Anda di halaman 1dari 11

Spicy

Kumpulan tugas dan aktivitas anak spicy (ikatan pelajar ipa siji) smansa klaten
Beranda ▼
Minggu, 21 Agustus 2011

Makalah Babagan Upacara Penganten Tata Cara


Kejawen >> Hasan Kurniawan

Makalah Babagan Upacara Penganten Tata Cara Kejawen

Nama : Hasan Kurniawan


No : 18
Kelas : XII IPA 1

SMA N 1 KLATEN
2011 / 2012

Atur Pambuka
Ingkang sepindah kula ngonjukaken puja lan puji syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang
maha esa, Allah swt. Bilih, kanthi rahmat lan hidayahipun kula saget damel tugas makalah menika.

Makalah menika dipuntujuaken kagem nambah wawasan babagan tradhisi ing tanah jawa,
salah satunggalipun yaiku upacara penganten miturut tata cara utawi adat kejawen. Upacara
penganten iku salah satunggalipun saking tradhisi jawa ingkang paling asring dipunlaksanakaken ing
masyarakat jawa, bilih kanthi tujuan menika kula bakal nerangake ing makalah menika bab upacara
penganten miturut tata cara jawa.

Pungkasaning atur, mugi-mugi makalah menika saget bikak ‘jendela wawasan’ sinten
kemawon ingkang maos makalah menika. Saderengipun makalah dipunwaos, kula nyuwun
pangapunten menawi kula migunakaken basa ngoko. Matur suwun.
Penulis

Daftar Isi
Atur
Pambuka........................................................................................... i
Daftar
isi................................................................................................... ii
Kaca
Pengesahan.................................................................................... iii
Motto.....................................................................................................
.. iv
BAB I PENDAHULUAN
►Latar Belakang............................................................................... 1
►Rumusan Masalah.......................................................................... 1
►Tujuan............................................................................................ 1
BAB II ISI
►Jinising Upacara Penganten............................................................ 2
►Conto-conto Upacara Penganten Tradisional................................. 2
►Upacara Penganten (Tatacara Kejawen)......................................... 2
Panutup..................................................................................................
.. v
Kaca Pengesahan
Makalah Basa Jawi ngenani babagan “Upacara Penganten miturut tatacara kejawen” menika
sampun angsal persetujuan dumateng Bapak Guru Basa Jawi, wonten ing:

Dinten :

Tanggal :

Wanci :

Mugi-mugi makalah menika saged menehi pangerten utawi ilmu dumateng kita sedaya, kula
panjenengan sami. Amin.

Klaten, Agustus 2011

Guru Basa Jawi

Bapak Gandung Sumarji


BAB I
►Latar Belakang
Makalah menika dipun damel kagem nglengkapi tugas saking Bp. Gandung, inggih menika
adamel makalah babagan “Upacara Penganten Miturut Adat Jawa”.

►Rumusan Perkara
Mitoni iku tradhisi ingkang tasih asring dipunlaksanakaken kaliyan masyarakat ing tanah jawa.
Apa lan piye tatacaranipun sampun kaserat ing makalah menika.

►Tujuan
Tujuan kula damel makalah menika inggih menika kalih, yaiku nglengkapi tugas lan ngudi
kaweruh babagan tradhisi jawa utamanipun babagan “Upacara Penganten Miturut Adat Jawa”.

►Jinising Upacara Penganten


Neng Indonesia ana 2 cara upacara penganten, yaiku tata cara tradisional lan modern. Tata
cara modern dilaksanakake manut tata cara barat utawa eropa. Menawi tata cara tradisional
dilaksanakake manut tata cara adat sing dianut kaliyan penganten utawa kaluwargane.

►Conto-conto Upacara Penganten Tradhisional


→Upacara penganten miturut adat Yogyakarta
→Upacara penganten miturut adat Surakarta

→Upacara penganten miturut adat Betawi

→Upacara penganten miturut adat Batak

→Upacara penganten miturut adat Sunda

→Upacara penganten miturut adat Melayu

lan sanes-sanesipun.

►Upacara Penganten (Tatacara Kejawen)


Upacara penganten (tatacara kejawen) sing bakal dibahas utamanipun tatacara adat
Yogyakarta. Tatacara penganten ana akeh tahapan-tahapane, yaiku :

►Utusan / Nontoni

Jaman biyen ora akeh calon penganten sing uwis kenal amarga namung dijodokake karo wong
tuwane. Supaya kaluwarga calon penganten bisa ngerteni calone (duwen gambaran kepriye calone),
kudu dianakake tahapan utusan. Uwong sing diutus nemoni diarani congkok.

Tahapan iki uga diarani “dom sumuruping banyu” utawa penyelidikan rahasia. Tahapan iki
biasane dilaksanaake dening pihak penganten putra. Menawa calon penganten putra saguh narima
pilihan uwong tuwane bakal dianakake rapat kaluwarga kanggo nentokake tata cara lamaran.

►Upacara Lamaran

Neng dina sing uwis ditentokake karo rapat kaluwarga, utusan saka calon penganten putra
nggawa ‘oleh-oleh’ neng omahe calon penganten putri. Panganan kuwi digawa nganggo alat sing
biyen gaweane diarani Jodang sing dipikul 4 wong lanang. Panganan iku biasane digawe saka beras
ketan, yaiku : Jadah, wajik, rengginan, lln. Panganan-panganan iku digawe saka bahan baku ketan
sing akeh glutene nglambangake supaya penganten bakal tetep lengket. Sakbubare lamaran ditrima
karo kaluwarga calon penganten putri, dianakake rapat kanggo nentokake dina kanggo upacara
paningsetan lan dina kanggo ijab.

Paningsetan saka kata dasar singset sing artine iket, dadi artine pangiket. Paningsetan yaiku
upacara srah-srahan barang kanggo pangiket saka kaluarga calon penganten putra kanggo kaluarga
calon penganten putri. Miturut tradisi, barang sing dinggo paningsetan yaiku : kain batik, bahan
kebaya, semekan, perhiasan emas (biasane ali-ali utawa gelang), duwit (disebut tukon) sing jumlahe
manut kemampuan ekonomi kaluarga penganten putra, Jodang (isine : jadah, wajik, rengginan, gula,
teh, pisang raja satangkep, lauk pauk dan siji jenjang kelapa), lan spasang pitik urip. Upacara iki
diiringi gending Nala Ganjur.

►Upacara Tarub
Tarub yaiku hiasan saka janur kuning sing dipasang neng pinggir-pinggire tratag sing digawe
saka anyaman godong klapa ijo. Biasane masang tarub bareng karo tahapan siraman. Perlengkapan
tarub sakliyane janur kuning :

→2 debog gedang raja sing wohe wis mateng

→2 cengkir gading

→2 unting pari sing wis tuwa

→2 batang wit tebu wulung (tebu ireng) sing lurus

→Godong ringin sacukupe

→Godong dadap srep sakcukupe

Tuwuhan lan gegodhongan iki dipasang ing sakiwa-tengene lawang.

Sakliyane tarub ing dhuwur, uga dipasang pralambang-pralambang liyane, yaiku :

1. Pisang raja dan pisang pulut sing jumlahe ganep.

2. Jajan pasar

3. Nasi liwet yang dileri serundeng.

4. Kopi pahit, teh pahit, dan sebatang rokok.

5. Roti tawar.

6. Jadah bakar.

7. Tempe keripik.

8. Ketan, kolak, apem.

9. Tumpeng gundul

10. Nasi golong sejodo yang diberi lauk.

11. Jeroan sapi, ento-ento, peyek gereh, gebing

12. Golong lulut.

13. Nasi gebuli

14. Nasi punar

15. Pitik 1 ekor

16. Pisang pulut 1 lirang


17. Pisang raja 1 lirang

18. Buah-buahan lan jajan pasar diselehake neng tengahe tumpeng cilik.

19. Daun sirih, kapur dan gambir

20. Kembang telon (melati, kenanga dan kantil)

21. Jenang merah, jenang putih, jenang baro-baro.

22. Empon-empon, temulawak, temu giring, dlingo, bengle, kunir, kencur.

23. Tampah(niru) kecil yang berisi beras 1 takir yang diatasnya 1 butir telor ayam mentah, uang
logam, gula merah 1 tangkep, 1 butir kelapa.

24. Empluk-empluk tanah liat berisi beras, kemiri gepak jendul, kluwak, pengilon, jungkat, suri, lenga
sundul langit

25. Pitik lanang sing isih urip

26. Klasa

27. Kendi, damar jlupak (lampu dari tanah liat) dinyalakan

28. Kepala/daging kerbau dan jeroan komplit

29. Tempe mentah dibungkus godong nganggo tali saka merang

30. Sayur pada mara

31. Kolak kencana

32. Nasi gebuli

33. Pisang emas 1 lirang

Lan isih ana pralambang-pralambang sing awujud : tumpeng cilik wena abang, putih, kuning,
ireng, ijo, sing dikompliti karo wih-wohan, kembang telon, gocok mentah, duwit logam sing diwadahi
ana ancak lan diselehake ana :

1. Cedak sumur

2. Cedak ruang kanggo adang sega

3. Panggon gawe ngombe

4. Tarub

5. Panggon nggo nebus kembarmayang

6. Jembatan
7. Prapatan

8. Panggon kanggo nyepakake panganan

►Nyantri

Nyantri neng kene yaiku tahapan nitipake penganten lanang neng kaluarga penganten putri 1
nganti 2 dina sakdurunge upacara penganten. Calon penganten putra bisa dititipake ana omahe
sadulur utawa tangga cedak calon penganten putri.

►Siraman

Siraman yaiku ‘ngedusi’ calon penganten, sing duweni maksud supaya calon penganten dadi
suci lan murni. Bahan-bahan kanggo upacara siraman :

* Kembang setaman sakcukupe

* Lima macem konyoh panca warna

* 2 butir kelapa hijau sing wis tuwa sing isih ana sabute.

* Kendi utawa klenting

* Tikar ukuran ½ meter persegi

* Mori putih ½ meter persegi

* Daun-daun : kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, alang-alang

* Dlingo bengle

* Lima macem bangun tulak (kain putih sing pinggire diwernani biru)

* Satu macam yuyu sekandang (kain lurik tenun werna coklat sing ana garis-garis benang kuning)

* Satu macam pulo watu (kain lurik werna putih lorek hitam), 1 helai letrek (kain kuning), 1 helai
jinggo (kain merah).

* Sampo saka londo merang (banyu saka merang sing diobong ana ing jembangan saka lendhut
sakbubare merange entek kobong genine disiram banyu, banyu iki diarani banyu londo)

* Asem, santan kanil, 2meter persegi mori, 1 helai kain nogosari, 1 helai kain grompol, 1 helai kain
semen, 1 helai kain sidomukti atau kain sidoasih

* Sabun lan anduk.

Pas nglaksanakake siraman ana nasehat-nasehat sing dilambangke ana :

* Tumpeng robyong

* Tumpeng gundul
* Nasi asrep-asrepan

* Jajan pasar, pisang raja 1 sisir, pisang pulut 1 sisir, 7 macem jenang

* Empluk kecil (wadah dari tanah liat) sing diiseni bumbu dapur lan beras sethitik

* 1 ndhok pitik mentah

* Juplak diiseni minyak kelapa

* 1 butir kelapa hijau tanpa sabut

* Gula jawa 1 tangkep

* 1 ekor ayam jantan

Kanggo njaga kesehatan calon penganten supaya ora kademen, ditetepake ana 7 uwong sing
ngedusi. Pitu neng kene dipadakake pitulungan.

Upacara siraman ditutup karo pamaes (juru rias) kanthi cara mecah kendhil saka lempung.

►Midodareni

Tembung midodareni asale saka tembung widodari, putri saka suwarga sing ayu lan wangi.
Midodareni biasane dilaksanakake jam 18.00 nganti 24.00 (tengah wengi). Neng tahapan iki, calon
penganten ora etuk turu. Pas pelaksanaan midodareni ana pralambang-pralambang sing mujudake
petuah awujud :

* Sepasang kembarmayang (dipasang neng kamare penganten)

* Sepasang klemuk sing diiseni bumbu pawon, wiji-wijian, empon-empon lan 2 helai bangun tulak
kanggo nutup klemuk

* Sepasang kendi sing diiseni banyu suci sing cucuke ditutupi nganggo godong dadap srep (tulang
daun/ tangkai daun), Mayang jambe (buah pinang), daun sirih sing dihias nganggo kapur.

* Baki sing diiseni godong pandan sing diiris-iris, parutan kencur, laos, jeruk purut, minyak wangi,
banjur diselehake ana ngisor panggon sing dinggo turu supaya ruangane dadi wangi.

Sakbubare adicara midodareni (jam 24.00) calong penganten sakaluwarga bisa mangan
suguhan sing werna-werna, yaiku :

* Nasi gurih

* Sepasang pitik dimasak ingkung

* Sambel pecel, sambel pencok, lalapan

* Krecek
* Roti tawar, gula jawa

* Kopi pahit dan teh pahit

* Rujak degan

►Langkahan*

Upacara langkahan dilaksanakake menawa penganten nikah dhisiki kakange (sadulur kandung
sing luwih tuwa) sing urung nikah. Sakdurunge ijab, calon penganten wajib njaluk ijin marang sadulur
kandung sing dilangkahi.

►Ijab

Ijab utawa ijab qobul yaiku pengesahan mantenan kanthi cara manut agama penganten.
Upacara ijab qobul biasane dipimpin dening petugas saka KUA (Kantor Urusan Agama) lan disekseni
karo Catatan Sipil.

►Panggih

Panggih ateges ketemu, bubar tahap ijab upacara panggih dilaksanakake. Penganten putra bali
neng panggon penganten (penantian), penganten putri bali ana ing kamar penganten. Kanggo
nglengkapi upacara panggih ana gendhing pengiring, yaiku :

1. Gendhing Bindri kanggo ngiringi tekane penganten lanang

2. Gending Ladrang Penganten, kanggo ngiringi upacara panggih mulai saka balangan sirih, wijik, lan
pecah telor kaliyan pamaes.

3. Gending Boyong / Puspowarno, kanggo ngiringi tampa kaya (kacar-kucur), lambang srah-srahan
nafkah dahar walimah. Bubar dahar walimah, gendhing diswarakake alon-alon ngiringi tekane besan
banjur ditutukake upacara sungkeman.

Sakbubare upacara panggih rampung, diiringi Gendhing Sriwidodo / Sriwilujeng.

Pas kirab diiringi gendhing Gatibrongta utawa Gari Padasih.

Panutup
Upacara penganten iku upacara sing penting lan isih akeh sing nglaksanakake. Akeh tahapan-
tahapan lan pralambang-pralambang ing upacara iki. Amarga iku, kita wong jawa sing duweni
tradhisi iki kudu mangerteni lan njaga supaya ora ilang kalindes majune zaman lan tradhisi barat sing
ora luwih becik saka tradhisi jawa.

Mugi-mugi makalah menika saget bikak cakrawala ilmu saking pamaos makalah menika.
Pungkasaning atur, kula nyuwun pangapunten menawi kula migunakaken basa ngoko lugu lan
menawi kathah panulisan lan pangecapan ingkang klentu

Anda mungkin juga menyukai