Anda di halaman 1dari 31

KABUDAYAN MANTU ADAT JAWA

NAKOKAKE/NEMBUNG/NGLAMAR
• Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima
kaluarga calon penganten kakung ing
daleme calon penganten putri. Upacara iki
dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga
manten putri setuju yen putrine didadeake
garwane calon penganten kakung.
SIRAMAN
• Acara siraman iku sejatine upacara
perlambang kanggo ngresiki jiwa calon
penganten. Upacara iki diadani sedina
sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing
daleme calon manten putri dening wong
tuwane, dilakokake antaraning jam 18.00
nganti 24.00 (sabanjure calon penganten
putri melek tumeka isuk) .
Toya perwitasari
• Banyu sumber (sumur) kang cacahe 7

• Kembang 7 rupa (mawar abang, mawar


putih, melati, kantil, kenanga, cempaka
mulya, telon)

• Disiram kanthi ping 7


filosofi
• Banyu sumber (sumur) kang cacahe 7 • Disiram ping 7:
pitu dadi sampurnaning angka, dadi banyu saka 7 sumber kuwi
diarani banyu kang sempurna. pitu kuwi smbol pitulungan, dadi anggone nglakoni urip nalika

• Kembang 7 rupa ana pacoban bisa intuk pitulungan saking Gusti kang Maha

1. Mawar abang: bralambang lahire manungsa ing alam donya Kuwasa


(suci)
• Kendhi dipecah:
2. Mawar putih: harapan/kekarepan supaya calon pengantin
nduweni tumindak kang jujur gawe kabecikan pralambang pecahe pamor calon penganten (wanita dewasa yang
3. melati: wangine melati nduweni kekarepan supaya bisa nggawa sudah siap untuk melakukan hubungan biologis)
wangine keluarga (njaga jeneng apike keluarga)
4. Kantil: nduweni teges kinthil, supaya tetep nyawiji tumekaning • Gunting rambut:
pati
gawe tolak balak, nyingkiri babagan kang ala
5. Kenanga: nduweni kekarepan supaya bisa dipayungi dening ati
kang tentrem • Bopongan:
6. cempaka mulya: nduweni kekarepan supaya uripe bisa bagya
mulya pralambang rasa tresnanane wong tua marang anak kang ora bisa

7. Kembang telon: telon tegese telu, sing dikarepake supaya bisa ilang kanthi tekaning pati
nggayuh kasampurnan 3 perkara yaiku harta, ilmu, lan jabatan.
MIDODARENI
• Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku
widodari utawa bidadari.

• Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara


penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka
suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo
pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten
putrine bakal ayu kaya widodari.

• Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar


wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani
dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.
SRAH-SRAHAN
• Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon"
yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe
lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake
pahargyan manten. Sing paling penting ana
ing seserahan yaiku ana 3 (ARTA,
BUSANA, BOGA)
ARTA
• Sesupe seser
Yaiku ali-ali tanpa mata utawa ali-ali “lus” (sing ora
ana pembatase)

Nglambangake ketemune rasa katresnan kanthi rasa


tulus tanpa ana rasa mangu-mangu (ragu-ragu) lan
dadi paningset (pengikat), ora ana wong liya sing
bisa misahake.
BUSANA
• KAIN SINDUR
• Yaiku kain slendhang kang nduweni werna
abang lan putih. Werna abang dadi
pralambang wong wadon (getih) dene
werna putih dadi pralambang wong lanang
(sperma).
• Werna kang dadi siji kuwi mau dadi
pralambang nyawijining lanang lan wadon
kang dadi dalan nglanjutake keturunan.
BUSANA

• STAGEN
BUSANA
• Batik truntum
• Yaiku motif batik kang nduweni corak kembang
tanjung lan werna dasar ireng (kembang tanjung
pralambang lintang dene werna ireng pralambang
langit ing wayah wengi)
• Kuwi mau nduweni pepeling, sejatining lakuning
manungsa ing alam donya mung ana 2, yaiku
padhang lan peteng, bungah lan susah
• Dadi anane batik kuwi mau nduweni makna supaya
nalika manungsa nglakoni pepeteng (ujian) supaya
intuk pepadhang (jalan keluar)
BOGA
• NASI GOLONG

• golong kuwi saka tembung gumolong lan


andhadha (tanggung jawab dan tekat yang
bulat)

• Nglambangake rasa tanggung jawab marang


garwane lan besan lan nduweni tekad kang
kuat ora bakal mblenjani janji kang suci.
BOGA

• JERUK GULUNG
• jeruk gulung dadi pasemon “gumulunging
gegebengan”, tegese yaiku nalika bebesanan
lan calon temanten kang bakal dijodokake
saguh ngadepi kabeh kwajiban nganti
nggunakake pamikiran kang jero.
BOGA

• CENGKIR gadhing

• Yaiku klapa kang nduweni werna kuning.

• Cengkir kuwi saka tembung “kencenging piker”


(teguh pemikiranya/kemauan yang keras) dene
gadhing saka tembung “kalbu kang wening”
(hati yang bersih)

• Dadi makanane cengkir gadhing iki supaya


calon manten nduweni kekarepan kang teguh
lan dilambari ati kang becik/suci supaya bisa
nggayuh apa kang dadi gegayuhane (cita-cita)
BOGA

• GEDHANG LAN SURUH AYU

• Gedhang sing digunakake yaiku gedhang raja.


Gedhang raja nduweni makna utawa filosofi

1. rasa katresnan kang sejati

2. Dadi raja lan ratu

3. Manungsa kang dewasa

• Suruh sing digunakake yaiku suruh “matemu


ros” (ketemu ros/nyambung)
BOGA
• Tebu wulung (tebu ireng)

• Tebu saka tembung “anteb ing klabu” (yakin


dalam hati) lan wulung saka tembung
“ulung” (unggulan)

• Nduweni makna supaca calon manten


anggone mbina rumah tangga nduweni ati
kang manteb saengga bisa nduweni
keluarga kang bahagia lan sejahtera
BOGA
• Hasil bumi

• Kesuburan lan kemakmuran


IJAB KHABUL
UPACARA PANGGIH
• Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)
dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digawa metu saka omah
lan di selehake neng prapatan cedak omah
sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat.

• Sak wise iku penganten putri ketemu


(panggih) karo penganten kakung sak perlu
nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi,
Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur,
Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
kembar MAYANG
BALANG SURUH
• Upacara balang suruh minangka perlambang
rasa sih katresnan lan kasetiaan ing antarane
penganten kakung lan putri.
WIJI DADI
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti
pecah, Banjur penganten putri ngumbah
utawa ngresiki sikil penganten kakung
nganggo banyu kembang.

Upacara iki minangka perlambang sawijining


kepala keluarga sing tanggung jawab mring
keluarga.
UPACARA PUPUK
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka
mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa
dadi perangan kulawarga.
UPACARA SIDURAN
• Lumampah alon-alon kanthi nyampirake
kain sindur, minangka tandha pinanganten
sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
UPACARA TIMBANG
Pinanganten sak kloron lungguh neng
pangkonane Bapake penganten putri,
minangka perlambang sih katresnane
wong tuwa marang anak lan mantu saha
besan.
Kacar kucur
DAHAR KLIMAH
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan
minangka perlambang pinanganten sak kloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
MERTUWI
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan
bebarengan tindak neng acara resepsi,
SUNGKEMAN
• Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun
pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak
acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi
utawa walimahan.

Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara


selametan, selamet merga inti acarane yaiku
ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing
acara iki, pasangan penganten nampa ucapan
selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing
hadir neng acara iki.
Cekap semanten

Anda mungkin juga menyukai