Anda di halaman 1dari 16

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP)

Satuan Pendidikan : SMK NEGERI NGARGOYOSO


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/semester : XI / Ganjil
Materi Pokok : Novel
Pembelajaran ke- :2
Alokasi waktu : 2 x 45 menit

A. Kompetensi Inti (KI)


KI 3 Memaham, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural
berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni,
budaya,
dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan
prosedural
pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah
KI 4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan
mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi


KD 3.2 Memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
Indikator
1. Siswa mampu memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa
KD 4.2 Menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa
Indikator
1. Siswa mampu menceritakan isi petikan novel berbahasa Jawa

C. Tujuan Pembelajaran
KD 3.2 Setelah proses pembelajaran, siswa dapatmemahami isi petikan teks
novel
berbahasa Jawa

KD 4.2 Setelah proses pembelajaran, siswa dapatmenceritakan isi petikan novel


berbahasa Jawa

D. Materi Ajar
1. Fakta
Teks novel
2. Konsep
Pangertene novel
3. Prinsip
Unsur novel
4. Prosedur
Cara nulis lan tuladha novel

E. Pendekatan dan Metode Pembelajaran


- Pendekatan : Scientific
- Model Pembelajaan : Inquiry, Project Based Learning, Discovery Learning
- Metode : inkuri, diskusi, praktek, penugasan (bisa disesuaikan)

F. Media dan Sumber Belajar


Media : Player VCD, CD/VCD, power point
Alat : LCD, Laptop, Teks Novel
Sumber Belajar :
1. Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga
2. Mulyana, Slamet dkk. 2015. Trampil Basa. Surakarta: Mediatama
3. Internet

G. Kegiatan Pembelajaran
Alokasi
Kegiatan Deskripsi
Waktu
Pendahuluan 1. Orientasi /Pembukaan 5’
- Guru membuka pembelajaran dengan berdoa,
salam, membaca surat pendek, menyanyikan
lagu kebangsaan Indonesia raya dan menanyakan
siswa yang tidak hadir
2. Apersepsi
- Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan
materi yang telah dikuasai siswa dan yang akan
dipelajari
- Siswa menerima informasi tentang materi novel
3. Motivasi
- Guru memotivasi siswa
- Siswa menerima informasi kompetensi, tujuan,
dan manfaat mempelajari novel
4. Pemberian acuan
- Siswa menerima informasi sumber belajar yang
bisa digunakan

Kegiatan Mengamati 75’


Inti  membaca petikan teks novel

Menanya
 mempertanyakan unsur-unsur pembangun novel
yang terdapat pada petikan teks novel
 membuat pertanyaan yang berhubungan
dengannovel
Mengumpulkan informasi
 menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam
petikan teks novel
 menemukan unsur pembangun novel yang terdapat
pada petikan teks novel

Mengasosiasi
 Mengevaluasi relevansi pitutur luhur yang terdapat
pada petikan teks novel
 menganalisis unsur-unsur pembangun
 menginterpretasi isi novel yang terdapat pada
petikan teks novel

Mengomunikasikan
 menceritakan kembali isi petikan teks novel dengan
menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan
norma
 menanggapi penceritaan kembali isi petikan teks
novel dengan menggunakan ragam bahasa sesuai
konteks dan norma

Penutup 1. Siswa mengumpulkan tugas materi yang telah 10’


dipelajari
2. Siswa merefleksi penguasaan materi yang telah
dipelajari dengan membuat catatan / rangkuman /
kesimpulan
3. Siswa mendengarkan arahan guru tentangrencana
pembelajaran guru pada pertemuan yang akan
datang
4. Siswa membersihkan ruang kelas, menyanyikan
salah satu lagu kebangsaan Indonesia kemudian
berdoa pulang
Soal tes lisan
1. Apa kang kok ngreteni babagan novel?
2. Sebutna unsur-unsur novel?
3. Aweha panemu tumrap andharan wos surasane novel kang dijlentrehake dening
kancamu!
Kinerja Presentasi Jumlah
Nilai
N Skor
Nama Siswa
o kelancara Kebahasa sistemati
n an s
1. 1
2
2. 3
3. 4
4. 5
Keterangan pengisian skor
4. Sangat tinggi
3. Tinggi
2. Cukup tinggi
1. Kurang

Soal tes tertulis


4. Tulisen banjur critakna novel kasebut ing ngarep klas!
Cethaning
Swara Ekspresi Penjiwaan
No Nama pangucap
(10-20) (10-25) (1-5)
(10-20)
1
2
3
4
5
Ket :
1 : tidak baik : < 60
2 : cukup baik : 61 – 70
3 : baik : 71 – 80
4 : sangat baik : 81 – 100

Kunci soal
1. Novel yaiku salah sawijining wujud sastra. Novel iku crita fiksi awujud tulisan
utawa rerangkening tembung-tembung lan duwe unsure intrinsic lan ekstrisik.
Sawijining novel umume nyritakake babagan lelakon uriping manungsa ing
bebrayan agung sesambungan karo sapepadhane. Sajroning novel, pangrakit
marsudi kanthi temen supaya isa narik kawigatene pamaos marang gegambaran
utawa andharan ngenani panguripan kang sanyatane lumantar crita kang kamot ing
sajroning novel.
2. Unsur-unsur pembangun cerkak (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen,
punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan gawe ringkesan.
3. Kawicaksanan
4. Kawicaksanan

LAMPIRAN

1. Pangertene novel
Novel yaiku salah sawijining wujud sastra. Novel iku crita fiksi awujud tulisan
utawa rerangkening tembung-tembung lan duwe unsure intrinsic lan ekstrisik.
Sawijining novel umume nyritakake babagan lelakon uriping manungsa ing
bebrayan agung sesambungan karo sapepadhane. Sajroning novel, pangrakit
marsudi kanthi temen supaya isa narik kawigatene pamaos marang gegambaran
utawa andharan ngenani panguripan kang sanyatane lumantar crita kang kamot ing
sajroning novel.
Miturut sawenehe kasusastran modern, novel iku luwih prasaja tinimbang
karo karya sastra liyane. Novel luwih prasaja anggone jlentrehake crita, alur crita
lan paraga kang dicritakake ora ngayawara among digawe luwih cekak lan aos.
Saperangan pangerten wis diandharake dene novel iki wujud kasusastran kang
paling popular. Wujud sastra iki luwih akeh pandhemene tinimbang karo wujud
sastra liyane, amarga meh ing ngendi papan mesthi ana pawongan kang seneng
maca novel. Novel iku wujud karya sastra kang ngemot piwulang budaya, sosial,
moral, lan pendidikan. Novel minangka karya sastra kang ngemot rong unsure yaiku
unsur intrinsic lan ekstrisik kang kalorone sinambungan kang ngendhaleni karakite
karya sastra. Novel uga karya sastra kang awujud prosa kang ngemot unsur
intrinsik.
2. Unsurnovel
Unsur-unsur pembangun novel (tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen,
punjering crita/sudut pandang, lan konflik), wos surasane crita, lan gawe
ringkesan.

3. Tuladha novel (kapethik saka Ngulandara)

9. NGREKSA NAMANING BENDARA

Soroting rembulan ingkang dados coloking dalu kados ngarih-arih nènèman


kekalih wau. Ramyang-ramyang damel sekécaning pandulu lan tentreming manah.
Dèrèng ngantos katog anggènipun kasaput ing méga kandel, Rapingun rumaos
kegelan ing manah, satemah nolèh ngiwa, ing pangangkah badhé pitakèn dhateng
Radèn Ajeng Tien, kados pundi raosing manahipun. Nanging Rapingun kagèt
sumerep Radèn Ajeng Tien suntrut pasemonipun, linggih kaliyan sidhakep.
Rapingun ingkang rumaos dados pamomong, kepéngin sumerep punapa
sababipun déné Radèn Ajeng Tien taksih ketingal sedhih, mangka pancènipun
kedah kosok wangsulipun, awit sampun luwar saking bebaya. Murih boten
andadosaken kagèting manahipun Radèn Ajeng Tien, wicantenipun Rapingun
kadamel alon sarta gadhah raos anorraga.
“Ndara!”
Radèn Ajeng Tien boten mireng, sanget anggènipun angraosaken rubédaning
manah, mila Rapingun lajeng ngambali wicantenipun malih: “Ndara Ajeng!”
Radèn Ajeng Tien anjenggirat, ketingal kagèt mireng pangundangipun
Rapingun ingkang sarèh lan melas asih punika. Sanalika pasemonipun Radèn Ajeng
Tien ingkang ketingal suntrut lajeng byar padhang, kados wulan purnama ingkang
oncat saking pangridhuning méga, ngléla gilar-gilar. Ingkang makaten wau kajawi
kanggé nutupi raosing manah ingkang saweg ruwed, inggih murih sampun ngantos
Rapingun ketaman raos ingkang boten-boten. Mila Radèn Ajeng Tien gugup
anggènipun mangsuli dhateng Rapingun: “Ana apa, Rap?” Criyos makaten wau
kaliyan nyilakaken sinoming ingkang modhal-madhul wonten bathuk, perlu kanggé
mbucal tilas.
“Anu Ndara! Kula tingali panjenengan kok ……..” Rapingun rumaos awrat
badhé nglajengaken criyosipun.
“Ora, ora. Rap, aku ora apa-apa.”
“Inggih, ananging samangké sumelanging manah kula tikel satus katimbang
kala kula ajeng-ajengan kaliyan tiyang kekalih wau.”
“Sing kosumelangaké apa?”
“Saged kula ngretos ingkang kula sumelangaken, yèn sampun wonten
teranging dhawuh panjenengan.”
“Kok anèh temen kowé kuwi.”
“Tiyang panjenengan inggih anèh.”
“Anèhé kepriyé?”
“Pancènipun panjenengan sampun boten perlu sekel ing panggalih, amargi
sampun oncad saking bebaya. Punapa Ndara taksih sumelang? Tangan kula ingkang
kiwa langkung prigel ngolahaken séndhok ban, Ndara.”
“O, Rap. Aja klèru tampa, rèhné kowé wus ngorbanaké jiwa ragamu tumrap
keslametanku ………….”
“Mligi saking kasetyan kula dhateng Bendara Setèn sekaliyan,
sumrambahipun dhateng panjenengan.”
“Aku ngandel. Lah kuwi wis pantesé saiki kowé takpasrahi ala beciking
awakku.”
“O, ngaten ta, kula sampun mangretos. Bab menika kejawi saking karsa
panjenengan piyambak, kula ugi sampun ngrancang kados pundi prayoginipun,
nanging kula dèrèng saged matur dhateng panjenengan.”
“É, é, dadi kowé wis ngerti karepku?” Cariyos makaten wau kaliyan mèsem
ketingal bingah: “Hara kepriyé?”
“Boten susah kula medharaken karsa panjenengan ingkang kedah kula
sengker wewadosipun, cekap kula matur kémawon?”
“Iya, kepriyé?”
“Mangké dumugi ndalem, panjenengan matur dhateng ingkang rama saha
ingkang ibu, bilih tangan kula tengen kénging slinger.”
“O, ya talah Rapingun, pantes kowé dadi sedulurku, semono anggonmu
ngayomi menyang awakku. Nanging kepriyé, wong slinger kok ngenani tangan?”
“Menika sanès barang mokal, Ndara.”
“Apa iya?”
“Inggih. Sampun ta, kula aturi pitados kémawon.”
“Mangka kowé ora bisa muter montor, montoré apa kena diputer saka starter.”
“Bab punika tanggelan kula piyambak.”
“Ora, Rap. Apa kowé ngerti karepé Hardjana mau?”
“Namung nitik saking tandang solahipun kémawon, amargi kula boten
ngertos tembung Welandi.”
“Sing koanggo ngantem Hardjana karo Suratna mau apa?”
“Séndhok ban. Menapa ingkang setunggal wau namanipun Suratna?”
“Iya. Nanging aku gumun, déné kowé kok olèh sendhok ban.”
“Tiyang sampun sedhiya wiwit pangkat saking Magelang.”
“Dadi kowé wis nyedhiyani wiwit ana Magelang?”
“Inggih.”
“Kowé kok ngerti?”
“Tiyang kula manggih dlancang sacuwil ingkang panjenengan tampi.”
“Lo, sok ngono kowé ngerti tembung Landa, lan ngulataké aku ana rèstoran.”
“Tembung Welandi kula sekedhik kémawon boten naté kambetan, nanging,
anggèn kula ngretos wiwit wonten bangsal ringgit tiyang.”
“Sok ngono kowé ya nggatèkaké banget menyang aku.”
“Makaten wau rèhning kula dados pamomong, dados wajib rumeksa dhateng
panjenengan.”
“Bapak utawa Ibu apa dhawuh ngono kuwi menyang kowé?”
“Boten.”
“Apa kowé ora kuwatir mungsuh wong loro mau?”
“Awit saking setya kula dhateng bendara, boten wonten sumelanging manah
sekedhik-kedhika. Alit sakit, agengipun dumugi pejah dèrèng mantra-mantra
nimbangi sihipun Bendara Setèn sakaliyan dhateng kula.”
“Apa tandhané Bapak lan Ibu asih menyang kowé?”
“Tandha yekti ingkang wujud, kula boten saged ngaturaken, nanging manah
kula tatu lebet sanget ketaman sihipun Ndara sakaliyan.”
“Dhèk wiwitané kowé kok katon wedi banget menyang bajingan loro mau,
nganti aku rumasa ora bakal olèh pangayoman.”
“Makaten wau pancèn kula damel. Sapisan, menawi Hardjana wau boten
badhé damel wisuna dhateng panjenengan, boten perlu kula ngedalaken tandang
kula. Kaping kalih: supados Suratna mangretos yèn kula ajrih, ngantos
piyambakipun ical kaprayitnanipun, amargi ingkang boten kénging kula mengsah
menika namung pistulipun.”
“Nanging luputmu, déné ndadak ngremuk lentéra piet montor, dadi kélangan
wektu sethithik. Oto arep mlaku, Hardjana wis bisa tangi.”
“Yèn lentèra boten kula remuk, panjenengan lan kula saged ugi namung
wangsul nama thok, amargi Hardjana saged nututi oto mawi piet montor kanthi
pistulipun.”
“O, iya.” Sasampunipun cariyos makaten punika Radèn Ajeng Tien lajeng
unjal napas: “Saiki kepriyé pangiramu tumrap awakku, Rap?”
“Panjenengan suci lan resik.”
“Anggonmu ngarani ngono mau gèk mung saka wedimu.”
“Kula ajrih? Salaminipun kula namung badhé ngantepi menapa ing leresipun
kémawon.”
“Iya, ya Rap. Aku ngandel. Nanging kiraku kowé durung ngerti sabab-sababé
kabèh mau.”
“Ngertos sanget.” Sareng cariyos makaten wau Rapingun getun sanget,
amargi sumelang manawi dipunwastani ngretos ginemipun Hardjana lan Radèn
Ajeng Tien.
Pancènipun Radèn Ajeng Tien badhé pitakèn kados pundi teka ngertos
dhateng wosing rembag. Nanging kepeksa boten dipunlajengaken, selak badhé
sumerep pamanggihipun Rapingun.
“Kepriyé panemumu tumrap aku lan Hardjana?”
“Tumrap Hardjana rai gedhèg. Tumrap panjenengan kula boten saged matur,
amargi prakawis jejodhoan boten kénging kapeksa. Tumrap kula piyambak,
sampun ingkang nama musthikaning bawana, nadyan widadari pisan, yèn boten
tresna dhateng kula, boten badhé ngébahaken manah kula.”
“Tumrap aku, Rap, durung mesthi ungguling rupa lan bandha nggléwangaké
atiku.”
“Sampun ta, Ndara, samangké kados sampun lingsir dalu, mangga lajeng
kondur kémawon.”
“Kowé apa bisa mbacutaké nyetir?”
“Saged.”
“Tanganmu tengen rak ora kena kesénggol, apa kena kanggo nyekel setir?”
“Cekap tangal setunggal.”
“Yèn bisa, ya wis ayo.”
Oto dipunstarter, gesang, lentéra dipunurubaken. Saben tanganipun Rapingun
ingkang kiwa nglebetaken versnelling, setir dipunpèpèt mawi dhadhanipun. Sareng
versnelling tiga sampun saged nyambet (kapasang), setir dipuncepeng mawi
tanganipun kiwa. Tuter boten naté kaungelaken, namung mawi klakson manawi
perlu, awit knopipun klakson wonten tengah-tengahing setir, dados gampil kapèpèt
mawi tanganipun kiwa ingkang ngrangkep nyetir. Jam kalih welas kirang sekedhik
dumugi Ngadireja kanthi wilujeng.
Dumugi Asistènan, sasampunipun Radèn Ajeng Tien mandhap, oto lajeng
kalebetaken ing kandhang, déné Rapingun terus dhateng patilemanipun.
Kala semanten Radèn Bèi Asistèn sakaliyan dèrèng sami saré. Sareng Radèn
Ajeng Tien mlebet, dèrèng ngantos dipunpitakèni lajeng cariyos: “Pak, tanganipun
Rapingun ingkang tengen abuh kénging slinger, wau ngantos sumaput.”
Radèn Bèi Asistèn sakaliyan kagèt, terus murugi kamaripun Rapingun
dipunetutaken Radèn Ajeng Tien. Radèn Ayu Asistèn Wedana ngrumiyini, dumugi
kamaripun Rapingun lajeng ngungalaken dilahipun téplok, priksa Rapingun
sampun tileman boten mawi cucul panganggé. Radèn Ayu Asistèn Wedana terus
ngemèk tanganipun Rapingun ingkang abuh, ingkang kala semanten
katumpangaken ing dhadhanipun, kaliyan gugup pitakèn: “Kepriyé ta, Rap, kok
dadi kaya ngono?”
Rapingun badhé tangi saking patileman, nanging lajeng kaduwa déning Radèn
Ayu Asistèn Wedana.
“Kénging slinger, Ndara.” Rapingun anggènipun mangsuli wau kaliyan
mèsem, murih kakintena mayar sakitipun.
Radèn Bèi Asistèn ingkang ugi sampun wonten ing ngriku pitakèn:
“Apa koputer nganggo slinger?”
“Inggih Ndara, slingeripun lajeng mbalik.”
“Pancèné disendhal baé sak slag rak wis urip.”
“Inggih menika lepat kula piyambak.”
“Apa starteré wis ora kuwat?”
“Inggih taksih kiyat. Nanging rèhning dalu, mangka ragi asrep, mila lajeng
kula puter kémawon kuwatos yèn ngantos kedangon gesangipun, dados badhé
nyudakaken strooming accu, ingkang badhé ngirangaken padhanging lentéra.”
“Olèhé kena ana ngendi?”
“Ngajengaken dumugi Temanggung.”
“Apa otoné béka?”
“Boten. Sekawit lentéra kedhap-kedhèp. Kula lajeng kèndel ngleresaken.
Sareng kula puter mawi slinger, slingeripun mbalik ngéngingi tangan.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti sajak nutuh, nanging kétang saking
sanget émanipun dhateng Rapingun: “Bocah sok sembrana, ambok ya ngati-ati.”
“Wis, Bu, ombènana anggur, bèn anget awaké.”
“Kaé, Tien jupukna anggur.”
“Inggih.”
“Kuwi, Bu sepatuné bukaken.”
“Sampun mangké kémawon.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana terus mbikak sepatunipun. Sareng sampun,
Radèn Bèi Asistèn piyambak nangèkaken Rapingun, nanging inggih taksih linggih
ing patileman.
“Wis, Bu, jasé karo dhasiné bukaken, rangkepané karo clana ora susah, bèn
anget.”
Sareng sampun kabikak, Rapingun katilemaken malih. Radèn Ayu Asistèn
Wedana terus nggugah pun Kreta, kapurih mendhet kasur ing kamar nglebet.
Let sakedhap Radèn Ajeng Tien dhateng nyangking anggur lan gelasipun,
Kreta manggul kasur.
Ing sakawit Rapingun boten purun dipunsukani kasur, nanging sarèhning
panampikipun boten kagega, kepeksa manut. Rapingun lajeng dipundegaken ing
jrambah dipunjagèni Radèn Bèi Asistèn. Radèn Ayu Asistèn Wedana ingkang nata,
kasur kalèmèkaken sepré. Sasampunipun rampung, Rapingun katilemaken malih.
“Wis, saiki ngombéa anggur, ya, Rap?”
“Inggih, Ndara.”
Gulunipun Rapingun kasanggi ing tanganipun Radèn Bèi Asistèn. Radèn Ayu
Asistèn Wedana ingkang ngombèkaken, telas sagelas.
“Manèh apa, Rap?”
“Sampun, Ndara.”
“Wis, Tien gelas lan angguré dokokna méja kono baé.”
“Inggih.”
Sareng Rapingun sampun katilemaken malih kanthi lon-lonan déning Radèn
Bèi Asistèn, tanganipun tengen katumpangaken ing dhadha, tanganipun kiwa lajeng
kanggé nutupi mripatipun ingkang wiwit brebel-brebel medal luhipun.
Bawanipun priyantun èstri, sumerep makaten wau Radèn Ayu Asistèn
Wedana inggih lajeng tumut ngedalaken luh. Radèn Ajeng Tien inggih béla. Radèn
Bèi Asistèn tansah mriksani dhateng Rapingun, ketingal welas sanget, lajeng takèn:
“Kepriyé rasané awakmu, Rap?”
“Boten menapa-menapa, Ndara.”
Radèn Ayu Asistèn Wedana nyambeti pitakèn:
“Apa ora lemes, Rap?”
“Boten, Ndara. Namung manah kula ingkang lemes sanget.”
Radèn Bèi Asistèn lajeng nggrayangi ugel-ugelipun Rapingun ingkang kiwa,
badhé sumerep lampahing erah.
“Lemesing manah kula boten saking kirang saéning lampahipun rah, Ndara.”
“Lah saka apa?”
“Saking kawraten nampèni sih panjenengan ingkang samanten agengipun.”
Wicanten makaten punika luhipun Rapingun saya deres wedalipun, amargi saya
keraos-raos manahipun.
Radèn Ayu Asistèn Wedana lajeng anggrayangi tanganipun Rapingun
ingkang kiwa, ingkang nutupi mripatipun, dipunsingkiraken ngiwa, luhipun
Rapingun dipunusapi. Rambutipun ing bathuk dipunsilakaken. Radèn Bèi Asistèn
lajeng wicanten: “O, Rap! Aja akèh-akèh sing kopikir. Sawangen aku. Aku wong
tuwamu. Kowé anakku ora béda karo Tien.”
Rapingun mireng ngandikanipun Radèn Bèi Asistèn makaten wau, manahipun
kados dipuniris-iris welat, satemah mripatipun kumembeng kaca-kaca malih. Radèn
Ayu Asistèn Wedana lan Radèn Ajeng Tien srikutan anggènipun ngusapi luhipun
piyambak-piyambak.
“Kowé, Tien, sing durung weruh rasaning atiku tumrap Rapingun, wiwit dina
iki Rapingun anggepen sedulurmu, awit kowé dhéwé ora duwé sedulur.”
Radèn Ajeng Tien boten mangsuli, namung ndhingkluk kaliyan mbrebes mili.
Rapingun sampun boten kraos sakit, nanging saya mindhak awratipun déning
mireng ngendikanipun Dèn Bèi Asistèn Wedana ingkang makaten wau.
Yektosipun priyantun tetiga: Radèn Bèi Asistèn sakaliyan lan Radèn Ajeng
Tien sampun dangu ketuwuhan manah ingkang semanten dhateng Rapingun,
namung kaot dèrèng naté dipuncocogaken. Ing samangké sami lega ing manah,
déné bab punika sampun kawedharaken piyambak déning Radèn Bèi Asistèn,
ingkang minangka teturutanipun Radèn Ajeng Tien lan Ibunipun.
Radèn Bèi Asistèn sakaliyan sampun sumerep bilih ingkang kanggé mblebed
tanganipun Rapingun punika setagènipun Radèn Ajeng Tien, nanging boten purun
takèn, awit ing wekdal kesusahan ingkang makaten wau, perlu sanget Radèn Ajeng
Tien nindakaken punapa kémawon ingkang perlu. Kejawi saking punika,
dipuntakènana boten badhé wonten perlunipun, malah saged ugi andadosaken isin
kalih-kalihipun.
Rèhning Rapingun sampun ketingal tentrem manahipun, Radèn Bèi Asistèn
lajeng dhawuh: “Beciké kowé sésuk takgawa menyang rumah sakit baé, Rap.”
“Inggih, Ndara, kados sekéca manggèn ing griya sakit.”
“Apa ora kena diopèni dhéwé ta, Pak?”
“Awaké dhéwé mangsa ngertia, bareng dhokter rak bisa weruh terang.”
“Dilebokaké rumah sakit ngendi, Pak?”
“Rumah sakit Magelang baé.”
“Ora, Pak, beciké ana Parakan baé, bab pangané bisa dikirim saka Kemantrèn
Guron. Tien rak bisa ngubetaké ta?”
“Saged Bu.”
“Boten, Ndara, boten susah kintun menapa-menapa, kula saged lan inggih
seneng gesang cara griya sakit.”
“Bab kuwi kowé ora susah mèlu ngrembug, Rap.”
“O, ya, bener pratikelmu kuwi, Bu.”
“Sésuk-ésuk baé bareng karo Tien bali menyang Parakan.”
“Iya, aku dhéwé sing ngeteraké. – Wis, Rap, saiki yèn bisa turua. Ngasoa sing
kepénak.”
“Inggih, Ndara, kula pancèn sampun ngantuk.”
“Wis, Bu, ayo padha ditinggal.”
“Mengko dhisik takkemulané. Karo kaé Kreta didhawuhi jaga kéné, mengko
nèk ana perlu apa-apa.”
“Iya. – Ta! Kreta!”
“Nun!”
“Kowé jagaa kéné ya.”
“Inggih, Ndara.”
Rapingun lajeng sami katilar, gentos kajagi pun Kreta..

4. Tuladha noveltema tinamtu

Penilaian Proses dan Hasil Belajar


N Nama Kejujuran Kedisiplina Tg.jawab Santun
o n
1
2
3
4
5
Ket :
Siswa yang jujur, disiplin, bertanggung jawab, dan bersikap santun : 1
Siswa yang tidak jujur, disiplin, bertanggung jawab, dan bersikap santun : 0
Nilai 4 = Sangat baik, 3= baik, 2 = cukup baik, 0-1 = kurang

Penilaian Hasil
- Teknik : Tes Lisan, Produk, dan Kinerja
- Bentuk : Penugasan menulis dan membaca novel
- Instrumen : Tes dan Nontes
- Kunci dan Pedoman penskoran

LEMBAR KERJA SISWA

I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!


Rungokna pamacane crita iki!!

Gara-gara ora nggugu wongtuwa


Dening : Indah Kurniawati
Agus iku satemene bocah pinter lan manut marang wongtuwane. Nanging
kadhang kala ya dadi ora nggugu wongtuwa amarga prakara sepele.
Kaya dina kuwi, Agus kepengin banget dolanan montor-montoran sing
nganggo remot. Agus wus matur marang ibune supaya dipundhutake ing tokone
Pak Wardi.Nanging ibune nyemayani sesuke amarga ing kalodhangan iku lagi ora
kagungan arta.
“Sesuk Bapak lak kondur saka dhines luar. Mesthi ngasta oleh-oleh lan arta
ora ketang sethithik. Ibu dak nyuwun Bapak arta kanggo numbaske Agus dolanan
montor-montoran, nggih?,” ujare Ibu.
Ibu ngendikan ngono kuwi sajane kanggo mulang putra tunggale iku supaya
ajar sabar.Apa-apa kang dadi panjalukane ora kudu dituruti sakkal kuwi.Sajane Ibu
ya kagungan arta, nanging ya kuwi mau. Piyambake ndidik Agus supaya bisa ajar
lan mudheng kahanane wongtuwane.
Biyasane Agus dikandhani pisan ngono langsung mudheng lan manut.
Nanging embuh dina kuwi ana apa, Agus malah dadi rewel lan njegot. Nalika
diakon maem, ora semaur, milih meneng wae.Ulate njegadul terus nganti alise
sakloron arep gathuk. Rupane mbesengut lan milih neng njero kamar terus.
Ibune ngelus dhadha nyawang putra kinasihe iku.Sajane bisa wae sanalika
kuwi banjur ditukokake pepenginane Agus.Nanging piye maneh.Mau wus kebacut
ngendika supaya Agus ngenteni sarawuhe Bapak sesuk, lagi dipundhutake dolanan
montor-montoran.
Ora suwe, seng omahe Agus pathing kemlothak ketibanan banyu udan saka
langit. Agus sing maune ana njero kamar age-age metu. Saka cendhela omahe katon
yen udane rada deres. Ya saka cendhela kuwi, Agus uga weruh Doni lan Joko,
tanggane, padha udan-udan keceh banyu ing njaba sinambi bal-balan. Agus dadi
kepengin melu dolanan ing njaba.
“Agus…boten pareng udan-udan lho nggih.Mengko mundhak masuk angin”.
Ibu kayane wus pirsa apa sing ana ing njero atine Agus.
Krungu ngandikane Ibune, Agus sansaya tambah mbesengut.Apa-apa ora
oleh.Njaluk dolanan montor-montoran ora ditumbaske.Saiki arep nyeneng-
nyenengke atine dhewe kanthi udan-udan bareng kancane, ya ora oleh.
“Ibu iki karepe piye ta”.Agus nggrundel ing batin.Dheweke amung bisa
nyawang kancane mau dolanan sajak gayeng ing njaban omah.Awake padha kebes,
nanging senenge ora karuwan. Saya suwe nyawang, Agus saya ora tahan.Ndilalah
wae nalika ditoleh, Ibune ora katon.Sajake Ibu nembe mangsak ing pawon.
Agus age-age ucul klambi.Kathokan thok, Agus banjur mlayu metu,
nggabung kanca-kancane bal-balan ing njaba sinambi udan-udan.Agus seneng
banget.Atine bungah.Rasane mardika banget.Sekali-kali ora ngrungokake ature
Ibune.
“Aguuuss…..piye ta Le!Dikandhani aja udan-udan kok ora manut. Ayo gek
ndang mlebu omah!”.Ibune mbengoki saka njero omah.Kayane Ibu mau weruh ana
klambine Agus gumlethak ing jobin, nanging Aguse dhewe ora ana.
“Riyin Buuuu….”.Semaure Agus saka kadohan.
Ibune isih sabar. Nanging udakara 10 menit dienteni, Agus tetep durung gelem
leren sing udan-udan. Ibune wiwit kuwatir yen kesuwen sing udan-udan mengko
Agus dadi masuk angin. Mula Ibu banjur nyigrakake payung lan marani Agus ing
njaba.
“Ayo Agus. Wis leren.Gek ndang mlebu omah. Manut Ibu”.
“Riyin Bu. Sekedhap malih”.
“Ora bisa. Mengko kowe ndhak masuk angin, Ibu sing susah”. Ibu banjur
nglarak tangane Agus, digeret ngarah mlebu omah.Tekan njero omah, Agus
didukani Ibune amarga ora nggugu.
“Wis saiki ayo dak pakpungi, gek salin klambi sing anget. Kowe lak ya durung
maem barang ta?”.Agus amung meneng wae.Dheweke ora wani nyauri apa-apa.
Nanging sarampunge adus lan klamben, nalika arep didulang maem, Agus tetep
wae wegah maem.
“Agus langsung bobok mawon Bu. Agus kesel”.Agus banjur mlebu
kamare.Ibune amung ngunjal ambegan dhawa nyawang anake.

***
“Ibu…Ibuuu…..”.Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune
sing nembe ing mburi age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare
Agus.
“Ana apa Le”.
“Anu Bu….awak kula mboten penak banget,” Agus sambat ngrasakake awake
sing ora nggenah.
Ibune banjur ndemok bathuke.Rada panas. Tangan lan sikile diusap-usap, ya
rada panas. Dene Agus turune njingkrung kemulan brukut sajak kadhemen kae.
“Wooooo..genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu
mau.Ya ngene iki undur-undurane yen ora manut marang wongtuwa. Saiki lak Agus
ngrasakake dhewe ta akibate?”.
“Nggih Bu. Nyuwun pangapunten Bu. Agus pancen salah, mboten manut
Ibu.Boten kula baleni malih Bu”.
“Ya wis. Ayo saiki dak keroki sedhela, mengko gek maem dhisik banjur
ngombe obat.Bubar kuwi mapan turu maneh,” ujare Ibu.
Kapethik saka : Jagad Sastra, SOLOPOS

1. Paraga utama cerkak ing ndhuwur yaiku ….


a. Agus d. Doni
b. Ibu e. Joko
c. Pak Wardi
2. Kang nyemayani arep nukokake montor-montoran yaiku …
a. Agus d. Doni
b. Ibu e. Joko
c. Pak Wardi
3. Kang duwe sipat sabar, tresna mring putra, gatek karo anak yaiku …
a. Agus d. Doni
b. Ibu e. Joko
c. Pak Wardi
4. Kang duwe sipat pinter, nanging ora nggugu ngendikane wong tuwa yaiku …
a. Agus d. Doni
b. Ibu e. Joko
c. Pak Wardi

5. Ancas utawa tujuwane ibu ora nukokake montor-montoran Agus yaiku …


a. dolanane Agus wis akeh
b. dolanane regane larang
c. ora duwe dhuwit
d. nunggu bapak
e. supaya Agus sabar
6. Alesane ibu ora numbasake montor-montoran Agus yaiku ….
a. ora duwe dhuwit
b. ngenteni bapak kondur
c. amarga udan
d. tokone adoh
e. sing dijaluk regane larang
7. Gegambarane Agus gela yen ora ditukokake montor-montoran kaya ing ngisor
iki, kajaba …
a. mbesengut
b. meneng wae
c. ora gelem maem
d. ora leren sinau
e. langsung mlebu kamar
8. Ana ing ngendi Agus udan-udan?
a. lapangan
b. ratan
c. mburi omah
d. prapatan
e. njaba ngomah
9. Apa kang ditindakake Agus sakancane nalika udan-udan?
a. bal-balan
b. jamuran
c. gobaksodor
d. nekeran
e. ngulukake layangan
10. Wos surasane crita iku, yaiku ….
a. Agus ora ditukokake montor-montoran
b. Agus nesu
c. Agus ora nggugu dikandhani ibu
d. Agus bocah pinter
e. Agus bocah manut
II. Essay
1. Sebutna tema, latar, penokohan, alur, pesan, sudut pandang, lan konflik
sajroning cerkak iku!
2. Jlentrehna amanat/pesen kang kamot sajroning cerkak!
3. Andharna wos surasane cerkak kasebut nganggo basamu dhewe kanthi lesan!
Isa nggunakake basa dhialekmu!
Ngargoyoso, 24 Mei 2019

Verifikator Guru Mata Pelajaran

Joko Budiyanto, S.Pd Mita Therysia Nanda,


S.Pd
NIP 19740319 200604 1 007

Mengetahui
Kepala SMKN Ngargoyoso

Sri Eka Lelana, S.Pd


NIP 19731025 199903 1 004

Anda mungkin juga menyukai