"NOVEL JAWA"
TAHUN PELAJARAN 2019 / 2020
KOMPETENSI DASAR
TUJUAN PEMBELAJARAN
MATERI
Novel yaiku salah sawijine karya fiksi gancaran utawa prosa. Novel wujude
naratif utawa arupa crita. Wong kang nulis novel diarani novelis. Isine novel luwih dawa
lan luwih jangkep menawa katandhingaje karo cerkak, yaiku seora-orane dumadi saka 40
ewu tembung.
Titikan Novel :
R Nduweni alur kang kompleks. Ana maneka kedadeyan kang dicritakake, dene ing
kedadeyan siji lan liyane ana gandheng cenenge satemah crita novel dadi dawa,
masalah kang dicritakake luwih jero lan jembar tebane.
R Tema sajroning novel ora mung siji, ananging muncul tema-tema sampingan
R Paraga ing novel cacahe bisa akeh. Jroning novel, pangripta kerep nyritakake lelakon
pirang-pirang paraga kanthi jangkep lan wutuh.
R Unsur intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun cerita.
Unsur kasebut yaiku :
1. Tema
2. Alur
3. Paraga lan watak wantu
4. Setting
5. Amanat
6. Sudut pandang
R Unsur ekstrinsik
Unusr iki ngemot biografi pangripta, wiwit saka latar belakang budaya, pendhidhikan
lan pengalamane.