Anda di halaman 1dari 3

Jin Duwe Gawe

Dening Ahmad Shofi Zakaria


Sawetara taun kepungkur, ana siji kulawarga kang kasusun saka bapak (Franky), ibu
(victoria), lan anak (Sukiman). Kulawarga iki urip ing daerah Bogor. Ing siji dina kaluwarga
kuwi lagi mangan bareng ing bale, pas lagi tentrem tentreme ana swara bel omah muni.
Sajroning omah pada kaget kabeh krungu swara kuwi

“Assalamualaikum, pak Franky”, salam saka wong ing ngarep omah

“Waalaikum salam, sapa kuwi ?”, saute bapak saka njero

“Kula utusane pak prabu, badhe ngeterake undangan saka pak prabu”

Bapak moro moro meneng mikir nganti gemeter.

“Undangan apa ?”, jawab bapak

“Undangan nikahan putrane pak Prabu”, jelase wong saka ngarep iku mau.

“Nikahane dina apa ?”, takone bapak

“Dina Kemis kliwon ngarep, Pak.”, Jawabe wong kuwi.

“Ngge, undangane sampeyan tinggal ing meja ngarep”, jawab bapak.

“Ngoten mawon, Pak. Assalamualaikum.”, wong kuwi pamit samarine ninggal undangan ing
meja ngarep.

”Waalaikumsalam”, bapak ngakhiri.

Ibu lan Sukiman bingung, lapo wong kuwi ora diparingi mlebu omah. Nanging bapak
ora njelasake lan milih nerusake mangan.

“Sapa kuwi mau, Pak ?”, Takone Sukiman.

“Wis, mengko sampeyan ngerti dewe. Sampeyan gelem ora melu bapak ing kondangan kuwi
?”, bapak nawani Sukiman.

“ Ngge purun toh, pak. Mangan mangan sapa sing ora gelem.”, Sukiman seneng banget
mergane dijak kondangan.

“Ya wis, le. Kemis ngarep melu bapak budhal kondangan”, jelase bapak.

Samarine bahas kondangan iku mau, kabeh ngelanjutake mangan kang wis di siapake ibu.

Dina kemis kliwon akhire teka, bapak lan Sukiman siap siap kanggo budhal menyang
kondangane pak Prabu. Sadurunge budhal menyang kondangan, bapak pesen nang Sukiman,
yen ning kondangan ora apa apa mangan akeh nanging aja sampe nggawa panganan saka
kondangan kuwi nang omah. Sajane Sukiman ora paham apa maksute bapak, nanging
Sukiman ora mikir aneh aneh amarga tujuane Sukiman mung mangan enak. Ba’dha Ashar
bapak lan Sukiman budhal menyang kondangan gawe sepeda motor kesayangane bapak.

Ing dedalanan, Sukiman omong omongan karo bapak nganthi ora sadar yen dedalanan
iku mau tutuk daerah alas. Sukiman wis ngerasa ora enak amarga pitujuan awale kondangan,
nanging malah liwat alas alas sing pitujuane ngarah ing lereng gunung Cisuram. Moro moro
bapak lan Sukiman ngerasa sepedhahe katon abot lan akhire mandek ing mushola desa
samarine alas.

“Pak, niki sepedhahe kok abot kena apa ?”, Sukiman takok karo rai bingung.

“Jenenge sepedha tuwa le, wis biasa ngene kuwi. Ayo sholat disik, le, wis melbu wektu
maghrib”, tegese bapak.

“Nggih pun pak”, jawab sukiman.

Samarine wudhu, bapak lan Sukiman sholat maghrib, bapak dadi imam lan Sukiman
dadi makmum. Bapak maca surah Al Fatihah, pas tutuk “Aamiinn” sing jawab ora swarane
Sukiman wae nanging ana swara liya, swara kuwi krungu abot lan serak. Sukiman merinding
krungu swara kuwi, nganti shalate ora khusyu. Samarinipun sholat, Sukiman ndelok ing
sekitare orang ana wong liya, mung ana bapak.

“Swarane sapa kuwi pak ?’ pitakone Sukiman.

Bapak mung meneng wae lan milih ngelanjutake dedalanan. Sukiman wiwit mikir aneh aneh,
amarga akeh kedadeyan aneh. Wiwit saka kondangan sing liwat tengah tengah alas, sepedha
motor krasa abot, lan kedadeyan swara aneh ing mushollah mau.

Sawetara wektu mengko,

“Alhamdulillah wis tutuk le” tegese bapak

“Loh pak, tutuk pundi toh, niki tasek ing alas” Sukiman bingung amarga panggone beda karo
sing difikirno.

“Wis le, awakmu nganuto karo bapak wae” jawab bapak

Bapak ngajak Sukiman ing warung, tuku kopi lan nyembujungno sikil amarga
dedalanan kang adoh. Moro moro ana arek enom nggowo senter saka alas marani bapak lan
Sukiman.

“Pak, panjenengan sampun dipadosi pak Prabu, monggo tumut kulo”, ajake wong saka alas
kuwi.

“ Nggih mas”, bapak bayar kopi, nitip sepedha nang warung, lan melu arek enom kuwi.
Wektu mlaku melu arek enom kuwi, Sukiman ngerasa luwih bingung maneh amarga
tambah suwi tambah melbu njero alas. Ing tengah alas, moro moro bapak lan sukiman melbu
dimensi liya sing langsung tutuk panggon kondangan. Arek enom kuwi owah dadi raksasa
sing raine rata. Ing kondangan kuwi, rupa wong wongane ya aneh aneh, ana sing matane siji,
ana sing ora duwe lambe, ana sing ndase telu, lan akeh maneh maceme. Pak Prabu nyambut
Sukiman lan bapake. Pak Prabu dewe wujude ya aneh, awake gedhe kaya raksasa lan raine
pucet. Sukiman lagi penak mangan lan bapak omong omongan karo pak Prabu. Omong
omongane ora jelas amarga nggawe basa lelembut. Ngerasa wis suwi, bapak pamit mulih
marang pak Prabu. Amarga panganane enak enak, Sukiman meneng meneng mbungkus
panganan gawe digowo mulih. Pak Prabu ngutus arek enom sing owah dadi raksasa mau
kanggo ngeterake Sukiman lan bapake metu saka alas. Pas wis metu saka kondangan lan
dimensi liya, raksasa sing ngeterake Sukiman lan bapak mau balik owah dadi arek enom. Lan
ing alam dunya kahanan wis isuk senadyan ing kondangan esih bengi. Bapak lan Sukiman
njupuk sepedha ing warung terus balik mulih.

Tutuk ing omah, Sukiman cerito pengalamane nang kondangan menyang ibuke. Ora
lali Sukiman ngaturake panganan sing wis dibungkus mau. Pas dibuka, pangananan sing enak
kuwi owah dadi rerusuhan godhong lan campuran lemah ambune ora enak.

“Loh le, bapak lak wes pesen aja nggawa panganan saka kondangan ing omah”, tegure bapak

“Nggih pak, ngapunten kula khilaf, amarga panganane enak banget, eman yen ora dibungkus”
jawabe Sukiman

“Pak Prabu kuwi sapa pas ? kok njenengan diundang ing nikahane anake”

“Iku munu awale jin nang omah kosong le, amarga omah kosong kuwi kajange dipanggoni,
bapak mindahake jin kuwi menyang alas, bapak diundang nang nikahane anake gawe tandha
bales budi amarga bapak wis ngewangi jin kuwi oleh panggonan anyar”, jelase bapak

“ Wiiihh canggih njenengan pak”, jawab Sukiman

Sukiman akhire dibukano mata batine, terus dikongkon ndelok tumpukan sampah ing
pinggir omahe, Sukiman ndelok akeh jin sing njilati sampah kuwi. Mari ndelok kedadeyan
esih tas mau Sukiman paham lapo kok bapake ora ngolehi nggowo panganan saka
kondangane pak Prabu.

Matur nuwun 

Anda mungkin juga menyukai