Anda di halaman 1dari 8

BAB I

►Latar Belakang

Makalah menika dipun damel kagem nglengkapi tugas saking Bp. Gandung,
inggih menika adamel makalah babagan “Upacara Penganten Miturut Adat Jawa”.

►Rumusan Perkara

Mitoni iku tradhisi ingkang tasih asring dipunlaksanakaken kaliyan


masyarakat ing tanah jawa. Apa lan piye tatacaranipun sampun kaserat ing
makalah menika.

►Tujuan

Tujuan kula damel makalah menika inggih menika kalih, yaiku nglengkapi
tugas lan ngudi kaweruh babagan tradhisi jawa utamanipun babagan “Upacara
Penganten Miturut Adat Jawa”.

1
BAB II

►Jinising Upacara Penganten

Neng Indonesia ana 2 cara upacara penganten, yaiku tata cara tradisional lan
modern. Tata cara modern dilaksanakake manut tata cara barat utawa eropa.
Menawi tata cara tradisional dilaksanakake manut tata cara adat sing dianut
kaliyan penganten utawa kaluwargane.

►Conto-conto Upacara Penganten Tradhisional

 Upacara penganten miturut adat Yogyakarta


 Upacara penganten miturut adat Surakarta
 Upacara penganten miturut adat Betawi
 Upacara penganten miturut adat Batak
 Upacara penganten miturut adat Sunda
 Upacara penganten miturut adat Melayu
 lan sanes-sanesipun.
►Upacara Penganten (Tatacara Kejawen)

Upacara penganten (tatacara kejawen) sing bakal dibahas utamanipun


tatacara adat Yogyakarta. Tatacara penganten ana akeh tahapan-tahapane, yaiku :

►Utusan / Nontoni

Jaman biyen ora akeh calon penganten sing uwis kenal amarga namung
dijodokake karo wong tuwane. Supaya kaluwarga calon penganten bisa ngerteni
calone (duwen gambaran kepriye calone), kudu dianakake tahapan utusan. Uwong
sing diutus nemoni diarani congkok.
Tahapan iki uga diarani “dom sumuruping banyu” utawa penyelidikan
rahasia. Tahapan iki biasane dilaksanaake dening pihak penganten putra. Menawa
calon penganten putra saguh narima pilihan uwong tuwane bakal dianakake rapat
kaluwarga kanggo nentokake tata cara lamaran.

►Upacara Lamaran

Neng dina sing uwis ditentokake karo rapat kaluwarga, utusan saka calon
penganten putra nggawa ‘oleh-oleh’ neng omahe calon penganten putri. Panganan
kuwi digawa nganggo alat sing biyen gaweane diarani Jodang sing dipikul 4
wong lanang. Panganan iku biasane digawe saka beras ketan, yaiku : Jadah, wajik,

2
rengginan, lln. Panganan-panganan iku digawe saka bahan baku ketan sing akeh
glutene nglambangake supaya penganten bakal tetep lengket. Sakbubare lamaran
ditrima karo kaluwarga calon penganten putri, dianakake rapat kanggo nentokake
dina kanggo upacara paningsetan lan dina kanggo ijab.
Paningsetan saka kata dasar singset sing artine iket, dadi artine pangiket.
Paningsetan yaiku upacara srah-srahan barang kanggo pangiket saka kaluarga
calon penganten putra kanggo kaluarga calon penganten putri. Miturut tradisi,
barang sing dinggo paningsetan yaiku : kain batik, bahan kebaya, semekan,
perhiasan emas (biasane ali-ali utawa gelang), duwit (disebut tukon) sing jumlahe
manut kemampuan ekonomi kaluarga penganten putra, Jodang (isine : jadah,
wajik, rengginan, gula, teh, pisang raja satangkep, lauk pauk dan siji jenjang
kelapa), lan spasang pitik urip. Upacara iki diiringi gending Nala Ganjur.

►Upacara Tarub

Tarub yaiku hiasan saka janur kuning sing dipasang neng pinggir-pinggire
tratag sing digawe saka anyaman godong klapa ijo. Biasane masang tarub bareng
karo tahapan siraman. Perlengkapan tarub sakliyane janur kuning :
 debog gedang raja sing wohe wis mateng
 cengkir gading
 unting pari sing wis tuwa
 batang wit tebu wulung (tebu ireng) sing lurus
 Godong ringin sacukupe
 Godong dadap srep sakcukupe

Tuwuhan lan gegodhongan iki dipasang ing sakiwa-tengene lawang. Sakliyane


tarub ing dhuwur, uga dipasang pralambang-pralambang liyane, yaiku :
1. Pisang raja dan pisang pulut sing jumlahe ganep.
2. Jajan pasar
3. Nasi liwet yang dileri serundeng.
4. Kopi pahit, teh pahit, dan sebatang rokok.
5. Roti tawar.
6. Jadah bakar.
7. Tempe keripik.
8. Ketan, kolak, apem.
9. Tumpeng gundul
10. Nasi golong sejodo yang diberi lauk.
11. Jeroan sapi, ento-ento, peyek gereh, gebing

3
12. Golong lulut.
13. Nasi gebuli
14. Nasi punar
15. Pitik 1 ekor
16. Pisang pulut 1 lirang
17. Pisang raja 1 lirang
18. Buah-buahan lan jajan pasar diselehake neng tengahe tumpeng cilik.
19. Daun sirih, kapur dan gambir
20. Kembang telon (melati, kenanga dan kantil)
21. Jenang merah, jenang putih, jenang baro-baro.
22. Empon-empon, temulawak, temu giring, dlingo, bengle, kunir, kencur.
23. Tampah(niru) kecil yang berisi beras 1 takir yang diatasnya 1 butir telor
ayam mentah, uang logam, gula merah 1 tangkep, 1 butir kelapa.
24. Empluk-empluk tanah liat berisi beras, kemiri gepak jendul, kluwak,
pengilon, jungkat, suri, lenga sundul langit
25. Pitik lanang sing isih urip
26. Klasa
27. Kendi, damar jlupak (lampu dari tanah liat) dinyalakan
28. Kepala/daging kerbau dan jeroan komplit
29. Tempe mentah dibungkus godong nganggo tali saka merang
30. Sayur pada mara
31. Kolak kencana
32. Nasi gebuli
33. Pisang emas 1 lirang

Lan isih ana pralambang-pralambang sing awujud : tumpeng cilik wena


abang, putih, kuning, ireng, ijo, sing dikompliti karo wih-wohan, kembang telon,
gocok mentah, duwit logam sing diwadahi ana ancak lan diselehake ana :
1. Cedak sumur
2. Cedak ruang kanggo adang sega
3. Panggon gawe ngombe
4. Tarub
5. Panggon nggo nebus kembarmayang
6. Jembatan
7. Prapatan
8. Panggon kanggo nyepakake panganan

4
►Nyantri

Nyantri neng kene yaiku tahapan nitipake penganten lanang neng kaluarga
penganten putri 1 nganti 2 dina sakdurunge upacara penganten. Calon penganten
putra bisa dititipake ana omahe sadulur utawa tangga cedak calon penganten putri.

►Siraman

Siraman yaiku ‘ngedusi’ calon penganten, sing duweni maksud supaya


calon penganten dadi suci lan murni. Bahan-bahan kanggo upacara siraman :
a. Kembang setaman sakcukupe
b. Lima macem konyoh panca warna
c. 2 butir kelapa hijau sing wis tuwa sing isih ana sabute.
d. Kendi utawa klenting
e. Tikar ukuran ½ meter persegi
f. Mori putih ½ meter persegi
g. Daun-daun : kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, alang-alang
h. Dlingo bengle
i. Lima macem bangun tulak (kain putih sing pinggire diwernani biru)
j. Satu macam yuyu sekandang (kain lurik tenun werna coklat sing ana garis-
garis benang kuning)
k. Satu macam pulo watu (kain lurik werna putih lorek hitam), 1 helai letrek
(kain kuning), 1 helai jinggo (kain merah).
l. Sampo saka londo merang (banyu saka merang sing diobong ana ing
jembangan saka lendhut sakbubare merange entek kobong genine disiram
banyu, banyu iki diarani banyu londo)
m. Asem, santan kanil, 2meter persegi mori, 1 helai kain nogosari, 1 helai kain
grompol, 1 helai kain semen, 1 helai kain sidomukti atau kain sidoasih
n. Sabun lan anduk.
Pas nglaksanakake siraman ana nasehat-nasehat sing dilambangke ana :
 Tumpeng robyong
 Tumpeng gundul
 Nasi asrep-asrepan
 Jajan pasar, pisang raja 1 sisir, pisang pulut 1 sisir, 7 macem jenang
 Empluk kecil (wadah dari tanah liat) sing diiseni bumbu dapur lan beras
sethitik
 1 ndhok pitik mentah
 Juplak diiseni minyak kelapa

5
 1 butir kelapa hijau tanpa sabut
 Gula jawa 1 tangkep
 1 ekor ayam jantan

Kanggo njaga kesehatan calon penganten supaya ora kademen, ditetepake


ana 7 uwong sing ngedusi. Pitu neng kene dipadakake pitulungan.
Upacara siraman ditutup karo pamaes (juru rias) kanthi cara mecah kendhil
saka lempung.

►Midodareni

Tembung midodareni asale saka tembung widodari, putri saka suwarga sing
ayu lan wangi. Midodareni biasane dilaksanakake jam 18.00 nganti 24.00 (tengah
wengi). Neng tahapan iki, calon penganten ora etuk turu. Pas pelaksanaan
midodareni ana pralambang-pralambang sing mujudake petuah awujud :
 Sepasang kembarmayang (dipasang neng kamare penganten)
 Sepasang klemuk sing diiseni bumbu pawon, wiji-wijian, empon-empon lan 2
helai bangun tulak kanggo nutup klemuk
 Sepasang kendi sing diiseni banyu suci sing cucuke ditutupi nganggo godong
dadap srep (tulang daun/ tangkai daun), Mayang jambe (buah pinang), daun
sirih sing dihias nganggo kapur.
 Baki sing diiseni godong pandan sing diiris-iris, parutan kencur, laos, jeruk
purut, minyak wangi, banjur diselehake ana ngisor panggon sing dinggo turu
supaya ruangane dadi wangi.
Sakbubare adicara midodareni (jam 24.00) calon penganten sakaluwarga
bisa mangan suguhan sing werna-werna, yaiku :
 Nasi gurih
 Sepasang pitik dimasak ingkung
 Sambel pecel, sambel pencok, lalapan
 Krecek
 Roti tawar, gula jawa
 Kopi pahit dan teh pahit
 Rujak degan

►Langkahan*

Upacara langkahan dilaksanakake menawa penganten nikah dhisiki kakange


(sadulur kandung sing luwih tuwa) sing urung nikah. Sakdurunge ijab, calon
penganten wajib njaluk ijin marang sadulur kandung sing dilangkahi.

6
►Ijab

Ijab utawa ijab qobul yaiku pengesahan mantenan kanthi cara manut agama
penganten. Upacara ijab qobul biasane dipimpin dening petugas saka KUA
(Kantor Urusan Agama) lan disekseni karo Catatan Sipil.

►Panggih

Panggih ateges ketemu, bubar tahap ijab upacara panggih dilaksanakake.


Penganten putra bali neng panggon penganten (penantian), penganten putri bali
ana ing kamar penganten. Kanggo nglengkapi upacara panggih ana gendhing
pengiring, yaiku :

1. Gendhing Bindri kanggo ngiringi tekane penganten lanang


2. Gending Ladrang Penganten, kanggo ngiringi upacara panggih mulai saka
balangan sirih, wijik, lan pecah telor kaliyan pamaes.
3. Gending Boyong / Puspowarno, kanggo ngiringi tampa kaya (kacar-kucur),
lambang srah-srahan nafkah dahar walimah. Bubar dahar walimah, gendhing
diswarakake alon-alon ngiringi tekane besan banjur ditutukake upacara
sungkeman.
Sakbubare upacara panggih rampung, diiringi Gendhing Sriwidodo /
Sriwilujeng.
Pas kirab diiringi gendhing Gatibrongta utawa Gari Padasih.

7
Panutup
Upacara penganten iku upacara sing penting lan isih akeh sing
nglaksanakake. Akeh tahapan-tahapan lan pralambang-pralambang ing upacara
iki. Amarga iku, kita wong jawa sing duweni tradhisi iki kudu mangerteni lan
njaga supaya ora ilang kalindes majune zaman lan tradhisi barat sing ora luwih
becik saka tradhisi jawa.
Mugi-mugi makalah menika saget bikak cakrawala ilmu saking pamaos
makalah menika. Pungkasaning atur, kula nyuwun pangapunten menawi kula
migunakaken basa ngoko lugu lan menawi kathah panulisan lan pangecapan
ingkang klentu

Anda mungkin juga menyukai