Anda di halaman 1dari 20

LAPORAN BABAGAN UPACARA PENGANTEN

TATA CARA KEJAWEN

Nama : Putri Wulandari


No : 14
Kelas : XI TATA BUSANA B

SMK N 2 MAGETAN
Atur Pambuka
Ingkang sepindah kula ngonjukaken puja lan puji syukur dumateng ngarsanipun gusti
ingkang maha esa, Allah swt. Bilih, kanthi rahmat lan hidayahipun kula saget damel tugas
makalah menika.
Adat tradisi jawa samenikaa sampun kalestarekake dhateng masyarakat. Salah
satunggalipun inggih menika upacara adat nenikahan.Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi
putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning
cak-cakaning tata cara adat ingkang sampun kesusun dening budaya.
Mila saking menika,makalah menika dipuntujuaken kagem nambah wawasan babagan
tradhisi ing tanah jawa, salah satunggalipun yaiku upacara penganten miturut tata cara utawi
adat kejawen. Upacara penganten iku salah satunggalipun saking tradhisi jawa ingkang paling
asring dipunlaksanakaken ing masyarakat jawa, bilih kanthi tujuan menika kula bakal
nerangake ing makalah menika bab upacara penganten miturut tata cara jawa.
Pungkasaning atur, mugi-mugi makalah menika saget bikak ‘jendela wawasan’ sinten
kemawon ingkang maos makalah menika. Saderengipun makalah dipunwaos, kula nyuwun
pangapunten menawi kula migunakaken basa ngoko. Matur suwun.
Daftar Isi
Atur Pambuka....................................................................................... i
Daftar isi.............................................................................................. ii
Motto ................................................................................................. iii

BAB I PENDAHULUAN
►Latar Belakang............................................................................... 1
►Tujuan.............................................................................................1

BAB II ISI
►Jinising Upacara Penganten............................................................ 2
►Conto-conto Upacara Penganten Tradisional................................. 2
►Upacara Penganten (Tatacara Kejawen)......................................... 2
DUDUTAN LAN PANYARUWE........................................ v

\
Motto

●Penting isi tinimbang rupa


●Rame ing gawe sepi ing pamrih
●Alon-alon waton kelakon
BAB I
►Latar Belakang
Makalah menika dipun damel kagem nglengkapi tugas saking Bp. Sandika, inggih
menika adamel makalah babagan “Upacara Penganten Miturut Adat Jawa”. Nenikahan
dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra-putrinipun ingkang sampon dewasa.
Dipunwastani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun(prawan)kaliyan jejaka ,
lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing
madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged
mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Upacara adat Jawa nenikahan iku salah sawijine upacara sakral adat Jawa sing nduwe
rantaman upacara lan tata cara sing wes pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake
sapatemonan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing kusus
kayadene raja lan ratu.
Rantaman adicarapenganten adat Jawa ing saben laladan beda miturut ekonomi saben
keluarga.
►Rumusan Perkara
Mantenan iku tradhisi ingkang dipunlaksanakaken kaliyan masyarakat ing tanah jawa.
Apa lan piye tatacaranipun sampun kaserat ing makalah menika.
►Tujuan
1. nglengkapi tugas lan ngudi kaweruh babagan tradhisi jawa utamanipun babagan
“Upacara Penganten Miturut Adat Jawa”.
2.Kanggo nambah wawasan lan pengetahuan dening tradisi sing wis dilaksanaake ing
zaman biyen sing isih dipertahakno.
BAB II
►Jinising Upacara Penganten
Neng Indonesia ana 2 cara upacara penganten, yaiku tata cara tradisional lan modern.
Tata cara modern dilaksanakake manut tata cara barat utawa eropa. Menawi tata cara
tradisional dilaksanakake manut tata cara adat sing dianut kaliyan penganten utawa
kaluwargane.
►Conto-conto Upacara Penganten Tradhisional
→Upacara penganten miturut adat Yogyakarta
→Upacara penganten miturut adat Surakarta
→Upacara penganten miturut adat Betawi
→Upacara penganten miturut adat Batak
→Upacara penganten miturut adat Sunda
→Upacara penganten miturut adat Melayu
lan sanes-sanesipun.
►Upacara Penganten (Tatacara Kejawen)
Upacara penganten (tatacara kejawen) sing bakal dibahas utamanipun tatacara adat
Yogyakarta. Tatacara penganten ana akeh tahapan-tahapane, yaiku :
►Utusan / Nontoni

Jaman biyen ora akeh calon penganten sing uwis kenal amarga namung dijodokake
karo wong tuwane. Supaya kaluwarga calon penganten bisa ngerteni calone (duwen
gambaran kepriye calone), kudu dianakake tahapan utusan. Uwong sing diutus nemoni
diarani congkok.
Tahapan iki uga diarani “dom sumuruping banyu” utawa penyelidikan rahasia.
Tahapan iki biasane dilaksanaake dening pihak penganten putra. Menawa calon penganten
putra saguh narima pilihan uwong tuwane bakal dianakake rapat kaluwarga kanggo
nentokake tata cara lamaran.
►Upacara Lamaran

Neng dina sing uwis ditentokake karo rapat kaluwarga, utusan saka calon penganten
putra nggawa ‘oleh-oleh’ neng omahe calon penganten putri. Panganan kuwi digawa nganggo
alat sing biyen gaweane diarani Jodang sing dipikul 4 wong lanang. Panganan iku biasane
digawe saka beras ketan, yaiku : Jadah, wajik, rengginan, lln. Panganan-panganan iku digawe
saka bahan baku ketan sing akeh glutene nglambangake supaya penganten bakal tetep
lengket. Sakbubare lamaran ditrima karo kaluwarga calon penganten putri, dianakake rapat
kanggo nentokake dina kanggo upacara paningsetan lan dina kanggo ijab.
Paningsetan saka kata dasar singset sing artine iket, dadi artine pangiket. Paningsetan
yaiku upacara srah-srahan barang kanggo pangiket saka kaluarga calon penganten putra
kanggo kaluarga calon penganten putri. Miturut tradisi, barang sing dinggo paningsetan yaiku
: kain batik, bahan kebaya, semekan, perhiasan emas (biasane ali-ali utawa gelang), duwit
(disebut tukon) sing jumlahe manut kemampuan ekonomi kaluarga penganten putra, Jodang
(isine : jadah, wajik, rengginan, gula, teh, pisang raja satangkep, lauk pauk dan siji jenjang
kelapa), lan spasang pitik urip. Upacara iki diiringi gending Nala Ganjur.
►Upacara Tarub

Tarub yaiku hiasan saka janur kuning sing dipasang neng pinggir-pinggire tratag sing
digawe saka anyaman godong klapa ijo. Biasane masang tarub bareng karo tahapan siraman.
Perlengkapan tarub sakliyane janur kuning :
→2 debog gedang raja sing wohe wis mateng
→2 cengkir gading
→2 unting pari sing wis tuwa
→2 batang wit tebu wulung (tebu ireng) sing lurus
→Godong ringin sacukupe
→Godong dadap srep sakcukupe
Tuwuhan lan gegodhongan iki dipasang ing sakiwa-tengene lawang.
Sakliyane tarub ing dhuwur, uga dipasang pralambang-pralambang liyane, yaiku :
1. Pisang raja lan pisang pulut sing jumlahe ganep.
2. Jajan pasar
3. Nasi liwet sing dileri serundeng.
4. Kopi pahit, teh pahit, lan sepuntong rokok.
5. Roti tawar.
6. Jadah bakar.
7. Tempe keripik.
8. Ketan, kolak, apem.
9. Tumpeng gundul
10. Nasi golong sejodo sing diwenehi lawuh.
11. Jeroan sapi, ento-ento, peyek gereh, gebing
12. Golong lulut.
13.Sego gebuli
14.Sego punar
15. Pitik 1
16. Gedang pulut 1 lirang
17. Gedang raja 1 lirang
18. Buah-buahan lan jajan pasar diselehake neng tengahe tumpeng cilik.
19. Godong sirih, kapur dan gambir
20. Kembang telon (melati, kenanga dan kantil)
21. Jenang abang, jenang putih, jenang baro-baro.
22. Empon-empon, temulawak, temu giring, dlingo, bengle, kunir, kencur.
23. Tampah(niru) cilik l sing isine beras 1 takir 1 endog pitik mentah, duit logam, gula merah
1 tangkep, 1 butir kelapa.
24. Empluk-empluk tanah liat isi beras, kemiri gepak jendul, kluwak, pengilon, jungkat, suri,
lenga sundul langit
25. Pitik lanang sing isih urip
26. Klasa
27. Kendi, damar jlupak (lampu dari tanah liat) diuripne
28. Kepala/daging sapi lan jeroan komplit
29. Tempe mentah dibungkus godong nganggo tali saka merang
30. Sayur pada mara
31. Kolak kencana
32. Nasi gebuli
33. Gedang emas 1 lirang
Lan isih ana pralambang-pralambang sing awujud : tumpeng cilik wena abang, putih,
kuning, ireng, ijo, sing dikompliti karo wih-wohan, kembang telon, gocok mentah, duwit
logam sing diwadahi a na ancak lan diselehake ana :
1.      Cedak sumur
2.      Cedak ruang kanggo adang sega
3.      Panggon gawe ngombe
4.      Tarub
5.      Panggon nggo nebus kembarmayang
6.      Jembatan
7.      Prapatan
8.      Panggon kanggo nyepakake panganan

►Nyantri
Nyantri neng kene yaiku tahapan nitipake penganten lanang neng kaluarga penganten
putri 1 nganti 2 dina sakdurunge upacara penganten. Calon penganten putra bisa dititipake
ana omahe sadulur utawa tangga cedak calon penganten putri.
►Siraman

Siraman yaiku ‘ngedusi’ calon penganten, sing duweni maksud supaya calon
penganten dadi suci lan murni. Bahan-bahan kanggo upacara siraman :
* Kembang setaman sakcukupe
* Lima macem konyoh panca warna
* 2 butir kelapa hijau sing wis tuwa sing isih ana sabute.
* Kendi utawa klenting
* Tikar ukuran ½ meter persegi
* Mori putih ½ meter persegi
* Godong-godong : kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, alang-alang
* Dlingo bengle
* Lima macem bangun tulak (kain putih sing pinggire diwernani biru)
* Siji macem yuyu sekandang (kain lurik tenun werna coklat sing ana garis-garis benang
kuning)
* Siji macam pulo watu (kain lurik werna putih lorek hitam), 1 helai letrek (kain kuning), 1
helai jinggo (kain merah).
* Sampo saka londo merang (banyu saka merang sing diobong ana ing jembangan saka
lendhut sakbubare merange entek kobong genine disiram banyu, banyu iki diarani banyu
londo)
* Asem, santan kanil, 2 meter persegi mori, 1 helai kain nogosari, 1 helai kain grompol, 1
helai kain semen, 1 helai kain sidomukti utawa kain sidoasih
* Sabun lan anduk.
Pas nglaksanakake siraman ana nasehat-nasehat sing dilambangke ana :
* Tumpeng robyong
* Tumpeng gundul
* Sega asrep-asrepan
* Jajan pasar, pisang raja 1 sisir, pisang pulut 1 sisir, 7 macem jenang
* Empluk kecil (wadah dari tanah liat) sing diiseni bumbu dapur lan beras sethitik
* 1 ndhok pitik mentah
* Juplak diiseni minyak kelapa
* 1 butir kelapa hijau tanpa sabut
* Gula jawa 1 tangkep
* 1 pitik jawa
Kanggo njaga kesehatan calon penganten supaya ora kademen, ditetepake ana 7 uwong
sing ngedusi. Pitu neng kene dipadakake pitulungan.
Upacara siraman ditutup karo pamaes (juru rias) kanthi cara mecah kendhil saka
lempung.
►Midodareni

Tembung midodareni asale saka tembung widodari, putri saka suwarga sing ayu lan
wangi. Midodareni biasane dilaksanakake jam 18.00 nganti 24.00 (tengah wengi). Neng
tahapan iki, calon penganten ora etuk turu. Pas pelaksanaan midodareni ana pralambang-
pralambang sing mujudake petuah awujud :
* Sepasang kembar mayang (dipasang neng kamare penganten)
* Sepasang klemuk sing diiseni bumbu pawon, wiji-wijian, empon-empon lan 2 helai bangun
tulak kanggo nutup klemuk
* Sepasang kendi sing diiseni banyu suci sing cucuke ditutupi nganggo godong dadap srep
(tulang daun/ tangkai daun), Mayang jambe (buah pinang), daun sirih sing dihias nganggo
kapur.
* Baki sing diiseni godong pandan sing diiris-iris, parutan kencur, laos, jeruk purut, minyak
wangi, banjur diselehake ana ngisor panggon sing dinggo turu supaya ruangane dadi wangi.
Sakbubare adicara midodareni (jam 24.00) calong penganten sakaluwarga bisa mangan
suguhan sing werna-werna, yaiku :
* Sega gurih
* Sepasang pitik dimasak ingkung
* Sambel pecel, sambel pencok, lalapan
* Krecek
* Roti tawar, gula jawa
* Kopi pahit lan teh pahit
* Rujak degan
►Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo ‘asok tukon’ yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe
lan biaya sing bakal kanggo ngelaksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku
beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ana ing
pepasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta
penganten.
►Ijab

Ijab utawa ijab qobul yaiku pengesahan mantenan kanthi cara manut agama penganten.
Upacara ijab qobul biasane dipimpin dening petugas saka KUA (Kantor Urusan Agama) lan
disekseni karo Catatan Sipil.
►Panggih
Panggih ateges ketemu, bubar tahap ijab upacara panggih dilaksanakake. Penganten
putra bali neng panggon penganten (penantian), penganten putri bali ana ing kamar
penganten. Kanggo nglengkapi upacara panggih ana gendhing pengiring, yaiku :
1.      Gendhing Bindri kanggo ngiringi tekane penganten lanang
2.      Gending Ladrang Penganten, kanggo ngiringi upacara panggih mulai saka balangan sirih,
wijik, lan pecah telor kaliyan pamaes.
3.      Gending Boyong / Puspowarno, kanggo ngiringi tampa kaya (kacar-kucur), lambang
srah-srahan nafkah dahar walimah. Bubar dahar walimah, gendhing diswarakake alon-alon
ngiringi tekane besan banjur ditutukake upacara sungkeman.
Sakbubare upacara panggih rampung, diiringi Gendhing Sriwidodo / Sriwilujeng.
Pas kirab diiringi gendhing Gatibrongta utawa Gari Padasih.
►Balangan Suruh

Minangka perlambang sih katresnan lan kasetiaan ing antarane pengantin kakung lan
putri
►Wiji Dadi

Pengantin kakung ngidak endok pitik nganti pecah banjur pengantin putri
ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane pengantenkakung nganggo banyu kembang. Upacara iki
minangka perlambang sawijining kepla kluarga sing tanggung jawab ning kaluarga.
►Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho iklas
nompo dadi bagean kluargane.
►Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten


sak kloron wis tinompo dadi kluargo
►Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minngka
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak mantu soho besan
►Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan umbo rampe liyane sing di kucurke ana
pangkonane paanganten putri minongko perlambang paweh nafkah
►Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak


kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
►Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep
omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
►Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa


►Kenduren/resepsi

Kenduren/kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi
utawa walimahan. Sejatine kegiatan iki nduwe makna upacar selametan, slamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis rampung duselenggarakake. Neng acara iki, pasangan penganten
nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hdir neng acara iki

DUDUTAN LAN PANYARUWE


 DUDUTAN
Adhedasar asile njlentrehake upacara adat Jawa nenikahan bisa didudut
patangperangan. Sepisanan, pangerten upacara adat Jawa nenikahan yaiku menika
kagungan damel ngemah-emahaken putr-putrinipun engkang sampun dewasa.
Kapindho, paraga sajrone upacra adat Jawa nenikahan yaiku
1) Pranata adicara
2) Perias lan Asisten
3) Ibu lan bapak penganten putri
4) Ibu lan bapak penganten kakung
5) Manggala Yudha(2 jejaka)
6) Putri Dhomas(2 gadis)
7) Manten Putri
8) Manten Kakung
9) Cucuk Rampah
10) Tamu Pangiring
11) Pager Ayu
12) Pager Bagus
Kaping tiga piranthi lan umbarampe sajroning upacara adat jawa nenikahan
yaiku :
1) Boker
2) Siwur
3) Pelaminan
4) Nampan
5) Gelas
6) Piring
7) Sendok
8) Sapu tangan
9) Kembang mayang
10) Janur
11) Gedang
12) Godhong ringin
13) Tarup
Ubarampe upacara adat Jawa yaiku :
1) Jadah tetel
2) Sandhangan spengadheg
3) Beras,sayuran,pitik,jajan pasar lan liya-liyane.
Kaping sekawan reroncening sajroning upacara adat Jawa nenikahan yaiku :
1) Nakokake
2) Lamaraan
3) Teges Gawe
4) Siraman
5) Langkahan
6) Bubak Sawah
7) Midodaren
8) Srah-srahan
9) Ijab Kabul
10) UpacaraPanggih
11) Upacara Balangan suuruh
12) Upacara wiji dadi
13) Pupuk
14) Sinduran
15) Timbang
16) Kacar-kucur
17) Dahar Klimah
18) Mertui
19) Sungkeman
20) Kenduren/Resepsi
21) Uga pirsani
 PANYARUWE
Panliten iki mujudake panliten sing isih ana perangan-perangan sing durung bisa
kawedhar kanthi gambyar. Sejatine isih akeh upacara-upacara adat jawa kang bisa
dirembug. Panliten upacara adat jawa iki perlu ditindakake kanggo nglestarekake upacara
adat jawa mlihine jawa timur. Panliten upacara adat jawa nenikahan isih perlu
ditindakake kanggp mangerteni bab-bab ngenani upacara adat jawa nenikahan. Saliyane
upacara adat jawa nenikahan panulis sabanjure uga bisa nindakake panliten-panliten
liyane ngenani upacara adat jawa kang ana ing Jawa Timur. Asile panaliten iki bisa
didadekake bahan ujukan sajroning paasinaon budaya jawa mligine jawa imur ing sekolah
menengah atas.
Mugi-mugi makalah menika saget bikak cakrawala ilmu saking pamaos makalah
menika. Pungkasaning atur, kula nyuwun pangapunten menawi kula migunakaken basa
ngoko lugu lan menawi kathah panulisan lan pangecapan ingkang klentu

Anda mungkin juga menyukai