Anda di halaman 1dari 3

Lingkungan Pondok

Adzan subuh durung muni nanging aku wis tangi lan shalat tahajjud. Sakwise shalat
tahajjud aku banjur nangekno kanca-kancaku lan langsung umbah umbah ngenteni shalat subuh.
Sakwise Adzan Subuh aku banjur njuupuk wudhu amerga wudhuku wes batal. Sakwise shalat
subuh aku lan kanca-kancaku banjur njupuk Al-Quran lan moco bareng bareng ning musholla
pondok. Mau mbengi ning pondokku udan deres banget, mula esuk iki udarane pondok katon
adem nangging gae ati tentrem, ditamabah wit witan godong e katon werna ijo nambah garai
atiku saya bungah lan nambahi semangat maca Al-Quran.
Saklawise maca Al-Quran jam 6 esuk aku banjur bali nang kamar. Amarga dina iki dina
Jumat seklahku prei, aku lan kanca-kancaku banjur melu senam ning nggarepe pondok kalihan
pengurus pondok. Sakwise aku lan kanca-kancaku senam banjur aku antri mangan supaya
durung kentekan. Rutinitas ing pondokku saben dina Jumat mesti ana senam bebarengan lan
olahraga. Supaya awak iki tetep sehat meski senenganku lan kanca kanca ku turu.
Jam 10 esuk aku lan kanca-kanca ku banjur bali maneh ning kamar njupuk mukenah lan
wuduh maneh sakwise wudhu aku moro nang musholla amerga sedilukas sholat dhuha jama’ah.
Sak banjure shalat dhuha aku lan kanca-kancaku langsung maca Al-Quran bebarengan nang
musholla, lan liyane rote sinau Basa Arab bebarengan kaliyan pengurus. Sakwise antri rote sinau
Basa Arab aku lan kanca-kancaku banjur moro ning koperasi tuku jajan, amerga aku dino iki ora
disambang. Dina Jumat pondokku mesti rame amergi akeh wong tuwo sing podo nyambangi
anak e. Sakwise tuku jajan kaliyan kanca-kanvaku aku banjur bali ning kamar. Sakdurunge adzn
dhuhur biasane aku lan kanca-kancaku turu awan disek supaya bengine gak ngantuk. Bel tanda
shalat wes muni aku lan kanca-kanca ku langsung tangi njupuk mukenah lan wudhu langsung
moro ning musholla sakdurunge pengurus pondok ngomeng amergi ora tepat waktu. Bel muni
peng pindo pertanda para santri wis kudu ana ning musholla, semisale ono seng telat biasane
pasti dihukum. Tapi bagine para sntri hukuman kui luwih nyenegake lan garai akeh pengalamane
pas mondok seje karo seng ora tau dihukum.
Sakwise sholat dhuhur aku lan kanca-kancaku langsung ganti kerudung banjur moro ning
kelas gae ngaji Al-Quran kaliyan para ustadzah. Sakwise ngaji Al-Quran jam 3 sore aku lan
kanca-kancaku banur pamit marang ustadzah. Sakbanjure pamit ustadzah aku lan kanca-kancaku
mbali ning kamar ganti mukenah lan njupuk banyu gae ngombe.Sak banjure njupuk banyu aku
njupuk wudhu lan jaga jaga sholat ashar amergi wes ono suara bel muni. Sakwise sholat jama’ah
ashar para santri langsung maca Nadhom Imrithy ning musholla sampek jam 4 sore.
Sakwise maca nadhom Imrithy aku lankanca-kancaku banjur bali ning kamar lan njupuk
klambi ning jemuran sing wis garing lan nglempiti klambi karo cerita cerita ning nggarepe
kamar. Sakwise ndeleh klambi ning lemari lan mangan jajan karo kanca-kanca ku lan nyambi
omong omongan.
Aku : “He ngel, opo awakmu uwes mari tuku kitab kuning?”.
Angel : “Durung aku nin, soale dek wawu isuk tok koperasi entek”.
Aku : “Ealah tak kiro awakmu ws tuku, yen awakmu wes tuku aku dak ape nyilih ngel”.
Angel: “Aku ngerti mabengi Ella wes tuku Nin”.
Banjur aku omong ndek Ella amergi yen during duwe kita kui mengko ustadzah ku ngamuk.
Ustadzah ku bedo karo ustadzahe konco-koncoku.
Aku :”Ell, opo awakmu wes tuku kitab ta?”
Ella : “Uwis nin, yaopo?”.
Aku : “Aku arepe nyilih kitabmu, oleh opo gak?”.
Ella : “Njupuko dewe nang lemari paling duwur Nin”.
Aku : “Suwun yo Ell”.
Ella : “Iyo Nin, Dino iki awakmu opo gak di sambang ta Nin?.
Aku : “Ogak ell, mergo bapakku sakiki gak libur”.
Ella : “Ealah yoweis nek ngunu Nin”.
Gak keroso wis jam 5 sore aku lan konco-konco ku banjur medun mengisor nang
nggarepe pondok karo ngenti wektu madhang sore. Aku omong omongan karo pengurus seng
teko Tuban.
Aku: “Kepriye mbak mene nek pas liburan, kene bareng bareng liburan menyang Malang?”.
Pengurus : “Mengko tak coba ngomong nang pengurus lainne kepiye apike Nin”.
Aku : “Yowes nek ngunu mbak, dak tunggu kabar selanjute”.
Sakwise ngomong kaliyan pengurus banjur aku lan kanca-kancaku antri njupuk sego. Sebagian
ana sing tuku es lan jajanan ning kantin amergi mbek menawi lauk e ono sing kurang. Utawa
menawa ono sing ora seneng karo menu ne. Aku ndeleng ning lapangan ono bocah sing ngadek
ning nduwur kursi karo nggowo tulisan ning kardus lan ning nggarepe musholla ono pengurus
sing omong yen bocah mau jenengne Nayla saka Surabaya ngadek amergo keno hukuman mergo
ketahuan nggowo hp ning kamar ora karo wong tuwo ne. Pondok ku iki emang ketat banget, tapi
yen ora ketat ora pondok jenenge mergo pondok kui gae para santri ne supaya disiplin, jujur.
Sakwise mangan aku lan kanca-kancaku banjur balik kamar ganti mukenah lan wudhu
banjur balik ning mkusholla mgenteni sholat maghrib lan bocah mau isih durung medun teko
kursi, biasane bocah sing keno hukuman lan pas wayahe prei gak sholat iso iso nggadek ning
nduwur kursi sampek 2jam suwene. Biasane ngko bengi sakdurunge turu HP ne bakalan
dibanting ning lapangan utawa di tutuk nganggo palu, mergo kui wes ketentuane dadi akibate yo
hp ne bakalan ajur. Sak banjure sholat maghrib biasane ning pondok moco Rattibul Haddad
bebarengan lan dilanjutake maca Al-Quran sampai sholat isya. Sakwise sholat isya para santri
langsung mbalik ning pondok banjur muhadatsah bahasa arab lan inggris ning kamar bebarengan
karo pengurus.
Kegiatan ning pondokku sakbare muhadatsah yaiku melu kelas diniyah yen ana sing kari
pengurus baklan owah lan ngekeki hukuman apalan bahasa utawa surat pendek. Kelas Diniyah
biasane sampai jam 10 bengi sakbanjure iku biasane bakalan ono jeneng jeneng sing diceluk
amergo pas isuk utawa awan mau ana seng ngelangar peraturan pondok lan ngerti kaliyan
pengurus. Terus sing ora kena hukuman langsung nyetorake hafalan ning penguruse dewe-dewe.
Sak banjure nyetorake hafalan biasane aku lan kanca-kancaku langsung tuku jajan utawa mangan
lan dipangan barengan ning lapangan. Biasane aku lan kanca-kancaku ning lapangan sampek jam
12 bengi nyambi nunggoni konco seng kenek hukuman ning pengurus. Biasane yen kenek
hukuman mesti oleh point lan seng pointe sebulan wes akeh bakalan diceluk wong tuwone ning
pondok lan disudohno kesalahan anake mau. Mondok kui iso nggae anak dadi bocah sing
mandii, pengerten karo konco mergo 24jam per menit per detik mesti bebarengan mlaku utawa
turu lan adus. Ddai pondok niku iso ningkatake solidaritas kaliyan kanca-kanca.

Anda mungkin juga menyukai