Anda di halaman 1dari 9

UNSUR PANDHAPUK NOVEL

Novel Bahasa Jawa ngandhut crita


panguripan kang nyritakake
sawijining paraga lan manungsa
sakupengane kanthi cara ngatonake
watek saben paragane migunakake
bahasa Jawa.
 Tuladha Tebusaning Pandakwa, Setan
Semarang, Tantjeping Katresnan.
Jinise novel ana 2 yaiku:
1. Novel serius : novel kang surasane
bisa manungsakake manungsa
pamaca.
2. Novel panglipur : namung
ngatonake unsur panglipur saengga
pamaca rinasa enak kepenak,
agawe gayeng pamaca kanggo
ngrampungake novel kasebut.
Unsur Pandhapuk Novel

Ana 2 yaiku
1.Unsur Intrinsik
2.Unsur Ekstrinsik
1. Unsur Intrinsik
a. Alur
Alur yaiku gegayutan antarprastawa kang duweni sipat
sebab akibat lan runtut (kronologis).
Panyerat kudu bisa nggenepi kaidahe yaiku:
 Plausibility : sipat crita kang disajikake sajrone novel
bisa gawe precayane pamaca.
 Suspense : unsur kang bisa dhapuk rasa pengin
ngertine pamaca marang novel.
 Surprise : unsur kang duweni sipat ngagetake lan
umume nyimpang utawa duweni putusan kang beda
karo panemune pamaca.
 Unity : pangiket antarane kabeh unsur plot.
b. Gaya Bahasa
Gaya bahasa minangka cara pangucapan
penganggit sajrone jlentrehake sawijining bab
marang pamaca.
Gaya basa yaiku jinise panggunaan basa
nalika nulis novel.
Tuladhane gaya basa pop kanggo nulis novel
kanggone wong enom, gaya komunikatif, lan
uga gaya basa kaku kaya dene novel
terjemahan.
c. Sudut Pandang
Yaiku posisi panganggit nglungguhake paraga
punjer ing critane.
Apa kalungguhake minangka paraga punjer dadi
wong kapisan jroning crita kanthi aran aku, apa
dadi wong katelu kanthi nggunakake jenenge
wong.
d. Latar
Pathokan kang duweni pangerten panggon, wektu,
lan kahanan minangka papan dumadine prastawa-
prastawa kang dicritakake.
e. Amanat
Amanat minangka unsur isi sajrone karya fiksi kang
ngacu marang piwulang-piwulang, tumindak, tindak-
tanduk, lan unggah-ungguh kang dicawisake
penganggit lumantar paraga sajrone novel.
f. Tema
Tema minangka dasare crita utawa gagasan umum
saka sawijining novel. Tema sinebut ide pokok.
Titikane tema pokok yaiku tema pokok nyakup isi
saka sakabehane crita lan minangka makna saka
sakabehe crita.
g. Wewatek
Wewatek yaiku teknik penganggit nyawisake paraga-
paraga sajrone crita saengga bisa ditepangi kepiye
watek paraga kasebut.
Ana 3 yaiku
 Paraga protagonis
 Paraga antagonis
 Paraga netral
2. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur sajabane
karya fiksi kang duwe pengaruh laire karya
sastra, nanging ora klebu bagean fiksi.
Panemu liyane unsur ekstrinsik iku unsur
kang awujud kahanan subjektivitas
penganggit babagan sikep, kapitayan, lan
pandhangan urip kang dadi pawadene
laire karya fiksi utawa bisa uga sinebut
unsur biografine penganggit.

Anda mungkin juga menyukai