Anda di halaman 1dari 9

BAHAN AJAR

NOVEL JAWA

KELAS XI
SMA/MA/SMK
SEMESTER GASAL
NOVEL JAWA

A. IDENTITAS

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/ Semester : XI/ Gasal
Materi Pokok : Novel Jawa

B. KOMPETENSI DASAR

3.2 Memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa


C. INDIKATOR

3.2.1 Menemukan (C3) arti kata yang sulit dalam teks petikan novel jawa
3.2.2 Menganalisis (C4) isi teks petikan novel jawa
3.2.3 Menyimpulkan (C6) nilai yang terkandung dalam petikan novel

D. TUJUANPEMBELAJARAN
1. Melalui pendekatan Problem Based Learning kegiatan membaca petikan novel dan

berdiskusi ,peserta didik mampu menemukan (C3) arti kata yang sulit dalam teks
petikan novel jawa secara mandiri
2. Melalui pendekatan Problem Based Learning kegiatan membaca petikan novel dan
berdiskusi, peserta didik mampu Menganalisis (C4) isi teks novel jawa dengan
tepat tanpa melihat buku dan video
3. Melalui pendekatan Problem Based Learning kegiatan membaca petikan novel dan
berdiskusi, peserta didik mampu menyimpulkan (C6) nilai yang terkandung dalam
petikan novel dengan bahasa yang mudah dipahami
NOVEL JAWA

LANGKAH
PASINAON

1. Wacanen kanthi premati materi novel Jawa!


2. Saking andharan menika golekana tembung kan mboten kok mangerteni
tegese ing teks novel Jawa !
3. Saking andharan menika golekana isi teks novel jawa
3. saking andharan menika golekana piwulang kang ana ing teks novel jawa

MATERI AJAR

1. FAKTUAL
PETIKAN NOVEL JAWA

TRETES TINTRIM

Peteng. Njero omah peteng, remeng-remeng yen katandhing karo


njaban omah sing siniram sorot srengenge sing kecar-kencar mau. Mripate
mblereng.

Jumangkah rong tindhak mlebu manueh, banjur nyuwara, “Kula


nuwun.”

Meksa ora ana sabawane uwong. Dheweke jumangkah rong tindak


maneh, Jumangkah wani. Prabot modern kang gumelar ing ruwangan ngarep
kono wiwit kemata.

“kulanuwun”
Wangsulane ngegeti-egeti, “klik!” Keprungu unine bangsane pir ditarik
alot. Lan mara-mara krasa ana barange antep-anyep tumumpang ing githoke.

“Aja bangga!Aja Mbengok!yen ora nurut, klakon dakbetdil polomu!”

Krungu swara ing mburine kaya mangkono kuwi, atine priyayi awak
cilik mau lumpah sakala. Sapa wonge ora mangkono!dheweke ora bias
nglawan. Weruh mungsuhe wae ora!La, kok ndadak ngerti yen lupe bedhil
(utawa pistul) ngincer ghitoke!Lumpuh!

Nanging, pikirane ora cendhak. Wani nyuwara lan ora mrejaya kaya
mungsuhe mengkono kuwi, ateges kena diajak rembugan. Yen ta dilawana
ngawur, tiwas dheweke ketiwasan. Luwih becik diolor, bias uga nemoni
slamet.

Saiki ndadak dheweke duwe panduga neka-neka

Omah kuwi seminggu kepungkur dirampog awan-awan. Sing manggon


ing omah konodiklumpukake ing sawenehe kamar, kepala keluwargane
dierut lan disiksa ing ngarepe wong akeh, dikon menehake rusiya kuncine
brangkas. Prampog klakon kasil mlayu tanpa lacak. Crita kuwi bias diwaca
ing surat-surat kabar weton Semarang dina Rebo kepungkur.

Dina Ngaat wingi dheweke oleh telegram, dikon enggal-enggal mrono.


Saiki tekan kono lan dibagekake nganggo cara mangkono, lagi metu pikirane,
sapa sing nundhang dheweke sarana telegram kuwi? Sing duwe omah, apa
prampog sing arep nuduhake kadibyane marang dheweke? Cekake, dheweke
saiki teka ing kono mung dadi mangsane wong apus-apus!

“Sebutna!Apa prelumu mrene!” ujare mungsuh ora katon kuwi.

“Aku diundang. Iki telegrame!:wangsulane tatag.

Saiki cetha yen mungsuhe ora ngerti karepe teka. Dadi dudu sing
ngundnag dhewekek. Lan ketara, mungsuhe kuwi wong lanang anom. Aneh,
manut kabar ing koran, omah kono ora ono wong lanang anom!

“Wacanen sing seru!”

Dheweke kepeksa manut prntah, maca surasane kertas telegram:

:detektip Handaka keprabonwetan 38 Sala=


NOVEL JAWA

Enggal rawuh ing kurantil 47 semarang perlu mrantasi gawe+

Kuswahartaka.”+

“Detektif Handaka?Panjenengan Detektif Handaka?” swarane malih. Swarane


mungsuhe malih saka antep ngancam dadi mbranyak gumun lan malih semu
suka.

“Iya. Kiraku ora an aliya sing jeneg Handaka bukak biro detektip, kajaba aku,
“wangsulane dhayoh priyayi kuru mau.

“Oh, nyuwun ngapura yen mangkono. Tepungake, Mas aku wawan. Tetep
nungkak krama wae, ya, aku wis suwe urip ing Jakarta, ora kerep srawung
nganggo basa Jawa krama.!”

Saiki gambling. Sing jejeng wawan kuwi pemudha tanggung kang


during akeh pengalamane, sembada karo umure.

“Pak!Pak!Pak!Iki lho ana dhayoh!mas Handaka, detektip Sala sing


dakkojahake marang bapak winginane kae, lo. Jebul bapak ki ya kersa
dhahar aturku, ta?Ah seneng aku !prampog mesti bakal kecekel, Pak,
“ bengak-bengoke Wawan ngaturi sing disebut bapak karo nyimpen pustule.

“ Kena apa dhik wawan mau arep mistula aku?”pitakone Detektip handaka
karo anyak lungguh. Carane srawung prei, bebas, semanak.

“Aku weruh Mas Handaka clilengan ing ngarep omah. Atiku ora kepenak. Aku
ngira prampog bali. Kasil sepisan terus tuman, ngono limrahe wong. Mula
luweh becik dak limpekeake, dak dheddhepi!”

Nalika kuwi lawing kamar gedhe dibukak lan sawenehe priyayi sepuh
sing tindakedhingklang merga ugel-ugela tungkak blebedan, uga mustakane
perbanan, metu saka kamar. Detektif Handaka ngadeg, dene wawan agahan
mapagake wong tuwa mau

“Heh, nak Detektip! Kula ingkang nami Kuswahartaka, inggih ingkang


nggahahi griya menika. La, kok enjing sanget rawuhipun!” Ngengetaken
dhatengipun Darmala kemawon!Rak inggih kasugengan ta, Nak, rawuhipun?”

“Inggih pangestunipun, Pak, Kula wilujeng, “ wangsulane Handaka…….


NOVEL JAWA

Utawi saged diwaos wonten ing link


https://drive.google.com/file/d/1ZXS9lsfF1Q3MSMmSg7y5pUaNoKYlDJjJ/view?usp=sh
aring

2. KONSEPTUAL
Pangerten Novel

Novel yaiku karya sastra prosa(gancaran) fiksi naratif. nyritakake uripe paragalan
wong-wong sakiwatengene lan onjolake watak karo sifat-sifate paraga. wong kang nulis novel
diarani novelis. tembung novel asale saka basa italia novella kang tegese sawijining crita utawa
pawarta. novel iku kalebu kasusastran jawa Jawa. Akeh piweling lan piwulang luhur kang ana
ing sajroning novel. mula kudu nglestarekake lan ngrembakakake kasusastran jawa, anatrane
novel basa jawa

Ciri-cirine novel
• nyritakake saperangan urip kang luar biasa

• ana konflik kang ndadekake owah-owahane urip/nasib pelaku💢

• ana pirang-pirang alur critane


• watak lang penokohan dicritakake kanthi gamblang
• critane dawa lan jangkep.

Jenis-jenis Novel

Miurut jinie, novel iku ana 2 yaiku:

a. Novel Serius, Novel serius yaiku novel kang surasane bisa manungsakake manungsa pamaca. Tegese,
wong kang maca bisa dadi pribadhi kang luwih becik Novel serius nduweni piguna sosial (bisa
nggulawenthah wong tuwa utawa masyarakat supaya dadi manungsa kang luwih prasaja)
b. Novel Hiburan, Novel hiburan yaiku novel kang ngatonake unsur hiburane saengga pamaca rinasa
enak kepenak, agawe gayeng pamaca kanggo ngrampungake novel kasebut Novel hiburan nduweni
piguna personal (ora nggatekake carane “mulang” pamaca, bab paling wigati kang digatekake yaiku
bisa narik kawigatene pamaca lan gawe pengin ngrampungake anggone maca
NOVEL JAWA

Unsur-unsur Novel Jawa


a. Unsur Intrinsik
1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari crita novel.
2. Setting yaiku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku
ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
3. Punjering Crita, kaperang dadi 3.
3.1. Sesulih wong Kapisan
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (Kata ganti
orang pertama).Nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi
tembung-tembunge dhewe.
3.2. Sesulih wong Katelu
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, pengarang luwih akeh ngamati saka
sanjabane crita.Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (Kata ganti
orang ketiga)
3.3. Sudut Pandang impersonal
Pengarang sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan
ngerti.Pengarang bisa nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine.
4. Alur/Plot
Rerangkening prastawa/kedadeyan ing Novel. Alur Maju (Progresif)
• Alur Mundur (Regresif)
• Alur Campuran
5. Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga.Paraga bisa dingerteni karaktere saka
tumindake, ciri fisike, lingkungane.
6. Gaya Bahasa
Yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
7. Amanat
Pesen / Piweling kang arep diwenehake pengarang marang pamaos Novel
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur iku ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang.
NOVEL JAWA

3. PROSEDURAL
a. langkah ndamel teks novel jawa
1. nemtoakae tema cerita novel
2. ndamel teks novel nggiananke basane piyembak
3. menyunting teks novel kang sampun didamel
b. Cara nemtokake unsur -unsur novel
1. maos kanthi permati petikan novel jawa
2. pachelatoning novel kang nuduhake unsur instrinsik kayata papan panggonan/setting/latar,
paraga kanthi cetha
b. Cara nulis ringkesan/sinopsis
1. maos sakabehe petikan novel kanthi permati
2. serat gagasan utama/ ukara-ukara bakune
3. Nulis ringkesan crita baku ing novel nganggo basane piyambak-piyambak
4. cerita ora kena nyimpang saka teks petikan novel
c. Cara nemtokake piwulang
1. maos kanthi permati petikan novel jawa
2. damel dududan kan gayut kalian piwulang ing sajroning petikan novel jawa

4. METAKOGNITIF
Wonten ing piwulang novel jawa menika piwulang luhur wonten ing sajroning
petikan novel menika katah sanget sumongga saged dipundhut piwulang ingkang
trep kalian kauripan sadinten para siswa, menika dipun resapi kanthi ati kang
legawa saha ditrepake utawi dipunjumbuhake kalian awake dhewe piyambak,
supados gesang menika dados luweh becik saha manfaati kangge tiyang sanes.
Menawi ing sakupenge kita menika wonten tyang-tyang kang gadhahi watak kang
mboten trep utawi awon sumangga kita mboten usah niru patrap menika,

Anda mungkin juga menyukai