Anda di halaman 1dari 22

A.

Kompetensi Dasar
3.2. Menelaah teks crita cekak
4.2. Menulis dan menyajikan sinopsis teks crita cekak
B. Indikator Pencapaian Kompetensi:
3.2.1 Memahami konsep crita cekak yang disimak
3.2.2 Mengidentifikasi struktur dan kaidah crita cekak yang disimak
3.2.3 Menganalisis unsur intrinsik crita cekakyang didengar
3.2.4 Menyebutkan nilai-nilai luhur yang terkandung dalam crita cekak yang disimak
3.2.5 Mengevaluasi relevansi dengan masa kini tema dan amanat crita cekak yang disimak
3.2.6 Memahami sinopsis crita cekak yang dibaca
4.2.1 Memahami cara penulisan sinopsis crita cekak
4.2.2 Menulis sinopsis crita cekak
4.2.3 Menyunting sinopsis crita cekak
4.2.4 Menyajikan sinopsis crita cekak secara lisan

A. Teks Cerita Cekak

Para siswa ngrungokake tuladha crita cekak “Tobat” kang diwaos dening bapak utawa ibu guru.
Banjur siswa ngrembug bebarengan unsur-unsur intrinsik crita cekak kasebut.

Wacanen cerkak ing ngisor iki!


Tobat
Sarean tuwa ing pinggir kutha kuwi dumadakan wae dadi rame.Kaya pasar
tiban.Merga sumebar kabar yen makam kuwi nduweni tuwah. Mbuh sapa sing nggawe
wara-wara sepisanan, saengga wong-wong saka maneka warna lapisan masyarakat padha
merlokake teka mrono. Tujuwane werna-werna.
Sawijining dina, makam mau katekan wong
lanang satengah umur. Rambute rada awut-
awutan.Sandhangane lethek. Dheweke bengak-
bengok karo ngguya-ngguyu., ngandhakake yen
dheweke kuwi titisane Ki Santanu, wong singa
nan njero makam. Sabanjure dheweke mapan
ing makam mau.Rina wengi sasat ora tau
mingket saka cedhak cungkup.
Anehe, wong-wong sing padha teka mrono
kok ya padha percaya karo omongane wong
lanang mau. Lan sing ngguyokake maneh, wong-wong sing teka mrono kuwi padha takon
marang dheweke. Werna-wernamasalah sing ditakokake. Perkata gawean, jodho, nasib,
lan liya-liyane.

Bahasa Jawa Kelas X 1


Satemene ramalane wong lanang mau luwih akeh sing ora cocog tinimbang sing
cocog. Nanging wong sing dibedhek lan kebeneran cocog, banjur padha crita marang
kanca-kancane sarana gethok tular. Dadi wong sing ana makam, kang asal-usule ora jelas
kuwi malah tansaya kondhang. Sing teka uga tansaya akeh. Nganti panganane tumpuk
undung malah ana sing bosok barang. Merga saking akehe nganti ora kepangan, ora enthek.
Sawijining wengi, nalika makam kuwi wis sepi, ana wong tuwa teka. Rambute wis
putih memplak. Nanging awake isih katon rosa. Senajan nggawa teken, nanging wong
mau lakune isih jejeg.wong tuwa iku banjur mara nyedhaki wong lanang sing lagi
lungguh thengak-thenguk ing cedhak cungkup.
“Sapa kowe? Ana perlu apa kowe mrene?” pitakone wong lanang mau rada
nggragap. Merga kena sunare rembulan, rambute sing katon putih memplak katon
sumunar, mripate mencereng merbawani.
“Jenengku kowe ora perlu ngerti.aku mrene mung arep kandha, yen sejatine kowe
kuwi ora bisa apa-apa. Kowe mung mumpangatake kahanan kanthi tumindakmu sing
julig. Kowe nyandiwara , ngaku –aku yen titisane wong sekti, amrih wong liya percaya,”
ujare wong tuwa rambut putih iku kanthi swara kang merbawani.
“Kok kowe ngerti?” pitakone wong lanang kuwi gumun. Sebab sing dikandhakake
wong tuwa iku pancen bener.
“Aku ngerti kabeh apa sing ora mbok mangerteni. Mula dakjaluk lerenana
tumindakmu kang kliru kuwi!”
“Nanging kepriye anggonku arep nglereni? Wong-wong wis kadhung percaya
marang aku. Anggonku mbangun kapercayan iku uga wis suwe. Kok saiki ujug-ujug aku
mbok kogkon leren kuwi banjur kepriye?” wong lanang mau nyoba golek alesan dhebat
ngeyel.
“Wis kowe ora usah ngeyel.Ora usah criwis.Pokoke lalekna kuwi kabeh. Wiwit saiki
kowe kudu urip kanthi bener!” ujare wong tuwa kuwi sereng. Ngemu prentah wong
lanang mau ngoplok. Dheweke wedi weruh sunar mripate wong iku, sing kaya-kaya
nembus tekan njero jantunge.
“A . . . .aku, aku gelem nglereni. Nanging kepriye carane?” pitakone wong lanag iku
kanthi gugup.
Wong tuwa kuwi banjur metu saka kono.Aneh, kaya dihipnotis dheweke ngetutake
ana mburine.
Ora rinasa, wong loro mau olehe mlaku saya adoh lan tansaya adoh. Ngliwati tegal,
ngliwati alas, nganti pungkasan tekan sawijining paapn kang endah lan ngeram-erami.
Wong mbambung mau olehe nyawang nganti ndomblong. Lha wong bangunan kok
endahe kaya ngono. Bangunan kraton wae isih kalah endah.
“Menika papan menapa?” pitakone wong lanang mau. Dheweke sing maune ora basa
malih dadi basa.
“Papan iki sing digoleki dening wong mursid.”
“Menapa tegesipun?”
“Tegese papan iki mung bisa dijamah lan kanggo wong mursid.”
‘Nanging kenging menapa kulak ok saged dumugi mriki?”
“Sebabe kowe melu aku. Aku sing nggawa kowe.”
“Sepindah malih kula badhe pitaken.Sejatosipun panjenengan menika sinten?”
Wong tuwa kuwi ora wangsulan. Mripate migatekake wong lanang ing ngarepe iku
satlereman, banjur mesem. Nanging ujug-ujug lap.Wong tuwa mau ilang. Semono uga
papan sing asri mau. Ora katon tebate babar pisan.

Bahasa Jawa Kelas X 2


Wong lanang mau nangis ngguguk.Kiwa tengene ara-ara cengkar. Embuh pirang jam
anggone nangis, nalika sadhar dheweke banjur kelingan ing dina-dina kawuri. Wiwit
enom, dheweke pancen seneng ngebotohan.Saya suwe tambah ndadra. Nganti omah lan
pekarangane wong tuwane kontal kanggo nyauri utang.
Pungkasane dheweke kejiret utang sapirang-pirang.Bingung ditagih mrena-mrene,
dheweke nekad maling. Sepisan pindho ora konangan, nanging barang kaping telu, awake
tiba apes. Olehe maling konangan dening sing nduwe omah, diantemi wong-wong
kampong lan sawise bengep kabehdheweke dipasrahake marang kang wajib.
Metu saka pakunjaran, wong lanang sing jeneng asline Herjaka kuwi rumangsa
kapok encit. Dheweke ora wani maling maneh. Nanging arep bali menyang kampunge
uga wedi. Saliyane wedi ditagih utang dening wong sapirang-pirang, uga ana rasa isin.
Mula dheweke banjur lunga saparan-paran.Mbambung.Kelingan kabeh kuwi, Herjaka
banjur ndandani uripe.Ngliwati dalan kang bener, ngadohi tumindak ala.

(Kapethik saking: Nalika Srengenge Durung Angslup, Ardini Pangastuti B.H)

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!


1. Apa temane cerkak “Tobat” ing dhuwur?
2. Sebutna paraga-paraga ing cerkak “Tobat” lan watak-watake!
3. Cerkak ing dhuwur migunakake sudut pandange wong kapira?
4. Sing diarani wong mbangbung ana cerkak ing dhuwur kuwi sapa?
5. Amanat apa kang kaandhut ana cerkak ing dhuwur?

B. Unsur-unsur Kang Mbangun Cerita Cekak


Crita cekak (cerkak) yaiku crita kang isine ringkes, prasaja lan ora mbutuhake wektu
suwe anggone maca, utawa crita kang dawane ora luwih saka 10.000 tembung. Dadi, crita
cekak iku crita kang cekak wae lan isine tumuju ing sawijining paraga sarta sawijining
kedadean kang dialami paraga iku.
Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak iku dicritakake sepisan rampung, lan wis
bisa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak
lan prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora mbutuhake cara ngrampungake kang
kanthi jlimet.
Titikane cerkak 
1. Fiktif/ ora nyata
2. Critane ringkes (ora mbutuhake wektu kang suwe anggone maca)
3. Kurang saka 10.000 tembung
4. Gegayutan karo lelakone manungsa
5. Alur crita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake perkara

Bahasa Jawa Kelas X 3


Unsur-unsur Cerkak
Unsur cerkak bisa kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing jero) lan unsur ekstrinsik
(unsur ing jaba).
 Unsur Intrinsik
1. Tema
Tema yaiku pokok pikiran crita/ idhe baku saka crita.
Tuladha: katresnan, pendhidhikan, sosial, politik, ekonomi, lsp.
2. Paraga lan watake paraga
Paraga yaiku wong kang dicritakake ana ing crita, dene watak iku nuduhake sipat
lan sikape para paraga ing crita.
Paraga kaperang dadi telu:
a. Protagonis (paraga kang nyengkuyung dalane crita), biasane nduweni watak
kang becik.
b. Antagonis (paraga kang nentang dalane crita/ nentang paraga protagonis),
biasane nduweni watak kang ala.
c. Tritagonis (paraga sing dadi panengah), biasane paraga tritagonis kuwi
nduweni watak kang becik lan ndhukung paraga protagonis.
Watake paraga:
Ana rong cara utawa teknik anggone nuduhake watake para paraga ing crita,
yaiku:
a. Kanthi cara/ teknik analitik
Disebutake kanthi cara langsung kepriye watake paraga
Tuladaha : Haryo iku wong kang grapyak semanak, duwe suba sita, lan
seneng aweh tetulung mring kanca.
b. Kanthi cara/ teknik dramatik
Sipat paraga dijlentrehake kanthi
1) Babagan fisik sarta tindak-tandukipun tokoh.
2) Kahanan sakiwa-tengene tokoh.
3) Tata basanipun tokoh.
4) Pikiranipun tokoh.
3. Alur
Alur yaiku reroncening prastawa ana ing crita utawa urut-urutaning crita wiwit
lekas dalane crita.
Alur kaperang dadi telu, yaiku:
a. Alur maju/ progresif
Anggone nyeritakake runtut, diwiwiti saka kahana saiki banjur panguripan
kang tumeka.
b. Alur mundur/ regresif
Alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing
kepungkur.
c. Alur campuran
Alur uga nduweni tahapan-tahapan. Tahapan-tahapane alur ana lima yaiku:
a. Ngenalake tokoh lan masalah
b. Tumuju marang anane konflik/masalah
c. Klimaks (pucuking masalah)

Bahasa Jawa Kelas X 4


d. Anti klimaks
e. Pungkasan
4. Latar
Latar ing crita nuduhake papan, wektu, swasana lan kahanan lingkungan/
masyarakat ana sajroning crita. Latar kaperang dadi papat:
a. Latar wektu
Latar wektu iku ana awan, bengi, sore, esuk, lsp.
b. Latar panggonan
Latar papan iku bisa ing sekolah, pasar, sawah, kantor, lsp.
c. Latar swasana
Tuladhane : medeni, adhem, panas, seneng, lsp.
5. Sudut pandang
Sudut pandang yaiku panggonane pangripta ing crita utawa carane pangripta
nyritakake isine crita.
Sudut pandang ana loro:
a. Sudut pandang wong kapisan
Pangripta dadi paraga ing critane.
Sudut pandang wong kapisan iki nganggo tembung aku, enyong, kula.
Tuladha: bengi iki aku durung bisa merem. Tansah kelingan ngendikane rama
lan ibu. “Apa sejatine rama tansah ora rena yen aku sesandhingan karo Surti?
Jalaran Surti iku mung anak batur.”
b. Sudut pandang wong katelu
Pangripta mung dadi pengamat ana njaba crita.
Sudut pandang wong katelu iki nganggo jeneng uwong, dheweke,
panjenengane/-ipun
Tuladha: Bubar pilihan lurah, Pak Yusnan kang menang kanthi pamilih punjul
saka 50 % banjur nganankake tasyakuran. Rumangsa mongkog atine, warga
ditanggapake wayang, dhalange kondhang. Mesthi wragade ora sethithik. Maneka
warna nyamikan disuguhake, bakul-bakul dilumpukake dibayari Pak Yusnan.
6. Isi wejangan/ pepeling/ pesen (Amanat)
Isi wejangan yaiku piwulang luhur kang kaandhut ing sajrone crita
Pitutur yiku piwulang moral utawa pesan didaktis kang diwenehake pangripta
marang pamaca supaya bisa njupuk pitutur ing sajroning cerita. Pamaca kudu
ngrampungake anggone maca, ora kena separo-separo.
7. Basa
Gegayutan karo gaya basa kang digunakake ing crita.
 Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur ing jabane crita ananging nduweni pangaribawa
kanggo critane. Sing kalebu unsur ekstrinsik crita yaiku:
a. Kahanan pangripta (sikap, kayakinan, lan cara urip)
b. Sejarah uripe pangripta
c. Kahanan lingkunganne pangripta (ekonomi, politik, sosial)

Bahasa Jawa Kelas X 5


Wacanen crita cekak ing ngisor iki kanthi premati!

Swarga Impen

Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung. Embuh
iki,aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong, turu, karo ndeleng
tivi.
Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar
omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik
ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?”
grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!
Omahe Gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggonane presiden
nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha
piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durungkolam renange,
banyune biru katon kinclong-kinclong.
“Kuwi omahe sapa Mas Gondo?” pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku
nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik
mau.
“Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!”
“Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!”
aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke
ngerti opo ora.
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung,
saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi.
Taj Mahal endah banget, kaya swarga.
Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu ide.
“Tan, dolan wae yuk!” pangajakku.
“Nyang ngendi, Mas? Ancol” bocah cilik kuwi seneng.
“Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!”

“Lha nyang ngendi lho?”


“Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng
swarrga.”
Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan
Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha
Jakarta.

Bahasa Jawa Kelas X 6


Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk
wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik. Kudu
sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!
“Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan?” pitakone Tanto mbuyarake esemku.
“Ya mesthi wae, ora ana tandhinganelah!” wangsulanku.
“Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?” Tanto takon maneh.
“Iya!” jawabku mantep.
“Kepingin apa wae klakon?”
“Iya!”
“Pingin mangan enak terus, klakon?”
“Mesthi!”
“Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?”
“Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh
apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!”
Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndahneya senenge. Karo
mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.
Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok
macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir
liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik
kok dipek dhewe.
Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang jalane nalika
dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni
ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku
ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo loncat.
“Mas Gondo, apa iki wis teka?”
“Durung,” wangsulanku alon.
“Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?”
“Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ara ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora
ana bom!” Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake swarga sing
semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara. 
(http://iwanttohappierever.blogspot.co.id/2014/09/contoh-cerita-cekak-cerkak-dan-unsur.html)

Unsur Intrinsik

Tema :Pepinginan
Latar
a. Latar Panggonan: Omah lan dalan Kutha Jakarta
 Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah
apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing
njero omahku iki...
 Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok.
Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan
karo mobil gilap ing dalan kutha Jakarta.

Bahasa Jawa Kelas X 7


b. Latar wektu: Sore
 Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi
ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen
mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo
maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
c. Latar Suasana :nrenyuhake, Tegang
 Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang
jalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan
sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan
sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.
 Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi.
Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan
aku ora duwe daya kanggo loncat.

Paraga lan watak :


 Mas Gondho : Males, Gampang meri,
Kanthi bukti : Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar
omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing
apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero
omahku iki...
 Tanto:Polos, gampang percaya
kanthi bukti : “Kuwi dudu omah, kuwi swarga,” wangsulanku karo ngulu idu.
“Ana ngendi manggone?” sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.
“Embuh, wong aku durung tau mrana!”
“Aku pengin mrana, Mas Gondo!

Alur : Maju, nyeritakake kedadeyan pengalamane Mas Gondo nang kadepane.

       Sudut Pandhang : Uwong kepisan.


Bisa dibuktikake saka penggalan  Cerkak  kasebut,
Gara-gara ndeleng acara Rumah Idaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung,
saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-
endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.

Amanat: Dadi wong aja gampang meri kudu bisa mbudidaya/ duwe usaha
Kanthi bukti:
Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik
ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi,
lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.
“Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?”
grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!

    Basa : Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu

Bahasa Jawa Kelas X 8


C. Sinopsis Cerkak
Nalika gawe sinopsis, kaendahaning pola basa (gaya bahasa), ilustrasi, lan jlentrehan-
jlentrehan diilangi, nanging ora ngowahi isi lan gagasan umum pangriptane.
Sinopsis yaiku ringkesan crita. Kang ditulis ana sinopsis yaiku perangan-perangan
bakune crita. Dawane sinopsis biasane seperlima utawa sepersepuluh saka karangan asli.

Cara nggawe sinopsis cerkak:


 Maca naskah/teks crita kang asli
 Nyathet/nulis tema lan perangan-perangan kang wigati sing ana ing njero crita
 Nulis ringkesan critane
 Gunakna ukara kang padhet, efektif, lan narik kanggo ngrangke alur crita.
 Pacelathon sing ana ing jero crita, cukup ditulis isine wae
 Sinopsis ora entuk nyimpang saka alur crita lan isi saka sakabehing crita cekak sing
asli.

Tuladha Sinopsis Cerkak:

KEMBANG TURU  LAN TRESNA

Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur  wit cedhak
omah, nangiake wong wadon sing  turu  ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa
gawe penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing
membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing
ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo
ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo sabun lan shampo.
Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing
anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing
cedhak rak-rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita
warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi
dawuhi Dinda pinuju mangan ing meja makan.
Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing  kebak karo buku pelajaran
musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan
langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe
sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang
wis arep ditutup.”Tunggu pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu
pak,Tulung bukake pak..”suwun Dinda.“kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok
awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina
sateruse.” tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe
rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake pak satpam banjur
mbukake gerbange.”awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange…!”
pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar  serta akeh benda –
benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar
akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar –
gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..”apa bener kowe sing jenenge Dinda

Bahasa Jawa Kelas X 9


Sukma  Putri???  takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu..Kula Dinda
Sukma  Putri.Bu guru saged nimbali  kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora
reti.Dinda mung bisa mikir lan nebak –nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo
ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa
apa???
  Lamunane rampung  sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning
arep rupane.”Hey..dinda…kowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu
koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..?”  Dinda dadi kaget krungu ana hantu
gentayangan “haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir
hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada
binggung siji lan sijine.
Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” hhaahaa… Dinda Dinda..kowe ki
ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti
ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah
bunderan ireng nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane
..,hahaha”omong salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin  amargi 
bunderan ireng nang matane kuwi disebabake  kurang turu.Dinda kelingan membengi 
turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu aransemene .
Bu guru  nakoni Dinda “ membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan
nek hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ?” Dinda sing isih isin mbukak tangane
sing nutupi rupa ayune.” Kula  nyuwun pangapunten bu..”Buguru maklumi wangsulane
Dinda trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.”Yowis..anak-anaku,sak
iki bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat
musik  terserah kowe,sing penting maju nang ngarep.”
Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang
perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng  maju nang ngarep.Slirane banjur 
nari,Tangane   tengen lang kiwa  cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring
ding dong…Tangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot
modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan
saka siswa laine nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau
mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk  pundake sing  cilik.” Saiki giliranmu,..moga sukses
anggonmu maju..”Batine Dinda  rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Dinda
banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang
merdu..endah,,alus,,lan  tentrem.. kabeh siswa  pada larut karo suara merdune.
Ana lagu ning kalbuku,
Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem,
Meneh lan meneh,
Aku nduwe angen,
Angenku ora bakal mandhek nang kene,
Aku percaya karo mimpiku,
Aku mung wong wadon sing duwe mimpi,
Aku percaya karo mimpiku,
Swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada
melu ndelok lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.” Aku..ora
bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan
untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung “Linda ninggalke
kelas iku,.

Bahasa Jawa Kelas X 10


~~nang kantin sekolah~~
“Wahh…penampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang
atiku…”omong Siska.
”Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi..”
tambah wong lanang keriting iku…Kamangka, Siska lan Bimbo  duwe bakat sing pada
luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing
digawa nang ngendi-ngendi.
~~6 wulan sakwise ~~
Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku
ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku
Universitas Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk
pengumuman saka Ibu guru.
“Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake  kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake
selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan
kabeh siswa dadi penasaran ..” menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe
kita penasaran.” Sakwise suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.”
Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang Universitas Seni
London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon saka pemerintah.Sak wulan mengkas
kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang
ngarep juri,”Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa
kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki.
Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem
gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang
dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri
wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung
lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo
ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik.
Saiki gilirane dinda, dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang
gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,”Kowe mesthi bisa
Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa
ora.lakonke sing terbaik SEMANGAT.Oke?? “ Rando mbagekake grapyak. Dinda
mesem lan ngangguk “oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku
seneng karo tarianmu “ Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “hahhaa..ngapa
mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha” Dinda
kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung.
Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki
kanggo wongtuwaku, guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku
semangat….Dinda langsung nyanyi,. Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga
kang bisa damai lan tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona, kalebu juri kang
ana ing ngarep. Sakwise kuwi,acarane rampung.
Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon
nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora
nyaman.”kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa
usahamu,kowe bakal kalah saka aku “ Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa  “ akuu
….akuu ora bakal kalah saka kowe..” Linda karo meseme sing sinis  mangsuli “ lakonke
sing terbaik, kawan..” Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku. Sikep lan

Bahasa Jawa Kelas X 11


tindak –tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa
menang.Linda banjur lunga ninggalke dinda sing isih kaget.
Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara
wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan
gawa kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..”piye…? perjalanane,
nyenengake ta ? rando takon. “ nuwun ya Ndo,..” wangsulane dinda kang swarane
nganggo nada rendah saengga rando ora bisa krungu suwarane.”nuwun wis dadi
Inspirasiku sak suwene iki…” dinda neruske omongane. Wong loro kuwi mung pada
ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning penginapan.
Kembang turu, Tresna, krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan
donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti, perjalanane ora mung
mandhek ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume
ora diretini.Dinda wani duwe pangangen-angen, lan pangangen-angen kuwilah kang bisa
nganterke dheweke ketok kene.
6 wulan sakwise, Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di
duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Dina arep ujian akhir samsaya
cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan
kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang
ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine
dhewe-dhewe
(kapethik saka: muhammadalifinsetiaji.blogspot.com)

Sinopsis :
Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur  wit cedhak
omah, nangiake wong wadon sing  turu  ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa
gawe penak sing duwe . Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo
seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku
pinuju kaca sing ana ing cedhak rak-rakane. Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing 
kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng.
Dinda banjur mangan lan langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas
banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe.
Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar  serta akeh benda –
benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum, gitar listrik,gitar akustik,terompet,
harmonica,biola lan sapanunggalane. Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang
kelase jembar  serta akeh benda –benda sing bisa gawe suara merdu kayata
piano,drum,gitar listrik,gitar akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane. swara
keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu
ndelok lan keplok-keplok. Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal
biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene.
Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki
kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat….Dinda
langsung nyanyi. Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang
pesawat.wong wadon nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe
dinda sethitik ora nyaman. Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang
London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka
mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa kopere.

Bahasa Jawa Kelas X 12


Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga
kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek
ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.
6 wulan sakwise, Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di
duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Dina arep ujian akhir samsaya
cedhak, Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan
kancan-kancane.

D. Nyunting Sinopsis Crita Cekak


Nyunting sinopsis crita cekak tegese mbenerake teks menawa isih ana kaluputan
utawa mbesut tulisan supaya luwih becik. Sawise nulis sinopsis crita cekak banjur
diijolna sinopsis karo kancamu. Suntingen utawa benerna tulisan sinopsise kancamu kang
salah utawa kurang bener!

E. Maca Sinopsis Crita Cekak


Nalika arep maca sinopsis crita cekak kudu nggatekake lafal, intonasi, lan jedha
kang trep lan becik. Sinopsis kang wis dibenerna kuwi diwacakake ing ngarep kelas.
Anggone maju gentenan karo kanca liyane.

Wacanen crita cekak ing ngisor kanhi premati!


Ora sokur
      Jenengku Nur Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah
entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun, kelas
XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.
     Nalika aku SMP aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku
diciptakake duwe kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku
sing pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat
olahraga apa wae.
     Aku uga meri marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing
utawa Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling
iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu guruku sing
kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake Komputer-komputer sing ana
ing Laboratorium Komputer ing sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend  ing kelasku,
HP uga ngetrend pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi
utawa touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane mulai
1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku
uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena disambungake marang
internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan lan bisa sekolah wae wis luwih
teka cukup.
Aku iya sempet ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku
kuwi biasa-biasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh

Bahasa Jawa Kelas X 13


telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti
marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi sing apik-
apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak Indah.
    Aku mulai sadar yen aku duwe kalebihan  wektu sewiji dina aku mulih sekolah.Aku mlayu
menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas kosong.Aku eling yen wektu aku ndelok
internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy
lan duwit  Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga
entuk pembinaan saka Pembina teka SMP Bakti Oetomo Jakarta.Hadiah sing ditawanake uga
marai aku seneng lan kepingin melu partisipasi ing lomba kuwi.Aku iseng nulis cerpen gawe
melu Lomba kasebut.Akhire, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe sing
kajudul ‘’Mimpi’’.Cerpen kuwi dakgawe s isine kuwi ana bocah sing jenenge April sing
anduweni mimpi dhuwur lan kepingin nggayuh mimpi sing duwur kasebut tapi ora isa jalaran
ora ana bandane.Lan sesuk e ing sekolah, aku jaluk tolong gaweno E-mail utawa surat
elektronik marang kancaku.Maklum, aku iki bocah Gaptek utawa gagap teknologi.Sawise
mari gawe alamat E-mail sing dak pengeni, banjur tak kirimno marang alamat e-mail
panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi.Kurang luwih seminggu aku ngenteni
pengumuman pemenang lomba kuwi, akhire ing dina minggu aku disms kancaku yen aku
dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat Kabupaten kuwi.Aku kaget, seneng tur
bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba kasebut.Banjur dak kandakake marang ibu lan
bapak yen ak berhasil menang ing lomba kuwi.Wong tuwaku bangga marang aku.Aku seneng
banget yen ngerti tanggepan wong tuwaku positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi.Saka
lomba kuwi, aku entuk duwit Rp 500.000,00.Aku seneng amarga saka hobi anyarku nulis
mau, aku isa ngasilake duwit kanggo mbayari sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.
     Sakjege peristiwa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu
kosong, aku mesti nulis cerpen.Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.Akhire, banjur
aku dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.Ing omahku, akeh piala
pemenang lomba-lomba nulis cerpen.Piala pertama sing dakoleh wektu lomba nulis cerpen
remaja kuwi dakseleh ing kamar.Akhire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan
Bahasa.Alasanku arep milih  jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa khusus
e nulis.Saka hobi nulisku iki, aku duwene cita’’ dadi guru Bahasa Indonesia utawa penulis
cerpen utawa novel terkenal sok mben.Aku bangga marang awakku dewe.Aku isa mbuktina
marang wong liya, yen kemiskinan ora penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.
(http://belalangbalap.blogspot.co.id/2014/02/contoh-cerkak-bahasa-jawa.html)

Sawise diwaca crita cekak ing dhuwur banjur tindakna prentah ing ngisor iki!
1. Gawea klompok kang dumadi saka 3-4 siswa!
2. Dhiskusekake analisis unsur-unsur kang mbangun crita cekak ing dhuwur!
3. Tulisen sinopsis crita cekak kasebut!
4. Menawa wis rampung, wacakna garapan klompokmu ing ngarep kelas!

Bahasa Jawa Kelas X 14


KAGUNAN
BASA
Tembung Saroja

Tembung Saroja yaiku tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi
siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
 Sanak sedulur
 Guyup rukun
 Tandang grayang
 Was sumelang
 Lara lapa

I. Jodokake tembung-tembung ing ngisor iki supaya dadi tembung saroja!


1. Angkat (…………) a. Usuk
2. Asih (…………) b. pakarti
3. Undha (…………) c. prakosa
4. slamet (…………) d. kacarita
5. Jungkir (…………) e. adhuk
6. Tepa (…………) f. tanduk
7. Solah (…………) g. luhung
8. Gagah (…………) h. asor
9. Andhap (…………) i. mumur
10. Nyampar (…………) j. tuladha
11. Kocap (…………) k. junjung
12. campur (…………) l. aruh
13. Budi (…………) m. wangi
14. Ajur (…………) n. bawa
15. Arum (…………) o. walik
16. Welas (…………) p. nyandhung
17. Sapa (…………) q. tresna
18. Tapa (…………) r. brata
19. Tindak (…………) s. asih
20. Adi (…………) t. Rahayu

II. Gawea ukara nganggo tembung saroja ing ngisor iki!

Bahasa Jawa Kelas X 15


1. Babak belur
Wangsulan:…………………………………………………………………….
2. Campur bawur
Wangsulan:…………………………………………………………………….
3. Budi pakarti
Wangsulan:…………………………………………………………………….
4. Gagah prakosa
Wangsulan:…………………………………………………………………….
5. Guyub rukun
Wangsulan:…………………………………………………………………….
6. Kocap kacarita
Wangsulan:…………………………………………………………………….
7. Kadhang kala
Wangsulan:…………………………………………………………………….
8. Donga puji
Wangsulan:…………………………………………………………………….
9. Jungkirwalik
Wangsulan:…………………………………………………………………….
10. Colong jupuk
Wangsulan:…………………………………………………………………….

III. Setitekna ukara ing ngisor iki. Tembung saroja sing dinggo sajroning ukara bener
(B) apa luput (L).

Ukara Bener/Luput
1. Wong Jawa pranyata nduweni kabudayan kang adi ….
luhung.
2. Pegaweyane mung angkat tarik, apa bisa nyukupi ….
kebutuhane kulawargane?…
3. Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.… ….
4. Satriya ing Madukara iya raden Harjuna pranyata
satriya kang sekti mandraguna.… ….
5. Direwangi njungkir kuwalik meksa ora bisa cukup
kanggo mangan saben dinane.… ….

Bahasa Jawa Kelas X 16


I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, utawa eing wangsulan sing
kokanggep paling trep!
1. Carita kang isine ringkes lan ora mbutuhake wektu suwe anggone maca diarani….
a. cerbung d. mitos
b. cerita rakyat e. cerkak
c. roman
2. Ing ngisor iki kalebu unsur-unsur intrinsik ing cerita, kajaba….
a. tema d. pacelathon
b. paraga e. asal usuling kang ngripta
c. prastawa
3. Urut-urutaning carios wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan….
a. alur carita d. irah-irahan
b. watak e. sudut pandang
c. paraga
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 19-23!
Panji
Ing bale omahe Panji ana tulisan sing unine “crah agawe bubrah, rukun agawe
sentosa”. Omahe Panji mapan ana ing desa sing adoh saka papan rame, ngenani bab iku
dheweke ora tau ngresula, kabeh katrima kanthi iklas lan bungah. Gemi setiti lan premati
diterapake ing kulawargane. Guneman kepenak dirungoake ora nate manas ati marang
wong sing ngajak guneman, tumbak cucukan ditinggalake. Panji lan Surti wis selawe
taun omah-omah bareng lan duwe anak cacahe loro yaiku Wandi lan Suci. Saben dina,
Wandi sadurunge mangkat sekolah mbiyantu bapake, semono uga Suci mbiyantu gawe
sarapan karo ibune. Kluwargane Panji pancen ayem, ora tau tukar padu, antaraning
anggota kluwarga ajen-ingajen, bantu-binantu, sayuk rukun, tandang grayang
bebarengan. Kluwargane Panji dadi tepa tuladha para tangga. Anak-anake diajari basa
kang alus mula duwe unggah-ungguh basa kang nyenengake marang sapa bae.
4. Miturut wacan ing dhuwur, kluwargane Panji iku kluwarga sing kepriye….
a. dadi gunemane tangga d. bubrah
b. susah e. ayem lan sayuk rukun
c. seneng padudon
5. Kenapa kluwargane Panji dadi tuladhane para tangga….
a. seneng padudon
b. seneng agawe bubrah
c. kluwargane panji sugih banget
d. ora tau omong ala lan nyenengake wong liya
e. seneng congkrah lan gumedhe marang tangga
6. Kepriye patrapane anak-anake Panji….
a. nakal d. nyenengake marang sapa bae
b. ora nurut e. basane kasar
c. crengkeng
7. Sapa wae paraga cerkak ing dhuwur mau….
a. Panji, Surti, Wandi lan Suci d. Panji, Siti, Wati lan Suci
b. Panji, Siti, Wandi lan Suci e. Panji, Surti, Wati lan Susi
c. Panji, Surti, Wati lan Suci

Bahasa Jawa Kelas X 17


8. Amanat kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku….
a. dadi wong aja dumeh
b. dadi wong kudu sugih
c. dadi wong kudu nurut lan bakti marang wong tuwa
d. dadi wong sing seneng serik atine
e. dadi wong seneng gawe bubrah
9. Teknik dramatik jlentrehake watake tokoh kanthi ing ngisor iki, kajaba....
a. Tindak tanduke tokoh d. Langsung dening pangripta
b. Sakiwa-tengene tokoh e. Pikirane tokoh
c. Tata bahasane tokoh
10. Aku mlebu ngomah. Ora lali nginguk kamare ibu. O...sokur ibu lagi sare kemulan
rapet. Katon angler banget. Hawa atis ngene iki pancen penak dinggo turu kemulan.
Apa maneh ibu wis sepuh.
Pethilan carita ing ndhuwur, sudut pandhang pangripta dadi....
a. Kapisan d. Kapisan lan kaloro
b. Keloro e. Kapisan lan katelu
c. Katelu
11. Posisine pengarang nalika nyeritakake cerita diarani....
a. Sudut pandang d. Alur
b. Amanat e. Penokohan
c. Tema
12. Langit wulan April tansah peteng ndhedhet kaya arep ambruk, dhasar nganggo angin
gedhe lan bledhek nyamber-nyamber, mengko wulan iki lumrahe wis mangsa ketiga.
Dina iki tanggal 10 mbeneri pengetan Maulud Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Paragrap ing ndhuwur iku kalebu nuduhake latar....
a. Wektu d. Sosial
b. Panggonan e. Spiritual
c. Suasana
13. Nom-noman kae jenenge Suryo, asal saka Serengan, Solo. Sak tlerapan meh kaya
bintang sinetron kang lagi moncer, nanging luwih semanak, bocahe grapyak tur ya
andhap asor. Saben-saben ketemu mesthi ngluruhi kanthi tutur basa kang alus.
Senengane nonton pameran lukisan ana TBS. Yen nyawang lukisan kang elok
nengsemake atine mesthi dipandeng suwe ora kedhep, senajan lukisan kuwi
panganggepe wong akeh kok ya kaya-kaya ora ana apik-apike babar pisan.
Paragrap ing ndhuwur iku mbabarake karakter tokoh kanthi teknik....
a. Dramatik d. Campuran
b. Analitik e. Ora langsung
c. Persuasif
14. Bubar kepilih dadi ketua RT, Pak Hamidan terus ngadani syukuran cilik-cilikan.
Nadyan jenenge syukuran cilik-cilikan ragade tetep ora sethithik. Kabeh kang wis tau
nyengkuyung Pak Hamidan padha nampa bebungah mirunggan. Tangga teparo sing

Bahasa Jawa Kelas X 18


nyengkuyung Pak Hamidan uga nampa sembulih. Minggu candhake Pak Hamidan
kawisuda dadi ketua RT ana bale desa. Pak Lurah sing maosake surat kekancingan ing
pangarepe pamong lan punggawa desa liyane. Ngrebut Gelar KRT, Sudadi.
Tuladha pethukan carita ing ndhuwur nuduhake menawa pengarang nganggo sudut
pandhang....
a. Wong kapisan d. Ekstrinsik
b. Wong kapindho e. Intrisi
c. Wong katelu
15. Ajaran moral utawa pesen didaktis kang bakal dijlentrehake pengarang marang wong
kang maca diarani....
a. Sudut pandang d. Tema
b. Penokohan e. Alur
c. Amanat
16. Ukara ing ngisor iki sing nganggo basa krama alus, yaiku....
a. Aku mau ditimbali Pak Guru, didangu prekawis tawuran dhek wingi.
b. Kula wau diaturi Pak Guru, dipundangu prekawis tawuran kalawingi.
c. Kula kalawau dipuntimbali Pak Guru, diinterogasi prekawis tawuran dhek wingi.
d. Kula kalawingi dipuntimbali Pak Guru, dipundangu prekawis tawuran kalawingi.
e. Kula dhek mau diaturi Pak Guru, dipun dangu prekara dhek wingi.
17. Aku tuku buku ning toko salore umahe Pak Lurah.
Ukara ing dhuwur yen dikramakake dadi….
a. Kula tumbas buku wonten toko salere daleme Pak Lurah.
b. Kula mundhut buku wonten toko saleripun daleme Pak Lurah.
c. Kula tumbas buku wonten toko sisih ler dalemipun Pak Lurah.
d. Kula tumbas buku wonten toko sisih ler griyanipun Pak Lurah.
e. Kula mundhut buku wonten toko sisih ler dalemipun Pak Lurah.
18. Sampun tigang dinten budhe …….. waja.
Tembung kang trep miturut unggah-ungguh basa Jawa kanggo njangkepi ukara ing
dhuwur yaiku….
a. lara d. nandhang
b. sakit e. ngrasa
c. gerah
19. Nyuwun pamit Ibu, kula badhe ….. tumbas rujak teplak.
Tembung kang trep miturut unggah-ungguh basa Jawa kanggo njangkepi ukara ing
dhuwur yaiku….
a. lunga d. kesah
b. tindak e. mangkat
c. tindhak
20. Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika
ana ing SMK. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku….
a. krama                                          d. ngoko alus
b. krama inggil e. krama madya

Bahasa Jawa Kelas X 19


c. mgoko
21. Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku….
a. krama                                       d. ngoko alus
b. krama inggil       e. krama andhap           
c. ngoko lugu
22. Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang
digunakake yaiku …
a. krama    d. ngoko alus
b. krama inggil e. krama andhap
c. ngoko lugu

Wacan kanggo angka 23 lan 24.


Jangkepana pacelathon ing ngisor iki!
Adi : “Assalamu’alaikum.”
Mas Bagus : “Wa’alaikumsalam, eh Adi, ana apa kadingaren dolan rene?”
Adi : “...................................................................... (23)”
Mas Bagus : “Ameh apa Ardi? Ndadak nganggo ulem barang?”
Adi : “Menika ulem rapat kepengurusan taman bacaan desa, Mas.”
Mas Bagus : “Tak pikir, Adri ameh omah-omah, aku ya wis suwe ora saba menyang
taman bacaan ki.”
Adi : “Mangga wenawi badhe tindhak wonten taman bacaan, sareng kula.”
Mas Bagus : “Aku sisan mengko sore wae, ngiras-ngirus rapat.”
Adi : “....................................... (24)”
Mas Bagus : “Ya, sing ati-ati.”

23. ....
a. Nggih, kula badhe maringaken undhangan.
b. Nggih Mas, aku arep ngaturaken ulem saka Mas Ardi.
c. Nggih Mas, kula badhe maringaken layang ulem saka Mas Ardi.
d. Nggih Mas, kula badhe ngaturaken layang ulem saking Mas Ardi.
e. Nggih Mas, kula badhe ngekenaken layang ulem saking Mas Ardi.

24. ....
a. Menawi ngaten, kula nyuwun pamit.
b. Nggih mpun, aku pamit.
c. Yen ngono, aku ndisiki.
d. Menawi ngaten, kula wangsul.
e. Anger ngono, kula arep balik ya.

25. Sinta : “Menapa Bapak mboten…dhateng kantor dinten menika?”


Bapak : “Ora ndhuk, dina iki Bapak libur. Arep ngaterke adhikmu priksa.”
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku….
a. wangsul d. lunga

Bahasa Jawa Kelas X 20


b. dugi e. kesah
c. tindak

II. Wangsulana Pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!


1. Sebutna titikane crita cekak!
Wangsulan:.................................................................................................................
2. Kramakake ukara ing ngisor iki1
(a) Aku dolan marang omahe Bu Guru Bahasa Jawa, saperlu takon materi sing
dakkira durung cetha.
(b) Apa Ibu wis tau ketemu karo wali kelase aku?
Wangsulan:.................................................................................................................
3. Sebutna lan jlentrehna unsur intrinsik cerita cekak (cerkak)!
Wangsulan:.................................................................................................................
4. Kepriye cara nggawe sinopsis cerkak?
Wangsulan:.................................................................................................................
5. Apa sing diarani tembung saroja? sebutna tuladhane 5 wae!
Wangsulan:.................................................................................................................

      

Bahasa Jawa Kelas X 21


Bahasa Jawa Kelas X 22

Anda mungkin juga menyukai