Anda di halaman 1dari 16

Upacara Adat

Vincentia Marisa P. S.Pd


Pangertosan
Upacara adat inggih menika salah sawijining cara kangge
nelusuri jejak sejarah masyarakat Indonesia nalika jaman
sakderenge manungsa ngenal tulisan.

Khususe neng tanah Jawi wonten pirang-pirang upacara sing


diyakini dening masyarakat Jawa kanggo ngluwari sukerta.
Upacara adat kaajab kanggo nyuwun berkah dhumateng
Gusti.
Jenis – jenis upacara adat
BROKOHAN
 Slameten kang diadani nalika ibu mentas nglairake jabang bayi.
 Sesajen kang disiapke yaiku : sega asahan, pecel ayam, jangan menir, lan
gudhangan.
 tata carane yaiku wong tuwane bayi nggendhong bayi ing tampah, banjur
didelehke neng latar.
 Dhukun bayi/tanggane jupuk bayi kaya kaya bayi kuwi dibuwang banjur
diwenehake marang wong tuwane.
 upacara menika anggadhahi ancas menawa sukerta kang ana ing bayi bisa
sirna.
 biasane upacara buwangan /brokohan menika diadani nalika bayine lahir
ngepasi angslupe srengege. Ana uga le ngarani bayi julung caplok.
SEPASARAN /PUPUTAN
 Sepasaran biasane diadani dibarengi upacara puputan.
 puputan inggih menika pedhote tali puser si ponang jabang bayi.
Biasane umur 5 dina tali pusere wis puput. Tanda pungkasane wong jagong bayi.
Ing wengi iku jabang bayi digowo metu dipangku dening sing jagong urut/lir
gumanti ancase supaya jabang bayi ora keno sarap sawan roh halus.
Kanggo ngilangake sarap sawan, ing dhuwure peturon bayi di delehi gandhik sing
digambari memper bayi nganggo injet lan diwenehi tumbak sewu.
Tumbak sewu yaiku biting sing diwalik lan diwenehi pirang-pirang syarat kayata
dlingo,bengle Lombok, brambang bawang , temu iren lan temu lawak.
 ing ngarep omah diwenehi tenggok kang dibolong lan diwenehi senthir.
Selapanan
 diadani nalika bayi umur 35 dina.
 wondene sesajen : sego tumpeng, gudhangan, endhok godhok,
jenang abang, jenang putih, jenang abang putih, palang lan baro
baro, jajan pasar lan inthuk-inthuk.
 inthuk-inthuk yaiku tumpeng cilik sing didelehke nang njero bathok
klapa dijangkepi karo endhok godok sing pucuke dituncepi
brambang lan Lombok abang.
 bebarengan upacara menika uga ditindakake cukur rambut si
ponang jabang bayi kang sinebut parasan
Tedhak Siten
 diadani nalika anak umur 7 sasi utawa 6 lapan.
 tedhak tegese mudhun, siten seko tembung siti tegese lemah. Tedhak
siten ateges upacara mudhun lemah sing psanan tumrap bocah.
 tata carane tedhak siten :
1. Bocak dibimbing ngidak pitung macem jadah
2. Bocah dibimbing munggah andha tebu
3. Bocah dilebokake kurungan sing isine maneka warna dolanan.
4. Bocah diadusi ngnggo kembang setaman sing ana ing pengaron
banjur di klambeni.
Nyapih
 saka tembung sapih sing tegesi pisah. Ancase dianake upacara nyapih
yaitku kanggo nylameti bocah nalika wiss ora nyusu marang ibune.
 umume bocah disapih umur rong tahun lan dijumbuhke karo wetone
laire bocahe.
Sara kang digunake ing upacara nyapih yaiku kupat sing diiris tengahe
diwenehi abon, katol, kembang boreh, tumpeng cilik, godhong jati sing
diwenehake neng ngisor dhipan, minyak kelopo, endhok pitik,
godhong gedhang sing disuwek banjur ditalini karo maca mantra ora
mbundheli godhong nanging mbundheli cangkeme si bayi . Tegese
supaya ora rewel
1. Upacara adat pembukaan cupu panjolo
2. Sadranan alas wonosadi
3. Babat alas giring
4. Bersik kali kyai sejati
5. Upacara adat cingcing goling
6. Gumbregan
7. Genduren muludan
8. Nyadran segara
9. Rasulan
10. ruwahan

Anda mungkin juga menyukai