Anda di halaman 1dari 8

BAB I

PURWAKA

Puji syukur Alhamdulillah katur dhumateng ngersanipun Gusti Allah ingkang Maha
Agungingkang sampun paring pitedah saha kegiatan setamah kula sakanca ngarampungaken
tugas Bahasa Jawa “Upacara Adat Jawa Tingkeban”.

Ancasing manah “Upacara Adat Jawa Tingkeban” minangka kangge ngelengake


kepriye lan apa wae adat jawa kuwi. Lan tata cara “Upacara Adat Jawa Tingkeban”.

Kula nglenggana bilih tugas basa jawa tasih kathah kekirangan saha kalepatanipun,
pramila kula lan kanca-kanca nampi kanthi bingahing manahsedaya saran saha panyaruwe
ingkang tumuju murih sampurnanipun tugas menika.

Mekaten aturkula sedaya kalepatan saha kekurangan nyuwun angunging pangapunten.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 1


1.1 Lelandhesane Panliten

Upacara adat jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah


satunggaling inggih menika upacara adat jawa tingkeban utawa mitoni. Tembung mitoni saka
tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara
sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining
upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep
arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan
keslametan.Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog
ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna
kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum
jamu sorongan,lan nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo
sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi
mujudake penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat
kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat
kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing
satengahin kelompok sosial ing masyarakate.

Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik
kanggo nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa
(Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu
siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku
senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi
pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake
ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.

Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata
carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.

1.2 Underane Panliten

1. Apa pangerten saka upacara adat jawa tingkeban iku ?


2. Saba bae paraga sajrone upacara adat jawa tingkeban ?
3. Apa bae piranti lan uba rampe sajrone upacara adat jawa tingkeban ?
4. Kepriye reroncene upacara adat jawa tingkeban ?

1.3 Ancase Panliten


1. Kanggo Ngerteni apa iku upacara adat jawa tingkeban.
2. Kanggo Ngerteni paraga sing ana ing sajrone upacara adat jawa tingkeban.
3. Kanggo Ngerteni piranti lan uba rampe ing upacara adat jawa tingkeban.
4. Kanggo Ngerteni reroncene upacara adat jawa tingkeban.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 2


BAB II

ANDHARAN

2.1 Pangerten Saka Upacara Adat Jawa Tingkeban

Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu
nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut
pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata
lan sampurna ing sasi kaping 7.

2.2 Paraga Sajrone Upacara Adat Jawa Tingkeban

1. Bapa
2. Biyung
3. Juru upacara adat jawa tingkeban

2.3 Piranti lan Uba Rampe Sajrone Upacara Adat Jawa Tingkeban

 Ubarampe Upacara Tingkeban


1. Tumpeng Kuat. Tumpeng kuat minangka simbol supados bayi ingkang badhè
dipunlairaken samangkè sehat saha kuwat. Bahan ingkang dipunginakaken inggih
punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu,
tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel hiasan saha tèrong
mentah ingkang dipunoncéki ananging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha
dipunsukani urab-uraban.
2. Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak ananging tumbas
kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem,
kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang,
timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau
dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken.
3. Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang
dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban arupi pitung jinis, kados ta: ubi
jalar, tèla, gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman
dipunsajikaken wonten ing setunggal wadah kados ta nyiru.
4. Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk,
timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak
dipuncampur dados setunggal saha dipunsajikaken kanthi saè ngantos raosipun rujak
èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhè dipunlairaken samangkè saged
ngremenaken kulawarganipun.
5. Dawet. Kangge nggampilaken anggenipun damel, dawetipun saged dipuntumbas
wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi
dipuncampur santen supados raosipun èco. Menawi kepéngin seger saged
dipuntambahi ugi és batu.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 3


6. Sajén Medikingan. Sajén punika dipundamel kanggè lairanipun putra ing
sangandhaping putra bajeng piyambak. Dènè ubarampènipun inggih kados mekaten.
 sekul jenè ingkang bentukipun kerucut.
 sekul loyang, inggih punika sekul jenè ingkang dipunkum wonten ing toya, lajeng
dipundang malih saha dipunsukani klapa parut.
 entén-entén, inggih punika campuran klapa parut kaliyan gendhis klapa ingkang
dipunmangsak ngantos garing.
 bubur procot, dipundamel saking glepung wos, santen sacekapipun, gendhis
klapa, ingkang dipunmangsak kanthi wetah, lajeng dipunlebetaken periuk
ingkang salajengipun dipunmangsak sesarengan.
7. Sesajen Upacara Tingkeban
 Tumpeng robyong mawi kuluban, tigan ayam godhog, iwak asin dipungoréng.
 Ayam bekakah 1 pasang (ayam ingkung)
 Bubur pethak 1 piring
 Bubur sengkala 1 piring
 Bubur abrit 1 piring
 Pényon utawi plérét 1 piring
 Ketupat lepet (namung kanggè sarat kemawon)
 Manèka warna woh-wohan
 Jajan pasar saha pala kependhem
 Arang-arang kembang 1 gelas
 Dhawet ayu
 Piranti Upacara Tingkeban

Sapèranganing pirantos ingkang kedah dipunsamektakaken kanggè upacara tingkeban


ing antawisipun 1 mèja ingkang dipuntutup kain pethak ingkang resik. Sanginggilipun
dipuntutup malih kaliyan bangun tulak, kain sindur, kain lurik, yuyu sekandhang, mayang
sekar utawi lentrek, ron dhadhap serep, ron kluwih, saha ron alang-alang. Sedaya bahan kala
wau kanggè lambaran menawi saweg nyirami.

 Pirantos sanésipun ingkang dipunbetahaken inggih punika:


1. Bokor. Bokor dipunisi toya sekar setaman kanggè upacara siraman.
2. Bathok. Dipunginakaken kanggè cidhuk ing upacara siraman.
3. Boreh, dipunginakaken kanggè gantosipun sabun ing upacara siraman.
4. Kendhi, dipunginakaken kanggè nyirami ingkang kaping pungkasan.
5. Lap andhuk.
6. Kalih setengah méter kain pethak.
7. Tigan ayam kampung setunggal dipunwungkus plastik, cengkir klapa gadhing.
8. Busana Upacara Tingkeban
Busana ingkang dipunagem calon ibu inggih punika, kalih méter lawè, rasukan
dalam, kebaya 7 potong, kain batik 7 lembar salah satunggalipun motif truntum, saha
stagéén. Dènè busana ingkang dipunagem calon bapa inggih punika kain batik motif
truntum, beskap, saha udeng (blangkon). Kanggè calon ibu boten pareng nganggè
perhiasan.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 4


 Makna Kain Batik:
a. Wahyu Tumurun: maknane supaya bayi sing arep lair tansah dadi uwong sing
demen ngibadah supaya tansah diparingi petunjuk lan perlindungan marang Gusti
Allah.
b. Sido Asih : maknane supaya bayi sing arep lairdadi uwong sing mesti disayang
lan dikasihi karo uwong-uwong uga nduweni sipat welas asih
c. Sidomukti: maknanesupaya bayi sing arep lair dadi uwong sing mukti wibawa,
yaiku berbahagia lan dihormatii amarga kewibawaane
d. Truntum: maknane supaya budi luhur wong tuwane nurun (tumaruntum) marang
bayine.
e. Sidoluhur: maknane supaya anak dadi uwong sing sopan lan nduweni budi
pekerti sing becik.
f. Parangkusumo: maknane supaya bayinduweni kepinteran kaya lincipe parang lan
nduweni ketangkesan kaya parang sing lagi digawe karo pesilat sekti. Diharapake
isa mikul dhuwur mendhem jero, artine njunjung dhuwur drajate wong tuwa lan
njagaapik jeneng kluarga.
g. Semen Romo: maknane supaya anak nduweni rasa cinta kasih marang sapada,
kaya cinta kasih Rama lan Sinta marang rakyate.
h. Udan Riris: maknanesupaya anak isa nggawe suasana sing nyegerake, penak
didelok, lan nyenengake sapa wae sing kancanan marang deweke.
i. Ceker Pitik: maknane supaya anak pinter anggolek rizki dadi isa nyukupi
kebutuhan uripe, sukur isa kaya lan sakluwihe.
j. Grompol: maknane semuga kluarga tetep nyatu, ora semoga keluarga tetap
bersatu, tidak bercerai-berai akibat ketidakharmonisan keluarga (nggrompol :
berkumpul).
k. Kain terakhir sing digawe yaiku Sidamukti . Makna simbolike isa dijabarake saka
tembung sidamukti, sing berarti dadi mukti (mulia)utawa bahagia.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 5


2.4 Reroncene Upacara Adat Jawa Tingkeban

Ing ngisor iki bakal kaandharake urutaning upacara adat jawa Mitonoi /tingkeban :

1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga
utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi
menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses
kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun
utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua.
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake
bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki
dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana
alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur
weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-
beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-
arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang.
5. Upacara nugel lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti
nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang
jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa
lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku
gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar
kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak
kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.

Upacara tingkeban limrahipun dipunadani ing dinten ingkang pinilih, inggih dinten
rebo utawi setu ing tanggal 14 saha 15 miterat tanggal sasi Jawa. Priyantun Jawi pitados bilih
menawi upacara tingkeban dipunadani ing tanggal punika, bayi ingkang badhè dipunlairaken
gadhah cahya ingkang sumunar saéngga saged dados larè ingkang pinter. Wekdal kangge
ngadani upacara tingkeban ingkang sae ing wanci 09.00 - 11.00. Calon ibu kedah siram saha
kramas ingkang resik rumiyin. Punika minangka simbol wontenipun kekareman ingkang suci
saha resik saking pribadinipun calon ibu. Upacara tingkeban saged dipunwiwiti ing pukul
15.00 - 16.00, amargi priyantun Jawa pitados bilih ing wekdal punika bidadari saweg
mandhap ing bumi kagem siram.

Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni
dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen.
Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 6


BAB III

PANUTUP

Bab 3 iki mujudkake perangan,pungkasan sajrone panliten. Perangan iki ngandharake


rong perkara, yaiku:dudutan saka andharan kang dadi wangsulan saka undherane panliten lan
pamrayoga.

3.1 Dudutan

Adhadasar asile njlentrehkake:

Upacara Adat Jawa Mitoni bisa didudut patang perkara. Sepisan, pangerten upacara
adat Jawa Mitoni yaiku, Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké
wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi.Kapindo, Paraga sajrone upacara adat jawa
mitoni yaiku,Bapa,biyung lan juru upacara adat jawa mitoni .

Kaping tigo, bae uba rampe sajroning upacara adat Jawa mitoni yaiku, sekul ja-nganan,
jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe sa-ka wijen,dhele,
kacang kang kagangsa ing gendhis, cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng
robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog
godhog, gereh,lan kru-puk,Rujak,Ampyang. Kaping papat, urut- urutane upacara adat Jawa
mitoni yaiku, Siraman, Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu,
Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom, Upacara ganti busana
dilakoake nganggo jarit 7, Upacara nugel lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu,
Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok, Upacara nginum jamu
sorongan,lan Upacara nyolong endhog.

3.2 Atur Pamrayoga

Makalah iku mujudkake tulisan sing isih ana perangan-perangan sing durung bisa
kawedhar kanthi gamblang. Makalah ngenani upacara adat jawa mitoni ditindakake kanggo
mangerteni pangerten, paraga, uba rampe sarta reroncining upacara adat jawa mitoni. Asile
panliten iki bisa didadekake bahan rujukan sajroneng pasinaon kabudayan mligine kabudayan
jawa ing sekolah menengah atas.

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 7


KAPUSTAKAN

1. http://evotama.blogspot.co.id/2014/10/makalah-bahasa-jawa-mitoni.html
2. https://www.google.com/search?q=kepriye+reroncine+mitoni&ie=utf-8&oe=utf-
8&aq=t&rls=org.mozilla:en-US:official&client=firefox-beta&channel=sb
3. https://www.google.com/search?q=sapa+bae+paraga+sajrone+mitoni&ie=utf-
8&oe=utf-8&aq=t&rls=org.mozilla:en-US:official&client=firefox-
http://akucintanusantaraku.blogspot.co.id/2014/01/tata-cara-
mitonitingkebannujubulanan.html
4. http://kafabihi07.blogspot.co.id/2013/01/mitoni-mitoni-iku-asale-saka-tembung.html
5. http://moextys.blogspot.com/2012/01/tugas-bahasa-jawa.html?m=1
6. http://nilnalmunaa.blogspot.com/2013/11/atur-pangiring.html?m=1
7. http://rahsitashalvia.blogspot.com/2016/11/makalah-bahasa-jawa-upacara-adat-
jawa.html?m=1
8. https://london.bridestory.com/images/c_fill,dpr_1.0,f_auto,fl_progressive,pg_1,q_80,
w_680/v1/assets/e8883dd4773395ad370fb888b6a51b04ba771f75/arum-ndalu-
sanggar-rias-pengantin_mitoni-tingkepan-7-bulanan-annisa_5.jpg

“Upacara Adat Jawa Tingkeban” Kaca 8

Anda mungkin juga menyukai