Anda di halaman 1dari 14

TEMBANG SINOM

Tembang Sinom
• Samangsane pasamuwan • Dalam setiap pergaulan/perkumpulan
• mêmangun marta martani • Membangun sikap tahu diri
• sinambi ing sabên môngsa • Setiap ada kesempatan/waktu
• kala-kalaning asêpi • Disaat waktu luang/longgar
• lêlana tèki-tèki • Mengembara untuk bertapa
• gayuh geyonganing kayun • Menggapai cita-cita hati
• kayungyun êninging tyas • Hanyut dalam keheningan kalbu/hati
• sanityasa pinrihatin • Senantiasa untuk prihatin
• pungguh-panggah cêgah dhahar • Dengan tekad kuat,membatasi makan
lawan nendra dan tidur
Tembang Sinom
• Sabên mendra saking wisma • Setiap mengembara meninggalkan rumah
• lêlana laladan sêpi • Berkelana ke tempat yang sepi
• ngingsêp sêpuhing sopana • Menghirup tingginya ilmu
• mrih pana pranawèng kapti • Agar jelas apa yang menjadi tujuan
• tistising tyas marsudi • Hati bertekad selalu berusaha
• mardawaning budya tulus • Memperdayakan akal budi/pikiran
• mêsu rèh kasudarman • Menghayati cinta kasih
• nèng têpining jalanidhi • Ditepinya samudra
• sruning brata kataman wahyu • Kuatmya bertapa, diterimalah wahyu
dyatmika dyatmika (hidup yang sejati)
Tegese Wosing Tembang
• Ing pasrawungan bebrayan agung, kudu bisa mangun sikep tepa slira.
Rikala wektu kang longgar, lan nalika lelana ngambara tapa brata, nggayuh
kanugrahan, dumunung ing papan sepi, kudu didhasari ati kang hening, ora
duwe kekarepan ala, lan tansah njaga ati kanggo prihatin kanthi nyuda
mangan lan turu. Saben metu saka ngomah, tumuju ing papan sepi adoh
saka hawa nepsu, mersudi ngelmu luhur, supaya cetha kang dadi
gegayuhaning urip. Ati kudu duwe tekad tansah ngupadi kanthi tekun,
marsudi akal pikiran lan ngendhaleni rasa tresna asih, mapan ing tepining
samodra ngajab entuk kanugrahan saka Gusti.”
Pangertene tembang Sinom
• Sinom iku ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong
kang isih kecut. Anggitane Kanjeng Sunan Giri Kadaton. Iki cocok
kanggo pambuka crita nanging uga kudu nulad papan panggonan.

Glosarium/kata-kata sulit
• Anom : muda
• Taruna : nom-noman (orang muda)
• Srinata : tembang sinom (bahasa kawi)
• Roning kamal : daun asam
• Pangrawit - rawit : halus
• weni : rambut/gelungan
Pathokan tembang Sinom
SINOM
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra

8 a
8 i
8 a
8 i
7 i 9
8 u
7 a
8 i
12 a
Watak tembang Sinom

• Watake tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok


kanggo bab-bab kang sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat
trengginas, lan sapiturute.

• Canthas : gagah

• Cukat, trengginas : cekatan


Makna tembang Sinom

• Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom,


wateke golek pangalembana utawa grapyak, luwes, gampang srawung.
Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan, pinter
ngomong utawa srawung kanggo golek kanca/kadang lan narik
kawigatene liyan. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.
Wos kang kamot ing tembang sinom
(Wedhatama)
• Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan
kang seneng ing sikep luruh/alus/sabar (wus sengsem reh
ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi,
ati kang wengis (jahat) bisa sirna amarga tresna asih (karana
karoban ing sih).
• Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran,
rasionalitas, utawa intelektual. Bab iku kawujud ing
pamawase (pengingat) manungsa dene ngelmu iku kudu
lumaku kanthi nalar (logika) (ngelmu iku mupakate lan
panemu) lan iku kabeh bisa digayuh kanthi tapa prihatin
(pasa lan tapa).
Wos kang kamot ing tembang sinom
(Wedhatama)
• Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha
Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi
sudaning hawa lan nefsu), kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa brata). Piyambake ngupadi
tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben pasamuwan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara
ngupadi nugraha (kala kalaningasepi lelana teki-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh
geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun eninging tyas), tansah nglakoni
prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben
mendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu kasampurnan lan
cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan kabisan
kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra (neng tepining jalanidhi), piyambake
mahami kekuwatane samodra, kang kaya-kaya bisa digegem.
Wos kang kamot ing tembang sinom
(Wedhatama)
• Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat
drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta
tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane
dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong
kabur kanginan/ora duwe papan dunung (kalamun kongsi sepi saka
wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah
papa papariman, ngulandara).
Wos kang kamot ing tembang sinom
(Wedhatama)
• Serat Wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking
panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan
nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti. (lila lamun kelangan
nora gegetun, trima lamun ketaman saserik sameng dumadi, legawa
nalangsa srah ing bathara).
Wos kang kamot ing tembang sinom
(Wedhatama)
• Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu
kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus, uwose tan ana,
mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe,
milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho,
lan tansah duwe pamrih.
• Manungsa kang luhur bebudene iku seneng mapan ing papan
sepi (tuman tumanem ing sepi), reresik jiwa (masah
amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat
ruruh, lan gawe seneng atining liyan.
Pathokan Tembang Sinom
5 6 6 6 6 6 6 6
nu- lad- a la- ku- u- ta- ma
5 6 6 4 5 6 65 5
tu- mrap- e wong ta- nah Ja- wi
5 6 6 6 5 3 3 21
wong A- gung ing Ngèk- si- gan- da
1 2 3 2 1 6 5 6
Pa- nêm- bah- an Se- na- pa- ti
1 2 2 2 2 1 23
ka- pa- ti a- mar- su- di
1 1 1 2 1 6 1 2
su- da- ning ha- wa lan- nêp- su
6 1 1 1 1 1 1
pi- nê- su ta- pa bra- ta
1 2 3 2 1 6 5 6
ta- na- pi ing si- yang ra- tri
6 1 2 3 2 2 2 2 3 21 6 12
a- mê- ma- ngun kar- ye- nak tyas- ing sa- sa- ma

Anda mungkin juga menyukai