Kompetensi Dasar :
3.1. Memahami isi teks petikan novel berbahasa Jawa
4.1. Menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 1
Perhatikan alur berpikir pada peta konsep berikut ini :
PETA KONSEP
Pembelajaran I Pembelajaran II
1. Pengertian
2. Ciri-ciri Teks Novel
3. Unsur Pembangun Teks Novel
4. Arti Kosa Kata sukar dalam teks petikan novel
5. Pokok-pokok isi teks petikan novel
6. Nilai-nilai moral/amanat dalam teks petikan novel
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 2
Kegiatan Pembelajaran 1
Tujuan Pembelajaran :
Melalui proses pembelajaran jarak jauh dan dengan mempelajari Handout ini
siswa dapat :
1. Menjelaskan pengertian novel
2. Mengidentifikasi unsur pembangun Teks Petikan Novel
3. Mengartikan kosa kata sukar dalam Teks Petikan Novel
4. Menuliskan pokok-pokok isi Teks Petikan Novel
5. Menemukan nilai-nilai dalam Teks Petikan Novel
Materi Pembelajaran
Apersepsi
Para siswa kinasih manga saderengipun lumebet materi pasinaon salajengipun prayogi
dipunpahami rumiyin babagan warni-warninipun karya sastra Jawa.
Karya Sastra Jawa Modern kaperang dadi loro, yaiku kang awujud prosa utawa
gancaran lan kang awujud puisi.
Karya sastra prosa upamane: novel, crita cekak, crita sambung.
Karya sastra kang aujud puisi upamane : geguritan, tembang
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 3
I. Pangerten Babagan Novel
Para siswa wis padha ngerti lan ngalami maca novel apa durung? Novel iku critane
maneka warna. Ana kang bungah, ana kang susah, ana uga kang nyritakake
riwayat uripe pengarange dhewe. Banjur apa kang diarani novel iku?
Tembung novel asale saka basa Italia novella,kang tegese “ sebuah kisah,
sepotong cerita”. Uga saka basa Jerman novelle, basa Yunani novellus.
Novel yaiku karya fiksi prosa (gancaran) tulis kang sifate naratif ( arupa crita),
nyritakake gegambarane paraga kanthi jangkep lan luwih dawa lan kompleks.
Nyritakake lelakone paraga wiwit cilik, enom, nganti tuwa. Novel saora- orane
dumadi saka 40.000 tembung, lan dicithak wujud buku. Nanging ing jaman saiki
novel uga dipacak online lumantar media sosial, kayata apl wattpad, dreame,
novelstory, lsp.
Umume novel nyritakake babagan lakon-lakon lan watake lakon ing njero crita
Jinise novel manut temane ana maneka warna, ana kang nyritakake katresnan
( roman), sejarah, jagading lelembut, kepahlawanan, pendidikan, lsp.
Tokoh pelopor novel yaiku Walter Scott saka Inggris ing abad 19. Karyane Schott
akehe crita sejarah, jalaran tumrap negara Inggris iku babagan sejarah mujudake
perangan wigati kanggo mbangun negara lan bangsane.
Novel abasa Jawa mesthi wae ditulis nganggo basa Jawa, pikiran Jawa, rasa
Jawa, lan cara Jawa. Isine kebak pitutur utawa piwulang luhur kanggo sangu ing
bebrayan.
Tokoh pengarang novel Basa Jawa lan karyane kayata:
Suparto Brata : “Donyaning Wong Culika”, “ Garuda Putih”
Supardi Djoko Damono : “ Priyayi Abangan”,
Tiwiek AS : “ Carang- Carang Garing”
Daniel tito : “ Lintang Panjer Rina”
Basoeki Rachmat : “ Mungsuh Sandi”
lsp
II. Ciri-Ciri Novel
Titikan utawa ciri-cirine karya sastra novel sing penting yaiku :
1. Nduweni Alur utawa plot kang kompleks. Ana maneka kedadeyan kang
dicritakake dening pengarang. Ing antarane kedadeyan siji lan sijine ana
gegandhengane, sesambungan supaya crita dadi luwih mekar ngrembaka, luwih
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 4
cetha lan amba.
2. Tema jroning novel ora mung siji, ananging uga ana tema-tema sampingan.
Mulane novelis bisa ngembngake crita saka maneka masalah kang digancarake.
3. Paraga utawa tokoh ing novel cacahe bisa akeh . Jroning novel, pangripta kerep
nyritakake lelakone pirang-pirang paraga kanthi jangkep lan wutuh
III. Unsur Pembangun Teks Pethikan Novel
1. Unsur Intrinsik
Yaiku unsur pembangun novel kang ana ing njero crita novel iku.
Unsur intrinsic novel cacahe ana 8, yaiku : tema, alur, paraga, watak paraga,
sudut pandang, latar, gaya Bahasa, lan amanat.
b. Tema : yaiku sing dadi underaning crita novel. Tema iku babu tawa perkara
kang dadi sumbere crita novel.
Tuladhane tema : katresnan, kamanungsan, kabudayan,
sesrawungan/social, Pendidikan, lsp.
c. Alur / plot : yaiku lakuning crita, utawa urut-urutaning crita, saka wiwitan
nganti pungkasan ( perkenalan, konflik, penyelesaian).
Alur kaperang dadi telu yaiku:
Alur maju/ progresif : nyritake kahanan saiki nganti sateruse.
Alur mundur/ regresif : nyritakake kahanan saiki tumuju kahnan
kepungkur.
Alur campuran : gabungan antarane alur maju lan alur mundur.
d. Paraga ( tokoh)
Paraga yaiku pelaku utawa tokoh kang ana ing crita novel. Paraga kaperang
loro, yaiku :
Paraga utama : paraga kang dadi sumbering crita
Paraga pembantu : paraga kang ora dadi bakuning crita, nanging ana
dialoge.
Paraga figuran : paraga kang dianakake supaya critane luwih nyata.
Paraga ini ora duwe dialog.
Watak Paraga
Saben paraga ing crita novel nduwe watak dhewe-dhewe. Watake paraga
iku kaperang dadi 3 yaiku:
Watak paraga antagonis : yaiku watake paraga kang ala
Watak paraga protagonist : yaiku watake paraga kang becik
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 5
Watak paraga tritagonist : yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh
protagonist uga antagonis. Diarani paraga penengah.
f. Sudut pandang : yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing crita
novel iku. ( sudut pandang wong kapisan, wong katelu)
g. Latar/Setting : yaiku perangan kang nerangake papan, wektu, swasana
kedadeyan ing crita iku.
Latar papan : ing ngomah, ing pasar, dalan, sawah, kantor, lsp
Latar wektu : awan, esuk, bengi
Latar swasana : swasana alam ( gerimis, mendhung, panas sumelet,
lsp), swasana ati ( nesu, seneng, was-was, gela, lsp)
h. Gaya Bahasa ( busananing basa) : yaiku lelewaning basa kang digunakake
dening pengarang supaya crita novel luwih narik kawigaten lan endah.
i. Amanat : yaiku piweling, pitutur, utawa piwulang luhur kang arep diwenehake
pengarang marang wong kang maca novel.
2. Unsur Ekstrinsik
Yaiku unsur pembangun novel kang saka njaba kayata :
a. Kapan diciptakake novel kasebut
b. Kahanan masyarakat nalika novel kasebut ditulis. Kahanan ekonomi, social,
budaya, politik, lsp.
c. Kahanan utawa latar belakang pangripta novel. Biografi penulis, pendidikane
penulis, lsp.
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 6
Pipin nganakake pesta tanggap wars acara climen utawa sederhana ing omahe,
jalan Suroyo Probolinggo. Lagi ramene pesta, ibune menyang jedhing ( kamar mandhi),
njerit, tiba krungkup, ketatap lingire kolah, bathuke benjut, semaput. Digotong rame-rame
menyang kamare. Banjur seda. Manut dokter, benjute bathuk ora nyebabake sedane.
Detektif Handaka ditekakake. Dislidhiki nemokake barang-barang yen sedane ibune Pipin
marga diprejaya. Sing mrejaya mesthine ya andher ing pestane Pipin. Banjur sapa?
Disetitekake Detektif Handaka, sedulur telu Pipin, Riris, lan Manik, sajak ora susah ibune
seda, malah katon seneng. Apa kuwi sing dadi jalarane diprejayane Bu Sulun Prabu, ibune
Pipin? Muyek banget.
Jam enem esuk Handaka anjlog metu sak bis Mila Yogya – Banyuwangi ing Terminal Jati,
Probolinggo. Urip iki pancen aneh. Wis pirang taun dheweke ora ngambah kutha iki? Limalas
taun kepungkur. Lha kok, dina iki, ora kanyana ora kinira, mbukak dina ing kutha nggur iki.
Dheweke saiki ya mung capet-capet eling kepriye wangune kutha.Lurung Suroyo, rumangsane
biyen kok ing tengah kutha. Kuthane simetris, kanthi dalan ig ngarep stasiun sepur minangka
pancere.
Mau bengi watara jam sepuluh diinterlokal Sulun Prabu. “ Dhimas Handaka? Aku Sulun,
Probolinggo. Anu Dhimas, ngaturi pirsa, Jeng Tri seda. Ketiwasan, iki mau watara jam sanga-
setengah sepuluh. Iya. Iya Garwaku. Trianah. Anu Dhimas, apa sliramu bisa rawuh nglayat. Iya,
bengi iki.Ana bab sing perlu dakaturake. Perlokna ya Dhimas. Pancen ana sing nyalawadi,
nanging ora bisa dakakturake ing kene. Tenan, Dhimas , ya Perlokna. Aku dakangabari family
liyane!”
Sulun Prabu, Probilingo, kanca nalika isih padha sekolah ing SMPN II, Jalan Kepanjeng
Surabaya, padha main hoki, melu perkumpulan hoki Perhopi sing diedegake dening wartawan
perang Walanda, Letnan Van Grinsven. Terus limalas taun kepungkur, nalika wis padha dado
wong tuwa lan cekel gawe dhewe-dhewe, Handaka jip-jipan sakanca menyang Bromo, mampir
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 7
nginep ing omahe Sulun Prabu. Omahe gedhe, bangunan kunai ng pinggir lurung amba pisan.
Bar kuwi ora tau srawung maneh. Kok saiki mara-mara ngabari garwane seda. Handaka dikon
nglayat. Sedane tiwas kang nyalawadi. Mulane merlokake nekakake Handaka, kang profesi
detektif. Handaka isih eling, Nyonya Sulun, Trianah, kuwi ayu tenan.
Handaka nggagas cepet, tumindak cepet. Tanpa mikir sesuk utawa emben ana rencana apa,
dheweke gage nglebokake sandhangan sacukupe ing tas travel terus nyengkal becak menyang
terminal. Milih bis Mila Sejahtera sing rutene Yogya Banyuwangi langsung. Lan esuk iki,
Handaka nganyaki uripe ing Kutha Probolinggo sing tau didlajahi ing sajrone sedina limalas
taun kepungkur.
Ora salah, omahe Sulun Prabu pancen ing tegah kutha kaya biyen. Nalika Handaka mudhun
becak, kahanane isih repet-repet, nanging omahe Sulun Prabu sing gedhe magrong-magrong,
latare jembar kuwi wis bukakan, ing ngarep ditatani kursi lan ana wong sing padha jagongan
kemit.
“ Wah Dhimas Handaka! Maturnuwun rawuhe! Mangga, manga, pinarak. Ayo, Dhimas
Pinarak ing njero bae! Embuh sliramu kesel apa ora, aku perlu lapur cepet-cepet supaya
sliramu enggal ngauningani kena apa aku keraya-raya nyuwun rawuhmu. Sayang ko kora
sekaliyan! Putra-putra rak ya slamet kabeh ta? Syukur, manga terus menyang ruwang tengah.
Lha iki, ta, jisime mbakyumu, wis kelurupan. Yen esuk iki sing Jakarta barang wis rawuh,
karepku dakpetak awan mengko jam siji. Ing makam Sentono kono wae, kok.”
Sulun Pabu grapyak, semanak, tata teteh. Senajan lagi wae kelangan garwa, sajake penggalihe
mantep, pikiran tetep padhang. Sulun Prabu, pancen wiwit dadi kanca rake ting Perhopi biyen,
pikirane wis temuwa, duweni prinsip urip kang diugemi kanthi kukuh. Biyen yen undang-undang
jangkar bae. Mung marang Sulun Prabu kanca-kanca yen ngundang “Embah”, saking
temuwane. Saiki Sulun Prabu ngundang Handaka bareng wis padha dadi wong tuwa, nganggo
ater-ater Dhimas barang cara basa Jawa Jogja-Solo. Handaka ora gumun.
Sawise raup lan ngombe kopi, Handaka bali lungguhan ing ruwang tengah, ngadhep jisim,
ditemoni ijen dening Sulun Prabu.
“Kok ana buket…..kembang apik timen. Pantese rak dianggo pesta!” ujare Handaka nyawang
ruwangan. Ana buket kembang ing dhuwur kulkas, jelas isih katon anyar.
“ Lha iya kuwi Dhimas! Wingi sore ngono rekane kene ki rak pesta. Pesta tanggap warsane
Pipin, anakku mbarep, umur seprapat abad. Lagi regenging pesta, watara jam wolu, bubar
padha dhaharan, mbakyumu njelih ing jedhing. Na, dadi oyong-oyongan. Dokter Wandi, dokter
perusahaanku biyen nyuntik supaya anteng. Jare mengko yen ora mutah, InsyaAllah ora papa,
ora perlu digawa menyang rumah sakit. Sawatara nyonya turu angler amarga dayane obat
suntik. Bocah-bocah nutugake pesta.”
“ Nalika krungkep ing jedhing apa ora enget?”
“ Iya…semaput. Digotong menyang kamar ora ngerti. Sadurunge dokter teka, eling. Mung
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 8
adhuh-adhuh thok, ora omong apa-apa. Adhuh-adhuh karo gereng- gereng kelaran. Mula banjur
disuntik, ben meneng anteng.”
“ Sawise sare angler, apa ditinggal ijen ing kamar?”
“ Ora. Dhisike ditunggoni. Wong pestane wong nom-noman, dhayohe ora ana sing tuwa
sababag karo aku, dadi ya luwung aku nunggoni Jeng Tri. Sawetara kuwi ya ditiliki bocah-
bocah sing padha pesta, sanajan mung tilik nginguk. Mung aku sing ajeg nunggoni. Katone
turune angler. Ambegane sentik-sentik. Kayane wis ora papa. Wayah jam sanga, aku nginguk
warta Dunia Dalam Berita, acara TVRI sing paling daksenengi. Rampung berita olahraga,
ngarepake siaran khusus, aku bali menyang kamar. Posisi turune ora owah, mlumah, nanging
dhadhane ko kora sentik-sentik maneh. Wis tiwas! Wah lha yo geger! Pestane Pipin bubar, malih
dadi layatan. Dokter Wandi dakakturi maneh ya rada kaget. Ora ngira babar pisan yen
menyonyone bathuk kuwi njalari patine nyonyahku. Mula dheweke mrayogakake arep ngotopsi
ragane Jeng Tri, apa bener kang njalari tiwase kuwi merga kebentuse bathuk. Manut Dokter
Wandi, yen pancen gegar otak, mesthine muntah barang dhisik. Lha iki kok ora?”
“ Lha kena ngapa ko kora diotopsi?”
…………………………………………………………………………Ana candhake…..
V. Tegese Tembung- Tembung Mirunggan ana ing Teks Petikan Novel ( Kosa
Kata Sukar)
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 9
Ora ngambah kutha iki tan = ora
Lurung Surabaya ngambah = nekani
Pancen ana sing nyalawadi
lurung = dalan, gang
Nyengklak becak
nyalawadi = ketok dhewe,
Sulun Prabu grapyak, semanak, lan teteh
Handaka nganyaki uripe dina iki ing Probolinggo nyubriyani
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 10
bedhah mayat
ragane = badan, awak
Tugas Mandiri 04
Para siswa pepanggihan wektu iki ora ana tugas awujud soal pitakonan kang kudu
digarap. Nanging tugasmu yaiku:
Maca pangerten babagan novel ing Handout 04 iki nganti rampung.
Maca pethikan novel “ Kunarpa Tan Bisa Kandha” iku kanthi tumemen.
Maca cathetan tegese tembung-tembung kang angel ing dhuwur kanthi
tumemen supaya mangerti isine pethikan teks novel kasebut. Pepanggihan
kang bakal teka, teks pethikan novel bakal dibacutake maneh.
Tetep semangat sehat lan selamat…..
Handout Bahasa Jawa XI/3 Untuk Lingkungan sendiri SMA Negeri 1 Boyolali 11