Anda di halaman 1dari 8

KISI-KISI BAHASA JAWA

KELAS XII

A. Teks Woro-woro / Pengumuman


1. Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi awèh weruh arupa pangumuman
marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab
kahanan sing wigati . Wara-wara minangka pretelan kang martakake saweneh
kagiyatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, lan gampang ditampa.
Lumrahe sing gawe wara-wara yaiku lembaga pemerintah, organisasi sekolah, panitia
lomba, panitia amal, panitia kegiyatan, atau perseorangan.
2. Struktur wara-wara:
a) Irah-irahan
b) Pambuka : sing diwenehi kabar
c) Isi
d) Panutup : panyuwun / pangajab
e) Papan lan titi mangsa
f) Peprenah/ jabatan sing ngabari
g) Tapak asta
h) Asmane: sing tanggung jawab
i) Basane cetha, gampang dingerteni
3. Jenis wara-wara:
a) Paturan (laporan)
b) Pratelan (pernyataan)
c) Iber-iber (plakat selebaran)
d) Sedhahan (ulem, undhangan)
e) Aben trampil (perlombaan)
f) Patembaya (sayembara)
g) Lelayu (seripah)
h) Komersial (iklan)
i) Sandi (ceramah)
4. Wujud wara-wara:
a) Lisan
b) Tulis
5. Ana pirang-pirang perkara kang kudu digatekake nalika gawe wara-wara. Perkara iku
antarane:
a) Kanggo sapa wara-wara kuwi
b) Kepriye basane
c) Apa surasane
d) Kepriye urut-urutane wara-wara mau
6. Conto woro-woro:
SMAN 101 KEDIRI
Jl.Veteran No.7 Kota Kediri Telp. 77112
WORO - WORO

Dumateng para siswa SMAN 101 Kediri, Sesambetan kaliyan pengetan dinten


Kamardhikan kaping 69 Republik Indonesia, OSIS SMAN 101 KEDIRI. badhe dherek-dherek
ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis
Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
Dinten     : Sabtu-Minggu
Surya       : 15-16 Agustus 2014
Tabuh      : 08.00 dumugi paripurna
Papan       : Aula SMAN 101 KEDIRI
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS
kaliyan Sdr. Atma utawi Sdri. Tania.
Mekaten wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.

Kediri, 1 Agustus 2014


Ketua OSIS,

Adiba
Azka Faradiba Anjani Hulayya

B. CERKAK
1. Pangerten
Cerkak iku cekakan saka cerita cekak. Utawa cerpen ing Bahasa Indonesiane.
2. Titikane/ciri-cirine:
a) Rerocening crita mung siji.
b) Perwatakan digambarake kanthi cekak
c) Dredah sajroning cerkak ora ndadeake nasib pragane owah
d) Prastawane mung siji
e) Fiktif
f) Naratif
3. Babagan kang perlu diwigateake nalika maca cerkak yaiku :
a) Tema, yaiku bab kang dadi underaning prakara
b) Alur, yaiku urutaning crita wiwit lekas tekan pungkas
c) Paraga, yaiku pawongan kang nindaake crita
d) Latar/seting , yaiku papan lan wektu ing crita iku
e) Amanat, yaiku piwulang kang bisa dijupuk saka crita
4. Conto cerkak
Tumbal
Sejatine abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.Aku múng
sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni
SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up. Mbúh piyé carané síng
pênting kabèh bisa olèh pangan. Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis
kåyå awakku iki. Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku
mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi. Awít
yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
"Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng
mback-up wís," mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå
aku ditimbali íng ruangé.
"Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr," sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-
êpúk pundhakku.
"Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké
arêp nggarap proyèk iki," ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
"Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak," ujarku gurawalan.
"Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku
ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís
rampúng. Sanggúp tå?"
"Sêndikå Pak," ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku
sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku.
Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké
bantuané dhèwèké.
"Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng
jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík," ujaré Dhík Wakino.
"Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu
siap ninggalké kantór iki," sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
"Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké
dhéwé kudu siap," sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas
mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé
manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså aku
dilórót jabatanku. Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora
barang síng gampang. Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít
gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé dudu
bab síng gampang. Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk. Ora
sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki. Awít pancèn ya nyênêngké tênan.
Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón. Nangíng ugå mujúdaké bagian síng
ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
"Durúng saré, Pah?" panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
"Durúng ngantúk, Mah?" sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
"Sajaké ånå masalah nèng kantór?" pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan. Aku múng manthúk.
Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku. Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå
masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-
ku. Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga,
nangíng otakké ora kalah karo wanita karir. Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan
sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta. Múng amargå aku ora
kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók. Supåyå
anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh,
síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå univêrsitasé.
***
"Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma. Yèn njênêngan wêgah, mêsthi
bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné," komêntaré sisihanku
sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
"Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?"
"Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti
mêngko njênêngan olèh pêpadhang," ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu
wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing
alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså
angèl bangêt. Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu
ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús nglambrang
manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå
ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
"Dúh, Gústi Allah...... Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!" pambêngókku íng sak
jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk
ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak
bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk
iku marang dhèwèké.
"Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh," ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
"Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku," ujarku karo
mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng
kanêpsónku. Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku. Awít
såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak
Sêngkuni pancèn kêbangêtên. Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku
síng ora liya anak buahé.Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng
kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak
Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh,
mêsthi Dik Wísnu síng diundang åna kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau
disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan. Aku rumångså korban pangråså. Awít
såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo
íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah,
sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku Lan sak wijiníng
wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané
ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak
tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút. Tanpa
suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku. Awít disinyalír
dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni
dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi gawéyanku. Lan wís biså diwåcå,
íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora
gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi. Déné Dhík Wísnu
ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl
dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
"Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn," ujaré sisihanku karo
ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
"Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané
Mamah," ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså
dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau, biså-biså
aku síng mlêbu kunjaran.
::Dening: Tri Wiyono::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

C. GEGURITAN
1. Pangerten
Geguritan ing Busastra Jawa (Widada Suwadji, dkk : 270) kuwe kedadeyan sekang
tembung lingga gurit kang mengku teges :
a) Tulisan, tatahan.
b) Tembang utawa kidung.
Nggurit ateges :
a) Nggawe utawa ngarang (rerepen).
b) Ngura-ngurakake/nembang/ngresepi.
Banjur tesih manut Widada Suwadji, menawa geguritan yakuwe karangan kang
pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg.
Dene Subalidinata [1994:45] melakaken menawa geguritan yakuwe minangka
iketaning basa kang memper syair.
2. Paugeran geguritan
a) Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
b) Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
c) Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra wae.
d) Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan
sapanunggalane.
3. Jenis geguritan miturut jumlah syair:
a) Syair kalih gatra sapada aran gita dwigatra.
b) Syair tiga gatra sapada aran gita trigatra.
c) Syair sekawan gatra sapada aran gita caturgatra.
d) Syair gangsal gatra sapada aran gita pancagatra.
e) Syair nem gatra sapada aran gita sadgatra.
f) Syair pitu gatra sapada aran gita saptagatra.
g) Syair wolu gatra sapada aran gita hastagatra.
h) Syair sanga gatra sapada aran gita nawagatra.
i) Syair sepuluh gatra sapada aran gita hastagatra.
j) Syair bebas.
4. Geguritan ana 2 jenis:
a) Geguritan gagrag lawas
Amarga tasih nganggo aturan-aturan baku kang ora kena dilanggar. Sing
kalebu geguritan lawas yaiku kakawin, kidung, tembang, parikan, wangsalan.
Patokan:
 Diwiwiti tembung sun gegurit.
 Cacahe wanda saben segatra padha.
 Tibane swara ing pungkasane runtut.
b) Geguritan gagrag anyar
Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis
pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo geguritan
jaman biyen, tegese wis mardika.
Patokan:
 Cacahe wanda saben segatra uga bebas.
 Tibane swara ora digatekake.
 Mentingake pemilihane tembung kang mentes.
 Ora nganggo tembung sun gegurit.
 Cacahe gatra tanpa wilangan.
5. Titikane/cirine geguritan:
a) Ora kawengku ing pathokan.
b) Migunakake tembung-tembung kang pinilih.
c) Migunakake purwakanthi sastra, swara, lan basa.
d) Isine mentes.
6. Istilah ing geguritan
1. Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang
pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih,
kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane.
2. Suasana
Suasana batin pamaca, akibat sawise maca geguritan.
3. Irama
Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo
bab bab kang sarwa teratur
4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit
mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang
digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang
duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.
5. Tembung entar
Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.
6. Pralambang
Pralambang iku kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange liya pralampita,
wujuding pralambang warna warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepethan,
solah bawa barang utawa basa.
7. Purwakhanti
Tembung "purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca,
gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang
dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine,
ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.

D. SESORAH/PIDATO
1. Pangerten
Sesorah(pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe
wong akeh kanthi ancas tinamtu.
2. Ancasing sesorah/tujuan pidato
a) Atur Pambagyo= yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing
acara apa wae kayata acara syukuran, supitan, tanggap warsa(ulang tahun),
pengantenan.
b) Atur kabar/paring informasi= yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,
umpamane acara rapat organisasi, promosi barang.
c) Atur pangajak=yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya
banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing
sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah
d) Atur panglipur= yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine
marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing
sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah
bencana alam,kepaten lan liya liyane.
e) Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang
ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp
lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

Anda mungkin juga menyukai