Anda di halaman 1dari 2

Kathok Kodhok

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing
lagi sibuk nyiapake mulang. Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis padha
mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.
"Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi buneg
tenan lho." Panjaluke adhiku wadon iki.
"Ya, dak neng-nengane." Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana limang
taun.
"Udah yah...Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus.." Aku omong nganggo
basa Indonesia.
Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane adhiku,
basa padinane campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba
nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.
Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis migunakake tembung
Papa utawa Mama.
"Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?"
"We...weeee... Teta mau dibelikan baju baru...we...wee.."
Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambianyar. Mbokmenawa bapak ibune
mung durung sempat wae.
"Besok Pak Dhe belikan ya...mau enggak?"
Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng pipine, senajan ta isih
mimbik-mimbik manja banget.
"Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu?"
Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok.
Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung
kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen
dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.
Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi. Sawatara crita bab kathok
kodhok, pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan
ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku
ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret.... preet.... preeet.... banjur ambune wah...jan ora karuwan!
Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: "Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!" Mboko siji kanca-
kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.
Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok kodhokku
sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku. Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya
ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang wc.
Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora
wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan
aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.
Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged
lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku. Yen ing kulawarga isih ana
ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing
isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.

1. Apa sing diarani cerita cekak iku?


2. Kepriye ciri-cirine cerita cekak iku? Jlentrehna pinemumu!
3. Bab apa wae sing kudu digatekake nalika ngrungokake pamacane cerkak?
4. Cateten bab-bab sing kokanggep penting!
5. Tulisen dudutan (simpulan) saka crita ing duwur!
6. Sapa wae paraga sajrone crita cekak Kathok Kodhok?
7. Sapa sejatine paraga “Aku” ing crita Kathok Kodhok?
8. Sapa sejatine Teta iku?
9. Apa sing nyebabake teta nangis wae?
10. Apa sing ditindakake dening Letug kanggo menengake tangise Teta?
11. Kepriye pengalamane Letug bab Kathok Kodhok?
12. Pesen apa kang kinandhut sajroning crita Kathok Kodhok?
13. Tulisen sifat-sifate tokoh kang kalebu apik manut ukuran budi pakarti lan jlentrehna pinemumu!
14. Tulisen sifat-sifate tokoh kang kalebu ala manut ukuran budi pakarti lan jlentrehna pinemumu!
15. Isining crita Kathok Kodhok sing kokrungokake mau critakna nganggo basamu dhewe!
Crita Cerkak
1. Pengertian Cerkak
Cerkak yaiku karya ssatra gagrak anyar awujud gancaran kang nyitakake perangan (sebagian) lelalkon
kan dialami paragane, ngennai gegambaraning urip bebrayan, kang ngandhut pitutur, piweling, lan
pasemon (kritik).

2. Titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku :


1. Awujud gancaran (prosa)
2. Isine bab lelakon utawa kadadeyan ing bebrayan (masyarkat)
3. Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung
4. Ngandhut piweling, pitutur, pasemon (kritik), lan sapanunggalane
5. Dawane crita kurang luwih 1-5 kaca (halaman)

3. Unsur-unsur intrinsik cerkak yaiku


1. Tema yaiku dhasar/ lelandhesan bakuning gagasan crita
2. Alur yaiku reroncening kadadeyan kang dumadi sajroning crita. Alur crita kaperang dadi telu, yaiku
alur maju, mundur, lan campuran (flashback)
3. Tokoh yaiku paraga kangana sajroning crita
4. Latar yaiku katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning crita
5. Sudut pandang yaiku kalungguhane pengripta sajroning crita
6. Amanat yaiku pesen kang diandharake dening pangripta marang para pamaos

4. Bab-bab sing perlu digatekake nalika ngrungokake pamacane cerkak yaiku;


1. Ngerteni gagasan crita
2. Sapa wae paragane
3. Kepriye watak saben-saben paraga

5. Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ciri-cirine yaiku:


1. kaendahan gaya bahasa, ilustrasi lan penjelasan-penjelasan diilangake, nanging tetep gumathok
marang isi lan gagasan umum pangripta
2. biasane dibatesi dening  cacahing rai (dawane biasane seperlima utawa utawa sepersepuluh saka
dawane karangan asline)

6. Carane gawe sinopsis kaya ing ngisor iki:


1. maca naskah asli kanggo nggolek gagasan umume penulis
2. nyatet gagasan utama kang penting
3. ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraph
4. dialog lan  monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5. sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli

Anda mungkin juga menyukai