ - - - - : - - - - - - -B_a_sa_J_a_wa_ K
_e_la_s_X_II _- 1_ --- --- --- ..J r +-+·,;f-i.~r--+·~~- !
Narasumber "Wonten pitung piyantun ."
sanes.
Siswa "Punika ateges saged dados sarana padamelanipun tiyang
g
Amargi wekdal punika nggih kalebet kathah ingkang bingun
malah saged bikak usaha
pados-pados damelan, nanging lbu
-kinten
punika. Kula salut dhumateng panjenengan. Lajeng kinten
bathinipun setunggal wulan pinten nggih, Bu?".
Narasumber "Lumayan, mas, kirang langkung Rp3.000.000,00."
e gaji
Siswa "Niku sampun bathi resik punapa taksih dipunpotong kangg
karyawan?"
Narasumber "Punika sampun resik."
ipun
Siswa ''Wah, nggih kalebet kathah menika. Kinten-kinten saben dinten
nelasaken dhele pinten , Bu?"
Narasumber "Setunggal karung dhele. "
pa
Siswa "Mena wi bab perala tan ingka ng dipun betah aken mena
kemawon , Bu?"
Ian bak
Narasumber "lngkang baku mesin giling, pencetak, pendidihan dhele,
penampung dhele. "
ditampi
Siswa "Kula kinten cekap semanten, Bu, matur suwun kula saged
Ian ngangsu kawruh caranipun ndamel tahu."
ingkang
Narasumber "Sami-sami. Mugi-mugi saged dadosaken mump angat
ageng."
n. "
Siswa "Nggih, Bu, pangestunipun . Punika kula badhe pamit rumiyi
Narasumber "Mangga, ngatos-atos nggih. "
Siswa "Nggih, Bu."

"'
ti
,r E. Jlen treh ake lsine Sand iwar a
1. Pacelathon ing Pentas Sandiwara
Babak yaiku perangan
Naskah sandiwara padatane diperang dadi babak-babak.
wa kang kedad eyan ing
naska h sandi wara kang ngran gkum sakab ehing prasta
kah padatane kaperang dadi ',
panggonan Ian urutan wektu tertamtu. Sandiwara sanas
ak. Sandiwara kang amun g
pirang-pirang babak, nanging ana uga kang amung sabab
ak padatane kaperang dadi
ana sababak biyasane diarani sandiwara sababak. Sabab
kang batese ditemtokake
pirang -pirang adegan. Adegan yaiku perangan saka babak
Ian lungane saparaga utawa
dening owah-owahaning prastawa gegayutan karo teka
luwih ing pentas.
a. Prolog
siji utawa luwih
Perangan wiwitan saka naskah sandiwara. Prolog isine bisa
katrangan, panemu pangripta bab crita kang arep digela r.

b. Dhialog
antarane paraga
Perangan naskah sandiwara kang awujud pacelathon ing
pacelathone. Titikane ,
siji Ian sijine. Perangan iki isine jeneng-jeneng paraga Ian
Ian sijine.
sandiwara yaiku awujud pacelathon antaraning paraga siji
lumantar dhialog.
Panulis naskah sandiwara kudu bisa medharake gagasane
paraga supaya sing
Saengga dhialog kudu ngemot emosi, konsep, Ian pangrasane
dening paraga. Kejaba
mirsani sandiwara bisa ngrasakake apa sing dirasakake
kang ditindakake siji
dhialog, uga asring kawentar istilah monolog (pacelathon
uka kang isine bisa awujud
paraga, omongan karo dhiri pribadhi) , prolog (pamb
(panut up, biyasane isine
katrangan ngenani crita, paraga, utawa latar), Ian epilog
dudutan saka crita kang dipentasake).
c. Pandom (patunjuk pangripta)
.P.cndhi<lhikiim
Pandom (patunjuk pangripta) yaiku pe~ .
. - kang d1wedha-
rangan naskah sandiw ara kang meneh1
tffid&h41kuwi a1aran
!tSandiwara
andharan marang kabeh paraga, tuladhane rake kanthi rahasia. Kan~go mangert~n l
piwu lang ing jerone k1ta ku du b1sa
sutradhara, paraga, penata artistik ngenani . sandiwar a kasebut. Saka
ngonce kl .
kahanan , swasana, prastawa utawa tingkah laku ,
·ta bakal antuk p1wulang utama
kana k b d' k .
Ian sipat paraga sajrooing sandiwara. Padatane kang magepokan babagan u I pe ert1
pandom (patunjuk pangripta) dipanggonake ing ,_~uhu_r.:__ __ .... -- ••·--· · - · ~ -·· ___ ....
sajronin g tandha kurung utawa dicithak
miring. · · d' Patunjuk lak
Patunjuk laku diperlokake banget sajroning naskah san iwara. u
. . . . . wektu swasan a pentas, swara '
b1yasan.e awuJud patunJuk tekrns ngenarn paraga, , . '
mlebu-metune aktor utawa aktris, banter-a lone dhialog, Ian sapituru te.
..
d. Epilog · E 1·1 og padatan e 1s1n e
Epilog manggon ana ing pungkasan naskah sand1wa ra. P
dudutan pangripta ngenani crita kang ngemu pitutur utawa pesen.
Wujud Panyaje ne Naskah Sandiwa ra .
2.
Ing sajroning pangrembakaning teknologi, panyaje ne naskah sand,w~ ~~ k~~g
satemah ana 11ms-1 1rns
diwujudake minangka medhia tontonan utawa medhia hiburan
sandiwara kang ana ing tivi Ian radhio.
a. Sandiwa ra Panggung
Sandiwara panggung yaiku sandiwara kang digelar ing panggu ng. Naskah
sandiwara kudu digawe sabecik-becike supaya migunani ing pangrem bakane
setting sabanjure.
b. Sandiwa ra Radhio ·
Sandiwara radhio yaiku sandiwara kang lumantar medhia radhio. Sandiwara
iki mentingake dhialog amarga amung bisa ngrungokake, ora bisa nonton obahing
para paragane. Mula naskah sandiwara radhio kudu kebak ilustrasi musik kanggo
nyengkuyung setting Ian obah paragane.
c. Sandiwa ra Tivi
. S~n?iwara tivi ~~iku saridiwara kan~ medhiane liwat ti~i. Sandiwa ra tivi kerep
d1ararn ~inetron. Sa_1k1 akeh banget sand1wara tivi. Nulis sandiwara tivi meh padha
karo nulls naskah film layar lebar amarga teknike padha. Naskah sandiwa ra uga
sinebut skenario. .

3. Wujude Sandiwa ra
Wujude sandiwara ing antarane kaya mangkene.
a. Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakak~ • ---- ·--- -··~·· . ,.<4> ..........__,.

i"."ara_kudu• migatekake babagan ~


karo saperangan wong utawa paraga kang
dibarengi solah bawa. ~ 8nd
mg ng1sor 1k1.
l
b. Pantomim yaiku sandiwara kang diparagakake a. Duweni kreasi nalikaning nindakake '
kanthi obahing awak ananging ora ana dhialog paraga.
mung ana musik Ian ekspresi saking rupane lakon. b. Maragakake kanthi wajar ora di·
gawe-gawe.
c. Komedi yaiku sandiwara kang diparagakake c. Paraga kang ditindaka ke di-
karo geguyonan kang sipate nyindir Ian pung- ~adhakak e kalawan tipe , gaya, ,
kasane seneng-seneng. Jiwa, Ian ancas pamentasane.
d. Parodi yaiku salah sawijining wujud dhialog d. Pa~aga kang ditindakake nganggo .
'-- ..~~de Wektu Ian watak.
antarane naskah Ian oposisi (kontras). - ~... "'I,..,.....,...,,,._ ........., - ~ ,~ '"" 4'•""'

4. Paraga ing Sandiwa ra


Cara kang bisa ditindakake nalikaning dadi paraga ana sawen h.
kaya mangkene. e mg lakon sandiwara

Basa Jawa Kelas XII - 1


a. Gladhen olah watak.
b. Gladhen swara.
c. Gladhen observasi Ian imajinasi.
d. Gladhen konsentrasi.
e. Gladhen teknik pamentasan.
f. Gladhen sistem akting.
g. Nglancarake keprigelan Ian gladhen.

Jw.8 )
1. Wacanen Ian mangertenana teks pacelathon ing ngisor iki.
Mburu Uceng Kelangan Deleg
(Swara iring iringan gendhing)
(Aldo karo Riyadi ana latar lagi padha dolanan di/a/ah ana layangan pedhot)
Aldo "E ... , Di, coba delengen ing kana ana layangan pedhot!"
Riyadi "Endi .... ? 0, iya bener. Ayo padha ditututi!"
Aldo "Lha montor-montoranku karo gamewatch-ku iki piye?"
Riyadi "Walah, ditinggal dhisik ora apa-apa."
Aldo "Ayo sing bisa nyekel dhisik bakal sing duwe!"
(Bocah faro padha m/ayu ngoyak parane /ayangan sing pedhot mau)
Pak Wanto "Kae kok ana bocah mlayu-mlayu turut kebon sapa, Bu?" I
I
"Lare sami ngoyak layangan, Pakne." .
Bu Wanto
Pak Wanto "Ngoyak layangan kok ngidak-id ak tanduran ing kebon. Mengko rak If '
mati kabeh thukulane jagung kae." '
Bu Wanto "Mangke kula elingake, Pakne!"
Pak Wanto "Ora perlu, aku bae sing arep ngelingake!"
karo
(Katon Aldo Ian Riyadi padha mlayu ana kebone Pak Wanfo, sing duwe nututi
duka-duka)
Pak Wanta "He, jagung lagi arep urip padha diidak-idak, karepmu piye, ha!"
Aldo "Anu, Pak, kula boten ngidak-idak jagung."
Pak Wanta "Lha iku delengen! Bosah-baseh tanduranku kok selak ora ngidak."
Riyadi "Wong niki boten jarag kok, Pak. Jane ajeng ngoyak layangan
nika."
Pak Wanta "Ko jarag utawa ora, iku padha rasane. Padha-padha mateni tanduran.
Aja dibaleni!"
Aldo "lnggih, Pak."
ana
(Bocah /oro padha ba/i karo mlayu keweden. Ana ing /afar, Nova/ sing /iwaf weruh
monfor-montoran karo gamewatch. Rumangsa ora ana wong, dheweke nemu barang

I mau)
Naval "Wah, ana montor-montoran karo dolanan apa iki. Dakgawane bae
wong ora ana sing duwe. Lumayan mengko bisa kanggo dolanan karo
adhiku. Tur maneh aku durung tau duwe dolanan apike kaya ngene iki."
(Na/ika Aldo karo Riyadi tekan /afar dheweke go/eki dolanan)
Aldo "Lha, montor-montoranku ora ana! Sapa ya sing jupuk?"
Riyadi "Wadhuh dolanan gamewafch-ku ya ora a·na. Wadhuh , aku bakal
didukani Bapak mengko, kojur tenan ."

2. Banjur jlentrehna kanthi lisan isine pacelathon ing teks drama kasebut.

Basa Jawa Kalas XII - 1


"Malin Kundang, putraku, kenapa kowe lunga suwi banget tanpa ngirim wart~?"
ngendikane karo ngarangkul Malin Kundang. Nanging ndelok wong wa~on tuwa sing
agemane lungset Ian reged ngrangkul dheweke, Malin Kundang nesu sing sa~e_mene
dheweke wis ngrumangsani yen iku sejatine ibune. Nanging dheweke rumangsa 1s1~ yen
kahanan iku mau nganti bojo Ian wong-wong ngisorane weruh. Jalaran nampa tu~1ndak
a~a saka putrane iku, ibu Malin Kundang dadi duka yayah sinipi. Piyambake ora ngira yen
putrane dadi anak keblinger.
Amarga banget lehe duka, ibu Malin ngendikan Ian nyedakake kanggo putrane, "Duh
Gusti, menawi leres tiyang menika anak kawula, kawula nyedakaken tiyang menika dados ,
watu." Sawise iku, ora let suwe Malin Kundang bali maneh numpak prau layar. Ana tengah-
tengahing segara, dumadakan teka angin puyuh nganti prau layar Malin Kundang rusak. [
Sabanjure awake Malin Kundang -suwening-suwe dadi kaku sing pungkasane dadi awujud ''
watu karang. fl
Nganti seprene Watu Malin Kundang isih bisa didelok ana irig sawijining pinggiran .,
segara sing dijenengake Pantai Banyu Legi, ing sisih kidul Kutha Padang, Sumatra Barat.

(Kapethik kanthi owah-owahan $aka: http://id.wikipedia.org/ wiki/Terjemahan_Mal in_Kundang_dari_ind onesia_ ~


· ke_bahasa_Jawa)

Paribasan, Bebasan, Ian Saloka


•• Kawruh kagunan basa awujud paribasan, saloka, Ian bebasan kadhang kala kaanggep, f
padha kamangka sejatine beda. ~
1. Paribasan .
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane. Teges kang kinandhut uga wis ,
I
tertamtu mulane ora kena diowahi. Lumrahe paribasan ngemu teges kang entar (kiasan).
Tegesing tembung lumereg, gumantung ing surasane Ian karepe kang kinandhut ing unen-
unen. Paribasan ngemu teges tetandhingan, pepindhan utawa pepiridan, saemper pasemon.
Lumrahe, sing disemoni iku manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing
manungsa Ian alam uripe.
Tuladha:
a. Adigang, adigung, adiguna

b. Ana catur mungkur


= wong kang seneng ngendel-ngendelake kekuwatan,
=
kasugihan, Ian kapinteran.
ora gelem melu urusane liyan.
I
C. Andaka ina tan wrin upaya = wong kan~ didakwa nyolong nanging ora ngaku,
wasana kaJ1bah nggoleki barang kang ilang. I
fr,
d. Abang-abang lambe = guneme mung lamis. It
I&
e. Adol lenga kari busik = dum-dum barang, nanging sing andum ora oleh
\ bageyan. ·

j
f. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine.
g. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya. . ft'
h. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe. [:
i. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman. '.'
j. Angon kosok = ngreti ulah_ kridhaning wong liya Ian bisa empan -~
papan tummdake. · "
k. Asar kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati Ian bisa mranani sing
krungu. .:~
I. Adhang-adhang tetese embun = jagakake barang mung sakoleh-olehe. ~
m. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget). ~

n. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida.

l------- ------- ------- ------- 'r+·+·+·+·+·+·~


Basa Jawa Kelas XII - 1 ,
0. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejeki ne, mes ti akeh sing
nekani.
p. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
q. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumi ndak.
r. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kahanan, yen limpe banjur dicolong.
s. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane.
t. Nulung menthung . = aweh pitulungan nanging malah gawe rekasa sing
ditulung.
u. Wiwit kuncung nganti gelung = wiwit bocah nganti tuwa.
V. Yitna yuwana lena kena = sing ngati-ati slamet, sing sembrana cilaka.
2. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone, duwe teges
entar, ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kahanane wong utawa barang.
Tuladha:
a. Bathok bolu isi madu = wong kang katone ala nanging sugih kapinteran .
b. Cebol nggayuh lintang = kedhuwuren panjangka.
C. Kerot ora duwe untu = darbe panjangka nanging ora duwe sarana.
d. Kriwikan dadi grojogan = prakara cilik dadi prakara gedhe.
e. Nabok nyilih tangan = namakake panggawe a.la sarana nggunakake tenagane · ,

f.
wong liya. l
Nglungguhi klasa gumelar = mung kari nemu kepenake. ·~
g. Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh papan kang wis tentrem .
· 3 . . Saloka
Saloka yaiku unen-unen utawa tembungan kang ajeg panganggone, duwe teges entar,
ngemu surasa pepindhan, dene kang dipindhakake wonge utawa barange.
Tuladha:
a. Belo melu seton = anut grubyuk sanajan ora: ngerti dhodok selehe. :~
b. Emprit abuntut bedhug = prakara cilik wusanane dadi prakara sing ngembra- \;
ngembra.
C. Gajah ngidak rapah = wong kang nglanggar wewalere dhewe.
d. Kacang nurut lanjaran = tingkah lakune anak lumrahe ora beda karo tingkah
lakune wong tuwane.
e. Kemladeyan ngajak sempal = sedulur ngajcik marang kerusakan.
f. Kethek saranggon = gegrombolane wong kang tumindake ala.
g. T engu ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.
h. Timun mungsuh duren = wong cilik padudon mungsuh wong gedhe mesthi bakal
kalahe.

,,.,-·-· _,..,,,__,.,_ - ·~~--- ..,·-·· -~ . _r.' .- ~ .........,.., .,.


k --•t;,,,, ~-----~------··-···-·-- ,~----- -------····--· ·--.-,_._,

Wong iku duwe watak kang beda-beda. Dadi menawa srawung karo wong akeh ya kudu siyap
ngadhepi watake wong kang neka-neka. Mula saka iku, kudu tansah duwe watak sabar Ian
1
sugih pangapura. Menawa ana kanca ~ang nin~akake_kalu~utan, ora banjur dinesoni utawa
diseneni, nanging becike diapura Ian d1kandhani kanth1 bec1k.

Basa Jawa Kalas XII - 1


·+·+·+·.+·-+·~f'\.\..--------------------------,"'

Anda mungkin juga menyukai