Nama : Dwi Rahmawati, S.Pd. Nomer : 201901347371 Kelas : 001 Bahasa Jawa Judul Modul Wirausaha Budaya Jawa Judul Kegiatan Belajar (KB) 1. Wirausaha Budaya Jawa 2. Sesorah 3. Busana Jawa 4. Gending Jawa lan campursari No Butir Refleksi Respon/Jawaban 1 Daftar peta konsep Kegiatan Belajar 1: Wirausaha Budaya Jawa (istilah dan definisi) di 1. Ritual pribadi yaiku ritual kanggo diri pribadhi utawa modul ini kulawarga dhewe. 1) Slametan: minangka rasa sokur tumrap Gusti kang paring rejeki, tuladhane munggah pangkat. Lumrahe slametan nggunakake sega tumpeng, lawuh, lan sajen. 2) Syukuran: minangka rasa sokur, amarga mari saka larane utawa ucul saka prakara urip kang dirasa abot.
2. Ritual umum yaiku ritual kang kanggo masarakat lokal
utawa desa, tuladhane upacara bersih desa, nduweni ancas ngajab keslametan tumrap masarakat desa, gegayutan karo kramatan ing desa, utawa mbeneri dina adeging desa.
3. Ritual negari yaiku rituang kang padatan amung kanggo
Raja, Ratu, pimpinan, negari lan rakyat, duwe pangajab keslametan tumrap masarakat karaton utawa negara. a) Upacara Mahesa Lawung: upacara kang dilaksanakake ing satus dina sabubare 17 Sura, tengere yaiku mendhem endhas kebo ing alas Krendhawahana Kecamatan Gondangrejo Karanganyar.
b) Upacara Babaran: upacara kanggo si jabang bayi ing
kandhutan, wektu lair nganti tumeka nyapih 1) Ngupati: ubarampe kanggo upacara ngupati yaiku kupat, sega punar, lelawuhan daging, sambel goreng, lan apem. 2) Tingkeban: upacara nalika jabang bayi umur pitung sasi ing kandhutan lumrahe dislameti nganggo upacara mitoni. Ancase nolak mala kanggo ibu lan si jabang bayi supaya proses pangriptane manungsa bisa sampurna. Upacara mitoni utawa tingkeban namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. 3) Procotan: upacara nalika jabang bayi umur sangang sasi ing kandhutan Sajene awujud jenang kang bakale glepung diwenehi gula jawa lan gedhang raja, lumrahe kasebut jenang procot. 4) Brokohan: upacara kanggo nylameti bayi kang nembe lair. Ancase brokohan yaiku kanggo menehi ngerti para tangga teparo manawa bayine lair kanthi slamet. 5) Sepasaran yaiku upacara kanggo mengeti limang dina laire bocah. Upacara sepasaran padatan dilakoni bebarengan karo puputan. 6) Selapanan: upacara selapanan dilakoni manawa bayi umure 35 dina. 7) Tedhak Siten: upacara kanggo nylameti bocah kang ngidak lemah sepisanan. 8) Nyapih: upacara nyapih ancase kanggo nylameti bocah kang wis ora nyusu ibune. Padatan bocah disapih umur 2 taun.
c) Mantu tegese duwe ewuh ngemah-emahake
putrane. Lumrahe tiyang sepuh penganten putri kang kagungan damel. 1) Nontoni yaiku ritual kanggo nonton bibit, bobot, bebet mligine kahanan kulawarga dan calon penganten putri. 2) Nglamar yaiku nemtokake jejodhoan bisa dilampahake utawa ora. 3) Paningset yaiku pasrah sanggan lan kalpika minangka pangiket lan pangentheng- ngentheng saking pihak calon penganten kakung. 4) Upacara Buwangan yaiku upacara kango nulak mala lumrahe kalaksanan sadurunge adicara pawiwahan mantu supaya nir ing sambikala kalis ing rubeda pinaringan gancar sakabehane. 5) Pasang tuwuhan yaiku ubarampe awujud tuwuhan kang dipasang ana ing gapurane pawiwahan. 6) Siraman yaiku ritual nyirami calon penganten putri/kakung kang pungkasan, sedina sadurunge panggih, supaya calon penganten kekalih suci lair lan batine. 7) Sade dhawet yaiku ibu calon penganten putri nyade dhawet dene bapake kang ngewangi mayungi. 8) Plangkahan yaiku upacara kanggo adhi kang nglangkahi mbakyu/kangmase sing durung krama. 9) Srah-srahan yaiku upacara srah-srahan sanggan kanggo penganten putri. 10) Midodareni yaiku upacara kang dilampahake ing wengi sadurunge ijab, calon penganten putri dikancani ibu-ibu kang paring wejangan kanggo nglampahi palakrama. 11) Kembar Mayang saka tembung kembar lan mayang yaiku rerenggan saka janur kuning pralambang penganten kakung lan putri kang ngemu teges kembar sih lan tresnane, kembar cipta, rasa, lan karsane 12) Ijab yaiku upacara kang wigati kanggo antuk status resmi saking negara. 13) Panggih yaiku penganten kakung lan putri ditemokake sabubare ijab. 14) Kalpika yaiku ali-ali bunder gilig, boten sigar penjalin utawa mawi pedhotan. Ateges tresnane penganten bisa awet, tan pedhot, saka donya tumeka delahan. 15) Rerenggan pelik-pelik yaiku gelang, kalung, suweng, lsp. 16) Suruh ayu lan gedhang ayu yaiku salah siji ubarampe upacara mantu ngemu teges manawa sampun manunggal ing rasa, cipta, lan karsa sakloron bisa saeka praya ing sedya, saeka kapti ing pakarti. Manawa gedhang ayu duwe pangajap supaya tumindake pinindha raja kang sarwa tanggung jawab. 17) Cengkir gadhing yaiku salah siji ubarampe mantu yaiku cengkir jinis gadhing kang kagambar pepethan wayang Kumajaya-Ratih utawa Janaka-Sumbadra. Tegese cengkir ngemu banyu kang suci mugi tresnane jalwestri linambaran tresna kang suci kaya paraga wayang kasebut. Bisa uga ateges kencenging pikir anggone jejodhoan lan omah- omah. 18) Buwuh saka kerata basa imbuh-imbuh anggone ewuh. Sanggan awujud dhuwit minangka pangentheng-entheng tumrap kulawarga penganten putri. 19) Urip-urip yaiku salah siji ubarampe mantu kayata ayam (lancur lan dhara) utawa kambangan, bisa uga banyak sejodho. Ateges kang arep jejodhoan bisa tanggung jawab tumrap brayate, kaya dene urip-urip.
d) Upacara Sripah: upacara kanggo wong tilar donya.
1) Wara-wara: paweh kabar marang tangga teparo lan sanak kadang manawa kulawargane kasripahan. 2) Ngrukti Laya: ngrumat jisim wiwit saka nyuceni, ngangkatke layon, lan ndongakake ing sarean. 3) Surtanah/Bedhah Bumi: upacara nyawisake pasarean kanggo jisim sing arep dikubur. 4) Brobosan upacara kanthi cara kulawarga layon mlaku mbrobos sangisore jisim sing diangkat. 5) Ngesur Geblag: uapacara kang dilakoni ing wayah sore sabubare mayit dikubur. Ngesur geblag ngemu teges mindhahake alam donya menyang alam akherat, manungsa bakale saka lemah bali menyang lemah. 6) Nelung Dina: yaiku selametan telung dina sabubare jisim disarekake. 7) Mitung Dina: yaiku selametan pitung dina sabubare jisim disarekake. 8) Matang Puluh: yaiku selametan patang puluh dina sabubare jisim disarekake. 9) Nyatus: yaiku selametan satus dina sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara padha karo upacara matang puluh. 10) Mendhak Pisan: yaiku selametan setaun sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara padha karo upacara nyatus. 11) Mendhak Pindho: yaiku selametan rong taun sabubare jisim disarekake. Ubarampe lan tata cara padha karo upacara mendhak pisan. 12) Mendhak Katelu (Nyewu): yaiku selametan telung taun sabubare jisim disarekake. 13) Kol/kol-kolan: yaiku selametan kang dilakoni setaun sawise nyewu 14) Nyadran: yaiku jiarah kubur, lumrahe dilakoni sasi Ruwah sadurunge wulan pasa kanggone wong Islam.
Kegiatan Belajar 2: Sesorah
1. Sesorah yaiku ungkapan kang awujud ukara-ukara kang tinuju marang piyayi akeh utawa wacana kang disiapake lan diwaosake dhateng kalayak, kanthi ancas supaya pamiyarsa bisa mundhut teges, mahami, narima, sarta gelem nglakoni apa wae kang kawedharake dening piyayi kang sesorah a. Metode impromptu (dadakan): yaiku cara sesorah kang ora nganggo persiapan utawa ora direng-reng anggone arep sesorah luwih dhisik. b. Metode ngapalake yaiku sesorah kanthi cara ngapalake isine teks sesorah. kang wis direng-reng sakdurunge. c. Metode naskah yaiku sesorah kanthi cara maca isi- isining naskah kang wus direng-reng sakdurunge. d. Metode ekstemporer (cathetan)yaiku metode sesorah kanthi nganggo cathetan babagan kang penting (garis besar) saka isi sesorah.
2. Cengkorongan Sesorah yaiku kerangka pidato.
a. Salam pambuka isine atur salam marang piyayi kang mirengake sesorah. b. Purwaka (pambuka) isine ukara sapaan kanggo piyayi kang mirengake. c. Isi (surasa) : Apa kang dadi sedya sesorah apa ngaturi panglipur, pawartos, lan sakpanunggale. e. Dudutan /wigati/ringkesan : wigatine apa pamedhar sabda matur ing sangarepe piyayi. f. Pengarep-arep isine yaiku apa kang dikarepake (disuwun) dening pamedhar sabda). Jinis-Jinis Sesorah 1) Sesorah Resmi: Kanggo ka anan kang asipat resmi, lumrahe piyayi kang sesorah maca naskah kang wis disiapake luwih dhisik supaya ora salah anggone sesorah lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. 2) Sesorah Setengah resmi: piyayi kang sesorah bisa ngandharake sesorah utawa pidhatone rada longgar. 3) Sesorah ora resmi: piyayi kang sesorah bisa ngandharake sesorah miturut tujuan utawa selera piyayi kang mirengake. 4) Sesorah to inform kang ancase kanggo nyukani pawarta: Sesorah jinis iki isine informasi babagan kedadeyan kang lagi dumadi. 5) Sesorah to instruct ancase menehi instruksi utawa perentah 6) Sesorah to convince sesorah jinis iki isine panemu supaya pamiyarsa yakin apa kang kawedhar iku bener. 7) Sesorah to intertain sesorah jinis iki isine palipur supaya pamiyarsa dadi seneng/lega. 8) Sesorah to move sesorah kang ancase kanggo ajak- ajak massa. 9) Sesorah to warn: sesorah kang ancase kanggo ngelingake 10) Sesorah to arouse: sesorah kang ancase mbangun semangat 11) Sesorah to impress sesorah kang ancase nggawe sengsem biasane digunakake wektu kampanye kanthi ancas supaya pamiyarsa duwe pambiji kang becik tumrap pamedhar sabda. 12) Sesorah to interest sesorah kang ancase gawe narik kawigaten 13) Sesorah to persuade (persuasif) sesorah kang ancase ajak-ajak. 3. Subasita/trapsila utawa tata karma, ana ing sesorah kalebu solah bawa. 4. Gesture: solah bawa 5. skala interval yaiku mbiji sesorah kanthi menehi biji 1 nganti 4 kaya ana ing ketrampilan nulis.Bab-bab kang kudu dibiji yaiku basa, sikap, lan kelancaran. 6. [ / ] : tandha kang biasane dienggo dhasar maca sesorah tegese yaiku.kendel sawetawis kaya [,] ing basa tulis 7. [//] : tandha kang biasane dienggo dhasar maca sesorah tegese yaiku. mandeg/full stop kaya [.] ing basa tulis 8. : tandha kang biasane dienggo dhasar maca sesorah tegese yaiku. intonasi (munggah utawa mudhune swara) 9. [ab] : tandha kang biasane dienggo dhasar maca sesorah tegese yaiku. diwaos dadi siji. 10. Pranatacara: yaiku pawongan kang ngandharake reroncening adicara kanggo para rawuh kanthi wicara (cara berbicara), wirama (irama dalam berbicara), wirasa (perasaan), dan wiraga (sikap badan) kang trep. a. Olah swara : Sanguning pokok pranataca logat, pocapan, napas, tegas, cetha, boten blero/bindheng, membat-mentuling swanten, kajiwa b. Olah sastra : Sanguning pokok pranataca pilihan tembung, purwakanthi, sekar, pathetan, suluk, sendhon, ada-ada, pathetan, panyandra, paribasan, pepindhan, wangsalan, lsp. c. Magatra : patrap wajar boten dipundamel-damel d. Malaksana : luwes, boten ingah-ingih e. Mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong f. Maraga : boten rongeh/edheg/gumeter, mantep g. Malagawa : enthengan, trengginas h. Matanggap : tanggap swasana (susah,seneng) i. Mawwat : ngentasi karya
Kegiatan Belajar 3: Busana Jawa
1. Blangkon iku perangane busana Jawa kang mapan ana ing sirah. 2. Surjan: busana adat kanggo wong lanang ing tlatah Yogyakarta a. Surjan anatakusuma minangka busana penggedhene Mataram, mula kain kang digunakake dudu kain sing padatane dinggo masarakat. Kain kanggo gawe busana surjan antakusuma yaiku kain sutra sing kepenak digunakake. b. Surjan lurik digunakake prawira karo prajurit mesthi wae beda karo sing digunakake para penggede. Surjan kang digunakake yaiku surjan lurik. 3. Keris yaiku salah sawijining gaman kang digunakake ana ing Jawa, minangka tosan aji sing penting ana ing jaman biyen lan bisa nuduhake kawibawan panganggone. a. Klabang pinipit (yogyakarta)/ ngogleng (Surakarta) yaiku cara nganggo keris kanthi cara nyelipake keris ana ing jero lontong sisih buri, anggone nyelehke keris rada miring, gandar ana ing sisih kiwa, banjur wrangkane ndemok lontong. b. Ngewal: cara nganggo keris padha karo klabang pinipit, bedane anggo keris model iki kerise rada munggah sithik saengga wrangkane ora ndemok lontong c. Satriya keplayu yaiku cara nganggo keris kanthi cara diselehake jejeg ana ing tengah-tengah sisih buri. d. Munyuk ngilo: cara nganggo keris meh padha karo ngewal, bedane yaiku ana ing madhepe keris. Keris sing dinggo kanthi cara iki gandare ana ing sisih tengen. e. Nganggar yaiku cara nganggo keris kanthi cara nyelehake keris ana ilat-ilatan wadhah keris sing ditrap ing bangkean. f. Nyothe: yaiku cara nganggo keris kanthi cara nggawa keris kanthi nylesepake ana lontong ing bangkean ngiringan (nyothe A). Ananging nyothe uga bisa kanthi cara nggawa keris ana ing sisih ngarep (nyothe B). 4. Kebaya: busana tradisional kanggo wong wedok Jawa yaiku kebaya. Yogyakarta digawe nganggo kain brokat. a. kain brokrat: minangka kain sulaman kang ana motife, nanging amarga sulamane sing rada arang- arang kain iki semrawang menawa dinggo mula sadurunge nganggo kebaya kudu nganggo kemben dhisik. 5. Jarit yaiku kain batik kang dawa. Menawa batik iku minangka kain tradisional Jawa kang digambari nganggo malam, yaiku salah sawijining jinis lilin kang mligi kanggo mbatik. a. Wiru yaiku tekukan-tekuan ing pucukane jarit kang cacahe kudu ganjil. 6. Stagen: blebet kang digawe ing bangkean supaya jarik sing wis dinggo kenceng. 7. Beskap: Busana adat kanggo wong lanang ing kasunanan Surakarta. a. Beskap cekak iku mburine krowak, nganggo keris. b. Beskap landung iku anggone nganggo tanpa keris amarga mburine buntet utawa tanpa krowak. 8. Atela: busana adat kanggo wong lanang ing kasunanan Surakarta meh padha karo beskap, sing marai beda amung mapane benik. Benik kang ana ing beskap mapan ana ing tengen kiwa. Ananging, menawa atela, benik mapan ana ing tengah wiwit saka gulu tekan ngisor, 9. Sikepan, busana adat kanggo wong lanang ing kasunanan Surakarta, sikepan iku kaya atela, ananging benike dibuka, njerone nganggo rompi lan busana benikan (kemeja) 10. Langenharjan: busana adat kanggo wong lanang ing kasunanan Surakarta busana langenharjan iku wujude kaya campuran antarane beskap lan jas saka Eropa. 11. Corak parang: motif ana ing batik parang wujude kaya ombak a. Motif parang barong: salah siji motif jarik parang ing Kasunanan Surakarta adate dinggo minangka “pengageman dalem” nuduhake menawa raja kudu ngati-ati nalika nglampahi kwajibane. b. Motif parang gendreh: salah siji motif jarik parang ing Kasunanan Surakarta adate minangka ageman permaisuri/garwanipun raja wujude luwih cilik mbangane motif parang barong, ananging luwih gedhe tinimbang parang klitik. c. Motif parang klitik salah siji motif jarik parang ing Kasunanan Surakarta mligi dinggo putra putri raja.
Kegiatan Belajar 4: Gending Jawa lan campursari
1. Gendhing tegese yaiku: (a) juru utawa tukang gawe gamelan. (b) Lagu utawa lelagon kang tuwuh/ metu saka suwaraning gamelan, tuladhane gendhing karawitan Jawa. 2. Gendheng: lagu utawa lelagon kang tuwuh utawa metu saka suwarane manungsa. 3. Ricikan yaiku wilahane gamelan 4. Laras yaiku suwara kang tumata lan gumathok, 1) Laras Cilik, yaiku laras kang suwarane cilik, methit utawa dhuwur; wiwit saka “laras gulu gender penerus” ing perangan tengah mandhuwur. Prekara iki larase padha “saron barung”. 2) Laras Madya (tengah utawa sedheng), yaiku laras kang suwarane madya, sedheng utawa tengahan; wiwit saka “laras nem gender penerus” ing perangan tengah sapangisor . Bab iki larase padha larase “saron demung”. 3) Laras Gedhe, yaiku laras utawa suwaraning gamelan kang gedhe utawa cendhek; wiwit saka “laras nem gender barung/ gedhe” ing perangan tengah sapangisor. Bab iki larase padha larase “slenthem” 5. Irama yaiku ukuran “lamban cepete” utawa “rindhik rikate” panabuhing gamelan lan bola-baline dhong- dhing. “Dhong” tegese suwara kang antep, lan “dhing” tegese suwara kang ampang. 6. Pathet yaiku endhek dhuwuring gendhing utawa lagu. a. Laras Slendro Pathet 6 (Enem), kanthi dhasaring suwara laras 2 (loro, gulu); b. Laras Slendro Pathet 9 (Sanga), kanthi dhasaring suwara laras 5 (lima); c. Laras Slendro Pathet Manyura, kanthi dhasaring suwara laras 6 (nem). d. Laras Pelog Pathet 5 (Lima), Pathet 5 (Lima), kanthi dhasaring suwara laras 1 (panunggul utawa bem), e. Laras Pelog Pathet 5 (Lima), Pathet 6 (Nem), kanthi dhasaring suwara laras 5 (lima), f. Laras Pelog Pathet 5 (Lima), Pathet Barang, kanthi dhasaringsuwara laras 2 (loro, gulu). 7. Gendhing kanggo Nabuhi Wayang Purwa 8. Kaperang miturt wektune: a. Pathet 6 (Nem) Laras Slendro lan Pelog; kanggo ngiringi utawa nabuhi wayang purwa jam 21.00 – 24.00 WIB, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal. b. Pathet 9 (sanga) Laras Slendro lan Pathet 5 (lima) laras Pelog; kanggo nabuhi utawa ngiringi wayang jam 24.00-03.00 WIB, wiwit jejer pandhita lan metune bambangan utawa satriya utawa adegan gara-gara (panakawan: metune paraga Semar, Gareng, Petruk, Bagong) tekan perang kembang utawa Cakilan. c. Pathet Manyura Laras Slendro lan Pathet Barang Laras Pelog; kanggo nabuhi utawa ngiringi wayang jam 03.00 – 06.00 WIB, wiwit sabubare perang kembang (Cakilan) tekan rampung utawa paripurna yaiku tancep kayon (gunungan). Diarani “manyura” ateges merak utawa nyedhak, maksude ing wektu iku wis prakesuk, wis cedhak esuk, pagelaran utawa tontonane wayang wis rampung. 9. Wataking Gendhing a. Sigrak watak gendhing sing semangat, kayata gendhing Ladrang: Diradameta, Kagokmadura, lan liya-liyane. b. Lanyap watak gendhing sing grapyak nanging alus, kayata gendhing Ladrang: Sriwibawa, Tirtakancaana, lan liya-liyane. c. Anteng watak gendhing sing ruruh lan alus tuladhane gendhing Ladrang: Gonjang-ganjing, Kembangtanjung, lan liya-liyane. d. Trenjuh watak gendhing sing welas, memelas, terharu tuladhane gendhing Ladrang: Tlutur, Eling-eling Kasmaran, lan liya-liyane. e. Gecul watak gendhing sing lucu, ngguyokake, tuladhane gendhing Ladrang: Mandraguna, Gegot, lan liya-liyane. f. Lega lan Gembira, tuladhane gendhing Ladrang: Pangkur (kang dikibarake digarab kanthi sigrak ), Asmaradana (kang dikebarake), lan liya-liyane. 10. Guna lan Panganggone Gendhing-gendhing a. Gendhing-gendhing Patalon aiku gendhing- gendhing kang dianggo “Talu” utawa pagelaran wayang purwa utawa wayang kulit wis arep diwiwiti, yaiku gendhing b. Gendhing Kodhok-ngorek, kanggo ngiringi utawa nabuhi temune panganten. c. Gendhing Bojong, kanggo nabuhi jogede panganten lanang (ing tajub). d. Gendhing Gangsaran, suwuk dadi Ketawang Pisang-bali, kanggo nabuhi gladhen perang utawa Beksan Wireng. e. Gendhing Gedhe, yaiku tabuhane: kethuk 4 kerep, sakenongan 32 thuthukan, kenong 3 (telu), lan (papate bareng karo gong). f. Gendhing Tengahan, yaiku kang tabuhane: kethuk 2 kerep, sakenongan 16 thuthukan, kenong 3 (papate bareng karo gong). g. Gendhing Ladrangan, yaiku kang cacah tabuhane: kethuk 2, sakenongan 8 thuthukan, kenong 3 (papate bareng karo gong). h. Gendhing Ketawangan, yaiku kang tabuhane: kethuk 2, sakenongan 8 thuthukan, kenong 1 (lorone bareng karo gong). Wondene “Ketawangan cilik” nganggo kempul, lan “Ketawangan gedhe” tanpa kempul. i. Gendhing Lancaran, jaiku sakabehe gendhing sing panabuhe rikat (seseg), kajata gendhing: Manyarsewu, Singanebah, Ricik-ricik, Kebogiro, Bendrong, lan liya-liyane. Sajroning gendhing lancaran iku, ana lancaran nibani (rada arang panabuhe), lan lancaran mlaku (panabuhe seseg utawa rikat). 11. Istilah-istilah Sajroning Gendhing a. Merong: Merong yaiku lelagoning gendhing kang durung munggah utawa durung mundhak kethukane. b. Buka: gendhing sing dianggo murwakani (mbukani) gendhing, sing lumrah utawa adhakan dhewe, yaiku rebab c. Umpak-umpak yaiku lelagoning tetabuhan ing sabubare utawa salebare buka. Umpak-umpakiku lumrah ditembangi, nganggo cakepan parikan utawa wangsalan. d. Gerong yaiku lelagoning tembang kang binarung utawa diiringi/ dibarengi ing gendhing. e. Gerong Luwih saka Sawarna f. Sindhenan yaiku lelagoning pasindhen (waranggana, seniwati) kang binarung utawa dibarengi swarane gamelan lan pradangga (penggerong), supaya mundhak muyek lan gajenge, kajaba digerongi lan disenggaki, gendhing iku nganggo disindheni. g. Lancaran: wujud utawa bentuke lagu/ gendhing Jawa,Singanebah: jenenge lagu / gendhing, h. Laras: yaiku urutane nada saka sing cendhek dhewe tekan sing dhuwur dhewe utawa sewalike. i. Pelog: jenenge larasing gamelan utawa gendhing, j. Pathet: wates suwarane gendhing utawa gamelan, k. Barang: jenenge pathet ana ing laras pelog. l. Milah: yaiku nabuh siji-siji kang padha karo nada utawa notasi / titilarase. m. Nggembyang: yaiku nabuh tangan loro bareng- bareng, kanthi nadane sing ditabuh padha suwarane/ nadane. n. Balungan yaiku ricikan (wilahan, instrument) : Demung, Saron Barung lan Penerus, Slentem. Ricikan mau disebut balungan amarga carane nabuh pas utawa padha angka utawa balunganing gendhing. o. Lambang (Tandha Notasi) Kendhangan Gendhing Lancaran: Katrangan : t = tak p = tung b = dhah . = tong A, B, C, D: kendhangan saben 1 (siji) cengkok sagongan. A: Kendhangan ing wiwitane lagu lancaran (ing cengkok 1), ditabuh sepisan wae. B: Kendhangan kang ditabuh “makaping-kaping utawa dibolan-baleni”,miturut kabutuhane sawise cengkok 1. C: Kendhangan “salahan” kanggo ngendhangi ing saben cengkok pungkasan ing gendhing lancaran. D: Kendhangan “suwuk” kanggo ngendhegake gendhing lancaran; ditabuh mung sepisan yen arep mandheg utawa rampung. 12. Campursari mujudake salah sawijining wujud kesenian musik kang tuwuh lan ngrembaka ing laladan Jawa, mligine: Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, lan JawaTimur. 13. Kelompok utawa Group Musik Campursari a. Siji Dhewe kelompok campursari saka laladan Bayalali b. Tirta Arum kelompok campursari saka talatah Jatim c. Orlandho kelompok campursari saka laladan Sala d. Bajang Koplak kelompok campursari saka Wonogiri 2 Daftar materi yang sulit 1. Wirausaha Budaya Jawa dipahami di modul ini 2. Busana Jawa 3. Gending Jawa lan campursari 3 Daftar materi yang sering 1. Wirausaha Budaya Jawa mengalami miskonsepsi 2. Sesorah 3. Busana Jawa 4. Gending Jawa lan campursari