Anda di halaman 1dari 8

BAB I

PURWAKA

Bebukaning Atur
Puji syukur panyerat ngaturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah
ingkang Maha Agung sahengga laporan punika kasusun kanthi sae. Mboten
kesupen kula lan kelompok aturaken matur sembah nuwun kagem Ibu Siti
Fitriah ingkang tansah paring dunga pangestu, ingkang sampun paring
kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged
rampung.
Laporan karya tulis kanthi irah – irahan “Upacara Adat Jawa Temu
Manten” punika minangka salah satunggaleng sarana gladhen nyerat.
Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester 1 kelas 11 mata
pelajaran Bahasa Jawa.
Mugi – mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saget
paring mapinten – pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkan
maos. Kula lan kelompok minangka panyerat ugi katah kakirangan, pramila
panyaruwe saha panyendung tansah kula antu – antu.

Jombang, 06 September 2019

Kelompok 3
Daftar Isi

I. PURWAKA ……………………………………………..……. 1

Bebukaning Atur …………………………………………….. 1

Daftar Isi ……………………………………………………… 2

II. SURASA ……………………………………………………… 3

1. Pangerten Upacara Adat Jawa Temu Manten ……………... 3

2. Sejarah Upacara Adat Jawa Temu Manten ………...……… 3

3. Umbarampe (alat lan bahan) lan Maknane ……….……….. 3

4. Urutan Upacara Adat Jawa Temu Manten ………………... 4

5. Pesan Moral Upacara Adat Jawa Temu Manten ………….. 4

III. WASANA …………………………………………………….. 5

Dudutan (kesimpulan) ………………………………………... 5

IV. DAFTAR PUSTAKA ………………………………………….6


BAB II
SURASA
1. Pengertian Upacara Adat Jawa Temu Manten
Salah sijine bagian upacara adat jawa temu manten yaiku, upacara
nemokake pengantin kakung lan putri. Upacara temu manten
dilaksanakake sawise upacara ijab kobul, yaiku acara sing paling penting ing
upacara temu manten. Upacara temu manten minongko perlambangan sih
katresnan lan kasetianing antarane penganten kakung lan putri dalam
keadan wis sah. Wektu upacara temu manten tiyang sepuh pengantin jaler
ora dipun paringi rawuh.
2. Sejarah Upacara Adat Temu Manten
3. Umbarampe (alat lan bahan) Lan Maknane
 Endok pitik mentah
perlambangan kepala keluarga sing tanggung jawab marang keluarga
 Banyu kembang
perlambangan kasih sayang pengantin putri marang pengantin kakung
 Gantalan
Gantalan iki ana isine godong sirih sing njerone diisi piang lan
dibungkus godong sirih sing diikat benang lawe, gantalan iki digawa
pengantin kakung lan penganting putri .
Gantalan iki lambangake sapa sing kangge ingkan domine nalika
keluarga, gantalan yen raup tengen babangan bebarengan percaya nalika
kluwarga pengantin kakung lan kerja bareng tanpa saka ndominasi
nanging kangge ngnekake salah sijine pengantin kakung wong pisanan
uatawa wong wadon luwih disek, mula sing dibukak dhisik sing
dominan luweh akeh ing ngatur kaluwarga iki sampek akhir.
 Kain sindur
perlambangan sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu saha
besan.
 Dhuwit logam, beras, lan biji-bijian
perlambangan pengantin jaler saged bertanggungjawab menehi nafkah
keluarga.
 Sega kuning lengkap kaleh lauk
Pengantin kakung lan putri dulang-dulangan, perlambangan pinganten
sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

4. Urutan Upacara Adat Temu Manten


1) Balangan Gantal (Sirih)
Gantal utawa sirih sing diikat kangge benang putih banjur saling
dilempar kaleh pengantin kakung lan putri. Pengantin kakung
lemparaken gantal ning dada pengantin putri lambangake penganting
kakung njupuk ati sang kekasih, lan pengantin putri nunjukake gantal
ning lutut penganting kakung lambangake bakti marang pengantin
kakung.
2) Ngidak Tagan (Ngincak Endog)
Ritual ngincak endog pitik mentah kaleh pengantin kakung dilaksanaake
lambangake harapan angsal keturunan ingkang kaleh pengantin
bebarengan. Selanjute, pengantin putri mbasuh suku pengantin kakung
lambangake kasih sayang.
3) Sinduran
Kain sindur warna abrit lan petak lambangake menehi keberanian
kanggo pengantin kakung lan pengantin putri. Kaleh pengantin di balut
kain sindur lan ditindakake menuju ing pelaminan kaleh bapak
pengantin putri.
4) Bobot Timbang
Sakwisih pengantin lenggah ing kursi pelaminan, langsung ritual
nimbang anak e dewe lan anak mantu bapak pengantin putri kangge
cara mangku kaleh mempelai. Banjur, ibu pengantin tindak munggah
ning atas panggung kangge nakoni sang bapak, sapa sing luwih abot ning
atarane.
5) Ngombe Rujak Degan
Rujak degan yaiku ombenan sing digawe saka serutan kelapa enom.
Tradisi iki dilaksanaake secara gantian, yaiku di ombe dadi siji ning gelas
kangge sak keluarga. Dikawiti saka Bapak banjur diterusake sang Ibu lan
diwenehna marang mempelai pengantin. Banyu kelapa iki lambangake
banyu suci sing isa membersihkan rohani sakkabehe anggota keluarga.
6) Kacar Kucur
Ritual iki dilaksanaake pengantin kakung sing nguncuraken dhuwit
logam,beras, lan biji-bijian. Lambangake pengantin kakung bakal
tanggungjawab menehi nafkah kangge keluarga.
7) Dhahar Klimah
Ritual iki antara pengantin kakung lan putri dulang-dulangan katahe tiga
kali kangge lambang kaleh pengantin bakal nulungi siji marang liane lan
saling madu kasih sampai tua.
8) Sungkeman
Sakkabehe prosesi upacara adat Jawa bakal diakhiri acara sungkeman,
yaiku berlutut marang tiyang sepuh masing-masing pengantin tanda
lambangake penghormatan nanging wis ngerawat anak sampai wis
jalani kehidupan anyar bebarengan pasangan.

5. Pesan Moral Upacara Adat Temu Manten


Upacara panggih (temu manten) nduweni arti minongko
perlambangan sih katresnan lan kasetianing antarane penganten kakung
lan putri dalam keadan wis sah. Upacara temu manten iki sing paling
dienteni pengantin. Urutan tata cara upacara adat temu manten sakmenika
nduweni arti dewe-dewe sing intine kangge persiapan pengantin njlani
pangurip susah lan seneng bebarengan.
BAB III
WASANA
Dudutan (Kesimpulan)
Kaliyan katahe tradisi iku kita ngerti yen masyarakat Jawa nduweni ritual
ritual ingkang kathah sing menarik lan nduweni makna kangge sang “manten”
sing bakal nglakoni urip bebarengan wong kaleh. Lan ing jaman sing modern saiki,
kanggo masyarakat muslim sing tetep pingin nglakoni prosesi nikahan sing
nggunakake adat Jawa tetep bisa nglakokake kaliyan modifikasine dhewe.
Makna ing symbol symbol lan hiasan ing mantenan yaiku kekayaan budaya
sing nduweni pelajaran urip sing ingkang kathah. Cara-cara kanggo nggali lan
nyosialisasiaken hal hal sing kangge nglestarikaken budayane.
Mekanten makalah ingkang kawula lan rencang rencang damel, mugi mugi
saget maringi manfaat dening para pamaos, kirang kawula ngaturaken angunging
pangapunten.
DAFTAR PUSTAKA
https://corojowo.blogspot.com/2010/02/panganten-adat-jawa.html?m=1
https://citra-keraton.blogspot.com/2015/10/tahap-demi-tahap-prosesi-temu-
manten.html?m=1

Anda mungkin juga menyukai