Anda di halaman 1dari 4

NAMA : NASRUL MAULIDIN

KELAS : XII MIPA 4


NO : 22

CERKAK
Cerkak utawa Cerita Cekak ing bahasa Indonesia dikenal kanthi Cerpen utawa Cerita Pendek
yakuwe salah satu karya sastra kang asring dipunpanggihi wonten ing kalawarti utawa ariwarti.
Cerita cekak utawa cerita pendek ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) yakuwe pitutur
ingkang magepokan kaliyan dumadosing bab. Cerkak nduwe pathokan kirang saking 10.000
tembung (kata) lan nyeritakaken cerita marang salah sijine paraga ing situasi lan kondisi
tartamtu.

Miturut Susanto wonten Tarigan (1984:76) njelasaken cerkak kuwe cerita ingkang panjangipun
sekitar 5.000 kata, utawa sekitar 17 lembar kertas kuarto spasi rangkep.

Banjur miturut Sumarjo lan Saini (997:37) njelasaken bahwa cerkak yakuwe cerita cekak sing
isine mboten bener-bener kedadeyan persis kaliyan isine (utawa cerita fiktif), tapi biasane tema
ing cerita kuwe dumadi ana, ing pundi mawon, lan ugi kapan kemawon.

Cerkak ugi saged didefinisikaken cerita kang diwaca sakjagongan, yakuwe mboten mbetahaken
wekdal ingkang dangu, inggih punika cerkak kuwe cerita sing entheng lan mboten njlimet,
saengga mboten migatosaken pikiranipun pamaos.

Ciri-ciri cerkak miturut Sumarjo lan Saini :

Sifate rekaan saking penulis (fiksi).

Naratif

Nggadhahi sifat tunggal.

Dene ciri-ciri cerkak miturut Morris ing Tarigan inggih menika :

Ciri utawa yakuwe cekak, padhu, lan intensif.

Nduweni unsur tokoh, gerak, lan adhegan (character, action, lan scene).

Bahasa ing cerkak kudu tajem, segesif, lan narik kawigaten.

Nah miturut pendapat-pendapat ing nduwur, saged disimpulaken ciri-ciri cerkak yakuwe :

Nggadahi sifat cekak, padet, lan lewih ringkes tinimbang novel.

Dibentuk saking tembung kang jumlahe kirang saking 10.000.


Sumber ceritanipun saking padintenan, masalah umum, lan ditambah rekaan penulis.

Mboten nelakaken urutan peristiwanipun kanthi rinci sanget, naming nelakaken sakedhik utawa
intine mawon.

Tembung kang digunakake dipilih lumrah manut bahasa padintenan (sehari-hari).

Nggadhahi alur tunggal. (maju, mundur, utawa campuran).

Cerkak saged dipunpendhet saking pengalaman pribadi penulis ingkang kasunyatan lan
kedadeyan, namung ugi saged direka-reka utawa ditulis manut apa sing dipengini penulis. Ing
sajroning cerkak ugi nduwe inti patuladhan utawa pesan moral kang akeh kaitane kaliyan
babagan padintenan, namung ugi nggadhahi sifat-sifat buruk kang kudu diematna kanthi bener-
bener. Upaminipun wonten paraga protagonist kang nduwe sifat-sifat apik, lah sifat-sifat kuwe
saged kangge patuladhan. Uga wonten paraga antagonis kang nduwe sifat-sifat awon (buruk),
nah kuwe saged dipunpesthekaken mesti bakal ngrasakna cilaka.

Unsur Intrinsik

Tokoh lan penokohan, yakuwe tiyang-tiyang kang dados paraga utawa lelakonipun cerita. Ing
sajroning cerita mesthi ana tokoh sentries (tokoh utama) lan tokoh bawahan (tokoh pendukung).

Latar utawa setting, yakuwe nggambaraken papan panggenan, wektu, lan latar suasana ing
sajoring cerita.

Sudut pandang utawa panganggit ing ndalem mbektakaken cariyosipun.

Alur utawa plot cerita, yakuwe kedadeyan-kedadeyan ing cerita kanthi sambung sinambung
wiwit ngarep nganthi pungkasaning cerita. Alur kaperang dadi 3, yakuwe alur maju, mundur, lan
campuran.

Makna/maksud/pesan/amanat, yakuwe simpulan pamaos ngengingi cerita ingkang nembe


mawon dipunwaos.

Unsur Ekstrisik

Nilai-nilai ing cerita (agama, budaya, politik, sosial, lan ekonomi).

Asal-muasalipun penulis utawi biografinipun penulis.

Kondisi sosial pas cerkak kasebut dipuntulis.


CONTOH:
Pitik Walek
Pak Mukidi kui, juragan sapi tapi nduwe ptihik walek seng senenge ngomong lucu karo batire.
Yen ketemu phitik liyane, mesti phitik walek gawe cerito lucu lan ndagel nganti batire nguyu
kemekel.

kadang-kadang pitik walik kui yo sok ngarang cerito pengalamane deknen seng aneh seng
gurung tau dialami konco-koncone. contone yo turu neng meja terus lelungan karo
manukwulung barang.

Tingkah lakune kadang yo sok koyo badut nalikane kente’an bahan lelucon. ptike-pitek liyane
seneng nanggepi nk nalikane kumpul karo pitek walik. mestine yo ditanggapi supoyo ngomong
seng ra jelas utowo ngawur.

Sawijining dino kae pitik walik lungo neng adoh, terus umpetan neng jero guwo bare nangis.
Nganti nangise pitik walek kerungu kancil seng gek jek milah-pilih wit-witan seng neng jero
guwo.

“kowe ki ngopo lik pitik walik” pitakon kancil

” Aku ki jan sedih tetan chel. wuluku bedo mbek liyane, yaiku wuluku kwalek kongene iki, tur
yo ora rapi”

“wes rasah susah rasah sedih. meng masalah wulu kok semang di gawe mumet. awak ku malah
jan ra ndue wulu blas!” Jawabe kancil

“Aku ki saben dino kudu ngarang cerito seng aneh-aneh supoyo podo gelem cedhak mbek aku.
Konco-konco yo ra bakal gelem cerak mbek aku seng wulune koyo ngene iki. nalikane gak iso
gawe nguyu utowo lucu.

“ealah awakmu salah penerten kui! ra usah kudu lucu konco-konco tetep seneng mbek koe kok.
MAlah bakal akeh seng seneng yen saumpomo kowe gelem ngrunggokke cerita laiyane.
Salah banget yen awakmu malah kudu lucu utawa seng unik lan menarik perhatian supoyo di
tresnani liyan”e.

Ndak ho’o chil? aku ora kudu saben dino gawe ndagel beniso di senengi karo konco-koncoku?.

“Mugakno rasah wae! Pak mukidi juragan sapi kae to malah nyok makani aku, arep hudu dadi
ingon-ingone tur yo ra lucu. Nyatane aku ra tau ndagel yo tetep nduwe konco akeh!.

Seng penting kwe gelem tetulungan marang lan yo gelem ngrungokke pendapate koncomu. Kang
paling utama yaiku ngandani konco ora pekewuh bab kebenaran lan tumindak kang keliru.
Nasihat seko kancil.

” Tak runggoke tenan cil kondomu iki. Koncomu luweh akeh tinimbang koncoku, masio kowe ra
iso gawe lucu. Wah tiwas aku rumongso mesti sok ngadek nalikane kumpul karo koncoku.

“Rumangsaku nk ra iso gawe lucu arep di tinggal karo koncoku”.

“Ora bakal walik!. Ra mungkin arep di tinggal karo konco seng apik-apik. Muali saiki kowe
uripo seng normal wae koyo aku. Ngomomhng lucu oleh tapi ra usah digawe-gawe. mesti bakal
okeh seng cocok srawung karo kowe” jare kancil.

“Yo wes nk kon ngon cil, aku tak rasah mekso awakku dewe ngadek meneh. Aku raep bakal ora
aneh-aneh meneh. Sakjane aku yo wes kesel nk ndagel saben dino. Suwun cil, Kowe pant\cen
konku paling top”

Awit dino kui pitik walek wes ora mekso meneh awake kudu ndagel sabne dino. awale yao
py\tik-pitik liyone gumun marang perilakune pitik walik saiki. Nanging saiki malah tambah akeh
koncone pitik walek mergo gelem ngrunggokke ceritane konco-koncone.

Anda mungkin juga menyukai