Anda di halaman 1dari 10

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN

(RPP)

Satuan Pendidikan : SMA Negeri 1 Mlonggo


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/semester :X/2
Materi Pokok : Crita Wayang
Alokasi waktu : 2 x 45 menit

A. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya
KI 2 Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong
royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan pro-aktif dan menunjukan
sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara
efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai
cerminan bangsa dalam pergaulan dunia
KI 3 Memaham, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural
berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan
humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban
terkait fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah
KI 4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan mampu
menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi


KD 1.2 Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa
bahasa Jawa dalam bentuk petikan teks crita wayang

KD 2.2 Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan
bahasa Jawa melalui petikan teks crita wayang

KD 3.2 Memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)


Indikator
1. Siswa mampu memahami isi teks crita Mahabharata (Bima Bungkus)

KD 4.2 Menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya
Indikator
1. Siswa mampu menulis sinopsis teks cerita teks Mahabharata (Bima Bungkus) dan
menyajikannya

C. Tujuan Pembelajaran
KD 1.2 Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menerima, mensyukuri,
menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dalam bentuk
petikan teks crita wayang

KD 2.2 Selama dan setelah proses pembelajaran, siswa dapat menunjukkan perilaku jujur,
disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun,
responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui petikan teks crita
wayang

KD 3.2 Setelah proses pembelajaran, siswa dapat memahami isi teks crita Mahabharata
(Bima Bungkus)

KD 4.2 Setelah proses pembelajaran, siswa dapat menulis sinopsis teks cerita teks
Mahabharata (Bima Bungkus) dan menyajikannya

1
D. Materi Ajar
1. Fakta
Teks Crita Wayang (Bima Bungkus)
2. Konsep
Pangertene crita wayang
3. Prinsip
Unsur crita wayang
4. Prosedur
Cara nulis lan tuladha crita wayang

E. Pendekatan dan Metode Pembelajaran


- Pendekatan : Scientific
- Model Pembelajaan : Inquiry, Project Based Learning, Discovery Learning
- Metode : inkuri, diskusi, praktek, penugasan (bisa disesuaikan)

F. Media dan Sumber Belajar


Media : Player VCD, CD/VCD, power point
Alat : LCD, Laptop, Teks Crita Wayang
Sumber Belajar :
1. Widaryatmo, Gandung dkk. 2013. Prigel Basa Jawa Jilid 1. Jakarta: Erlangga
2. Sasangka, Sry Satriya TW. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta:
Paramalingua
3. Darminto, dkk. 2010. Kamus Besar Bausastra Jawa. Jakarta: Kharisma
4. Sudiyatmana, Dr.HC dkk. 2012. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira
5. H.G, Irawan. 2005. Kulina Basa Jawa. Klaten: Intan Pariwara

G. Kegiatan Pembelajaran
Alokasi
Kegiatan Deskripsi
Waktu
Pendahulua 1. Orientasi /Pembukaan 5’
n - Guru membuka pembelajaran dengan berdoa, salam, dan
menanyakan siswa yang tidak hadir
2. Apersepsi
- Guru melakukan apersepsi untuk mengaitkan materi yang
telah dikuasai siswa dan yang akan dipelajari
- Siswa menerima informasi tentang materi Crita Wayang
3. Motivasi
- Guru memotivasi siswa
- Siswa menerima informasi kompetensi, tujuan, dan manfaat
mempelajari Crita Wayang
4. Pemberian acuan
- Siswa menerima informasi sumber belajar yang bisa
digunakan

Kegiatan Mengamati 75’


Inti  membaca petikan teks crita wayang

Menanya
 mempertanyakan unsur-unsur pembangun crita wayang yang
terdapat pada petikan teks crita wayang
 membuat pertanyaan yang berhubungan dengan crita wayang

Mengumpulkan informasi
 menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam petikan teks
crita wayang
 menemukan unsur pembangun crita wayang yang terdapat pada
petikan teks crita wayang

2
Mengasosiasi
 Mengevaluasi relevansi pitutur luhur yang terdapat pada petikan
teks crita wayang
 menganalisis unsur-unsur pembangun
 menginterpretasi isi crita wayang yang terdapat pada petikan
teks crita wayang

Mengomunikasikan
 menceritakan kembali isi petikan teks crita wayang dengan
menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma
 menanggapi penceritaan kembali isi petikan teks crita wayang
dengan menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma

Penutup 1. Siswa mengumpulkan tugas materi yang telah dipelajari 10’


2. Siswa merefleksi penguasaan materi yang telah dipelajari
dengan membuat catatan / rangkuman / kesimpulan
3. Siswa mendengarkan arahan guru tentangrencana
pembelajaran guru pada pertemuan yang akan datang

Soal tes lisan


1. Apa kang kok ngreteni babagan Crita Wayang?
2. Sebutna unsur-unsur Crita Wayang?
3. Aweha panemu tumrap andharan wos surasane Crita Wayang kang dijlentrehake dening
kancamu!
Kinerja Presentasi
Jumlah Skor Nilai
N
Nama Siswa
o kelancara Kebahasaa
sistematis
n n
1. 1
2
2. 3
3. 4
4. 5
Keterangan pengisian skor
4. Sangat tinggi
3. Tinggi
2. Cukup tinggi
1. Kurang

Soal tes tertulis


4. Tulisen banjur critakna Crita Wayang kasebut ing ngarep klas!
Cethaning
N Swara Ekspresi Penjiwaan
Nama pangucap
o (10-20) (10-25) (1-5)
(10-20)
1
2
3
4
5
Ket :
1 : tidak baik : < 60
2 : cukup baik : 61 – 70
3 : baik : 71 – 80
4 : sangat baik : 81 – 100

3
Kunci soal
1. Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang
kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni
lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa
pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit
abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para
ahli.
2. Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema,
latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos
surasane crita, lan gawe ringkesan.
3. Kawicaksanan
4. Kawicaksanan
LAMPIRAN
1. Pangertene wayang
Wayang yaiku sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni
kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku : seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur,
seni lukis, lan sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa
pertunjukan wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit
abad kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake dening para
ahli.
Wayang akeh banget jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek
kang kagawe saka kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka
kayu, wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita saka
Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair kepahlawanan
utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang
dipragakake dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan
kang apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang wong.
Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta lan
Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake
alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok kang ora
cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan kasar, Pandawa lan
Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo nggoleki keseimbangan. Wayang
uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar
banyolan.
Crita wayang iku duwe struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur
kang padha gayut antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar,
lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita wayang..

2. Unsurcrita wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema,
latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut pandang, lan konflik, wos
surasane crita, lan gawe ringkesan.

3. Tuladha crita wayang


BIMA BUNGKUS

Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang
bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa
uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa
nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang
kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa
mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng
Ibu Kunti…”

4
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi
lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing
tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut
wahyu jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah,
kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana
arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan
kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon
kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah.
Roh lan daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu
ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu
dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena
kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala
Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden
Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.

DEWA RUCI

Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe,


Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge
karo peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa
wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu
Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak
tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan
kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus
bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa
dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.
Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi
Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu
Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake
congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya
keprabon Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue
Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane
Pandawa.
Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana,
Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni
nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake
Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para
Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima.
Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket.
Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal, banjur
disusul dening Kurawa liyane.
Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-
sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan,
Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake
Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan
Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana
dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu
Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke
Duryudana.

5
Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan
kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra
menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.
Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung
Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe
nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta
mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan Tirtapawitra ora
ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe
kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar
dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima
didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge
Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene
Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.
Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo
rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan
Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek,
Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan
Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep bali
menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra.
Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali
menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.
Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima
ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu
karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing
gunung Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke
ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima.
Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake
panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep
tumuju menyang segara kidul.
Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan
Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung
Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang
Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu
kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi
Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima
supaya murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen
barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima.
Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora
bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone
Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang
Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.
Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi.
Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi,
nanging dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare
samodra.
Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima
njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe
gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake,
dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra.
Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat
kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane.
Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang
awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan,
ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning
dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure,
amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.
Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh
karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire

6
samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura.
Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna
lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa
nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna,
lan Yamawidura bali menyang Astina.
Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane,
Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake
pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining
panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang
abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang
Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-
He..
4. Tuladha crita wayangtema tinamtu

Penilaian Proses dan Hasil Belajar


N Nama Kejujuran Kedisiplinan Tg.jawab Santun
o
1
2
3
4
5
Ket :
Siswa yang jujur, disiplin, bertanggung jawab, dan bersikap santun : 1
Siswa yang tidak jujur, disiplin, bertanggung jawab, dan bersikap santun : 0
Nilai 4 = Sangat baik, 3= baik, 2 = cukup baik, 0-1 = kurang

Penilaian Hasil
- Teknik : Tes Lisan, Produk, dan Kinerja
- Bentuk : Penugasan menulis dan membaca Crita Wayang
- Instrumen : Tes dan Nontes
- Kunci dan Pedoman penskoran

LEMBAR KERJA SISWA

I. Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!


1. Nalika ngrungokake crita wayang kulit ing radhio, saben arep ganti adegan mesthi
kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan panggonan. Mula saka iku pamireng
isa ngreteni babagan ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
2. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut
pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune. Perangan iku
mapan ana ing crita kang diarani ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
3. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate
mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama.
Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Panakawan sing

7
jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing
diarani ....
a. tokoh d. alur
b. watak tokoh e. pesen/amanat
c. latar
4. Sasuwene ngrungokake crita wayang ing radhio utawa CD, nalika ngancik pathet sanga,
satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare rampung mesthi bandayuda karo rata
denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane). Pitutur kang kamot ing lelakon iku
yaiku ....
a. satriya kudu wani perang
b. wong kang bakal mulya gedhe pacobane
c. ing alas iku panggonane bebaya
d. buta duwe watak seneng ganggu gawe
e. aja seneng mapan ing papan sepi
5. Ing crita wayang Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane Pandawa lan Kurawa iku
tundhone dimenangake dening Pandawa. Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa
ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang
tindak utama, dene Kurawa iku pangawak kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku
menang ing yuda. Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c. titah tan kuwawa mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
e. becik ketitik ala ketara

Rungokna crita wayang ing ngisor iki!

Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura

Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb
Dhestrarastra, panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, Pandu Dewanata,
lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal
mbacutake keprabone dharah Kuru.Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya
kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel
babagan olah weliding pedhang lan sanjata.
Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu, jalaran Dhestarastra cacat
netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih.Saka sarasehan agung netepake kang
dijenengake nata Pandu. Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu,
amarga dheweke nglenggana duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang
Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe, nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal
nuwuhake swasana kang ora becik.
Dhestarastra krama karo Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putri ratu Basubala
(Suwala) ing nagara Gandara duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu
krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu Kuntiboja peputra
telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo Prabu Pandu, Dewi Kunti
wis kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu sijine asesilih Dewi Madrim,
putri Ratu Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar
Nakula lan Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta
kagungan putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
6. Paraga utama ing crita kasebut yaiku ....
a. Prabu Pandu d. Prabu Matswapati
b. Prabu Dhestarasta e. Prabu Salya
c. Widura
7. Latar crita iku yaiku ....

8
a. Mandaraka d. Gandara
b. Suwala e. Dewaka
c. Hastinapura
8. Putrane Prabu Pandu karo Dewi Kunti yaiku ....
a. Kurawa
b. Pandawa
c. Sunjaya lan Wiyansampana
d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
e. Nakula lan Sadewa
9. Undherane crita kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....
a. Prabu Pandu d. Prabu Matswapati
b. Prabu Dhestarasta e. Prabu Salya
c. Widura
10. Saka crita iku, miturut tata aturan ing sajroning karaton kang gumanti nata kudune putra
jaler mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga
ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku ....
a. aja rebutan panguwasa
b. nglengana marang kekurangane
c. negara kang adiluhung
d. ngalah dhuwur wekasane
e. nandur bakal ngundhuh

II. Essay
1. Rungokna crita wayang kang diwaos dening Bapak utawa Ibu guru iki!

PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNA

Sumber: wayang wordpress.com


Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa, sabanjure
meguru marang Begawan Durna, ipenipun Krepa. Caritane mangkene.Begawan Durna
iku putrane Resi Baratwaja.Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane
Aswatama tumuju menyang nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra,
kang saiki jumeneng nata ing Pancala.Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya)
dening Patih Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna
mbacutake laku bakal nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih
karo Pandawa lan Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalah bal sing
dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk. Kanthi pitulange Durna,
bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang. Para Pandawa lan Kurawa padha
kaget lan ngalembana kasektene Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Miring atur
iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek guru kang linangkung, mula Durna
ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan
jurit lan wawasane.
Durna saguh paring piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wisp inter ora kena
nulak kabeh pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung
Arjuna dhewe kang nyaguhi.
Bareng wis sawetara wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa
wae, semono uga bab kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter . Bima lan Duryudana
prigel ngginakaken gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira
prigel perang kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan),
Arjuna prigel jemparing.Ana ing pandadaran siswa Sokalima, Bima tandhing yuda karo
Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha digdayane.
Sawijining dina Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala
semana gawe serik atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada
minangka tandha bektine marang Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa
dikalahake.Genti para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip

9
dening Arjuna, kang sabanjure dipasrahake marang Durna.Gandheng Drupada kalah,
Nagara Pancala separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali menyang Hastinapura.
Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang awatak adil lan utama, mula
bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.

2. Sebutnaparaga-paraga ing crita wayang iku!


3. Jlentrehna watak-watake para paraga ing crita iku!
4. Andharna wosing crita wayang ing ndhuwur!
5. Wedharna pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita wayang iku!

Mlonggo, Juni 2018


Mengetahui,
Kepala SMA N 1 Mlonggo Guru Mata Pelajaran

Drs. Fandeli, M.Pd Silvia Rahayuningtyas, S.Pd


NIP. 19650705 199802 1 002

10

Anda mungkin juga menyukai