Anda di halaman 1dari 4

Bab 1

Pambuka

a. Landhesan panaliten (Landasan penelitian)

Budaya masyarakat sing wis melekat dadiake masyarakat jawa njunjung dhuwur nilai-nilai luhur
teka kebudayaan iku.Salah sijine wujud kebudayaan sing seringkali dikenal karo masyarakat jawa yaiku
tradisi nyadran.Tradisi nyadran niki ditindaake turun-temurun.Ancase tradisi nyadran yaiku memanjatkan
do’a marang Gusti Allah SWT supaya diwenehi keslametan lan kesejahteraan.Tradisi iki yaiku salah sijine
warisan budaya nenek moyang,sing patut di lestariake.

Budaya masyarakat sing senantiasa dilestariake lan dijaga,bisa membentuk sebuah tradisi.Ana
faktor sing bisa mempengaruhi tradisi nyadran,yaiku kanggo menghormati para leluhur sing wis ciptakno
tradisi nyadran.Upacara nyadran uga duweni nilai sing terkandung ning jerone,kayata nilai keagamaan
yaiku masyarakat meyakini dening sing didapatno baik berupa kesehatan utawa kemakmuran marang
Gusti Allah SWT.Menurut wong jawa,ngelestariake tradisi duweni ancas yaiku kanggo ngilingo manungsa
supaya ora lali marang asal-usule.

b. Ancase panaliten/pengamatan

Ancase panaliten tradisi nyadran,yaiku:

1.Kanggo menambah wawasan lan pengetahuan dening tradisi nyadran sing wis dilaksanaake ing zaman
biyen sing isih dipertahakno.

2.Kanggo mengulas maneh apa sing disebut tradisi nyadran.

c. Guna mupangate (manfaat) panaliten/pengamatan

Manfaat panaliten tradisi nyadran,yaiku bisa mangerteni sing disebut tradisi


nyadran,menambah wawasan marang tradisi adat jawa.Manfaat panaliten kanggo awake dhewe, yaiku
bisa mangerteni marang tradisi adat jawa nyadran,menambah wawasan dening tradisi nyadran.Manfaat
panaliten kanggo wong liya,yaiku menehi wawasan marang tradisi adat jawa nyadran,lan tata carane
tradisi adat jawa nyadran. Kanggo panliti, diajab Panliten iki bisa nambah ilmu, kawruhlan wawasan, lan
menehi pangalaman ngenani kesenian kabudayan Jawa, mligine tradhisi nyadran Kanggo masyarakat,
diajab panliten iki bisa menehi pangalaman lan kawruh ngenani tata gelar lanmangerteni kepriye wujud
gegambaran tradhisi nyadran saengga bisa melu nguri-nguritradhisi tradhisional kasebut. Kanggo
generasi mudha, panliten iki dikarepake bisa menehi tambahaning wawasankanggo para generasi mudha
supaya gelem nguri-uri lan nglestarekake tradhisi nyadran.
Bab 2

Wosing isi

a. Pangerten (pengertian/definisi) upacara adat sing ditaliti

Nyadran asale saka bahasa sansekerta,sraddha sing artine keyakinan.Ing bahasa jawa,nyadran
asala saka kata sadran sing artine ruwah syakban.Secara etimologi,nyadran bisa diartiake sebagai bentuk
tradisi kaya kenduri sing ngunaake sarana tertentu sing biasane berwujud panganan besekan.Panganan
sing biasane kudu ana wayahe nyadran,yaiku berwujud ketan,kolak,lan apem.

Pengertian lebih lengkap,nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat
marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe
saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang,
kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku. Yen ing
desa Sambong manganan iku dianakake ing pesarehan, masyarakat ing kana nduweni kapercayan yen
panggonan iku dianggep keramat dadi masyarakat yen nganakake manganan saka wujud rasa syukure
marang Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ing pesarehane. Sakliyane mengeti nyadran utawa manganan
sing nduweni wujud rasa syukur marang Gusti Kang Akarya Jagad yaiku supaya ora ana gangguan roh
jahat lan mahluk alus.

b. Ancas para warga masyarakat nindaake upacara adat sing ditaliti

Ancase dilaksanaake tradisi nyadran yaiku memanjaatkan do’a marang Gusti Allah SWT supaya
diwenehi keslametan, kesejahteraan,lan kesehatan.Ungkapan rasa syukur marang Gusti Allah SWT wis
maringi asil bumi sing berlimpah.Berdo’a supaya diadohake marang bahaya sing sifate tolak balak.

c. Sapa wae paraga sing nindaake (terlibat) ing upacara adat kasebut lan sapa wae sing rawuh.

Sing terlibat ing upacara adat nyadran,yaiku para kepala desa lan perangkat desa,lan para warga
desa kasebut.Lan sing rawuh ing tradisi upacara adat nyadran,yaiku para warga desa sing ngadaake
upacara adat nyadran tersebut lan para warga desa saka desa liya.

d. Piranti lan ubarampe kang digunakake ing upacara adat kasebut.

Piranti lan ubarampe sing digunakake ing upacara adat nyadran,yaiku Ing sajrone nganakake
manganan ana syarat uba rampe sesaji sing kudu ana. Uba rampe iku yaiku apem, ketan lan kolak. Telung
sesajen iku dimaknai kanthi cara islami. Apem iku saka tembung Afuan ing tegese ampunan. Ketan iku
saka tembung khoto’an sing nduweni teges putih lan suci, yen kolak saka tembung kholaqo sing tegese
ang Pencipta. Saka telung sesajen iku dimaknai kanggo symbol eling marang Gusti. Nanging yen
masyarakat jawa negesi yen kolak iku tegese ojo ditolak artine apa sing dadi panjaluke moga-moga ora
sampek ditolak. Ketan tegese raketa yaiku supaya doa kawulo manunggal dening Gusti. Telung sesajen
pokok iku uga ditambahi karo tumpeng lan sego kaliyan lauk kayata iwak pitik.
Apem, ketan lan kolak iku saliyane dadi uba rampe sing wajib uga digunakake munjung (ater-ater) kanggo
dulur-dulure sing luwih tuwa lan tangga teparuhe. Saka iku nuduhake yen iku kabe dilakoni masyarakat
wujud rasa solidaritas lan sosial marang wong liya.

e. Tata cara nindakake upacara adat (langkah-langkah/tahapan kegiatan) wiwit purwakaning nganti
paripurnaning adicara.

Tata cara nindakake upacara adat nyadran,yaiku Ing nyadran, sadurunge acara inti lumrahe ing
desa, masyarakat sing ana ngresiki panggonan sing digawe nganakake acara nyadran. Sawise ngresiki,
masyarakat kampong nggelar kenduri ing panggonan utawa panggon kosong sing ana sakiwa tengene
panggon upacara nyadran. Saben kulawarga lumrahe nggawa macem-macem panganan, banjur lungguh
bareng-bareng ing pesarehan kanthi sila. Banjur kepala desa mbukak acara sing isine iku nduweni
maksud ngucapne rasa syukur lan matur suwun marang wargane sing wus gelem nggawa jajan lan
tumpeng (ambengan) uga wus gelem nyempatne melu upacara nyadran.

Saka tata cara iku, cetha yen nyadran iku ora amung ziarah ing pesarehane leluhur nanging uga
nduweni nilai-nilai social budaya kayata gotong royong, guyub. Saengga nyadran iku bisa ningkatne
ngrembakane kabudayaan Jawa lan tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka utawa tetep
lestari. Kanthi cara sosio-kultural, upacara nyadran iku ora bisa kaanggep ngresiki pesarehan leluhur,
slametan (kenduri), nggawe apem, kolak, lan ketan sing dadi sesaji. Nyadran utawa manganan iku
ndadekake silaturahmi kulawarga tetep utuh lan dadi transformasi sosial, budaya, dan keagamaan. Saka
ndhuwur iku cetha yen ana hubungan kekerabatan, kebersamaan, kasih sayang antarane warga. Sawise
iku mBah Moden sing wus dipilih dadi rois mimpin donga sing isine nyuwun sepura lan ngapura marang
leluhur lan marang Tuhan Yang Mahakuasa. Dongane nggunakake tata cara agama islam lan warga sing
ana padha ngamini.

Sawise donga iku rampung, kabeh warga desa sing ana ing panggonan upacara manganan iku
mbagi-mbagi tumpeng sing wus digawa. Saliyane iku, para warga uga padha barter jajan sing digawa,
padha omong-omongan utawa guyon-guyonan. Banjur sing ora bisa melu utawa warga sing ora mamu
ing desa diwenehi tumpeng (berkat) lan jajan kanthi cara diwenehne ning omahe.
Bab 3 Dudutan (kesimpulan) lan panyaruwe (saran).

a. Dudutan yaiku ringkesan kang wigati saka pengamatan kang ditindakake.

Dudutan upacara adat nyadran,yaiku ungkapan kesalehan social masyarakat sing nduweni rasa gotong
royong lan solidaritas sing dadi tujuwan utamane tradisi iki. Saliyane iku, nyadran uga bisa ningkatne
hubungan marang Gusti lan masyarakat social saengga bakal ningkatne rembakane kabudayaan lan
tradisi sing wus ngrembaka dadi luwih ngrembaka maneh. Manganan iki uga dadi salahsijine dalan
kanggo njaga silaturahmi antarane masyarakat. Yen manganan iki dtiingkatne maneh rasa sosiale
masyarakat Indonesia iki bisa bener-bener dadi rukun, ayom-ayem lan tentrem.

Intine rembug, sakabehing titah kudu tansah mbekteni marang leluhur, senajan wis mapan ing alam
kelanggengan. Salah sawijining amalan kang ora pedhot ganjarane yaiku dongane anak putu kang sholeh
lan sholehah marang bapa ibu lan para leluhur. Dadi ora teges anak putu nyembah marang arwahe para
leluhur, ananging ndongakake supaya arwahe para leleuhur kapapanake ing papan kang mulya ing
sandhinge Gusti. Bektine anak kudu mikul lan mendhem jero karo wong tuwa.

Pungkasane, nyadran iku ngluhurake leluhur kang tundhone supaya eling lan manembah marang Kang
Maha Luhur.Menurut tradisi nyadran saat iki sing dilaksanakake masyarakat yaiku tradisi sing
dilaksanakake ing zaman wali songo,sakliyane mengajak masyarakat kanggo silaturahim,tapi uga kanggo
menjunjung tinggi nilai keagamaan.Saengga,pola pikir manungsa ora menganggap sesuatu sing
biasa,tetapi tradisi nyadran yaiku sesuatu tradisi sing duweni sifat sakral.

b. Panyaruwe yaiku pituduh lan saruwe (saran) kang katujokake kanggo panaliti dhewe uga kanggo para
panaliti kang nindakake panaliten liyane.

Sarane yaiku tetap menjaga kestabilan marang masyarakat dening ngejalanake tradisi
nyadran,maka setiap menjelang bulan Ramadhan,yaiku sya’ban utawa ruwah,aja dilalikake.Amarga iku
kanggo menjaga lan ngelestarikake sing diperuntukan kanggo penduduk terutama sing beragama
Islam.Maka,saka iku rasa saling duweni lan tanggung jawab diterapkan kanggo masyarakat Islam awit
cilik.Kanggo selalu ngilingake lan bersilaturahim marang para leluhur.Nanging hal iki dilaksanakake sesuai
dening kepercayaan pribadi masing-masing.Tetap dijaga lan dilestarikake supaya,anak cucu bisa
ngrasakake lan meruhi upacara adat nyadran lan upacara adat liyane.

Anda mungkin juga menyukai