Anda di halaman 1dari 6

Nama Lengkap Noviyandanu Saputra

NIM 2088201027
LEMBAR JAWABAN Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia
UAS SEMESTER GENAP No. Pendaftaran UAS NO UAS: PBSI/I/II/863
TAHUN AKADEMIK 2020/2021
Mata Kuliah Bahasa Jawa

1. Tembang macapat wonten 11 sekar yo iku:


a) Maskumambang
Saka 'kemambang' = nggambarake janin utawi jabang bayi nang njero
rahim ingkang durung jelas lanang utawi wadon
b) Mijil
Nggambarake laire bayi sing wis genah lanang utawi wadon
c) Sinom
Saka 'sing enom' = nduweni makna kudu nggayuh cita-cita, pemudha
kudu semangat (remaja)
d) Kinanthi
Saka 'dituntun' = kudu diarahna (diarahaken maring sing bener) / pemuda
harus diarahkan, biasanya pada masa-masa ini pemuda mencari jati
dirinya
e) Asmaradana
Asmara iku cinta, dhana iku api. Asmaradana (api cinta). Ing saben
manungsa bakal tresno marang lawan jenise
f) Gambuh
Sawise tresno, menawi sampun cocok kudu nikah
g) Dandang gula
Nggambarake manise urip (berumah tangga)
h) Durma
Weh-weh (memberi) marang sapadhaning wong urip
i) Pangkur
Wong yen wis tua kudu ngurangi hawa nepsu
j) Megatruh
Megat iku pisah, ruh iku roh. Antara raga lan ruh pisah.
k) Pocung
l) Wong yen wis mati dikafani (dipocong).
2. Nuju sawijining dinten putra putri Prabu Brawijaya nandang gerah
(sakit) ingkang modal sakathahing jejampi, anggenipun nandang gerah
sakelangkung sanget (nemen) malah mindhak dinten gerahipun soyo sanget.
Ingkang wusananipun Prabu Brawijaya ngawontenaken sayembara kangge
ngupadi waluyanipun gusti putri. Sayembara puniko enggal dipun biwarakaken.
Ingkang saklajengipun pawartos puniko ngantos kapireng dumugi ing Kaprajan
Mataram, malah ngantos dumugi tlatah Wengker Kidul (wewengkon Pacitan).
Kacariyos ing wewengkon wengker kidul menawi sapuniko wewengkon pacitan,
wonten kawulo ingkang naminipun Ki Nolodermo, saking Dusun Karangtalun,
Deso Gedhompol, Kecamatan Donorojo, Kabupaten Pacitan. Wonten
wewengkon Pacitan puniko panjenenganipun mujudaken priyantun ingkang
sampun kondang kaonang-onang, amargi saking sekti ingkang linangkung,
kajawi sakti inggih dados tiyang ingkang sabar narimo tawakal saha wicaksono
tur remen tetulung dhumateng tiyang sanes, liripun remen paring boga
dhumateng ingkang kluwen, paring teken dhumateng kalunyon, paring saka
dhumateng ingkang kesusahan. Langkung-langkung sareng midhanget Prabu
Brawijaya ingkang nembe Nanchang susah, menggalihaken gerahipun
putrinipun, ngantos ndamel sayembara ingkang mekaten, pramilo Ki Nolodermo
siyaga ngaturaken darma bhakti dhateng Raja Majapahit Prabu Brawijaya,
kadana nglebeti sayembara.

Nanging sejatosipun Ki Nolodermo mboten badhe pados ganjaran karana


sayemboro, amargi saestu kanthi ati ingkang suci nanging kepengin ngaturaken
dharma bekti inggih puniko kepengin ngusadani gerahipun Gusti Putri, inggih
mujudaken wajahipun kawula dhumateng Gustinipun. Ingkang wasananipun
kanthi niat ingkang jejeg, ati ingkang suci, Ki Nolodermo bidhal dhateng
Mojopahit kanthi lumampah pados margi tarabasan medal satengahipun
wanagung minggah gunung, mandhap jurang ing pangajab enggal saget dumugi
ing Kaprajan Majapahit. Ringkesing cariyos Ki Nolodermo sampun saged
dumugi ing Kaprajan Majapahit. Ananging sareng dumugi ing sangajengipun
Gapuro Pendhapi Agung Majapahit, Ki Nolodermo dipun endheg dhumateng
poro prajurit Mojopahit. Ki Nolodermo mboten dipun parengaken lumebet
dhateng kraton sinaosa badhe nglebeti sayembara, amargi poro prajurit mboten
yakin bilih Ki Nolodermo saged ngusadani gerahipun Gusti Putri, amargi
pancenipun menawi dipun tinggali nggi mboten ketawis kasektenipun.
Wusana dados daredah antawisipun Ki Nolodermo kaliyan poro prajurit
samikawon anggenipun bondayuda kaliyan Ki Nolodermo, saking ramenipun
anggenipun sami memangsakan ngantos kapireng Gusti Prabu Brawijaya. Prabu
Brawijaya wusananipun miyos salajengipun ndangu dhumateng prajurit, ono
opo kok podo rame gegeran? Prajurit matur bilih wonten tiyang badhe nderek
nglebeti sayembara, ananging kulo sakanco mboten ngyakinaken menawi tiyang
meniko saged ngusadani Gusti Putri. Saklajengipun Prabu Brawijaya nimbali
ingkang badhe nderek nglebeti sayembara, saklajengipun Prabu Brawijaya
ndangu name saha alamatipun ingkang jangkep. Tiyang kolowau enggal matur
kanthi hurmart, bilih naminipun Nolodermo, saking padesanan Karangtalun,
Deso Gedhompol, Kec. Donorojo, Kabawah wewengkon wengker kidul.
Sejatosipun Prabu Brawijaya ugi mboten percados menawi Nolodermo saged
ngusadani anangeng gandheng Prabu Brawijaya puniko nalendro inkang
wicaksono pramilo Nolodermo dipun tampi dipun ajak lumebet wonten
pasareyanipun Gusti Putri. Sareng sampun lumebet, Ki Nolodermo enggal
ningali gerahipun Gusti Putri, satemah kagyat raosing penggalih kok sanget
saestu gerahipun Gusti Putri. Pramilo Ki Nolodermo nyuwun inah setunggal
dalu kangge nuwun nugrahaning Gusti Ingkang Moho Suci kaparengo paring
petunjuk kangge ngusadani Gusti Putri.

3. Upacara Adat Jawa


a) Ingkang wonten hubunganipun kaliyan tiyang/manungso
• Wetengan (nembe mbobot), antawisipun :
• Ngupat (neloni), inggih punika bobotan 3 wulan.
• Nliman, inggih punika bobotan 5 wulan.
• Mitoni utowo tingkeban, inggih punika bobotan 7 wulan.
• Klairan, antawisipun;
• Mendhem ari-ari, Brokohan, Sepasaran, Aqiqah (bayi umur 7 ndalu),
Puputan/dhautan, Selapan
• Bocah
• Tedhak siten (wancinipun lare brangkangan)
• Tingalan (wancinipun lare temeteh)
• Nyapih (lare dipun sapeh mimikipun/kethingan)
• Lajang
• Khitanan (kanggenipun lare jaler)
• Pangur (limrahipun remaja pawestri)
• Jaka saha Prawan
• Mlebet alaming dewasa wancinipun dados penganten
• Penganten adat jawi

Menggah lampahipun upacara adat jawi antawisipun inggih punika:

❖ Lamaran, inggih punika kulawarga calon penganten kakung nglamar


calon penganten putri.
❖ Siraman, upacara siraman makaten minongko pralambang ngresiki
jiwanipun calon penganten.
❖ Midodaren. wonten ing acara punika calon penganten putri dipun pingit
wonten salebeting gedhong mayang arum wiwit jam 18.00 ngantos
tengah dalu lan dipun kancani sedherekipun ingkang pawestri,ngiras
pantes dipun paringi pitungkas utawi piwucal suci bab mbangun
balewisma.
❖ Srah-srahan, inggih punika pihak calon penganten kakung masrahaken
ubarampe saha prabeya (biaya) ingkang badhe kagem angragati biaya
akad nikah ngantos pawiwahan pahargyan dhauping sri panganten.
❖ Ijab kabul,inggih punika acara akad nikad ingkang dipun pimpin saking
KUA. Minongko pencatat nikah.
b) Ingkang wonten hubunganipun kaliyan alam
• Sedhekah bumi yaiku upacara tradisional sing nglambangake rasa
syukur manungsa marang gusti allah swt. Sing wis nyedhiyakake
rezeki liwat bumi kanthi wujud kabeh jinis produk bumi. Upacara iki
sejatine misuwur banget ing Indonesia
• Bersih desa yaiku upacara tradisonal slametan utawa jawa kanggo
menehi sesajen marang danyang desa. Sesajen kesbut diwenehake
saka kewajiban saben kulawarga kanggo nyumbang panganan lan
ngresiki desa saka roh roh jahat sing ngganggu
• Tolak bala yaiku obat kanggo bencana (bebaya, penyakit lan
sapanunggalane) kanthi mantra ( pesta lan liya-liyane)
c) Ingkang wonten hubunganipun kaliyan kepercayaan
• Nyadran (resik kubur/luwur) yaiku minangka seri budaya kanthi
reresik kuburan leluhur, nyebar kembang, lan puncakipun minangka
perayaan keslametan ing kuburan leluhur
• Khaul (ngluwari ujar).

4. Urutan dino, pasaran lan sasi jawa


• Dino
Senin(soma), Selasa(anggara), Rebu(Buda), Kemis(Respati),
Jemuah(sukra),cSebtu(Tumpuk), Minggu(dite).
• Pasaran
Paing, pon, wage, kliwon, legi
• Sasi
Sura, sapar, mulud, bakda mulud, jumadil awal, jumadil akhir, rejeb,
ruwah, pasa, sawal, longkang, besar.

5. Ing Madyo Mangun Karsa, Ing Ngarsa Sung Tulada, Tut Wuri Handayani,
tegese yaiku:
➢ Ing Madyo Mangun Karso
istilah ing gadhah artos “wonten”. sawentawis istilah sanesipun, inggih
menika madya gadhah artos “tengah”, mangun gadhah artos “maringaken”,
lan karsa gadhah artos 'sengkuyung' utawi saged ugi dipunartosaken dados
'niat'. Rangkean semboyan ing madya mangun karsa gadhah artos wonten
tengah maringi sengkuyung, kekajengan, utawi niat.
➢ Ing Ngarsa Sung Tulada
Ing gadhah artos "wonten", ngarsa gadhah artos “ngajeng”, sung gadhah
artos “dados”, lan tulada gadhah artos “tuladha” utawi 'panutan'. Artos
semboyan ing ngarsa sung tulada saged dipunartosaken menawi
setunggaling tiyang guru utawi pendidik kedah dados panutan utawi
maringaken tuladha.

➢ Tut Wuri Handayani

Semboyan kaping tiga inggih punika tut wuri handayani. tut wuri gadhah
artos “wonten wingking” utawi 'tumut (nderek) saking wingking' lan
handayani gadhah artos 'maringi sengkuyung'. Mila, tut wuri handayani
gadhah artos wonten wingking utawi saking wingking maringi sengkuyung
utawi dorongan.

Anda mungkin juga menyukai